Ing jaman Majapait wiwit kadumugen tiyang Islam. Saya dangu
agami Islam sangsaya ngrembaka. Kraton
Majapait sangsaya suda kekiyatanipun. Sasampunipun Majapait sirna lajeng thukul
kraton Demak ingkang agaminipun Islam.
Serat-serat ing Jaman Islam antawisipun :
1.
Het boek
van Bonang , gancar (taksih ngangge basa Jawi tengahan nanging isinipun bab
agami Islam). Ukaranipun ketularan basa Arab lan ugi wonten cengkokipun basa
Melayu, kadosta : ana pon (adapun). Ukaranipun kados makaten :
Nyan punika caritanira Syekh al Bari, tatkalanira apitutur ling carita saking kitab Ihya’ulum al din lan saking Tamhid antukira Syekh al Bari amethet ing tingkahing sisimpenaning nabi wali mukmin kabeh, lan salajengipun.

2.
Een Javaans Geschrift uit de 16e eeuw, gancar,
basa Jawi tengahan. Isisnipun menggah bab agami Islam. Pethikanipun kados
makaten :
Bagindha Ali – raliyallahu nganhu – tinakenan dening wong : Ya Ali, punapa bot saking langit, punapa kanga lo saking bumi, punapa kang atos saking watu, punapa kang kaliwat sugih saking samudra, punapa kang kaliwat atis saking naraka Jamanirah, punpa kang kaliwat pait saking upas ? // Maka sumaur bagindha – raliyallahu nganhuma : kang andhalih ing lemahing wong abecik den dhalih ala, kaliwat bote saking ammondhong langit, abecik den dhalih ala, Ka 2 kang abener iku kaliwat alo saking bumi, ka 3 atining wong munapek iku kaliwat atos saking watu, ka 4 ati kang kana’at iku kaliwat sugih saking samudra, ka 5 ratu kang kaniaya iku kaliwat panas saking api, ka 6 teka anglarani atining wong, iku kaliwat asrep saking naraka Jamanirah, (ka 7 ) kang darana iku kaliwat pait saking upas. // Makaten salajengipun.

3.
Suluk Sukarsa, ngangge basa Jawi tengahan, mawi
sekar, nanging sekar cara Jawi Kina, sekar sloka , lampah wolu-wolu kaping 4, sampun boten mawi guru
lagu. Ingkang dipuncariyosaken bab mistik. Pethikan bab pungkasan kados makaten
:
ki Sukarsa denya layar, parahu sabar darana,
salat mangka tiyangira, kinamulen pangawikan,
linayaran amangun hak, winelahan niyat donga,
denwatangi panenedha, den pulangi lawan tobat.
den labuhi sukurullah, den taleni lan kana’at,
den pulangi lan wicara, den damari ma’arifat,
ki Sukarsa denya layar, wus tekeng segara rahmat,
kawasa denira layar, wus tekeng sagara ORA.

