Jumat, 20 April 2012

MARENG



Swara garengpung amberung, ithi-ithi ngiwi-iwi ,
 anrajang sapucuking pring, kaya kaya aweh peling.

 Lumembak mega lelana, nyaput langit warna biru,
 Larut mirut mendhung klawu, kabuncang ambirat rengu.

 Cah angon ngundha layangan, ing ndhuwuring galengan,
 Dhewekan datanpa rowang, pindhane kang karya gesang.

 Tan krasa wus ndungkap pinggir, umur wus angungak tembir,
 Ing wuri ngendi sun udi , sumendhe lir sarah jladri.


 Surabaya, 19 April 2012.

Guritan ing dhuwur nganggo - format candrasmara = 8 8 ( 2 gatra ) saben sapada, gunggung 4 pada

Pengikut

Matur Nuwun ...