Kamis, 20 Maret 2014

ORA GAMPANG WONG URIP ING ALAM DONYA

ASMARADANA

Nora gampang wong ngaurip,
yen tan weruh uripira,
uripe padha lan kebo,
angur kebo dagingira,
kalal yen pinangana,
pan manungsa dagingipun,
yen pinangan pesthi karam.


Poma-poma wekas mami,
anak putu aja lena,
aja katungkul uripe,
lan aja duwe kareman,
marang papaes donya,
siyang dalu dipunemut,
yen urip manggih antaka.

Wulangreh, Paku Buwana IV.

 Gancarane :
     Ora gampang wong urip yen ora ngerti uripe. Urip kang kaya mangkono iku padha karo uripe kewan. Angur kebo daginge kalal yen dipangan, ateges kewan sing drajate asor wae isih nduweni paedah, lamun manungsa daginge mesthi karam. Manungsa titah sing paling mulya isih kalah asor tinimbang kewan
     Poma-dipoma marang anak putuku kabeh, aja padha kurang pangati-ati. Aja mung katungkul golek bandha donya. Eling-elingen rina wengi , yen wong urip iku bakale mati.

Kamis, 13 Maret 2014

SWARA O JEJEG LAN SWARA O MIRING



O JEJEG:
O jejeg yaiku aksara/swara O diucapake O :
1.       Satembung kedadean saka swara O jejeg kabeh, conto: logo, loro, lodho, koplo, kodo, kono, jodho, bojo, bodho, bongko, gogo, molo, mono, moto,  toko, sotho,  coro, cotho, tholo, rono, ngono, polo, lsp.
2.        Swara O jejeg manggon ing wanda kapisan, conto : obah, omah, osik, olah,  oceh, oleh, boga, bogang, bolah, dosa, donga, dora, donya, dongeng, godha, gora,  jothak, johar, jolang, kodrat, kojah, kothak,  lsp.
3.        Swara O jejeg manggon ing pungkasane tembung kang lumrahe wanda menga, conto: ayo, bedho, belo, kalo, paro, menco, gelo, teko, mengo, bango, jago, gaco,  lsp.
4.        Wanda sigeg ing wanda wiwitane tembung diwaca O jejeg, conto: bondhan, kombang, jomplang, kondhang, ponggang, monggang, longkang, gonceng, bongkeng, jongkeng, dhompet, rontek, ronggeng, lonceng,  longgar, lontar, monte,  lsp

O MIRING:
O miring yaiku aksara / swara O  diucapake A.
1.        Satembung kedadean saka swara O miring kabeh, conto: bobok, bobok, borok, kolong, bolong, kopong, kosong, kothong, corong, kodhok, kopok, popok, sogok, ngorok, gosok, gondhok, gondhol, gondhong, gogor, godhong, godhog, gobyog, gombong, golong, gosong, lonthong, montong, obong,  montor, mlocot, borot, oyod, bokor, bocor, congor, bobor, sosor, momor, sodor, kombor, obor, obrol, mongkog, lsp.
Katrangan:
 O ing wanda kapisan diwaca miring jalaran kadayan dening O miring ing wanda burine.
2.        Swara O miring ing pungkasane tembung. Lumrahe wanda sigeg, conto : barong, among, katong, kalong, alot, kerot, pethot, gathot, jenggot,  awor, asor, kabor, kelor, alon, balon, katon, tinon, gendhon, laron,  angop, kelop, umob, angok, bengok, delok, kerok, pekok, pecok, cekok, kapok, kethok, demok, belok, jebol, dobol, lsp.
3.       Tembung kang kedadean mung sawanda :  lor, cor, kor, song, tong, rong, wong, mong, gong, pot, mot, wod, sot, got, dol, sol, pon, dom, bom,

O miring dadi bali jejeg maneh, yen :
1.       Kawuwuhan panambang an : bobokan, kolongan, bolongan, corongan, popokan, sogokan, gosokan,  godhogan, golongan, sodoran, gondholan, montor-montoran, barongan, jenggotan, kethokan, jebolan,  lsp.
2.       Tembung rangkep saka  tembung sawanda banjur diwenehi panambang an : lor-loran, cor-coran, tong-tongan, wong-wongan, gong-gongan, pot-potan, bom-boman, lsp.

Pakajaban (sing nyebal ):  dom-dom > dondom, dondom + an > dondoman,
O jejeg bisa owah dadi miring yen :
1.       Kawuwuhan panambang an : blangko > blangkon, paro > paron, jodho > jodhon, karo > karon, bodho > bodhon, lsp.