4.
Serat Kojajajahan, mawi sekar. Sekaripun
Dhandhanggula, sampun wiwit wonten sekar macapat. Isinipun piwulang awujud
cariyos. Ingkang dipuncariyosaken, satunggaling patih nama sang Koja-jajahan ,
bekti sanget dhateng ratunipun, ngibadah, adil lan wicaksana. Sakin saening
peprentahanipun, sang ratu, raja Mesir asih sanget dhateng sang Koja-jajahan,
ngantos anjalari sengitipun para ageng sanesipun. Ing wasana para ageng kalawau
mados-madosaken lepating sang patih. Yektos trekahipun para pangageng saged dados; patih
Koja-jajahan dipunpejahi. Mayitipun medal karamatipun, ingkang nelakaken bilih
sang apatih boten dosa. Sang Prabu uninga ingkang makaten punika, sdhih sanget
panggalihipun, gerah lajeng seda.
5.
Suluk Wujil. Sekaripun Dhandhanggula, Mijil, lan
wonten sekar agengipun inggih menika sekar ageng Açwalalita. Serat menika ngemot
wejanganipun Sunan Bonang dhateng pun
Wujil, tiyang cebol tilas kalangenanipun ratu ing Majapait; ingkang kaping
pinten utawi ingkang pundi boten dipunterangaken. Ingkang dipunwejangaken bab
ngelmu kasampurnan utawi mistik.
6.
Suluk Malangsumirang, mawi sekar. Serat menika
dipuncariyosaken damelanipun Sunan Panggung nalika lumebet ing tumangan (latu
kangge patio bong) , minangka paukumaning paprentahan nagari ing Demak, saking
anggenipun angrisak sarak. Isinipun kawruh kasampurnan.
7.
Serat Nitisruti, mawi sekar. Isinipun piwulang
kasaenan. Wonten candrasengakalanipun : Sarasa sinilem ing jaladri –
bahnimahastra candra sangkala, (1534 Ç = 1612 M). Wonten ingkang mastani
bilih serat menika damelanipun Pangeran
Karanggayam ing Pajang.
8.
Serat Nitipraja, mawi sekar. Dipunwastani
adhinipun Nitisruti. Sabarang-barang niru serat Nitisruti. Isinipun piwulang
dhateng para luhur ing nagari , bab pangulahing praja saha angemong dhateng
tiyang alit.
9.
Serat Sewaka, mawi sekar. Isi piwulang dhateng
tiyang ingkang ngenger. Wonten sengkalanipun : jalma-paksaka- wayang- buwana (
1621 Ç
= 1699 M), jamanipun Sinuwun Mangkurat . Basanipun sampun ngangge basa Jawi
samangke.
10.
Serat Menak, mawi sekar. Babonipun serat Menak menika saking Parsi,
kadadosaken basa Melayu, nama Hikayat Amir Hamzah, sawegkajawkaken nama Serat
Menak. Cariyosipun kawiwitan : Kanjeng Nabi Muhammad andangu dhateng bagindha
Abas kados pundi lelampahanipun bagindha Ambyah, ingkang wonten ing serat Menak
karan Wong Agung. Ingklang dipuncariyosaken : memengsahanipun Wong Agung Menak
kaliyan prabu Nursewan ing nagari Madayin. Wong Agung agaminipun Islam, sang
Nursewan taksih kapir. Mangka Wong Agung wau krama angsal dewi Muninggar,
putranipun sang Nursewan.
11.
Serat Rengganis, mawi sekar. Serat menika
cariyosipun sempalan saking serat Menak. Serat menika nyariyosaken lelampahinpun
Dewi Rengganis, Pangeran Kelan, lan dewi Kadarmanik. Sang Umarmaya kautus
madosi icalipun pangeran Kelan, wonten ing negari Mukadam, wasana kacepeng
dening prajuritipun Mukadam dipunukum wonten ing sumur wisa, lan salajengipun.
12.
Serat Manikmaya, mawi sekar. Serat menika
damelan jaman Kartasura, ingkang andamel Kartamusadah. Isinipun kathat ingkang mendhet saking Tantu
Panggelaran. Serat manikamaya mratelakaken bilih sang Manik menika dados
bathara Guru, sang Maya dados Semar. Miturut Poerbatjaraka wonten wewahan
enggal , menggah cariyosipun Aji Saka. Ungelipun kados makaten :
Empu Brahma-kedhali sampun ayoga, wasta sang Anggajali, Anggajali putra, jalu wus pinaraban nama Empu Sangka Adi , umasuk Islam , nyabat njengira nabi. // Punika kang mencaraken aksara Jawi …. Lan salajengipun.

13.
Serat Ambiya, mawi sekar. Ingkang
dipuncariyosaken wiwit nitahaken donya. Ingkang dumados rumiyin : cahya lajeng
kenthel dados sesotya, lajeng dados toya, lajeng unthuk, unthuk menika ingkang dados langit pitu, bumi pitu.
Lajeng mratelakaken nalika Nabi Adam dipundamel, dumadosipun Ibu Kawa; iblis
anggodha, salajengipun Nabi Adam lan Ibu Kawa tumurun dhateng bumi, makaten
salajengipun.
14.
Serat Kandha, mawi sekar. Ingkang
dipuncariyosaken warni warni. Ing ngriki campuripun cariyos Islam lan cariyos Jawi. Kawiwitan nalika Nabi Adam
sampun peputra kathah. Karsanipun Nabi Adam putra ingkang sae kadhaupaken
kaliyan putra ingkang awon.; ibu Kawa kersanipun ingkang sae angsala ingkang
sae. Lan slajengipun. Ing serat Kandha ugi nyariyosaken dumadosing para dewa.
wonten lajengipun ….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar