Minggu, 09 Juni 2019

DONGENGE CEKRUK TRUNA (2)


Bareng ingsun rasa-rasa maneh, suntimbang-timbang  sajroning ati, kaya-kaya ora ana pikolehe. Nalikane isih enom blejag-blejag ingsun kelingan, dhek samana ana tledhekan. Dilalah ana rerusuh. Papan tledhekan geger. Wong mati cinidra, dipopor nganggo tinggar, ing poking kuping, matane mendolo.
Lurah tledhek sabature padha tintrim atine. Lurah tledhek dilebokake pakunjaran. Mlebu metu dipriksa, tansah digrejeg ing pitakonan. Matur ora weruh tetep dikongkon ngaku. Pancen ora kepenak ngenger tledhek, ora nyugihi malah agawe mlarat. Luwih becik luru bendara liya kang kira-kira kena kanggo pangauban.
Ingsun rasa-rasa, tinimbang ngenger ledhek luwih kepenak ngenger lonthe. Yen awan ora katon, lamun bengi leledhang neng tengah ratan. Pupurane mero-mero, menganggo kang sarwa pantes lan edi peni, lamun cinandra kadya apsari ing kaswargan.
Lha iki panggaotan kang bisa mumpuni, ingsun dianggep pinituwane. Padha nganggep bapa marang ingsun. Ingsun tansah dimulyakake. Kaya mangkono iku jatining kawiryan. Lamun ana kang kepingin, bisa salulut kalawan bendara.
Mung ingsun kang ditari-tari. Prekara bayaran tetep takpancetake, sawengi patang rupiyah, ora kena kurang. Kaya ngono iku mesthi akeh kang gelem. Ingsun diwenehi dhuwit wolung uwang, saben dina dhaharingsun pinanci sega iwak.
Yen denetung-etung, wolung uwang sedina, sawulan dadi rong puluh rupiyah. Setaun rong atus patang puluh rispis, yen sepuluh taun rong ewu patang atus rupiyah slaka. Dhuwit samono pancen akeh banget. Ingsun dadi manungsa kang begja mulya, ratu-ratuning begja.
Leren saka palonthen ingsun mbukak toko utawa dadi juragan, nglakokakedhuwit gadhen. Saka dhuwit rong ewu, cukup thenguk-thenguk neng pinggir dalan. Barang-barang teka dhewe. Ingsun gadhe separo rega, mesthi untung, sugih bathi tanpa rugi. Lumintu saben dina.
Ingsun banjur ngingu jurutulis lan tukang nglempit barang. Adate jaman saiki wong ngedegake gadhe kudu tuku buku, sarta blangko digawe kitir. Mlebu metune barang dicathet. Saben ana wong nggadhe kudu nganggo prajangjian kang cetha. Ing kono disebutake pira tariping anakan. Nora kena nerak prajangjian. Yen sulaya bakal ingsun dhendha.
Saupamane ingsun ngati-ati, kaya-kaya slamet tanpa prekara jalaran ingsun weruh ing kukum. Dene ingsun bangsa Jawa isih ana ing dalem layang pradata. Ukume bangsa Jawa yen laku gadhe padha bangsa Jawa gupremen isih marengi. Kaya mangkono iku ndadekake begjaningsun.
Sangsaya suwe uripingsun mubra-mubru blabur madu. Ingsun ngrangkeb adol bumbu grabadan. Adol barang-barang rega larang, tuku kanthi rega murah. Apa wae anane barang dagangan ingsun kulak. Ingsun weruh rega barang–barang ana ing Samarang, Surabaya, Betawi. Ingsun weruh panggonane kulakan dagangan saka toko Landa lan Cina. Kabeh barang ingsunangkut, sangsaya suwe ingsun sangsaya dipercaya.
Ingsun niru bangsa Cina laku dagang. Sebab yen suntimbang-timbang ing donya, bangsa Cina paling pinter ing bab pangupajiwa. Nalika ngejawa dhek biyen-biyene mung kathokan. Ora antara suwe manggon ana ing tanah Jawa dadi sugih omah gedhong pinggir dalan gedhe ngungkuli bangsa Jawa.
