Selasa, 20 April 2010

DURSASANA MBALELA


Angin midit saka kidul. Nunjem menyang balung sungsum rasane sangsaya kemrekes. Dhasare mangsa ketiga wis rada ngerak. Kayon-kayon katon obah katiyup angin ketiga katon kaya tangane wong kemlawe njaluk tulung. Suket-suket padha garing katerak ketiga dawa. Sesawangan ing ngendi –endi katon garing mekingking awerna soklat tuwa, pratandha wis suwe ora mambu banyu udan. Mung swarane gangsir ngenthir lan jangkrik ngerik nerak ing sela-selaning sepi ing tengah wengi. Swarane manuk dares lan dhokan saut-sautan wiwit sore ora leren-leren, gawe kekes lan mrindinge githok sing padha ngrungokake. Ora ana sabawane wong kemliwer. Kahanan negara Ngastina tintrim.
Raden Dursasana, adipati Banjarjunut legog-legog lagi kapetengen galih. Ora marga saka menggalih putri Plangkawati nanging lagi menggalih kahanan negara Ngastina kang lagi kataman dahuru. Para nayaka praja kang kondhang kautamane nembe saiki konangan boroke. Pranyata ora kaya sing dicritakake para dhalang yen negara Ngastina panjang, punjung, gemah ripah loh jinawi ayem tentrem karta tata tur raharja. Akeh para nayaka praja ing negara Ngastina kang laku ngiwa, nalisir ing angger-anggering negara. Negara ing manca praja kang cedhak manglung kang adoh tumiyung ora karana ginebaging prang amung saking pepoyaning kautaman mung kari unen-unen. Akeh negara jajahan ing tepis wiring padha owah kiblate, mbeguguk angutha waton njongkeng kawibawaning negara.
Para mantri bupati kang biyen kontap kautamane putus ing ulah kaprajan saiki padha sikut-sikutan. Golek slamete dhewe-dhewe.yen biyen padha girang gumuyu padha bancakan bandha negara saiki katon kucem. Jaman saiki negara Ngastina kena dipindhakake ngalami jaman kala rakatha utawa jaman lakune kepithing. Jamane para nayaka lakune miring. Ora ana sing sing wani ngatonake dhadhane. Iki lho dhadhaku, endi dhadhamu. Jamane para warangka praja ora wani ngendika bares, apa anane.
Para warangka praja kang minangka dadi pandam pandoming kawula dasih pranyata beda, teba kosok balen pindhane lor karo kidul. Pangandikane mung lelamisan, ora nganti tumeka jroning batin. Kamangka ing saben –saben panggonan ditulis nganggo aksara Jawa gedhe-gedhe “Sabda lan laku kudu nyawiji, sing sapa jujur bakal luhur ,” mung kanggo samudana, mung kanggo abang-abang lambe. Sanajanta sesanti ditulis gedhe-gedhe ing saben pojoking alun-alun lor lan alun-alun kidul kutha raja Ngastina, saben dalan, saben lurung, malah-malah ditulis ing saben payoning omah para kawula wiwit ing sajeroning kutha nganti para kawula alit sing manggon ing pucaking pagunungan.
Jroning batin R Dursasana kepingin supaya negara Ngastina bisa pulih kaya mau-maune.Para kawula suyud marang para nayaka ora karana wedi dipidana nanging karana asih. Ing wektu iki para kawula ora rumangsa oleh keadilan. Akeh para kawula saka karang pradesan padha laku pepe (demo) ing alun-alun kutha raja Ngastina, nggugat para pecalang (pulisi desa) kang tumindak sawenang-wenang. Randha-randha wira negara (pahlawan) isih meksa diseret marang sasana pradata jalaran ngenggoni omah negara. Kamangka umure ya wis tuwa kari ngenteni timbalane Gusti Kang Maha Kawasa.
Raden Dursasana duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga, lir sinebit talingane, sinosog merang segedheng bel mubal dahana. Jalaran prajurit ing Tirta Tinalang andhahane Raden Kartamarma mikut piyambake, didakwa arep tinggal glanggang colong playu, ninggalake negara Ngastina. Kamangka piyambake arep mertamba menyang pertapan Dorawicara sowan menyang padhepokane begawan Ganda Maruta.
“Lho, ingsun mung arep sowan menyang padhepokan Dorawicara”, ngendikane R Dursasana.
“Boten kepareng gusti. Menika sampun dados pranatan ing negari Ngastina”, sumaure prajurit Tirta Tinalang.
“Ingsun arep mertamba. Yen wis rampung sesuk esuk bakal bali menyang kadipaten. Ora bakal neka-neka”.
“Boten kepareng. Menawi jengandika badhe tindak kedah wonten idi palilah saking Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun.”
“Endi layang dhawuhe?”
“Ha inggih boten wonten. Kula menika prajurit ingkang tinanggenah njagi tata tentreming negari. Sok sintena warangka praja utawi para nayaka lan para sentana dalem ingkang badhe tindak dhateng sajawining rangkah kedah wonten idi palilah saking Ingkang Sinuwun.Samenika jengandika kawula aturi kersa tindak dhateng sasana pradata ”
“Salahku apa? Aku ora duwe salah apa-apa.”
“Lha sumangga karsa. Mangke jengandika dhawuh wonten sasana pradata. Jengandika dipun lanjrad (landraad). Panjenengan dhawuh dhumateng para warangka praja ingkang tinanggenah ing prekawis menika”, wangsulane prajurit kang njaga tepis wiringing negara.
Rumangsa kalah papan R. Dursasana nuruti karepe para prajurit diirit menyang sasana pradata. Apa maneh karcis palwa gegana sing menyang pratapan Doracara wis entek. Ora ana sing ngerti apa kang kedadean ing sajerone sasana pradata Watara kira-kira wayah sirep wong lagi dikeparengake kondur menyang kadipaten Banjarjunut.
Esuke, koran-koran lan televisi negara Ngastina masang ing headline-e “ Raden Dursasana ditangkep. Raden Dursasana ditangkep“ kanthi aksara kang gedhe-gedhe.

Sigeg gantya kang winursita. Sang bagaskara wus arsa manjing ing dhasaring pratala. Gumantya sang Hyang Sasadara anglenggahi dhampar kedhaton.Kartika aglar ing cakrawala, ngabyantara sumewa marang sang retnaning dalu. Asri kawuryan. Sirep kang bala Ngastina manjing patilemaning sowang-sowang.
Kocapa, ing kadipaten Banjarjunut Raden Dursasana nganakake konperensi pers. Para juruwarta saka saindenging negara Ngastina padha nganakake wawan sabda karo Raden Dursasana.
“Iki bukti yen negara Ngastina wus ora bisa ngayomi para nayaka praja. Ingsun wus rumangsa ora diwongake . Kamangka ingsun iki isih kadang pribadine Ingkang Sinuwun. Kena apa negara ora bisa ngayomi marang jenengingsun?”, mangkono pangandikane Raden Dursasana marang para juruwarta.
“Negara Ngastina iki rusak jalaran saka pokale para nayaka sing nerak angger-angger negara. Ingsun wis ngendika si Dhadhap, si Waru sing dadi sumbere prekara iki, kudu dipriksa luwih dhisik. Mengko mesthi bakal kawiyak sapa sing dadi sumbering prekara.Ingsun isih tresna marang negara iki. Negara Ngastina ingsun bela nganti pecahing dhadha wutahing ludira”.
“Gusti, sinten si Dhadhap lan si Waru?”pitakone juru warta.
“Iku prekara gampang. Paribasan suwe mijet wohing ranti. Apa kurang cetha? Si Dhadhap iku inisiale BE A.ngerti. Pawongan iki sing penggaweyane ngrekayasa perkara ing negara Ngastina. Apa kurang jelas ?” pangandikane Raden Dursasana.
“Jelas menika tegesipun dipun jejeli gelas lho Gusti ?”, kandhane juru warta.
“He, aja glenyengan “
Bambang Aswatama Sing rumangsa didumuk raden Dursasana kajiyat atine banjur enggal-enggal nganakake konperensi pers. Ora kalah kencenge Bambang Aswatama ganti ndumuk kaluputane raden Dursasana.
“ Aku . Oleh pirang prekara aku ngrekayasa perkara. Pancene tepungku karo para nayaka praja iya becik. Apa iku tegese aku ngrekayasa perkara ? Sing mesthi R Dursasana uga katut ing prekara iku. Paribasan tengu ing imbanging gunung katon ngegla, nanging gajah ing tlapukan ora cetha”
“ Yen pancen ana buktine aku ora bakal suwala. Rangketen aku !”, kandhane Bambang Aswatama karo malangkerik.
Pancen panggung sandiwara negara Ngastina isih muleg kaya beluke rokok wong sakampung dadi siji. Uwel-uwelan campur bawur ora ana bedane. Sing salah lan sing bener katon ora ana bedane. Jalaran kabeh padha pintere.Dhandhang bisa dadi kontul, kontul bisa dadi dhandhang saking pintere para pokrul bambu. Para kawula padha bingung. Endi nayaka sing kena dadi panutan , endi sing kena dadi tuladha.
Wetan gunung, kulon ya gunung, ning tengah-tengah ana segara. Ora mung wayange wae sing bingung, malah dhalange pisan ya dhalang gemblung, bisane mung ngarang crita ngayawara.
Tancep kayon. Cuthel.