Tembung wanda pungkasan kang nduweni swara O jejeg yen oleh panambang :
1.       Panambang ku, mu, trap-trapane bares : bodhoku, kaloku, bojoku, jodhoku, bodhomu, kalomu, bojomu, jodhomu, lsp.
2.       Panambang i , trap-trapane tembung mau kawuwuhan /kapitulungan panambang an luwih dhisik : bodho > mbodhoni, jodho > jodhoni, gogo > nggogoni, jago > njagoni, gaco > gaconi, lsp.
3.       Panambang e, panambange owah dadi ne : belo > belone, kalo > kalone, bango > bangone, bongko > bongkone, bojo > bojone, lsp.
4.       Panambang a, trap-trapane bares wae : bodhoa, ronoa, ngonoa, mengoa, bedhoa, lsp.
5.       Panambang na , trap-trapane kapitulungan aksara “k” banjur swara O jejeg owah dadi miring : bodho > bodhokna, jodho > jodhokna, jago > jagokna, conto > contokna, lsp.
6.       Panambang ke, ake, trap-trapane kapitulungan aksara “k” banjur swara O jejeg owah dadi miring : jodho > jodhokke, jodhokake, jago > jagokke, jagokake, lsp.

Selasa, 11 Maret 2014

SWARA É JEJEG LAN É MIRING



É  JEJEG.
É jejeg yaiku swara/aksara É  diwaca / diucapake É .
É  jejeg kang manggon ing :
1.       Ing tembung : lélé, pépé, pécé, céré,  kéré, kéné, kécé, réné, dédé, dhédhé, dhéré, dhéwé, séjé, séndhé, lsp.
2.       Ing wanda  purwaning tembung : béda, béya, béla, bédhéng, bégal, béjog, déra, déning, désa, déwa, déwangkara, déwata, gémbong, génjah, géndhong, kébar, kéblat, kéyong, kénging, séba, séna, sénapati, sérok, séwa, séwaka, séngon, sénggol, lsp.
3.       Ing wanda pungkasané tembung :  baé, balé, badhé, bulé, cawé-cawé,  darbé, duwé, gawé, gedhé, gulé, gudhé, mangké,  paré, pacé, saé, salé, saté, suwé, supé, ramé, jaré, rasé, tapé, taté, tembé, kaé,  karé, keré, lebé, lsp.

É  jejeg owah dadi É  miring , conto :
pépé > pèpèkna, dhéwé > dhèwèkna, dhédhé > dhèdhèkna, séjé > sèjèkna, séndhé > sèndhèkna, réné > rènèkna, gawé > gawèkna, gedhé > gedhèkna, saté > satèkna, tapé > tapèkna, suwé > disuwèk-suwèkake, darbé > darbèkmu, darbé > darbèké

É  MIRING.
É  miring yaiku swara / aksara É  diwaca / diucapake È :
É  miring manggon ing :
1.       Ing tembung : bètèng, pèrèng, gèpèng, cèlèng, dhèblèng, ènthèng, cèrèt, pèpèt, dhèdhèt, bèsèk, gèthèk, kèrèk,  pènèk, bèbèk, bèlèk, dèngkèk,  bèyès, bèngès, bèrès, èthès, rèmèh, tètèh, gèsèh, dumèh, sumèh, bèsèr, dlèwèr, klèwèr,  lsp.
2.       Ing wanda purwaning tembung : bèji, bèri, kèli, kèri, pèni, èdi, jèdhi, mèri, pèci, cèkli, dèwi, tèki-tèki, lsp.
3.       Ing wanda pungkasaning tembung, lumrahe wanda sigeg : garèng, bolèng, topèng, gorèng, copèt, golèk, gothèk, cowèk, kosèk, suwèk, ambèr, ambèn, kalèn, sarèn, damèn, lsp

Senin, 10 Maret 2014

SWARA U JEJEG LAN U MIRING



U JEJEG
U jejeg yaiku aksara U diucapake U, manggone :
1.       Ing tembung : ulu, buku, buru, cupu, dudu, dhuku, gulu, guru, guyu, juru,  kudu, kuru, lunyu, sungu, suru, tuku, turu, tuju, wluku, wulu, wungu, wuru, yuyu,
2.       Ing wanda wiwitane tembung : budi, bungah, bumi, buri, bunder, buntel, cuki, clumpring, clumik, cukat, culik, kula, lunga, wuta, duta, duga, suka, suta, sura, lsp.
3.       Ing wanda pungkasan kang awujud wanda menga : ayu, alu, asu, awu, aku, banyu, waru, wayu, wagu, watu, sangu, garu, palu, saru, jalu, mangu, mau, kayu, lsp.
4.       Ing tembung kang kedadean saka sak wanda : club, cuh, thur, lsp. Tembung-tembung iku lumrahe nirokake uni utawa swara.