Durung ana wong Jawa kang madhani Cina, kira-kira ping sepuluhe. Sabarang reh kagunan ora ana kang bisa madhani. Nanging ingsun bakal sanggup madhani sarta ngungkuli bangsa Cina. Pawitanku rong puluh ewu dhuwit slaka, sedyaningsun apa wae bakal bisa klakon.
Dadi demang wae luwih gampang. Bekti sewu rupiyah oleh deniring wong gumrudug ngampil epok panurung lampit, payung bang seret prada. Saiba bungahingsun kajen keringan ing desa, garwaningsun saking kang anunggang joli, saenyek nunggang jaran.
Saben mangsa panen garwaningsun maring sawah, ani-ani nganggo payung abang, sandhingane tenong ceret. Gebayan lan kamituwa ngladeni ing tengah sawah. Ingsun teka laju dhahar. Akeh yen ingsun rembug prekara muktining demang. Nanging ana lepiya duk ing nguni-uni demang kesandhung prekara, dipocot saka kalungguhane. Malah ing dina iki isih ana ana dadi thetheore.
Becike ingsun milih laku utama. Ngayahi pagawean kang adoh saka pekewuh, kang ora nganggo olah nalar. Ingsun becik dadi wong tani. Ingsun tuku sawah sabau rega sepuluh ringgit. Sawah kang becik pancen larang regane, apa maneh kang eloh bumine. Lamun sepuluh bau, ingsun ngetokake wragad satus ringgit . Wragad satus ringgit wis mentas. Ing dalem nem wulan limangatus rupiyah.  Yen ingsun etung asile resik, entuk pari telung puluh met, ora kurang.
Ing mangsa rendheng panene didol. Adat kang uwis saamet payu seket rupiyah. E e e lha dalah untung banget, rong ewu rupiyah bisa dadi telung ewu ing dalem setaun, mung saka tani.
Nanging yen takrasa-rasa maneh, ingsun ngrungu carita duk nguni-uni. Ana wong desa aran Setrasentika. Sugih turun-tumurun. Pakaryane ora liya tani, parandene ora nate kekurangan. Uripe kacukupan. Bareng ana salah mangsa, pari gagane gabug dipangan ama. Ama menthek, uler lodhoh, walang sangit, telung wulan ora panen babar pisan. Ing wusana dadi miskin, kebo sapine larut. Mangsa potho akeh sing mati, luwihe didol menyang pasar, isih nyangga pajeg. Yen mangkono dadi tani ora kepenak, kang ingsun pikir dhisik , pancataning nugraha.
Lonthe iku berbudi ambege kaya wong mukmin, lila eklas sedhekah rina wengi. Sak-sok weweh marang sanak sedulur sarta batur para mitra. Uga marang bapa kaya ingsun kang ngreksa pekewuh. Nanggung sakehing bebaya kang tumempuh, ingsun kang ngalang-alangi, mulane sun jaluk wolung uwang.
Sangsaya akeh momonganku wadon, ingsun sangsaya kasusra, kawentar ing jagad. Ingsun tansah ngati-ati pamomongku, alus, lurus atiku. Budiningsun  santosa gagah panggah kas kuwat tur kukuh. Nalar ruwed bundhel bisa wudhar, amancasi para lonthe kang lagi kepetengan budi, ing wusana bisa widada.
Lah iki bisa dadi dedalaning tyas utama jalaran amancasi sukertining cipta. Kasusahaning para lonthe ingsun kang kajibah mutus. Nadyan baturlonthemumpuni ing nalar lelukitan, prekara sing lembut-lembut, kamangka ingsun ora sastra, nanging jeneng pinter iku dudu prekara tulis nanging olah nalar.
Nadyan weruh ing sastra nanging nalare mung sacuwil, tangan bisa molah angubengake pene, wis mesthi thingak thinguk awit saka petenging budi. Ahli sastra tan ahli lukita, ibarate kethek, kaya wong kumprung, Seje karo ingsun wong wicaksana ing budi, budyayu tyas nirmala.
Mbayar blanja wolung wang sedina ora rugi, jer luwih gedhe gunane. Yen ana pakewuh, utawa padudon, ngadu rosining awak, ingsun saguh ngrampungi. Ingsun saguh katempuh, apa maneh bangsa nalar kang kasasar, ingsun bangkit ngrampungi, nganggo waton ing duk kuna-kuna.
Ewadene ingsun pikir maneh, pangati-atine wong ulah nalar kudu patitis patrape. Sanajan barang sepele, pakewuhe kudu dimangerteni. Wong nduweni pancadriya wajib wenang luru ayu enaking awak. Nadyan untung gedhe, sak-sok jrang-jreng dhuwit kudu weruh pahalane.
Sebab ingsun iki urip, jare santri mengku kayun kayat, kawawa guwang ngejum. Ala becik dikongkon milih , kuwi wajibing wong ihtiar. Pepesthen iku gaib tan kena kinira, kudu diweruhi sadurunge katon.
Ing sajroning urip ana nata, pangulu, patih lan jaksa. Cacah patang prekara iku tansah rerembugan rina wengi. Ngrembug barang kang durung kalakon, yen wis rujuk karsa papat dadi siji, kusus becik denlakoni.
Badan iki among saderma nglakoni prentahing gusti. Rembuge nata, pengulu, patih lan jeksa wus golong. Kang saiki miturut pangangen-angeningsun, gustiningwang nggalih pangenger kita.
Ngenger lonthe sanadyan asile cukup, nanging isih ingsun timbang enak lan kepenake. Ana crita ing jaman kuna kang kena kanggo patuladhan, critane Wirakosa ing jaman kawuri.
Wirakosa dipatah dadi lurah lonthe ana ing Kampungbaru sawetane beteng Ngayugya. Kaparingan buslid saka negara .
Ing sawijining dina, saradhadhu njero beteng teka; kira-kira sepuluh cacahe. Gloyoran padha mabuk. Para saradhadhu mau arep mlebu ing palonthen. Golek lonthe sing dikarepake , kebeneran mung ana pitu, isih kurang telu. Saradhadhu ngamuk rebutan lonthe. Wirakosa panggah anggagahi ngabani ngurusake nalar anggone padha tukaran. Para saradhadhu mau salah tampa, lurah lonthe dikrubut.
Wirakosa babak bundhas setengah mati. Sirahe dithuthuki nganggo pedhang, remuk rempu. Gage-gage Wirakosa ngadhep komandhan, kelah. Wirakosa kalah jalaran ora ana saksi. Mula ingsun timbang-timbang maneh, ora kepenak melu lonthe.Tan kepingin ketanggor kaya si Wirakosa.
Mula ingsun timbang-timbang maneh, nora kepenak ngenger kriwilan, bangsa wadon dhasar lonthe. Ingsun wus putus olah nalar , bijakseng pakewuh , yen prekaran nganti kalah, kaya ngapa wirangingsun. Kaya-kaya ora ana gunane urip ing ngalam donya.
Nandhing milih ihtiyar iku wajib, kukume wong murtya diyanjana tama. Wong kaya ingsun iki pupur sadurunge benjut, durung mlaku wis lumaris, lire duga watara. Ing atase urip iki kudu manganggo duga prayoga, sig becik linakonan.
Awit lakune wong urip, carita becik arang kang jembar. Carita ala nglangut parane. Raganingsun kepengin ngupaboga sampe kang sukci. Ngupaya kasampurnan, pepadhang dadi suwarga, yen pepeteng neraka gedhe kang marani. Becik ngalih lantaran.


