Jumat, 27 Februari 2015

NGAYAWARA.



kabar angin
angin kabur nyeret kabar
kabur, nut kabure angin
kabare angin
angin kabur.

kabar angin
sumiyut  tumiba pangkon  parungon aleleda aneng netra jiwangga kang lagya ginempil sungkawa kasempyok swasana kinebur paekaning  culika mubal kabesmi dahana jubriya

gondhelan  kabar
ngrengkuh bingung,
obah owah pindha  gabah aneng tampah,
mbarang beksan ketawang wirang.

ngukup kabar kabur
rubeda
godha
ngambra-ambra

surabaya, 20022015.

Senin, 23 Februari 2015

KAPUSTAKAN JAWI (4)



Ing jaman Majapait wiwit kadumugen tiyang Islam. Saya dangu agami Islam sangsaya  ngrembaka. Kraton Majapait sangsaya suda kekiyatanipun. Sasampunipun Majapait sirna lajeng thukul kraton Demak ingkang agaminipun Islam.
Serat-serat ing Jaman Islam antawisipun :
1.       Het  boek van Bonang , gancar (taksih ngangge basa Jawi tengahan nanging isinipun bab agami Islam). Ukaranipun ketularan basa Arab lan ugi wonten cengkokipun basa Melayu, kadosta : ana pon (adapun). Ukaranipun kados makaten :
Nyan punika caritanira Syekh  al Bari, tatkalanira apitutur ling carita saking kitab Ihya’ulum al din lan saking Tamhid antukira Syekh al Bari amethet ing tingkahing sisimpenaning nabi wali mukmin kabeh, lan salajengipun.
2.       Een Javaans Geschrift uit de 16e eeuw, gancar, basa Jawi tengahan. Isisnipun menggah bab agami Islam. Pethikanipun kados makaten :
Bagindha Ali – raliyallahu nganhu – tinakenan dening wong : Ya Ali, punapa bot saking langit, punapa kanga lo saking bumi, punapa kang atos saking watu, punapa kang kaliwat sugih saking samudra, punapa kang kaliwat atis saking naraka Jamanirah, punpa kang kaliwat pait saking upas ? // Maka sumaur bagindha – raliyallahu nganhuma : kang andhalih ing lemahing wong abecik den dhalih ala, kaliwat bote saking ammondhong langit, abecik den dhalih ala, Ka 2 kang abener iku kaliwat alo saking bumi, ka 3 atining wong munapek iku kaliwat atos saking watu, ka 4 ati kang kana’at iku kaliwat sugih saking samudra, ka 5 ratu kang kaniaya iku kaliwat panas saking api, ka 6 teka anglarani atining wong, iku kaliwat asrep saking naraka Jamanirah, (ka 7 ) kang darana iku kaliwat pait saking upas. // Makaten salajengipun.
3.       Suluk Sukarsa, ngangge basa Jawi tengahan, mawi sekar, nanging sekar cara Jawi Kina, sekar sloka , lampah  wolu-wolu kaping 4, sampun boten mawi guru lagu. Ingkang dipuncariyosaken bab mistik. Pethikan bab pungkasan kados makaten :

ki Sukarsa denya layar, parahu sabar darana,
salat mangka tiyangira, kinamulen pangawikan,
linayaran amangun hak, winelahan niyat donga,
denwatangi panenedha, den pulangi lawan tobat.

