Jumat, 16 Oktober 2015

CANDHI SANGGRAHAN.



 Candhi Sanggrahan mapan ana ing dhukuh Sanggrahan Lor, desa Sanggrahan, kecamatan Bayalangu (Boyolangu), kabupaten Tulungagung. Panggonan iki karo candhi Gayatri ora adoh kira-kira mung telung kilometer.
Ora ana cathetan kang gamblang ngenani candhi iki. Ing pangira-ira candhi iki candhi “wanua” utawa “watak” yaiku candhi kang didegake lan dianggo dening masyarakat sakiwa tengene kono. Mung wae kena dipesthekake yen candhi iki gaweyan jaman Majapait. Negarakretagama mung ngemot Prabhu Hayam Wuruk nate nginep ing Bayalangu lawase telung bengi, yaiku ing pupuh 19 : 1. Unine :
eñjiɳ ryyankatiraɳ narendra datn anhinep i bhayalanö tigaɳ kulm,  sah sankerika taɳ kedu dawa rame janapada kahalintanan huwus,
Tegese : esuk tindake Sang Narendra teka ing Bayalangu nginep telung bengi, tindake saka kono menyang Kedung Dawa, Rame , lan wus kaliwatan Janapada

Tembung “nginep” ing Negarakretagama padha tegese karo “masanggrah”.  Dene tembung “sanggraha” dhewe ing basa Sangskerta miturut CF Winter ateges : mengku, pasanggrahan, semah, paring, angge, enggen. Dene miturut L Mardiwasito tegese : 1 (per)himpunan,( per)kumpulan, kelompok, massa, banyak, jumlah besar, pengumpulan, penyimpanan. 2 pernaungan, perlindungan, penerimaan, (per)jamuan, suguhan, persiapan, pemberian. Kanthi nginepe prabhu Hayam Wuruk ana ing desa  kono, mula desa kono banjur dijenengake “Sanggrahan”.

Ukuran candhi ujure 12,16 m, alange 9,05 m lan dhuwure 5,86 m, madhep ngulon. Candhi iki digawe saka watu andhesit (watu item), isene (tengahe) bata. Adege candhi ana ing sadhuwure plataran kang ana pondhasine  bata mubeng.  Dhuwure pondhasi kira-kira 1,5 m. Dadi candhi iki manggon ing papan kang luwih dhuwur tinimbang papan liyane. Ing candhi iki wis ora ditemokake reca. Ing sikiling candhi ana ukiran gambar macan, mubeng. Ing awake candhi ana panil-panil sing ora ana ukirane. Bokmanawa wae kalebu candhi sing durung rampung (unfinished temple).

Ing wektu dina iki candhi Sanggrahan lagi wae didandani (renovasi) dening Balai Purbakala.

Senin, 12 Oktober 2015

CANDHI NGETOS



Candhi Ngetos mapan ana ing desa Ngetos, kecamatan Ngetos, Kabupaten Nganjuk, Jawa Wetan.  Saka alun-alun kutha Nganjuk, ngidul. Sawise ngliwati kecamatan Brebek arah menyang Sedhudha (Sedudo)  teka dham Kuncir  menggok ngiwa tumuju menyang kecamatan Ngetos. Candhi Ngetos manggon ana sikiling gunung Wilis iring wetan.
Kahanane candhi isih katon blegere, madhep ngulon. Jalaran digawe saka bata, mesthi wae gampang rusak, ora kaya yen candhi mau digawe  saka watu, mula candhi wis akeh sing kikrip. Kanggo nanggulangi kikriping bata, wis disemen tambal sulam supaya ora tambah nemen rusake. Payone wis ora ana.  Ornament Kala sing mesthine papat, mung kari siji sing wutuh yaiku  ing sisih kidul.

Candhi digawe kira-kira jaman Majapait. Yen manut Negarakretagama karangan Mpu Parpanca ing pupuh 78:2 diterangake :

yekiɳ darmma lpas / rinaksa mapagöh riɳ swakramanyeɳ danu,
milwaɳ sima ta pratista pinakadinyan / swatantra sthiti,
banwan tunkal i siddayatra jaya len siddahajöɳ lwah (126a) kali,
twas / waçista palah padar sirinan adinyaɳ kacewankuran.

