Wong seneng ora kurang pengalem, wong gething ora kurang panacad.
Sesrawungan ing bebrayan agung ora luput karo rasa seneng lan rasa
gething. Yen wong mau seneng marang sawijining wong mula anggone
ngalembana ngibarate nganti sundhul langit. Suwalike yen wong mau
nduweni rasa gething , uga ora kurang anggone nacad, paribasane entek
amek kurang golek.
Manungsa, iku mesthi nduweni kaluwihan nanging
uga nduweni kekurangan. Wong sing dicacad entek amek kurang golek mau,
ora mung nduweni kekurangan wae, nanging uga mesthi nduweni kaluwihan.,
sing kadhang kala ora diduweni dening wong sing dialem. Wong sing dialem
nganti sundhul langit, uga mesthi nduweni kekurangan. Ora ana wong ing
alam donya iku sing sampurna. Mula becike samadya wae luuur.
Sarana kanggo anjangsana ing antarane para pangudi basa, para guru, lan para siswa
Rabu, 15 Januari 2014
Senin, 13 Januari 2014
TOPENG
Jaman
kalalupa
jamane
wong kasangsaya
janma
polah lir arsa kasulah
ana
wewujudan
tanpa
sangkan tanpa paran
ngupadi
kanca
kekucah
redana
angumbar
swara
anggantha
mulya
kekiter
angambah gurung
suwe
tan
kambah ing we
nunjem
dhadha
sumlempit
selaning iga
nulya
cidra
lamun
kuwasa
Jaman
kalalupa
jamane
wong kasangsaya
ana
sabawa
tansah
memalat sih
dumeling
jroning galih
ngrerepa
kawula dasih
andhudhah
angen-angen
ngupadi
kanthi
anggantha
mukti
kekalangan
ing langit
nrabas
kang sarwa lungit
tan
kinira
amung
topeng walaka.
Surabaya,
13-1-2014
Gambar saking : gudangtari.blogspot.com
Langganan:
Postingan (Atom)
Pengikut
Pesindhen Manca Negara :
- Chantal Karijosentono : Tresna Kowe
- Winston Echteld : Tresnaku Tresnamu
- Oxford Gamelan Society : Asmaradana
- Karen Elizabeth : Jula-juli Tretek
- Hiromi Kano : Gara-gara 2
- Hiromi Kano : Gara - gara
- Kitsie Emerson
- Hiromi Kano : Sinom Parijatha
- Hiromi Kano : Perkutut Manggung
- Hiromi Kano : Perkutut Manggung
- Hiromi Kano : Bengawan Solo
- Gamelan Switzerland