den labuhi sukurullah, den taleni lan kana’at,
den pulangi lan wicara, den damari ma’arifat,
ki Sukarsa denya layar, wus tekeng segara rahmat,
kawasa denira layar, wus tekeng sagara ORA.
4.       Serat Kojajajahan, mawi sekar. Sekaripun Dhandhanggula, sampun wiwit wonten sekar macapat. Isinipun piwulang awujud cariyos. Ingkang dipuncariyosaken, satunggaling patih nama sang Koja-jajahan , bekti sanget dhateng ratunipun, ngibadah, adil lan wicaksana. Sakin saening peprentahanipun, sang ratu, raja Mesir asih sanget dhateng sang Koja-jajahan, ngantos anjalari sengitipun para ageng sanesipun. Ing wasana para ageng kalawau mados-madosaken lepating sang patih. Yektos trekahipun  para pangageng saged dados; patih Koja-jajahan dipunpejahi. Mayitipun medal karamatipun, ingkang nelakaken bilih sang apatih boten dosa. Sang Prabu uninga ingkang makaten punika, sdhih sanget panggalihipun, gerah lajeng seda.
5.       Suluk Wujil. Sekaripun Dhandhanggula, Mijil, lan wonten sekar agengipun inggih menika sekar ageng Açwalalita. Serat menika ngemot wejanganipun  Sunan Bonang dhateng pun Wujil, tiyang cebol tilas kalangenanipun ratu ing Majapait; ingkang kaping pinten utawi ingkang pundi boten dipunterangaken. Ingkang dipunwejangaken bab ngelmu kasampurnan utawi mistik.
6.       Suluk Malangsumirang, mawi sekar. Serat menika dipuncariyosaken damelanipun Sunan Panggung nalika lumebet ing tumangan (latu kangge patio bong) , minangka paukumaning paprentahan nagari ing Demak, saking anggenipun angrisak sarak. Isinipun kawruh kasampurnan.
7.       Serat Nitisruti, mawi sekar. Isinipun piwulang kasaenan. Wonten candrasengakalanipun : Sarasa sinilem ing jaladri – bahnimahastra candra sangkala, (1534 Ç = 1612 M). Wonten ingkang mastani bilih serat  menika damelanipun Pangeran Karanggayam ing Pajang.
8.       Serat Nitipraja, mawi sekar. Dipunwastani adhinipun Nitisruti. Sabarang-barang niru serat Nitisruti. Isinipun piwulang dhateng para luhur ing nagari , bab pangulahing praja saha angemong dhateng tiyang alit.
9.       Serat Sewaka, mawi sekar. Isi piwulang dhateng tiyang ingkang ngenger. Wonten sengkalanipun : jalma-paksaka- wayang- buwana ( 1621 Ç = 1699 M), jamanipun Sinuwun Mangkurat . Basanipun sampun ngangge basa Jawi samangke.
10.   Serat Menak, mawi sekar.  Babonipun serat Menak menika saking Parsi, kadadosaken basa Melayu, nama Hikayat Amir Hamzah, sawegkajawkaken nama Serat Menak. Cariyosipun kawiwitan : Kanjeng Nabi Muhammad andangu dhateng bagindha Abas kados pundi lelampahanipun bagindha Ambyah, ingkang wonten ing serat Menak karan Wong Agung. Ingklang dipuncariyosaken : memengsahanipun Wong Agung Menak kaliyan prabu Nursewan ing nagari Madayin. Wong Agung agaminipun Islam, sang Nursewan taksih kapir. Mangka Wong Agung wau krama angsal dewi Muninggar, putranipun sang Nursewan.
11.   Serat Rengganis, mawi sekar. Serat menika cariyosipun sempalan saking serat Menak. Serat menika nyariyosaken lelampahinpun Dewi Rengganis, Pangeran Kelan, lan dewi Kadarmanik. Sang Umarmaya kautus madosi icalipun pangeran Kelan, wonten ing negari Mukadam, wasana kacepeng dening prajuritipun Mukadam dipunukum wonten ing sumur wisa, lan salajengipun.
12.   Serat Manikmaya, mawi sekar. Serat menika damelan jaman Kartasura, ingkang andamel Kartamusadah. Isinipun  kathat ingkang mendhet saking Tantu Panggelaran. Serat manikamaya mratelakaken bilih sang Manik menika dados bathara Guru, sang Maya dados Semar. Miturut Poerbatjaraka wonten wewahan enggal , menggah cariyosipun Aji Saka. Ungelipun kados makaten :
Empu Brahma-kedhali sampun ayoga, wasta sang Anggajali, Anggajali putra, jalu wus pinaraban nama Empu Sangka Adi , umasuk Islam , nyabat njengira nabi. // Punika kang mencaraken aksara Jawi …. Lan salajengipun.
13.   Serat Ambiya, mawi sekar. Ingkang dipuncariyosaken wiwit nitahaken donya. Ingkang dumados rumiyin : cahya lajeng kenthel dados sesotya, lajeng dados toya, lajeng unthuk, unthuk  menika ingkang dados langit pitu, bumi pitu. Lajeng mratelakaken nalika Nabi Adam dipundamel, dumadosipun Ibu Kawa; iblis anggodha, salajengipun Nabi Adam lan Ibu Kawa tumurun dhateng bumi, makaten salajengipun.
14.   Serat Kandha, mawi sekar. Ingkang dipuncariyosaken warni warni. Ing ngriki campuripun cariyos Islam lan  cariyos Jawi. Kawiwitan nalika Nabi Adam sampun peputra kathah. Karsanipun Nabi Adam putra ingkang sae kadhaupaken kaliyan putra ingkang awon.; ibu Kawa kersanipun ingkang sae angsala ingkang sae. Lan slajengipun. Ing serat Kandha ugi nyariyosaken dumadosing para dewa.

wonten lajengipun ….

Minggu, 22 Februari 2015

KAPUSTAKAN JAWI (3)



Sasampunipun  menika thukul basa Jawi Tengahan. Basa Jawi tengahan menika miturut Poerbatjaraka basa Jawi antawisipun basa Jawi Kina lan basa Jawi jaman samangke. Thukulipun nalika mumbul-mumbulipun kraton Majapait. Serat-seratipun ingkang gancaran antawisipun:
1.       Tantu Panggelaran, gancar. Nyariyosaken Bathara Guru nitahaken manungsa ing tanah Jawi. Nalika samanten pulo Jawi taksih gonjang-ganjing dereng tetep trepipun. Bathara Guru lajeng dhawuh dhateng para dewa supados ngusung redi Semeru saking tanah Indhu. Redi lajeng kapogog pucakipun lajeng kausung dhateng tanah Jawi, dhumawah ing kilen, tanah Jawi lajeng njomplang. Redi kausung mangetan samargi-margi cuwil dhawah dados redi Katong (Lawu), redi Wilis, redi Kampud (Kelud), redi Kawi, redi Arjuna, redi Kemukus, pucakipun dados redi Semeru. Wiwit menika tanah Jawi saweg tetep trepipun, boten menggang-menggung.
2.       Calon Arang, gancar. Boten kasumerepan ingkang ngarang. Dongengipun makaten. Mbok Randha ing Girah (Calonarang) nggadhahi anak estri namanipun Retna Manggali. Sareng sampun ngancik diwasa boten wonten ingkang purun nglamar. Mbok Randha mangkel, tiyang sanegari dipuntenung, kawula ing Kadiri kenging pageblug, sakit sonten pejah, sakit sonten enjing pejah. Sang Prabu  Erlangga utusan prajurit supados ngrampungi mbok Randha kalawau, nanging boten mrantasi damel.  Sang Prabu lajeng utusan Mpu Baradah.
Mpu Baradah kagungan murid Mpu Bahula. Mpu Bahula dipunutus nglamar Retna Manggali. Kedadosan, dipunramekaken pitung dinten pitung dalu. Lugunipun Mpu Baradah nggadahi sedya bilih Mpu Bahula kapurih nyolong kitabipun mbok Randha. Sareng sampun pikantuk, tumuli dipunaturaken dhateng Mpu Baradhah. Sasampunipun nyumerepi kitab wau, Mpu Bahula supados mangsulaken kitab wau ing papanipun sakawit. Mbok Randha ngertos lajeng nesu. Mpu Baradhah dipuntantang adu katiyasan, wasana mbok Randha Calonarang pejah.
3.       Tantri Kamandaka, gancar. Isinipun cariyos dongeng kewan kados Serat Kancil, babonipun mendhet saking Pancatantra, basa Sangskerta asli saking tanah Indhu.
4.       Korawaçrama, gancar. Isinipun, Korawa badhe kadamel males ukum dhateng Pandhawa. Bagawan Abiyasa dipunaturi nggesangaken Kurawa sakancanipun, sareng sami gesang malih, nanging dereng ngantos males ukum seratipun sampun telas.
5.       Pararaton, gancar. Nyariyosaken gesangipun Ken Angrok wiwit lair dumugi ngajal, ngantos risakipun Majapait

Ingkang awujud sekar (kidung) antawisipun : 

1.       Dewa Ruci, mawi sekar. Isinipun nyariyosaken Sang Bima mangkat dhateng seganten, anggebyur. Kapanggih naga nami sang Nabatmawa lajeng perang, sang naga pejah. Sang Bima dumugi ing pulo dunungipun sang Dewaruci, kapanggih. Bantah sawetawis, lajeng sang Bima kadhawuhan mlebet dhateng badanipun sang Dewaruci, uninga warni-warni lajeng dipunwejang. Dumugi samanten seratipun telas.
2.       Sudamala, mawi sekar. Ing ngriki sampun wiwit wonten sekar macapat. Isinipun bathari Durga dipunruwat dening Sadewa. Sasampunipun sampun karuwat, rupinipun santun ayu malih. Kangge atur panuwun dhateng sang Sadewa, sang Sadewa dipun paring nami sang Sudamala, ingkang tegesipun ngresiki rereged.
3.       Serat Kidung Subrata, mawi sekar macapat. Isinipun bab filsafat.
4.       Panji Angreni, mawi sekar. Isininipun :
Bageyang angka satunggal, nyariyosaken Raden Panji mundhut garwa dewi Angreni salajengipun ngantos dhaupipun sang Raden kaliyan dewi Candrakirana.
Baeyan angka kalih nyariyosaken ratu ing Nusa kencana remen dhateng dewi Ngrenasara. Sang dewi purun anggeripun dipunmaru kaliyan dewi Candrakirana. Ratu ing Nusa Kencana nglurug perang dhateng Kadhiri, pejah dening sang Panji. Dewi Ngrenasara dening Begawan Narada dipundadosaken satunggal kaliyan dewi Candra Kirana, nama Candraswara.
Bageyan angka tiga nyariyosaken, wonten pandhita ing Atas-angin tapa wonten ing arga Jambangan. Gadhah anak estri name Bikang Murdeya, saha anak jaler 13. Ingkang pambajeng nama Bambang Swatama. Bambang Swatama kepingin rabi angsal dewi Candra Kirana. Sasedherekipun malih dados raden Panji sakadang-kadeyanipun. Bikang Murdeya memba-memba Ragil Kuning, lajeng sami mangkat dhateng Jenggala, rebatan dewi Candra Kirana. Perang kembar-kembaran, ingkang mindha-mindha badhar saha pejah ing paprangan. Bikang Murdeya ugi badhar , lajeng kapundhut selir raden Panji.
5.       Serat Sri Tanjung, mawi sekar. Serat Sri Tanjung nyariyosaken dumadosing name kitha Banyuwangi.

wonten lajengipun ….

Sabtu, 21 Februari 2015

KAPUSTAKAN JAWI (2)



Serat-serat Jawi Kina golongan enem (sampun ngancik jaman Majapaitan), kadosta :
1.       Brahmandapurana, mawi sekar. Nyebat namaning ratu Sri Prakertiwirya.  Isinipun sami kaliyan Brahmandapurana gancaran.
2.       Kunjarakarna, mawi sekar. Isinipun sami kaliyan Kunjarakarna gancaran.
3.       Negarakertagama, mawi sekar. Karangan Mpu Prapanca, nalika jaman Majapait. Ingkang dipuncariyosaken kawontenan kraton Majapait nalika jumenengipun Prabu Hayam Wuruk + 1272-1311 Ç (1350-1389 M). Sebageyan ageng ngemot pratelan sang Prabu nalika tindak pepara dhateng tanah Blambangan , lajeng mampir ing Singasari (Tumapel).
4.       Arjunawijaya, karangan Mpu Tantular, jaman Majapait. Pandamelipun nalika Prabu Hayam Wuruk sampunsepuh. Isinipun pendhetan saking serat Uttarakandha.
5.       Sutasoma, mawi sekar. Ugi kasebat serat Purusadasanta, karangan Mpu Tantular, nalika jaman Majapait kaasta dening Prabu Hayam Wuruk.
6.       Parthayadnya, mawi sekar, boten kasumerepan ingkang ngarang. Isinipun nyariyosaken Sang Arjuna mangkat tapa.
7.       Nitisastra,mawi sekar. Boten kasumerepan ingkang ndamel, kinten-kinten jaman Majapait akhir. Miturut Poerbatjaraka ing serat menika wonten tetembungan ingkang misuwur  : SURA SUDIRA JAYANIKANG RAT SYUH BRASTHA TEKAPING ULAH DHARMASTUTI” ingkang dipunraos bilih menika arupi seselan.  Ing serat Witaradya pupuh 29 damelan R Ng Ranggawarsita wonten ungelungelan  : SURA DIRA JAYANINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI”. Kakinten menika pendhetan saking Serat Nitisastra.
8.       Nirarthapraprakerta,mawi sekar. Boten kasumerapan ingkang ngarang . Kadamel taun 1381 Ç (1459 M) ing dhusun perdikan Kancana, sakidulipun Surabaya. Isinipun bab mistik
9.       Dharmasunya, mawi sekar. Piwulang bab filsafat lan ugi mistik. Boten kasumerapan ingkang ngarang, nanging nyebat nami sang Malinatha. Wonten candrasengkalanipun nanging boten cetha, angka 1304 Ç (1382 M) utawi 1340 Ç (1418 M).
10.   Hariçraya, mawi sekar. Pendhetan saking serat Uttarakandha. Wonten sengkalanipun : sad sanganjala candra (1496 Ç utawi 1574 M).
wonten candhakipun…

Pengikut

Matur Nuwun ...