Minggu, 15 Februari 2015

PANAMBANG AKE.



Trap-trapane panambang AKE.

1.      Panambang AKE yen sumambung ing tembung kang wanda pungkasan awujud wanda sigeg (awasana konsonan) trap-trapane bares wae, tuladha :
a.       dhangir + ake > dhangirake.
b.      tutup + ake > tutupake.
c.       jaluk + ake > jalukake.
d.      tulis + ake > tulisake.
e.       cubles + ake > cublesake.

2.      Panambang AKE yen sumambung ing tembung kang wanda pungkasane awujud wanda sigeg “N” (konsonan N) swara tutup N mau owah dadi K, tuladha:
a.       dandan + ake > dandakake.
b.      dolan + ake > dolakake.
c.       pakan + ake > pakakake.
d.      jajan + ake > jajakake.
e.       udhun + ake > udhukake.

3.      Panambang AKE yen sumambung ing tembung  kang wanda pungkasane awujud wanda menga , swarane owah dadi swara miring lan kawuwuhan konsonan K, tuladha:
a.       kandha + ake > kandhakake.
b.      tata + ake > tatakake.
c.       tangi + ake > tangekake.
d.      bali + ake > balekake.
e.       gawe + ake > gawekake.
f.       pepe + ake > pepekake.
g.      Guyu + ake > guyokake.
h.      tutu + ake > tutokake.
i.        jodho + ake > jodhokake.
j.        paro + ake > parokake.

4.      Ing pocapan padinan asring keprungu tetembungan kayata : tukokke, turokke, gantekke, gawekke, balekke, lsp. Kaya-kaya ana panambang KE kang madeg dhewe. Satemene panambang KE mau awujud wancahane panambang AKE. Mula arane rimbag lan pigunane panambang KE mau padha karo panambang AKE.
5.      Panganggone panambang AKE ora bisa dianggo dhewekan, nanging kudu bebarengan karo ater-ater anuswara kanggo mangun tembung kriya tanduk, utawa ater-ater tripurusa kanggo mangun tembung kriya tanggap (konfik). Tuladha :
a.       ng + kumpul + ake > ngumpulake.
b.      ng + lebu + ake > nglebokake.
c.       m + pundhut + ake > mundhutake.
d.      n + tuduh + ake > nuduhake.
e.       m + bali + ake > mbalekake.

6.      Panambang NE, panambang KE lan panambang AKE nduweni teges padha, rimbage uga padha, mula panganggone uga ora ana bedane. Tuladha:
a.       nggawekne = nggawekke = nggawekake.
b.      nulisne = nuliske = nulisake.
c.       macakne = macakke = macakake.
d.      nggawakne = nggawakke = nggawakake.
e.       maculne = maculke = maculake.

7.      Tembung tanduk kang nganggo panambang AKE yen sumambung karo ater-ater “DAK (TAK) kalebet sananta kang nduweni teges arep utawa nedya, tuladha:
a.       Aku daknakokake kabar iki marang Sutarna, bener apa ora?
b.      Aku daknggawekke wedang susu anakku dhisik.
c.       Aku daknggolekake winih pari Lik Sukar.

8.      Panambang AKE kanggo ing basa Ngoko, dene kramane “AKEN”, tuladha:
a.       nglebetaken
b.      mirengaken
c.       nyerataken
d.      nedahaken
e.       njodhokaken.


Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...