Yaiki darmma lpas (tanah perdikan kang ora mbayar pajek) dijaga kukuh  kaya  adat kang lawas, sabanjure  sima tanpa candhi katetepake dadi swatantra, Bangwan Tungkal, ing Sidayatra, Jaya, lan Sidahajeng, Lwah Kali, Twas, Wasista, Palah, Padar, Siringan, iku desa perdikan kang nggilut agama Siwa.

Ing sloka mau ana tembung TWAS. Kira-kira tembung TWAS banjur owah dadi TOS.  Ing padinan tembung TOS banjur dadi NGETOS kaya kang rinungu saiki-iki, kaya ing tembung ban dadi ngeban, dol dadi ngedol, lsp.  Yen panemu iki bener, nalikane Mpu Prapanca ngarang Negarakretgama (1287 C = 1365 A.D.) candhi iki durung ana., ateges panggawene candhi iki sawise Negarakretagama ditulis, jalaran kang katulis iku desa-desa perdikan  Siwa kang ora ana candhine.
Para ahli kaya dene N.J.Krom ana sing nduweni panemu yen candhi Ngetos iki ana Paramasoeklapoera kang dadi  makame Prabhu Hayam Wuruk. Candhi iki biyene dikupengi tembok mubeng. Dene Hoepermas nduweni panemu yen sacedhake candhi iki uga didegake candhi liya, wangune padha mung wae ukurane luwih cilik.

Saliyane ing Negarakretagama ing Pararaton Bagian X tinulis “Bhra Hyang Wekasing Sukha mokta, i çaka medini-rûparameku”. Bhra Hyang Wekasing Sukha iku Prabhu Hayam Wuruk. Surude disengkalani: i çaka medini-rûparameku. Medini = 1, rupa = 1, rama = 3, iku = 1 dadi 1311 C utawa 1389 A.D. Nanging ing bagean  XI ditulis  : “Bhra Hyang wekasing suka mokta, sang mokta ring Indrabhawana, i çaka janma-netragni-sitangsu, 1321 C (1399 A.D. ), sang dhinarmeng Tajung, bhisekaning dharma ring Paramasukapura”. Padha-padha tembung “mokta” nanging wektune kacek sepuluh taun. Apa wektu kang kari iku nalika upacara Srada dianakakake ?. Lumrahe upacara Srada iku dianakake sawise rolas taun saka surude.
Antarane surude prabhu Hayam Wuruk karo rampunge panulise Negarakretagama ana wektu kira-kira 24  taun.
Ukuran candhi :
Dawane  candhi 9,1 m, dhuwure awak  5,43 m, dhuwure candhi nganti teka pucak 10 m, undhak-undhakane  3,75 m, ambane plawangan 0,65 m, dhuwure undhak-undhakan menyang jero candhi 2,47 m, senthongan njero 2,4 m.
Ing candhi Ngetos wis ora ditemokake reca babar pisan. Mung dongenge biyen an areca cacah loro, paidon lan baki. Paidon lan baki  mau digawe saka kuningan.
Miturut dongenge wong kono, biyen ing kono ana candhi cacah loro, kembar. Mung siji luwih cilik. Wong kono ngarani Tajum. Ing Pararaton disebutakae Tajung. Bedane tembung Tajum karo Tajung kira-kira padha karo “singha” karo “simha” kang tegese padha yaiku macan. Miturut panemune Soekmono ,  Prabhu Hayam Wuruk dimakamke ing Tajung wewengkon Brebek, Kediri.

Isih miturut dongeng, Raja Ngatas Angin kang aran R. Ngabei Selapurwata didhawuhi yasa candhi. R Ngabei Selapurwata nduweni patih kang aran Candrageni (situs Candrageni ing sacedhake grojogan Sedhudha kira-kira telung kilometer).  Dheweke nduweni sedulur ana ing Bantar Angin Lodhaya (Blitar). Ratu loro mau didhawuhi yasa candhi. Raden Ngabei Selapurwata banjur ndhawuhi Empu Supa nggawe candhi ing Ngetos. Krana saktine , ora suwe candhi Ngetos bisa dirampungake.

Rabu, 07 Oktober 2015

CANDHI GAYATRI




Candhi Gayatri diarani uga candhi Bayalangu (Boyolangu). Mapan ana ing dhukuh Dhadhapan, Desa Boyolangu, kecamatan Boyolangu, kabupaten Tulungagung. Candhi iki ditemokake nalika taun 1914, kang nalika iku wis kurugan lemah.
Digawe saka bata. Ing tengah candhi gedhe kang gedhe dhewe ana recane Gayatri  (Rajapatni, Sri Maharajapatni, eyange Prabhu Hayam Wuruk). Gayatri iku garwane Raden Wijaya, ratu Majapait kang kapisan, putrane Sri Kertanegara ing Singhasari. Reca mau dipayoni cungkup. Saliyane iku ana watu umpak saka cacah wolu, mubeng ing sakiwa tengene candhi. Ing umpake watu mau ditemokake tulisan angka taun 1289 Ç (1367 A.D.) lan 1292 Ç (1369 A.D.). Miturut pangira-ira umpak watu mau minangka ganjel utawa umpak saka cungkup.
Kanggo ngurmati surude Sri Rajapatni dianakake Upacara Srada ing kutha raja Majapahit ing taun 1284 Ç (1362 A.D.) ing wulan Badrapada ( Agustus – September ). Upacara Srada dianakake rolas taun sawise Sri Rajapatni surud. Mula candhi iki digawe nalika jamane Prabhu Hayam Wuruk nyekel panguwasa.
Ing wewengkon candhi Gayatri  iki satemene dumadi saka candhi gedhe (candi induk) lan candhi perwara kang cacahe loro yaiku ing sisih lor lan sisih kidule. Adhepe candhi mangulon. Candhi gedhe ukurane 11,40 m x 11,40 m. ing kono iku kang ana recane Gayatri. Ing candhi perwara kang sisih kidul ana recane Nandi, Dwarapala lan Nandini. Ing reca perwara sisih lor ana yoni kang disangga dening naga, reca Ganesa lan  Jaladwara.
Kabar ngenani Candhi Bayalangu utawa Candhi Gayatri ing Negarakretagama, ing antarane nalika sang Prabhu Hayam Wuruk tindak tetinjo menyang saindenging negara Majapait ing taun 1281 Ç (1359 A.D.)
Pupuh 19 : 1
eñjiɳ ryyankatiraɳ narendra datn anhinep i bhayalanö tigaɳ kulm,  sah sankerika taɳ kedu dawa rame janapada kahalintanan huwus,
Tegese : Esuk angkate Sri Narendra teka ing Bayalangu nginep telung wengi, tindake saka kono liwat Kedhung Dawa, Rame lan Janapada wus kaliwatan.

Saliyane ukara ing dhuwur ing pupuh 69 : 1 nerangake panggaweneCandhi Prajnyaparamitapuri kang wus diberkahi dening pandhita Jnyanawidi.
prajñaparimitapuri ywa panlahnin rat/ ri saɳhyaɳ sudarmma,  prajñaparamita kriyenulahaken/ çri jñanawidyapratista,  
Tegese : Candhi Prajnyaparamitapuri tan ana kang ngalahake ing jagad, ing candhi pandarman, Prajnyaparamita wus binerkahan dening sang pandhita Jnyanawidi.
Ing ngisor iki Mpu Prapanca nerangake papan –papan kayata  candhi, asrama, sima swatantra, tanah perdikan , sarta desa utawa padhukuhan kang wis oleh piagam (kekancingan) . Ing pupuh 74 : 1 diterangake
prajnaparamita puri hanar panambeh,  mwaɳ tekaɳ ri bhayalano duweg kinaryya.
Tegese : Ditambah candhi anyar yaiku prajnaparamita puri, sarta ing Bayalangu lagi dibangun.
Kanthi katrangan kasebut panggawene candhi prajnaparamita puri nalika Prabhu Hayam Wuruk isih madeg dadi ratu ing Majapait. Perlu dimangerteni yen Majapait  iku nggilut agama Siwa Budha mula ora aneh yen ratu mau saliyane dimakamake (cinandhi, dhinarmeng) nganggo cara Hindhu  Siwa nanging uga dimakamake (cinandhi, dhinarmeng) nganggo cara Budha.

Dadi Sri Maharajapatni cinandhi miturut agama Budha awujud Bodhisattwadewi Prajnyaparamita. Tegese tembung Prajnyaparamita yaiku “kasampurnaning kawicaksanan” utawa “sampurna wicaksana”.
Saliyane Gayatri, reca pangejawantahaning  Bodhisattwadewi (bodhisattwa wanita) Prajnaparamita sing kondhang yaiku recane Ken Dhedhes kang ditemokake ing Cungkup Putri sacedhake candhi Singosari dening D. Monnereau nalika taun 1819 A.D.  Dene reca Ken Dhedhes saiki disimpen ana ing Museum Nasional Indonesia ing Jakarta.
Reca Prajnyaparamita iki katon lagi lungguh ana ing padmasana (padma = terate) muja semedi kanthi ulah dharmacakramudra (mudra ngubengake jantraning dharma). Mung wae reca Gayatri iki wis rusak banget.