Jumat, 09 April 2010

SIRAHMU MBLEDHOS


Sawijining dina aku mlebu kelas wolu. Sawise aku nerangake wulangan sing wulangake. Aku banjur takon marang bocah-bocah.
“Wis ngerti ….. ?”, pitakonku marang bocah-bocah.
Kaya biasane bocah-bocah mangsuli bareng ,”Tiiiiiiii……”,
Aku takon maneh,”Sapa sing durung ngerti ?.”
Bocah-bocah siji wae ora ana sing ngacung.Tegese wis paham sing dak wulangake.
Aku banjur kandha,” Ya wis, yen ora ana sing ngacung tegese wis ngerti kabeh. Saiki sing dak takoni maju !”.
Bocah-bocah wis wiwit padha usreg.
“Kowe, Mardi (jeneng singlon, nama samaran) majua !”pakonku marang Mardi.
Mardi banjur maju menyang ngarep, banjur daktakoni.
“Apa jenenge alat sing kanggo ndeleng barang sing cilik banget ?”
“Mikroskop, pak “, wangsulane mantep.
“Ya bener. Lha yen alat kanggo ngukur suhu ?”
“Thermometer”, wangsulane.
“Pinter,” wangsulanku. “Suhu iku tegese apa ?”
Mardi katon thingak-thinguk ora ngerti. Mripate nyawang kanca-kancane, mbok menawa ana sing ngerti. Katon ana bocah siji mbisiki saka mburi.
Aku banjur mbengok “Meneng, sapa sing ngandhani tak kongkon menyang ngarep. Yen ora bisa mengko dak kongkon ngubengi lapangan ping telu.”
Bocah-bocah meneng cep klakep, ora ana sing cemuwit.
“Suhu badan orang sehat pira, Di ?”, pitakonku.
“Seratus, pak”.
“Satus apa ?
“Seratus derajat Celsius”
Aku banjur nesu, banjur takon,”Sapa gurumu biologi ?”
“Bu Ita (jeneng singlon)”, wangsulane bocah-bocah bareng.
Mardi banjur metu klunuh-klunuh, nggoleki bu Ita. Bu Ita iku guru Biologi sing kondhang kereng.
Ora antara suwe Mardi mlebu kelas maneh.
“Bu Ita ndhak ada, pak , “kandhane Mardi sadurunge daktakoni.
“Ana. Aku mau esuk ketemu .Ggolekana maneh !,” pakonku.
“Ndhak ada, pak. “ Mardi ngengkel.
Aku banjur ngongkon bocah loro, siji dak kongkon nggoleki guru Kimia, sing sijine dak kongkon nggoleki guru Fisika. Bocah mau dokkongkon takon “suhu badan orang sehat”.
Ora suwe bocah mau banjur mlebu kelas maneh.
“Kuwi njajal. Kandhanana Mardi "
“37 atau 36 derajat, pak.”
“Ya. Kelas loro SMP kok ora ngerti suhu badan orang sehat. Iki ngono pelajaran SD ,” omelku.”Yen satus derajat, sirahmu mbledhos, ngerti ”
Bocah-bocah ngguyu geeer.

Selasa, 06 April 2010

GUWA GONG LAN GUWA TABUHAN

Pacitan, satunggaling kabupaten ingkang prenahipun wonten pojok kidul kilen propinsi Jawi Wetan, wewatesan kaliyan propinsi Jawi Tengah. Ing sisih kidul wewatesan kaliyan seganten kidul inggih punika Samodra Hindia. Ugi papan miyosipun presiden RI ingkang kaping nenem inggih punika Susilo Bambang Yudoyono.

Tanahipun arupi pareden, mawi punthuk alit-alit. Pareden ing Pacitan kalebet pareden Sewu ingkang nggalur wiwit Kabupaten Gunung Kidul ingkang kalebet negari Ngayojakarta Hadiningrat, kabupaten Wonogiri, Pacitan, Trenggalek, Tulungagung ngantos sapengetan.
Pareden Sewu punika dados tukipun Bengawan Sala . Bengawan lajeng mili mangaler, mlebet kitha Sala, mangetan dhateng kabupaten Ngawi, Bojanegara, Lamongan, Gresik, lajeng anjog ing seganten Jawi. Pareden punika awujud pereden gamping utawi redi kapur. Miturut geologi dipun wastani “karst”.
Kala rumiyin ing Wonogiri, Pacitan kathah tiyang-tiyang ingkang sami mbesem sela gamping. Rehdene sapunika sampun awis-awis tiyang ngangge kapur, mila jobongan utawi tobong gamping punika baka sekedhik sami kendel anggenipun mbesem jalaran boten pajeng.
Miturut sejarah geologi utawi sejarah ngelmu bumi, pinten-pinten yuta taun kapengker pareden kapur dumados saking kewan-kewan karang ingkang dados sela (coral) ing salebetipun seganten. Rehdene wonten ebahing kerak bumi utawi lempeng bumi, sela karang punika kangkat manginggil dados dharatan. Sela ingkang kedadosan saking kewan karang kalawau kathah rong utawi bolonganipun. Upami wonten jawah, toya lajeng rumesep ing salebeting bumi. Jalaran kathah gonggangipun mila ilining rembesan kalawau nglumpuk dados lepen-lepen ing salebetipun bumi.


Pacitan punika duk kina-kinanipun sampun dipun panggeni tiyang, ingkang manggen ing ngriku tiyang kalang (bangsa nomaden). Tiyang kina ingkang manggen ing Pacitan dipun namakaken Homo Soloensis utawi manungsa Solo. Tetiyang kalawau manggen ing salebeting guwa-guwa lan song. Song punika lugunipun omahing macan. Bedanipun antawisipun guwa lan song punika, menawi guwa punika ageng rongipun lan lebet, dene song naming alit bolonganipun lan boten lebet. Kathah guwa ing tlatah Pacitan, kadosta : Guwa Tabuhan, Guwa Gong, Guwa Kalak, Guwa Putri, Guwa Samapura (Tulakan). Contonipun song upaminipun : Song Gupuh, Song Terus lan kathah song-song ingkang boten dipun namani. Sanesipun punika wonten ingkang kawastanan “luweng”. Luweng punika kados sumur nanging lebet sanget. Lare-lare angen ing ngriku kangge njajagi lebetipun luweng , mawi mbalang sela , lajeng ungelipun sela natap gampengipun luweng kepireng swanten klonthang, klonthang , klonthang, ngantos dangu. Upami swanten punika sampun boten kapireng ateges sela balangan kalawau sampun dumugi dhasaring luweng. Luweng-luweng kala wau dados lepen ing salebeting bumi. Panjangipun ngantos wonten ingkang 15 km, anjog ing seganten kidul. Luweng ingkang kondhang inggih punika luweng “Jaran” ing kecamatan Pringkuku. Luweng punika boten kangge papan palancongan amargi rumpil lan sanget mbebayani. Namung ahli gegologi kemawon ingkang wani mlebet ngawontenaken panaliten. Saking kathahipun guwa, song , lan luweng mila Pacitan kondhang karan “Kabupaten Seribu Goa”.


Guwa Tabuhan.


Salah satunggaling guwa ingkang misuwur dados jujuganipun para pelancong inggih punika guwa Tabuhan. Guwa tabuhan mapan ing dhusun Kendhal , kecamatan Donorojo. Clangapipun guwa punika wiyar, lajeng sangsaya mlebet sangsaya ciyut. Elokipun, guwa Tabuhan punika stalagtitipun (akar batu, sela-sela ingkang gumantung) saged dipun tabuhi kados nabuh gamelan Jawi lan mahyakaken wirama gamelan. Inggih saged dipun tembangi (sekar) menapa. Miturut dongengipun tiyang ing ngriku, ingkang dereng kantenan leresipun, guwa Tabuhan punika nate dipun angge mertapa Senapati Ngalaga Pangeran Dipanagara inggih punika panjenenganipun Ali Basah Senthot Prawiradirja.
Ing lebeting guwa Tabuhan sampun dipun pasangi lampu-lampu listrik. Dados para pelancong boten perlu mbekta obor kados jaman rumiyin. Namung inggih kedah ngatos-atos, sampun bathuk kabentus ing langiting guwa.
Guwa Tabuhan kalebet situs purbakala. Wonten ing ngriku wonten pepenget bilih guwa Tabuhan dipun jagi lan dipun awasi dening Dinas Purbakala. Boten tebih ngriku inggih wonten situs purbakala sanesipun inggih menika ingkang dipun namakaken Song Terus. Wonten Song Terus boten dipun keparengaken mlebet ing song.

Guwa Gong.


Guwa Gong punika kalebet ing dhusun Bama, kecamatan Punung. Tebihipun saking guwa Tabuhan watawis 5 km. Guwa Gong ingkang kangge papan jujuganipun para wisatawan kalebet enggal inggih punika kinten-kinten taun 1999. Leresipun guwa punika rumiyinipun dipun panggihaken dening swargi mbah Nayasemita kaliyan mbah Jayareja nalika taun 1924 lan dipun bikak dening pak Wakino sakancanipun tiyang wolu nalika taun 1995. Salajengipun dipun bangun dening pamarentah daerah. Papan ing ngriku dipun sukani papan kangge parkir mobil, montor lan pit montor. Margi dhateng dhusun Bama dipun wiyaraken lan dipun aspal. Bis-bis ageng saged dumugi ing sangajengipun guwa.

Kaendahaning guwa Gong beda kaliyan guwa Tabuhan. Menawi guwa Tabuhan saged dipun tabuhi, guwa Gong boten saged. Namung wiyaring guwa langkung ageng, lajeng mlebet nganjog watawis 250 meter. Ing bageyan ing ngandhap wonten sumber utawi lepenipun. Sela stalagtit endah sanget, wonten ingkang kados geber wiron. Sela-sela stalagmit pating penthungul. Ing langitanipun guwa pating grandhul sela kados saka. Ing papan-papan ingkang tinamtu dipun pasangi lampu-lampu abrit, ijem, wungu . Wah endah sanget.


Rikala kula mlebet sepisanan ing taun 1995, taksih mawi lampu Petromaks. Kula kaliyan kanca kula mencolat-mencolot ing sela-sela ingkang pating penthungul. Dhasar selanipun lunyu jalaran tansah kembes ing toya. Lebetipun peteng dhedhet lelimengan. Ngajrih –ajrihi sangget. Menawi boten ngatos-atos saged-saged kacemplung ing luweng.
Ing sapunika kawontenan ingkang kados makaten sampun boten wonten. Sapunika sampun dipun damelaken undhak-undhakan semen.

Ing sakiwa tengenipun dipun sukani pager tosan. Pramila para pelancong boten perlu kuwatos badhe manggih kacilakan wonten ing ngriku. Lan saben wisatawan saged ngajak tetiyang ing ngriku minangka juru nedahaken marginipun. Saged ugi para pelancong nyewa senter utawi sentolop dhateng tetiyang ingkang nyewakaken sentolop.

Jumat, 02 April 2010

PAK SASTRA PAJEK


Wis rada suwe pak Sastra dadi rasanane tangga teparo. Manggon ing kutha cilik, beda karo manggon ing kutha gedhe. Saobah mingere wong mesthi di weruhi tangga. Sapari polahe wong dmangerteni dening tangga teparo. Satingkah lakune wong mesthi dadi caturan. Dadi kembang lambene wong sakutha. Dadi pocapan ing antarane warga kono. Ora gedhe ora cilik, ora enom ora tuwa, ora lanang ora wedok, padha ngrembug pak Sastra. Thung elor, ana wong rembugan sing dirembug pak Sastra. Thung kidul, ana wong rasanan sing dirasani mesthi pak Sastra. Thung wetan ana jagongan, sing dijagong mesthi pak Sastra. Thung kulon , ana wong ngomong, sing diomong mesthi pak Sastra. Paribasan wong sajagad kerat sing dadi rembugan ya pak Sastra. Apa sing adadi undherane rembugan ?
Ngerti dirasani kaya mengkono pak Sastra mung meneng bae. Ora obah ora mosik, kaya unine parikan : Kembang turi melok-melok, enake dipangan sore. Ra breduli wong alok-alok, sandhang pangan golek dhewe. Kaya ngono panemune pak Sastra. Rumangsa ora gepok senggol karo tangga, rumangsa ora nate tukar padu karo tangga, lan rumangsa ora nate nglarani atine tangga. Mula atine disabar-sabarake. Esuk, budhal lunga menyang kantor. Sore mulih saka kantor ora nate canthuk lawung karo tangga. Bengi ora nate lunga saka ngomah. Mung mempen ana ngomah bae karo anak lan bojone. Mula omongane wong liya mung dianggep angin, paribasan mlebu kuping tengen metu kuping kiwa. Omongane tangga ya mung dianggep omongan ngayawara.
Jane mono ya rada mangkel. Atine rada njelu. Ora ngerti rekasane wong liya. Ngertine, yen tanggane urip kepenak banjur rasanan. Penganggepe tangga iku bisane mung nacad, bisane mung maido, bisane mung rasan-rasan. Tangga mlarat dirasani, tangga sugih iya dirasani. Tangga kepenak dirasani, ora kepenak dicatur. Saparipolahe tangga mesthi dirasani. Tangga bisa mangan dirasani, ora bisa mangan iya dirasani. Pancene wong ndelok iku, kendele mung alok. Upama dikongkon nglakoni dhewe ora bakal bisa.
Sangsaya maneh ngrungokake kabar saben dina saka televisi. Sing dirembug korupsi, sing gawe gegere wong sa donya Indonesia. Wiwit esuk ceput nganti jam rolas bengi ora ana lerene ngrembug prekara korupsi. Wiwit bayi cempling nganti wong gerang dhaplok sing dirembug ya prekara korupsi. Pancene dina iki Indonesia lagi gonjang-ganjing perkara korupsi. Perkara markus, mafia kasus, mafia peradilan.
Ora mung Indonesia wae, nganti wong manca negara uga sing dirembug prekara korupsi Indonesia. Jarene Indonesia negara sing paling korup sa Asia nomer telu. Bangsa Indonesia ora bisa maju-maju iki jalaran dhuwit negara akeh sing korupsi para pejabat. Indonesia akeh wong mlarat jalaran dhuwite diemplok sing nyekel panguwasa. Korupsi iku prekara sing katon cetha wela-wela, katon genah ngaglah nanging angel dibuktekake.
Ana maneh sing kandha korupsi ning Indonesia wis dadi kabudayan. Korupsi wis mbalung sungsum . Korupsi wis angel dibrantas, jalaran saka mbah-mbahe biyen iya wis korupsi. Pilihan penjabat, nganggo dhuwit, pilihan lurah nganggo dhuwit. Nganti pilihan RT ya nganggo dhuwit. Arep mlebu pegawe kudu nganggo dhuwit. Ya yen dhuwit mau mung sethithik, wong nganti puluhan yuta. Malah-malah nganti atusan yuta.
Akeh wong alok, pejabat kae korupsi , pejabat kuwi korupsi nanging yen dikongkon mbuktekake ora bisa. Prakara korupsi iku prekara sing angel dibuktekake. Pulisi arep mbuktekake ora bisa, jalaran ora ana buktine. Jalaran mesthi ana kong-kalikong antarane pejabat, ngisorane, lan bakul-bakul. Kan kabeh mau bisa disiasati.
Sejene kabar-kabar sing nyesekake ati , kabar liya saka TV banjir bandhang,lemah longsor, kobongan pabrik,kobongan pasar , angin lesus, kacilakan kendharaan, apa kuwi montor pit, montor truk. Ora ana kabar sing bisa gawe tentreming ati. Sing ana mung kabar kang gawe giris sarta mirising ati. Ana kabar liya maneh, prekara tawuran mahasiswa. Mahasiswa kok ya kalah karo tukang becak. Yen tukang becak ana benere utawa lumrah yen tawuran. Jalaran ngendelake otote sing gedhe-gedhe. Yen ana prekara dirampungake sarana okol dudu akal. Mahasiswa iku rak wong pinter. Mesthine nengenake akale. Yen ana prekara ya dirembug nganggo nalar, nganggo akal, ora dirampungake nganggo okol. Kok kalah karo tukang becak. Apa pancen jamane kudu kaya mangkene ?
Kabar sing kaya mangkono iku kanggone pak Sastra ya ora digatekake babar pisan, ora mlebu ati. Sing penting mangan wareg, turu angler, nyandhang cukup, ora duwe utang. Wis. Perkara liya-liya ora direken. Perkara wong alok ya ben, perkara wong nggunem ya men, prekara wong nyatur ya ngen.
Sing dadi aloke wong akeh marang pak Sastra jane diarani sepele, ya sepele. Diarani ora ya ora. Pak Ssatra ki nyambut gawe neng kantor pajek. Diangkat pisanan dadi pegawe negri golongan loro A. Nalika semana uripe ya mung prasaja wae. Nyandhang nganggo ya lumrah. Omah, prabotan, kendharaan ya padha karo masyarakat liyane. Mula ya kena diarani cukup. Ora ana barang sing menjila. Wong-wong uga ngarani yen pak Sastra kalebu pegawe negri sing jujur. Pegawe negri sing taat karo aturan. Lha saiki malik grembyang, salin slaga. Saiki wis diangkat dadi kepala kantor . Baka sethtihik omahe didandani, dibangun modhel kutha gedhe. Ora mung kuwi wae. Omah mau banjur ditumpuk, ditumpuk-tumpuk nganti tumpuk telu. Kathik nganggo dikeramik barang. Keramike gilar-gilar, kinclong-kinclong kena kanggo ngaca. Paribasan laler mencok kepleset.
Kendharaane ya njur ganti, sing maune pit montor elek, swarane ethek-ethek, saiki ganti montor sedhan. Cete nggilap, lungguhane mentul-mentul. Anake sing kuliyah ana Jakarta ditukokake omah dhewe. Jarene timbang ngontrak. Lha yen ngontrak wis pira wae. Mangka urip neng Jakarta kuwi ragade ora sethithik.
Wong-wong ki padha nggumun, ing atase pegawe negri kok bisa kaya ngono. Ing ngendi-ngendi enggon pegawe negri rak padha. Mosok aturan penggajian pegawe negri ora padha. Padha-padha golongane kantor pajek karo kantor liyane rak padha ta ? jarene, krungu-krungu bayare pegawe kantor pajek iku tikel pindho. Golongan telu A pegawe kantor pajek iku bisa nggawa mulih dhuwit nganti wolung yuta. Malah-malah yen lemburane akeh bisa nganti rolas yuta barang. Lha sing digarap iku apa, kok nganti samono akehe. Beda karo tentara. Tugas mbela Negara. Pirang-pirang wulan tugas ana perbatasan. Adoh anak adoh bojo. Toh nyawa mbela ibu pertiwi. Bayare ya mung lumrah bae. Padha karo pegawe-pegawe negri liyane.
Nyandhang nganggone wis salin salaga. Bojone , biasane blanja dhewe menyang pasar mung mlaku bae – jalaran omahe ya ora adoh saka pasar – saiki ora gelem mlaku maneh.
“ Lha ngapa kok mlaku. Montor wae pating njenggunuk ora kanggo. Kanggone apa tuku montor yen ora ditumpaki ?’, ngono kandhane yen ditakoni wong.
Yen wancine arisan RT apa pertemuan PKK mas-masane dienggo kabeh. Gelang kalung pating krempyang. Luwih-luwih yen undhangan jagong bayi, apa jagong manten, kabeh apa duwene dianggo kabeh. Nganti kaya toko mlaku.
Wong iku yen lagi kangggonan bandha donya ya ora kaya wong, yen lagi kerejeken ora salumrahe wong, mubra-mubru blabur madu. Satiba malanganeya sarwa kepenak. Arep mangan enak wis nyepak. Arep tukon-tukon klakon. Arep blanja kari aba. Arep ngapa wong duwe bandha. Nanging yen kasatan donya ya ora kaya salumrahe wong. Paribasan aji godhong jati aking. Mrana mrene mung disempar-sempar ora ana ajine. Disirik wong kaya celeng boloten. Disingkang-singkang kaya asu belang.
“ Pi, papi -saiki yen ngundang bojone wis ora pak maneh – tangga-tangga kuwi lho, Pi, ” omongane bojone mbukani rembug.
“ Ngapa ?,” wangsulane pak Sastra ayem.
“ Tangga-tangga ki nyawang awake dhewe saiki sinis banget. Sajake ewa, piye ta. Jarene papi bisane sugih marga korupsi”, mangkono kandhane sing wedok marang sing lanang. “ Apa maneh saki kabar neng tipi kuwi, saben dina sing disiyarake liyene koprupsi ora ana maneh. Bareng saiki papi diangkat dadi kepala iku lho. Kok nemene tangga-tangga kuwi “.
“ Ya ben”, mangkono wangsulane sing lanang. “Mengko rak meneng-meneng dhewe. Lha ngapa ngladeni omongane wong. Sing penting awaake dhewe bisa mangan wareg, nyandhang cukup omah brukut rak uwis. “
“ Jane ngono papi ki korupsi apa ora se. Aku suwe-suwe grisinen . “ kandhane sing wedok wiwit rada nesu.
“ Lha mami percaya karo aku apa percaya karo tangga ? Mami percaya yen aku korupsi ?” pitakone sing lanang minangka jawaban. “Mami rak ngerti, aku mangkat nyambut gawe isih esuk uthuk-uthuk. Srengenge durung mlethek wis teka kantor. Pegawe liyane isih enak-enak ngorok, ish enak sarapan.Aku wis teka kantor. Aku iki kepala. Aku ndhisiki teka kantor supaya gawean ora kether, pegaweyan ben ndang rampung . Mengko mulih ya mulih nagnti wengi-wengi . Jam sanga ya lagi mulih, karone maneh supaya bisa kanggo anak buah,” kandhane sing lanang kaya wong pidhato.
Pancene mono yen ngrungokake omongane tangga ora bisa turu. Nyambut gawe bener dirasani. Dilokake wong, nyambut gawe neng kantor pajek kok goblog. Jaman saiki rak jaman edan , yen ora ngedan ora keduman. Jamane aji mumpung. Mumpung kuwasa, mesthine mbok ya nggunakake panguwasane. Dadi kepala mesthine bisa ngatur. Pokoke kabeh didum rata rak ya padha meneng. Wong sing gawenene bengak-bengok ki jalaran ora keduman. Lha yen didum rata ora bakal cluluk. Ana tetembungan sing nganti saiki isih diugemi pak Sastra : “dadi kepala kuwi aja galak-galak. Yen galak aja cluthak, yen cluthak aja galak”. Mesthi slamete.
Pancene pak Sastra anggone dadi kepala disenengi andhahane. Yen ana anak buah kasep, pak Sastra yang mung meneng wae, ora nate nyrrengeni. Yen ana anak buahe salah ya ora enggal –enggal dielikake. Ana rejeki padha didum mula anggone dadi kepala ya sempulur.
-----o----
Dinane malem Jemuah, bubar Magrib. Kahanan ing kono sepi. Lumrahe ing wektu mahgrib padha tutup lawang.Sabubare mahgrib lagi padha bukak lawang maneh. Wong-wong padha nindakake sembahyang Mahgrib. Kahanan njaba repet-repet rada peteng. Ora ana kemliwere wong, apa maneh bocah-bocah. Kabeh padha mempen ana jero ngomah. Pancene listrik wis ana , nanging isih pating prenca. Omah gedhe-gedhe dhasar platarane isih amba-amba., mula kahanan sangsaya samun. Ora kaya kahanan ing kutha, lampu listrik pating klencar. Teka gang-gang sing cilik wis padhang. Ora ana bedane awan karo bengi.
Dumadakan ana swara wong bengok-bengok ,”Thuyul…... Thuyul ……!!!”
Wong-wong padha gumrudug teka. Padha pating krenggos. Pating cruwet padha takon, “Endi thuyule …. Endi thuyule ? “
“ Mau ana kene, mlayu ngidul… ,“ sumaure sing nemoni pisanan.
Wong-wong padha clilang-clileng nggoleki. Ana sing ngalor. Ana sing ngidul, ngulon lan ngetan. Nanging ora ana sing nemokake. Kepriye anggone nemokake wong thuyul iku barang alus. Mesthi wong-wong mau padha ora ngerti.
“Wis padha menenga. Mengko dak golekane”, mengkono kandhane mbah Modin. Mbah Modin pancene priyayine wis tuwa. Tur disungkani wong kono. Sejene kuwi yen ana wong sing anake lara panas, ngelu, mules padha nyuwun donga marang mbah Modin supaya anake enggal waras. Sejene ahli ing babagan agama uga bisa meruhi barang-barang sing ora kasat mata.
Mbah Modin banjur nyiapake uba rampe. Golek kepiting banjur ditaleni. Yen taline kenceng tegese thuyule ana. Thuyul iku seneng dolanan kewan. Kepiting banjur dimantrani.
Temenan ora suwe taline kenceng. Mbah Modin siyaga, karo ndonga. Supaya thuyule gelem ngomong kudu disurupake marang bocah liya. Ora suwe ana bocah sing kesurupan.
“ Ayo ngakua, kowe anake sapa ? Yen ora ngaku dak obong”, pitakone mbah Modin marang bocah sing kesurupan.
“Ampun mbah…. Ampun mbah. Kula anake ….. pak Sastra.”
“Oooooo……”, grenenge wong akeh.

Pengikut

Matur Nuwun ...