Minggu, 01 Februari 2015

MUSTAKA RANCANG (2)



PANGKUR.
6.
Lawan Rahaden Jatmika,
lawan malih kang pinurwa ing kawi,
kang dados plawanganipun,
Mas Bei Sejawencana,
apan gangsal sedaya sentananipun,
pan nenem Ngabei Trima,
tuhu satriya linuwih,
7.
Wernanen negaranira,
Prabu Estri kalangkung denira sigid,
awasta keraton Jantung,
kelangkung denira peka,
lamun miyos wau kusumaning Ayu,
gerana dedalanira,
yen miyos sang Prabu Estri.
8.
Badan sekawan jro punika,
amung grana ingkang remen pribadi,
kang kathah-kathah puniku,
pan sami kena ing cidra,
mata kuping sedaya sami ngawur,
pan sami kena ing cidra,
mung grana kang temen yekti.
9.
Milane kinarya dalan,
dhateng Dewi Mutmainah ingkang adi,
saben gerana puniku,
yen wengi-wengi sanyata,
permilane anak putu buyutingsun,
iku padha awasena,
pan dadi laku linuwih.
10.
Yen gurih-gurih sanyata,
wonten malih ingkang pinuswa ing kawi,
sang Retna Supiyah iku,
asekti mancawarna,
ajur-ajer wau ta sang Ayu,
jarak dhateng kabecikan,
ngajak lampah kang tan nora yekti.

(Mustaka Rancang).

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...