Minggu, 25 Juli 2010

SUNGLON


Angin sumilir,
midid ing mangsa ketiga,
ngrasuk telenging sukma,
nggawa carita dawa
carita bungah lan susah

Carita I:
Misaya mina tinangisan anak putu jempalikan ngluru pangan
si bocah njempling,-njempling karo mewek, “pak, bukuku entek, mbok, klambiku suwek..”
angelus dhadha tuwa sing mung kari balung iga
mangkat jumangkah mangkul welah, pitung jangkah sinambi ndedonga : “Gusti, paringana rejeki”
prau konthing montang-manting arep nggoling,
layar sarung sinurung angin wengi amberung nuju tengahing samodra kang tanpa tepi
iwak –iwak pating sliri
ing kanan keringing lambung prau kaya-kaya arep nyapa lan ngaruh-aruhi
marang kang lagi ngayahi darma.

ora kanyana,
ulur-ulur mider-mider ora ngerti sangkan parane
munyer seser nabrak konthing tiba klenger
lap ........
montor sedhan warna-warni wira-wiri
sing numpak para nyonyah ayu-ayu tan kendhat mesem lan ngguyu
toko gedhe lan mall kumencar gilar-gilar listrike padhang
sing tuku padha mborong nganti tokone kothong
omah gedhong magrong-magrong sungsun satus pitung puluh pitu,
misaya mina kalung sarung arep nyabrang tengah lurung,,
menga-mengo katon kaya wong bingung,
ginetak saradhadhu manggul gada kayu
dirangket, diseret menyang pinggir delanggung
dhredheg, wel-welan, ndhepipis neng ngisor cagak listrik
“he, wongg desa muliha ! pitung jangkah aja noleh !” swarane saradhadhu sora
lamat-lamat ana swara tahlil lan yasin saka prenah omahe
jebul wis teka patang puluh dinane
rumangsane mung sadina wae

Carita II:
Nalika bocah angon melu buruh surung,
mulih,
jingkrak-jingkrak ketemu mboke “mbok aku oleh iwak, aku oleh iwak”
esem sinungging ing lambe kuru “nak, mengko bengi bisa mangan enak”

Carita III:
Nalika mbok cilik ripik golek kayu neng pinggir gisik
carang, pang sarta bugel kayu kentir saka sungapane kali grindhulu
dipethik, diunting, sedhela wis ana nemplok ning geger,
digendhong slendhang lawas,
ora uwas, ora sumelang kena bledhose kompor gas
mesem ngguyu, mengko bengi bisa nggoreng iwake anakku.

Carita IV:
Ombak nyempyok watu karang mbegegeg tanpa obah , tanpa owah
misaya mina tanpa mendhak nrajang gulungan ombak,
ngayahi kuwajiban,
luru panguripan.


Surabaya, 25 Juli 2010.

Kamis, 22 Juli 2010

ANOMALI


Parang, desa mencil neng pinggir segara kidul. Lemahe gathak, cengkar, khas pegunungan kapur. Ing kono ora ana sawah jembar, wong pancen manggon ing pegunungan. Sing ana mung tegalan lan pekarangan. Wit jati thukul ing sela-selaning watu sing pating penthungul. Ing sela-selane jati ditanduri tela kaspe.
Saben ketiga wong-wong kang manggon ing kono padha bingung golek banyu. Apa maneh yen udan suwe ora nyeblok. Sumur-sumur padha garing ora ana banyune. Kali wis ora mili, belik padha asat. Aja maneh kok kanggo adus, kanggo cewok wae paribasane wis ora ana. Saka dhawuhe pemrentah wong-wong padha nggawe tandhon banyu pekarangan. Kanthi anane tandhon mau sauntara bisa ngurangi ngrekasane wong-wong ing kono. Saliyane iku uga ana proyek air minum nanging ora saben dina bisa mili, apa maneh yen wis wayahe ketiga ngerak. Mula saben esuk tangi turu ora ana wong adus, cukup mung raup wae – jarene wong nggonku “mandi Tarsan”. Banyu sing disimpen ing tandhon kudu di awet-awet aja nganti entek nganti tekane mangsa randheng maneh. Yen udane nganti telung sasi ora nyeblok, ora cukup banyu sing ana tandhon.
Wong-wong kono penguripane tetanen, nanging ora ana sawah. Sing ana tegalan. Yen rendheng ditanduri gaga, yaiku jinise pari sing ditandur ana ing tegalan. Tanduran saliyane pari gaga yaiku kacang,kalebu kacang dawa, kedhele, jagung sejene tanduran sing baku yaiku tela kaspe. Pangan saben dinane thiwul. Wonogiri kondhang thiwule nganti didadekake lagu Campursari Thiwul Wonogiri. Satemene ora mung Wonogiri sing kahanane kaya mengkono. Wiwit saka Wonosari, wonogiri, Pacitan nganti tekan Trenggalek iring kidul pinggir segara kahanane padha yaiku lemah padhas pegunungan kapur.
Para among tani yen arep nenandur nganggo petungan pranata mangsa. Ana unen-unen ing babagan tetanen yaiku : jilung, rodhung, lutak, patwi, mori. Tegese wayah mangsa siji yaiku kira –kira wulan Juli mangsane lung-lungan, mangsa kaloro mangsane gadhung , mangsa katelu mangsane katak, mangsa kapapat mangsane panen wi gembili lsp. Lan mangsa kalima wayahe nandur pari. Mangsa kalima iku kira-kira tiba ing wulan Oktober. Pancene wulan Oktober wis ana udan deres, mula para tani padha nandur utawa nyebar winih gaga ing tegalan.
Seje karo kahanan ing wayah rendheng, kabeh katon ijo royo-royo, wit-witan kabeh padha trubus. Jati-jati sing maune ngarang padha malih dadi ngrembuyung , suket-suket padha thukul, walikane nalika mangsa ketiga. Wong-wonge ya katon seger-seger, prawane katon ayu-ayu. Manuk-manuk padha ngoceh. Garengpung padha ngereng. Ithi-ithi padha muni, ndadekake swasana katon asri. Sesawangan nyenengake banget, rasane kaya ning tengahing swarga. Ngrekasane wong-wong kono kasilep karo endahing sesawangan ing mangsa rendheng. Sampeyan bisa ngrasakake endahing papan kang sepi, sing keprungu mung ocehing manuk pating cruwet, perkutut lan derkuku padha manggung. Gawe tentreming ati. Adoh saka gerenge sarta keluke montor sing gawe dhadha seseg.
Saiki wis wayahe ngarepake mangsa ketiga, wis bubar panen pari gaga. Akeh wong duwe gawe, lumrah wong duwe gawe bubar panen.
“Kang Warina , tegalan sampeyan ngarep iki arep sampeyan tanduri apa?”pitakone Marta menyang Warina.
“Tak tanduri jagung,” wangsulane Warina.
“Sampeyan iki piye ta. Iki rak ngarepake mangsa ketiga. Mengko wayahe dhangir wis ora ana udan. Rak mung mbuwang-mbuwang dhuwit wae. “
“Perkara udan, sing nggawe udan rak dudu awake dhewe ta, Ta.”
“Ya pancene. Ning rak ya kudu dipetung.”
“Tegalanmu kok tanduri apa?” pitakone Warina mbacutake omongan.
“Tak tanduri kenthang.”
“Temen ta. Olehmu winih saka ngendi ?”
“Kenthang .......Ngenthang-enthang , ora arep nandur apa-apa. Tiwas ngentekake tenaga, ragad, ora ana asile apa-apa”kandhane Marta nerusake laku karo ngedumel. Wong edan apa? Wong wayahe arep ketiga isih nandur jagung. Mbah-mbah jaman biyen nduweni petungan jilung, rodhung, lutak, patwi, mori. Yen bar ditanduri gaga tegese wis ngancik mangsa ketiga. Ateges ora bakal ana banyu udan. Arep diileni saka kali wong kaline ora mili. Aja maneh kangge ilen-ilen kanggo tegalan, kanggo ngombe rajakaya wae ora. Apa maneh weruh tegalane mbah Wangsa sing ora ditanduri apa-apa.
“Tegile badhe dipun tanemi napa, mbah?” pitakone marang mbah Wangsa.
“Arep ditanduri apa lho, le. Adat saben yen ngene ya ora ditanduri apa-apa. Wong arep ketiga”
“Lha teksih kathah jawah ngaten”
“Lha ya kuwi. Mengko yen ditanduri jagung wayahe dhangir wis ora ana udan”
“Tegile Warina badhe ditanemi jagung”
“Ya wis ben” wangsulane mbah Wangsa ayem wae.
Marta sangsaya kenceng anggone ora arep nanduri tegalane. Dhasare ya ora duwe dhuwit kanggo tuku winih. Saiki winih jagung yen ora tukon toko ya ora gelem thukul. Kamangka mbah-mbah biyen winih jagung saka woh tanduran sadurunge.
Mangsa ngarepake ketiga lumrah diarani mangsa mareng . Lumrahe isih ana udan nanging wis akeh panase. Nanging mangsa mareng taun iki rada beda. Udan isih nyeblok saben dina. Malah dhek wingi dicampuri angin lesus. Akeh gendheng, payon omah padha rontok. Malah kabare ana omah sing ambruk barang. Ora krasa lakune wis teka ngomah.