Selasa, 06 Oktober 2015

CANDHI LOR, TUGU KEMENANGAN LUMAWAN PRAJURIT MALAYU.




Candhi Lor mapan ing desa Candhirejo, kecamatan Loceret, kabupaten Nganjuk. Prenahe saka kutha Nganjuk, ngidul nurut dalan menyang Kedhiri. Saka alun-alun kutha Nganjuk kira-kira telung kilometeran. Sawise ana bangjo (traffic light) prapatan sadurunge tugu Adipura menggok ngulon, kira-kira 300 meter saka prapatan. Papane adhem, ing pinggir sawah kang katon ijo royo-royo. Ing sacedhake candhi ana pesareyane (patilasan) Eyang Kerta lan Eyang Kerti kang dadi abdi kinasihe Mpu Sindok (?)
Kahanane candhi wis rusak banget, wis ora katon wujude candhi, mung katon tumpukan bata-bata.  Tengahe candhi dithukuli wit kang gedhene kira – kira saprangkul. Kaprenah ing iring kidul.oyode wit mau nggubed candhi, gedhe – gedhe, katon pating pethekol kaya ula. Candhi iki digawe saka bata, jamane Mpu Sindhok ratu Medhang Jawa Timuran kang kapisan. Ing candhi iki ditemokake prasasti kang karan prasasti Anjuk Ladang. Tembung Anjuk Ladang iku dadi mula bukane tembung kutha Nganjuk kang saiki iki.
Prasasti Anjuk Ladang ngemot angka taun 859 Ç (versi L.C. Damais, 937 M) utawa 857 Ç (versi Brandes, 935 M). Isine prasasti iki yaiku netepake yen desa lan sawah Anjuk Ladang dadi tanah perdikan (sima swatantra) lan asile kanggo sesembahan marang bathara ing Sang Hyang Prasada. Saliyane iku candhi Lor minangka tugu kemenangan kanggo mengeti (jayastambha) nalika prajurit Medhang unggul ing yuda dibantu dening kawula ing Anjuk Ladang lumawan prajurit saka Malayu (Sriwijaya). Prasasti iki nyebutake ing antarane mangkene: … parnnaha nikanaŋ lmah uŋwana saŋ hyaŋ prasada atêhêra jaya[sta]mbha wiwit matêwêkniraŋlahakan satru[nira] [haj]ja[n] ri [ma]layu (= prenahe lemah iki panggonane wewangunan suci, minangka pengetan wiwite dheweke (sang prabhu) ngalahake mungsuhe ratu saka Malayu)
Prasasti Anjuk Ladang saiki disimpen ana Museum Nasional ing Jakarta kanthi nomer inventaris D.59.
Mpu Sindhok mboyong negara Medhang ngalih saka Medhang i Bhumi Mataram ing Jawa Tengah menyang Jawa Wetan. Manut panemune van Bammelen ngalihe negara Medhang saka Jawa Tengah menyang Jawa Wetan krana kratone rusak saka panjebluge gunung Merapi. Negara Medhang jaman samono karan Medhang i Tamwlang jalaran kutha rajane ana ing Tamwlang (Tembelang) banjur ngalih Medhang i Watugaluh krana kutha rajane ngalih menyang Watugaluh (Megaluh).
Ing Jawa Wetan Mpu Sindhok ngedegake kraton ana ing Tembelang. Ora suwe banjur ngalih menyang Watugaluh (Megaluh). Tembelang lan Megaluh iki padha-padha mapan ana ing sacedhake kali Brantas. Antarane Tembelang lan Megaluh (sing saiki) dohe kira-kira 10 km an arah ngulon. Tembelang lan Megaluh saiki kalebu wewengkon kabupaten Jombang sisih lor, saka kutha Jombang ora adoh, arahe lor lan lor kulon.

Mpu Sindhok ngratoni Medhang antarane taun 929 – 947 M ajejuluk Sri Maharaja Rakai Hino Sri Isana Wikramadharmotunggadewa. Prameswarine aran Sri Parameswari Dyah Kebi. Sawise surud Mpu Sindhok diganteni dening putrane putri yaiku Sri Isanatunggawijaya lan garwane Sri Lokapala.


Pengikut

Matur Nuwun ...