U jejeg owah dadi U miring, yen :
1.       Kawuwuhan panambang an : sepaton, lagon, guyon, guron, buron, tukon, turon, wungon, wlukon, lunyon, lsp.

U jejeg ing tembung- tembung kang pungkasane wanda menga yen oleh panambang na  dadi : garokna, lagokna, gurokna, turokna, sangokna, tukokna, akokna, wayokna, palokna, bukokna, lsp.

U MIRING
U miring yaiku aksara U diucapake / diwaca O, manggone :
1.       Ing tembung kang dumadi saka sawanda awujud wanda sigeg: bung, kung, kur, mur, mung, tur, lsp.
2.       Ing pungkasane tembung kang awujud wanda sigeg : balung, kalung, jagung, sarung, tarung, wadung, warung, parut, manut, janggut, badhut, welut, sabun, katun, wangun, taun, watun, dhapur, kasur, atur, walur, lamur, jamur, lsp.

U miring ing wanda sigeg  ing pungkasane tembung bali jejeg maneh , yen :
1.       Kawuwuhan panambang an : balungan, sarungan, kalungan, parutan, wangunan, sabunan, watunan, taunan, lsp.
2.       Kawuwuhan panambang e : kalunge, sabune, welute, janggute, bunge, kasure, ature, wadunge, warunge, jamure, lsp.
3.       Kawuwuhan panambang I, nunuti, bubuti, turuti, kalungi, sabuni, watuni, lsp.
4.       Kawuwuhan panambang ana : kalungana, sabunana, parutana, kasurana, aturana, cathutana, lsp.

U miring ing wanda sigeg  tetep miring, yen:
1.       Kawuwuhan panambang ne utawa ke / ake : kalungne, kalungke, kalungake, parutne, parutke, parutake, aturne, aturke, aturake, lsp.
2.       Kawuwuhan panambang na : kalungna, parutna, jabutna, cathutna, sarungna, bacutna, lsp.

Jumat, 07 Maret 2014

ARANE ANAK

Araning Anak

Anak Ngangkrang : kroto
Anak asu : kirik
Anak pitik : kuthuk
Anak babi : gembluk
Anak bandeng : nener
Anak banyak : blengur
Anak bantheng : wareng
Anak baya : krete
Anak bebek : meri
Anak blanak : sendha
Anak munyuk : kowe
Anak bulus : ketul
Anak cacing : lur
Anak cecak : sawiyah
Anak celeng : genjik
Anak coro : cere
Anak dara : piyik
Anak emprit : indhil
Anak gagak : engkak
Anak gajah : bledug
Anak gangsir : clondo
Anak garangan : rase
Anak garengpung : drungkuk
Anak gemak : drigul
Anak glathik : cecrekan
Anak gundhik : laron/rayap
Anak jangkrik : gendholo
Anak jaran : belo
Anak kadhal : tobil
Anak kalajengking : ketupa
Anak kancil : kenthi
Anak kebo : gudel
Anak kemangga : ceriwi
Anak kepik : mreki
Anak kidang : kompreng
Anak kethek : kenyung
Anak kintel : kenthus
Anak kinjeng : senggutru
Anak kodhok : precil
Anak kombang : engkuk
Anak kucing : cemeng
Anak kura : laos
Anak kutuk : kotesan
Anak kwangwung : gendhot
Anak lawa : kampret
Anak lele : jabrisan
Anak lemut : uget-uget
Anak luwak : kuwuk
Anak luwing : gonggo
Anak macan : gogor
Anak manuk : piyik
Anak menjangan : kompreng
Anak menthok : minthi
Anak merak : uncung
Anak sapi : pedhet
Anak singa : dibal
Anak tawon : gana
Anak tekek : celolo
Anak tikus : cindhil
Anak tuma : kor
Anak ula : ucet
Anak urang : grago
Anak wader : sriwet
Anak walang : dhogol
Anak warak : plencing
Anak wedhus : cempe
Anak welut : udhet
Anak yuyu : beyes


Saka : Ilham Jauhari Effendi

Pengikut

Matur Nuwun ...