Marta krasa jengkel atine. Arep mepe pari gaga panenan taun iki ora bisa. Kadhang esuk srengengene katon menceret, nanging wayah bedhug mendhunge wis nutupi langit. Kadhang sedina dheg ora ana panas babar blas, nanging ya ora udan. Kadhang kala sedina mbethethet udan nggrejih wiwit esuk nganti sore “Yen kaya ngene terus pari iki bisa-bisa thukul.” Mangka pari iku minangka jagane pangan tekan panen gaga maneh. Ora ana pametu liya saka liyane tetanen. Arep buruh macul, ora ana wong mburuhake, wong pancene ngadhepi mangsa ketiga. Arep melu buruh menyang kutha – kaya wong-wong liyane – ora nduweni kapinteran apa-apa. Ya yen bisa nukang, tukang kayu apa tukang batu ora dadi ngapa wong isih duwe kapinteran. Bisane mung buruh kedhuk. Kahanan kaya mangkono isih disambati anake kanggo ragad sekolah.
Anake saiki munggah kelas enem. Pancene sekolahan ora narik SPP, nanging isih kudu ngetokake ragad liyane. Kaya klambi seragam, sepatu, buku isih kudu tuku sanajana ora kudu tuku menyang sekolahan. Wong seragame ya wis suwek-suwek. Durung mengko yen kudu nerusake menyang SMP. Apa bisa ngragadi anake supaya dadi wong pinter.
Digadhang-gadhang anake bisa pegawe. Ora usah dadi dhuwur-dhuwur sang pangkate pating trempel kae, cukup kaya pak guru Kirna. Saben dina sandhangane resik, setlikan nylithit, ora nate gupak endhut. Mangkat mulih numpak pit montor. Saben sasi nampa bayar. Bojone ya guru pisan. Bayare wong loro paling ora wis limang yuta. Jarene, lagi wae mentas nampa rapelan telung puluh yuta pa ngono. Dhuwit samono kuwi olehe ngetung kepriye, Marta bingung. Rapelan sing setaun durung dibayarake. Omahe gedhong magrong-magrong. Nyambut gawene kepenak ora ngrekasa kaya dheweke. Saben dina kudu ngangkat pacul . ora oleh asil yen durung telung sasi engkas. Durung mengko yen tandurane dipangan ama. Pikirane Marta ngambra-ambra teka ngendi endi.


Telung sasi saka kedadean iku Marta ketemu Sukina karo Margana nggawa pikulan arep menyang tegal. Marta takon marang Sukina.
“Esuk-esuk arep menyang endi, Na?”
“Arep sambatan”
“Nggone sapa?”
“Nggone Warina”
“Nyambat apa ta ?
“Dikongkon ngepeki jagunge neng tegalan”
“ Lho, wis panen ta”
“Wis”
Bareng Sukina karo Martana wis mungkur, Marta ngudarasa,”E, awak ki yen ketitipan balung kere. Tanggane panen jagung awake dhewe ngaplo. Biyen melua Warina rak melu panen jagung. Kapiran kapirun, gaga ora mangan sapi ora nuntun.”


Surabaya, 21 Juli 2010.

Senin, 19 Juli 2010

DODOL MBAKO NYAMBI DODOL WEDHUS


Lumrahe wong adol kewan iku neng pasar kewan. Nanging kedadean ana ing pasar Tegalombo, Pacitan, Jawa Timur ora kaya mengkono. Mbok bakul mbako (tembako) saliyane dodolan mbako uga nyambi dodol wedhus. Kacetha ing gambar nalika dina iku mbeneri dina pasaran kecamatan Tegalombo yaiku tiba dina Kliwon. Gambar kajepret nalika dina Akad Kliwon tanggal 11 Juli 2010.

Sabtu, 17 Juli 2010

TAK KEREK, TAK DHUNAKE


Rupane mono ya ora pati ayu. Dedege ora endhek nanging ya ora dhuwur, mung tiba sedheng. Pakulitane ora kuning nanging uga ora ireng, lumrah pakulitane wong-wong liyane. Mung saiki wis akeh prawan-prawan sing wis ora gelem melu tandur, ora melu matun menyang sawah. Mula sanajana ora pati ayu pakulitane dadi resik. Beda karo bocah wadon rong puluh taun kepungkur. Rata-rata bocah wadon saiki wis padha mambu sekolahan. Akeh-akehe wis padha namatake sekolahe nganti tekan SMA. Saiki wis arang –arang -- kena diarani ora ana -- bocah wadon sing buta huruf ateges ora sekolah. Ditambahi maneh asring menyang salon, sanajana salon iku salon pucuk gunung.
Ana salon kecantikan siji sakecamatan, ramene mung pendhak dina pasaran. Mbeneri pasaran ing kutha kecamatan kono, sing tiba dina Pon. Prawan-prawan sakiwa tengene kutha kecamatan padha menyang pasar melu mboke. Mula ora aneh sanajana bocah desa wis kulina karo tetembungan facial, creambath, rebonding lan sapanunggalane. Saben dina pasaran sing arep nyalon padha antri. Eling-eling, bisa menyang salon yen mung pendhak dina Pon. Saliyane dina pasaran Pon salon kecantikan mau tutup. Yaiku pasaran ing panggonanku.
Aku, saben dina Pon ya mesthi leren ing sacedhake salon kono, karo nunggu penumpang mula ya ngerti lan apal sapa-sapa sing asring mara menyang salon kono. Kadhang-kadhang aku ya sok melu kanca-kanca nggodha bocah-bocah sing arep menyang salon kuwi.
“Badhe tindak nyalon ta mbak?,” pitakonku marang sawijining bocah sing nganggo klambi cita kembang-kembang. Pitakonku mau satemene ya mung abang-abang lambe. Timbang nganggur karo ngenteni penumpang.
“Inggih,mas” wangsulane bocah wadon mau karo mesem. Bareng weruh eseme bocah wadon mau , mak tratab... sakala atiku krasa dheg-dhegan. Katon untune sing putih miji timun, mripate blalak-blalak mbawang sabungkul, irunge ngrungih pindha kencana pinatar – iki panyandra jaman biyen -- Sakjane wis suwe bocah wadon mau angger dina pasaran Pon numpak montorku, nanging aku ora sepira nggatekake bocah wadon mau. Ora krasa mripatku tansah ngetutake lakune bocah wadon mau, mlebu menyang njero salon. Dak sawang-sawang, dak gagas-gagas, dak pikir-pikir , jan-jane mono ora ayu ning piye ya ? Lamun mesem katon dhekik pipine. Esem iki sing marahi poyang-payingan. Ora krasa pikiranku nglambrang teka ngnedi-endi.
“Man, “ bengoke kancaku karo nggablog gegerku. “ Nglamun wae. Apa se sing dilamunke ?” omonge kancaku kemerecek.
Aku mung meneng wae. Ora mangsuli apa sing dadi pitakone kancaku mau. “Tak sawang saka kadohan kok sajakane kepencut karo bocah iku.”
Aku isih tetep meneng wae. “Rokok , Ta ?”aku nawani rokok menyang Narta sawise rada suwe ora omong-omongan.
“Wis. Lagi bar rokokan kok, “ Narta nampik pawewehku.
“Sapa , Ta, bocah mau ?” pitakonku marang Narta.
“Sing endi ? Klambi cita kembang-kembang mau, ta ?”
“Iya”
“Lha saben pasaran rak numpak montormu “
“Iya. Nanging aku ora pati nggatekake,”
“Jenenge Narti. Cah Sambong, omahe cedhake pak Lurah kono lho.”
“Anake sapa, Ta?”
“Anake pak Tama, bakul endhog”
Ora krasa wong-wong sing menyang pasar wis padha mulih. Sing arep numpak montorku wis padha ngenteni. Kalebu si Narti. Bakul-nakul liyane sing dadi langganan siji loro isih katon durung teka.
“Lik Samiyem mau wis numpak pa durung ?” pitakonku marang wong-wong sing arep padha numpak.
“Durung. Jarene mau isih arep tuku iwak kelong. Ditangisi anake dikongkon nukokake kalakan kelong.”
Lik Samiyem iki langganan lawas, mula aku ora wani ninggal. Penumpang banjur daktliti siji-siji. Bareng teka Narti sing pranyata wis lungguh ndhisiki, banjur tak kongkon lungguh neng ngarep cedhak sopir.
“Mbak, njenengan lenggah enten ngajeng mawon lho,” pakonku.
“Mboten mas, ngriki mawon sareng kaliyan tiyang tiyang mawon.”
“Sekeca wonten ngajeng mbak.”
“Sampun boten, wonten ngriki kemawon ,“ dheweke tetep puguh ora gelem lungguh ngarep.
Asem, batinku misuh . Upama gelem lungguh ngarep bisa tak gendhing, bisa tak jak omong-omongan. Aku kok duwe karep ala, ya ora. Karepku mono dak gawe becik, kanggo rumah tangga sing apik, bakal tak enggo selawase.
Dina, wis bola-bali ganti . yen wayah awan pikiranku bisa keslamur pegaweyan, golek penumpang mider-mider menyang pasar sing mbeneri pasaran dina iku , kayata menyang Tegalamba mbeneri pasaran Wage, menyang Parang mebeneri pasaran Paing lan sapiturute. Nanging yen mbeneri srengenge wis angslup... ora ana sing bisa nylamur ruweting pikir. Bisane mung ngetung usuk , pikiran nglambrang teka ngendi-endi. Gawang-gawang katon guwayane si Narti saklebatan . Lap katon ..... lap ilang. Lamat-lamat keprungu swarane radhio saka daleme pak Sastra, Mijil Kethoprakan ...

Lali lali datan bisa lali,
Lawas saya katon,
Upamakna wit-witan sing gedhe,
Tinutuhan datan bisa mati,
Mrajak saya semi tresnaku ngrembuyung.

Dina pasaran Pon candhake aku wis ancang-ancang, mengko yen Narti menyang pasar arep tak lungguhake ngarep. Mula lungguhan ngarep tak kosongake. Ora ana penumpang liya sing oleh numpak cedhak sopir. Arepa bakul langganan lawas, tetep ora oleh. Aku dina iki kudu bisa nyedhaki Narti. Kudu bisa .... kudu bisa ... kudu bisa....
Temenan, dina Pon Narti katon wis ngadhang neng pinggir dalan karo mboke. Mboke Narti katon nggawa dagangan rada akeh, pirang-pirang senik – wong kene ngarani senik kanggo wadhah saka pring sing dienam -- .pedal rem langsung tak pidak, montor mandheg greg.
“Mangga, mbak panjenengan wonten ngajeng kemawon.”
“Lha simbok pripun, simbok wonten wingking.”
“Simbok nggih kersane mawon, kersane nengga dagangan.”
“Boten ah, mesakaken simbok.” Narti tetep ora gelem lungguh ngarep. Njur numpak montor lungguh jejer mboke. Aku wis ora wani meksa maneh. Nanging sing jenenge ati iki sing ora karu-karuwan. Kapan baya aku bisa omong-omongan karo si Narti. Sanajan wis sakmontor – aku sopir dheweke penumpang --- isih tetep ora bisa ngomong. Paribasan wis bisa lungguh jejer nanging isih durung bisa kandha . Kandha sing sabenere rasaning atiku. Kaya unen-unen ning parikane para sindhen kae : Bisa nggender, ra bisa ndemung. Bisa jejer, ra wani nembung. Kaping pindho aku wis golek rekadaya supaya aku bisa ngomong karo Narti nanging gagal. GAGAL TOTAAAAAAAAL ......
Kari pisan , aku kudu nggawe sanjata pamungkas. Sanjata iki saiki kapeksa tak anggo. Yen pisan iki ora bisa klakon, ora ana gunane urip neng ngalam donya. Aku rumangsa ora bisa urip mulya yen ora bisa sumandhing karo si Narti. Entenana sanjata pamungkasku Narti! Tak kerek, tak dhunake. Ora kenek, tak dhukunake!!!

---- 000 ---

Malem Jemuah aku mara menyang omahe mbah Dhukun Sama, diwenehi mantra Jaran Goyang . Mantra dikongkon ngrapal wayah engi pendhak jam rolas bengi .

Niyatingsun matek aji,
Ajiku si Jaran goyang,
Tak goyang tengahe latar,
Cemethiku sada lanang,
Taksabetake gunung jugrug
Tak sabetake segara asat,
Marang si jabang bayine Narti,
Lulut, lulut, lulut marang raganingsun ,
.... banjur nggedrug lemah ping telu.

Seminggu, rong minggu, telung minggu nganti patang minggu. Lho kok ora ana bedane. Kok ya mung panggah wae. O, mbok menawa ora jodho. Mula aku banjur golek dhukun maneh sing luwih ampuh. Aku dikandhani kanca jarene ana ing Jember. Dak parani. Embuh desane . aku dhewe ya ora weruh, sing cetha saka kutha Jember isih telung puluh kilo.
Padha karo sing sepisan, padha ora jodhone. Pungkasan, aku menyang Trenggalek pinggir segara kidul. Lumrahe papan pinggir segara iku akeh dhukun ampuh. Biasane mantrane kanggo mbayoni utawa nglemesake iwak gedhe yen mancing neng segara kidul. Yen iwak gedhe wae bisa lemes mosok jabang bayine si Narti ora bisa lulut.

“Kula nuwun,”
“Mangga, pinarak mas.”
“Ngaturaken ulem.”
“Saking pundi?” pitakonku.
“Sambong. Kirman sopir rak panjenengan ta ?”
“Leres,” ulem tak tampani. Tak waca saklebatan, saka pak Tama. Atiku wis krasa dheg-dhegan. Ulem tak bukak banjur tak waca kanthi tlesih : Narti menikah dengan ......
“Mati aku ....... “


Surabaya, 17 Juli 2010.

Selasa, 06 Juli 2010

ANAK ANUNG ANINDHITA


Tokone gedhe ana ing pojoke dalan, ora adoh saka pasar, cete ijo, jenenge “Toko Sida Mampir”. Toko sing kondhang sa kecamatan. Saben wong mesthi weruh toko Sida Mampir. Sing tuku kemrubut, nganti bakule ora ketok bokonge. Sanajana wis blanja neng njero pasar , mesthi mampir menyang toko "Sida Mampir". Apa sebabe ora weruh. Ora ana toko liya sing madhani gedhene karo tokone pak Dira Omplong. Samubarang ana ing jero toko ana, arep takon barang apa wae ana, dadi ora nganti mbalekake wong tuku. Satemene regane mono meh padha wae karo rega toko-toko liyane . Kadhang ana barang sing luwih murah, nanging uga ana barang sing luwih larang saka toko liyane. Ning kondhange, kae lho tokone pak Dira regane kacek karo liyane, yen dibandhing karo toko liyane luwih murah. Sing blanja mrono, rumangsa luwih marem yen tuku menyang tokone pak Dira . Mula ora nggumunake yen toko-toko liyane padha sepi ora ana sing nukoni.
Wong-wong padha gumun. Padha –padha tunggal toko kok milih mrono. Sing tuku paribasan antri. Kamangka toko liyane barange ya padha, olehe ngladeni ya ora ana bedane. Malah-malah toko sing jejere wae sing dagangane padha, ora ana sing tuku. Akeh sing ngarani pak Dira nduwe pesugihan,.
Bab pesugihan, kuwi mung kari sing ngarani. Wong seneng ora kurang pengalem, wong gething ora kurang penacad. Kanggone wong sing ora seneng, ya mesthi wae sugih wong ngingu thuyul, ngingu pesugihan nyai Blorong, ngingu pesugihan kandhang bubrah lan sapiturute. Apa buktine? Coba gagasen, ingatase bakulan adeg toko, toko-toko liyane blas ketepas ora ana sing nukoni. Balik tokone pak Dira sing tuku nganti antri, malah padha klesetan neng ngarep toko. Lha mbok tuku neng toko liyane tinimbang nganti direwangi turon-turon neng ngrep toko ngono. Ngono iku yen ora nduweni pesugihan ya ora kira. Mengkono guneme wong sing ora seneng.
Yen diturut riwayate pak Dira jaman biyen, jarene mung dodol omplong, mula kesuwur karan pak Dira Omplong. Omplong tilas wadhah cet, gendul wadhah mangsi, diresiki banjur digawe senthir. Dodolane ubarampene lampu, wiwit saka senthir, lampu teplok, lampu gandhul, semprong beling. Iku jaman biyen nalika durung ana listrik. Saking gematine, eling-eling rumangsa adoh saka ngomah,lunga bara saka desa asale, menyang paran golek pangan, mula pak Dira ya setiti banget. Bathine anggone pepayon disimpen kanthi premati. Ora bakal ngeculake dhuwit yen ora perlu banget. Kadhang yen sedina ora payon direwangi pasa,. ngempet ora mangan. Suwe-suwe dagangane ora mung senthir, nanging candhak kulak dagangan liyane, kayata beras, lenga, sarta barang-barang sing saben dina dadi kebutuhane wong.Saka anggone setiti mau pak Dira saiki sugih mblegedhu, mubra mubru blabur madu. Samubarang sing dikepengini klakon. Nanging ana cacade sethithik, uga amarga setitine, yen ana wong njaluk sumbangan -- cara kene serkileran --uga paling sethithik anggone nyumbang, isih nganggo ngundhamana,"Golek dhuwit kuwi angel, bola-bali njaluk sumbangan" .
Pak Dira nduweni anak mung siji, metu lanang. Wiwit bayi procot saka kandhutan, ora saben wong oleh nggepok utawa nyenggol anake. Pancene anggone diparingi momongan wis rada kasep, mula katresnane kasok marang si jabang bayi. Ora saben wong oleh nggendhong, sing tukang momong wae yen arep nggendhong jabang bayi kudu wisuh nganggo karbol dhisik.
“Aja dicemok, mengko mundhak lara,” kandhane pak Dira nalika ana wong arep ndemok bayi. Lumraha mono wong sing arep ndemok bayi, tangane kudu dicelupake banyu panas supaya kruma-kruma padha mati. Ngerti sampeyan kruma? Kruma kuwi kewan sing cilik banget sing marahi lelara, cara saikine bakteri utawa baksil. Yen wis nyata-nyata resik lagi diolehi nggendhong bayine.
Bocah mung digendhong ngalor ngidul, ora oleh nganti mudhun menyang lemah, alesane sing reged, sing kotor, sing ora resikan, werna-werna lah. Apa maneh bab panganan, jan ... kikrik banget. Ora oleh si bocah nganti mangan pawewehing liyan. Alesane uga werna-werna, sing ora memenuhi syarat kesehatan, sing ora ana gizine, sing beracun lan liya-liyane. Pokoke pokok si bocah ora kena mangan panganan pawewehe wong liya. Mula tangga teparo ora ana sing wani menehi panganan marang anake pak Dira.
Nalika bocah, diuja sabarang kekarepane,. wong dhasare wong sugih. Mula apa sapenjaluke anake mesthi dituruti. Wiwit isih bocah cilik, nalika kancane dolanan kebo-keboan sing digawe saka bongkoke klapa njur digeret, dheweke wis ditukokake montor-montoran weton toko. Nalika kancane dolanan bedhil-bedhilan saka pring , dheweke wis ditukokake pistol-pistolan saka batu batrei, sing bisa murub lan muni theret....thret.....thet. Samubarang dolanan duwe. Kaya ngono mau mung dadi kepenginane kanca-kancane. Kanca-kancane mung bisa ngulu idu. Sakdeg sak nyet apa kekarepane kudu dituruti lan mesthi keturutan.
Saka anggone nguja marang anak, dadine bocah gedhe dadi bocah ugungan, cara saiki “anak mama”. Mogok ora gelem sekolah. Jarene yen mikir abot-abot sirahe ngelu. Mula yen wayahe wulangan Matematika utawa IPA dheweke wani mbolose tinimbang ora. Yen ana PR saka gurune sing nggarap PR mau dudu dheweke dhewe. PR e digarapake guru lese. Yen dikongkon nggarap PR dhewe, wani nangise tinimbang nggarap PR.
Jan-jane mono wong tuwane ora kurang anggone usaha. Wong ya dilesake pirang-pirang enggon sejene les marang guru kelase. Jalaran asring mbolos, meh saben dina pak Dira oleh layang saka gurune anake jarene ora mlebu sekolah.
Pak Dira dhewe uga bingung, saben kesuk pak Dira dhewe sing nyepakake kebutuhane anake. Wis genah budhal, ya wis nganggo seragam sekolah, wis sarapan barang, lan ya ketok budhal metu saka omah. Ning ora teka sekolahan. Embuh menyang endi parane.
Saiki pegaweyane mung pit-pitan montor ngalor ngidul turut ndalan. Kadhang-kadhang balapan, totohan karo kanca-kancane. Dhek emben, tiba ndlosor nalika balapan neng kulon kali. Awake babak bundhas kabeh. Pit montore bengkung, pelege dadi angka wolu. Untung wae bocahe slamet. Nalika pak Dira dikandhani yen anake tiba, mung bisa ngelus dhadha, karo ndonga.”Gusti, nyuwun ngapura.”
Bareng teka ngomah bocahe ditakoni, ora gelem semaur. Anane mung meneng wae. Pak Dira dhewe nganti judheg ngrasakake kelakuwane anake.

---------0000--------

“Koran, koran., koran ,” bengak-bengoke tukang koran nawakake dagangane. “Berita Karang Turi.... jambret.... berita Karang Turi .....jambret. Berita koran .... berita koran .....berita koran.....berita Karang Turi ....... copet”
“Dingaren , tukang koran liwat kene, “kandhane Dirman ,menyang tanggane. “Enten berita napa ?” pitakone Dirman.
“Niku wau, mbah Man tumbas, criyose Katna di massa.”
“Katna sinten? Anake Dira Omplong ?”
“Enggih, wau dalu di massa”
“Lha napa perkarane ?”
“Njambret kalunge tiyang. Lha njambret enten gang. Tiyange bengok-bengok, terus dikepung. Digebugi nganti klenger.”
“Njambret enten gang, nggih boten isa mlayu. Njambret niku mesthine enten ndalan gedhe, dadi mlayune gampang. Lha saniki enten pundi?”
“Enten rumah sakit, duka urip duka mboten.”
“Lha kok njambret niku critane dospundi?”
“Kalah totohan. Wau dalu rak Jerman mungsuh kalih Argentina. Piyambake milih Argentina. Pur siji njago Argentina. Ternyata empat kosong”.
“Lha anake wong sugih kok ngaten, kok teksih njambret ? Lha mbok njaluk mawon teng bapake.”
“Nggih duka. Kira-kira ajrih kalih bapake. Bapake jane ya ora kereng.”
“Lha enggih, anake wong sugih mawon njambret. Napa malih anake wong mlarat?”kandhane Dirman karo nyetater pit montore arep budhal menyang kantor.


Surabaya, 6 Juli 2010.

Pengikut

Matur Nuwun ...