Karangan ing dhuwur babone Serat Cekruk Truna,anonym,  tembange Dhandhanggula.
Sumber : sastrajawa.org

Katrangan tembung :
blejag-blejag = kadhang kelingan kadhang lali.
tinggar = bangsane bedhil wuluh kuningan.
wirya = kendel, kuwasa, mulya, luhur (tumrap trah).
grabadan = bumbu-bumbu lan ubarampene wong olah-olah.
ngampil = nggawa (tumrap upacara bangsa luhur).
epok = wadhah kinang (kalebu upacara).
lampit = bangsane klasa kang digawe irat-iratan penjalin.
prada = bubukan emas (slake) dianggo nyungging wayang lsp.
joli = bangsane tandhu.
tenong = arane wadhah awangun bunder nganggo tutup kang digwe nam-naman pring (dingo wadhah panganan lsp.)
ringgit = dhuwit slaka ajine 2,5 rupiyah.
potho = arane lelaraning raja kaya.
lukita = tetembungan, karangan, rumpakan.
lumaris = mlaku, lelungan.
sukci = suci.

Jumat, 07 Juni 2019

DONGENGE CEKRUK TRUNA (1)


Ana sawijining wong, aran Cekruk Truna, umure kira-kira selawe taun. Dedege pideksa , dedeg lan dhuwure timbang, sedheng, ora endhek ora dhuwur, mung cacade ora ngerti sastra. Nalika ditinggal donya mboke, lagi umur wolung taun. Uripe kalunta-lunta, dheweke dipupu dening tanggane.
Saben dina diwenehi sandhang pangan cukup. Uga dingertekake tata krama, sanjan cara desa. Dhasar pikire lantip , prigel sabarang gawe. Yen disawang ora timbang karo wujude, ingatase bocah desa pikirane mulur. Ana ing pangengeran salawase tansah nandhang prihatin mula kang tansah diarep-arep mung sandhang karo pangan.
Pikirane nglantur, pikire mintir. Sinambi mikir Cekruk Truna tansah neniteni lelakone wong urip ing alam donya. Samubarang panggawe kang ora patut ora kudu dipaelu, supaya manungsa bisa urip mulya. Lakone wong urip manjer dadi piwulang, bisa kanggo kaca benggala, kanggo memulang dhiri pribadi. Cekruk Truna ngulir lakune pikiran, saupamane wong ngenger sesasi, banjur lunga nem utawa pitung dina, wiwit lair nganti umur selawe taun, yen digawe mubeng ngulandara bisa-bisa tepung tanah Jawa.
Saupamane wong ngenger sudagar, santri utawa priyayi tani ing desa yen ora wekel ing gawe, wiwit bocah tumekane tuwa wong kang kaya mangkono iku diarani wong bodho banget. Ngalor ngidul golek bendara, bingung sebab tansah ditampik, ora katarima.  Paugeran kaya mangkono wus kondhang wiwit biyen tumekane saiki, tuture wong kuna-kuna iku ngibarate setatblad.
Saben dina Cekruk Truna tansah ngulir budi, samubarang dipikir jero, nalare nganti entek enting, tansah nganggit ngrekadaya kang dadi pikiran, jangkane ati. Samubarang jangkane ati yen ora jinangkah, ora dilakoni, ora bakal klakon, kabeh mung kandheg ana ing angen-angen. Jangka kudu jinangkah.
Cekruk Truna nalare mintir, pinter, akale akeh. Nanging dhasare wong keset, dheweke mung kepingin mangan enak turu kepenak, ora gelem nyambut gawe. Sanadyan mangkono, sanadyan wong busuk, saben dina tansah ngulir budi apa kang bakal dilakoni.Kepriye carane mangan enak turu kepenak nanging ora ngrekasa.
Nuju sawijining dina, karo ngggawa putheking pikire, dheweke lunga saka desa. Lakune saparan-paran. Bareng rumangsa wis kesel, dheweke leren ing pinggir dalan. Ngeyub ana ana ing sangisore wit waringin, ing pinggir alas ana ereng-erenging gunung. Dhewekan ora ana rewange. Dheweke nggagas jroning ati, pikirane nrawang nganti sundhul langit. Mikir kepriye patrape wong urip ing alam donya, ora ngrekasa nanging bisa duwe kaya.
Sajroning mikir, dheweke nemu akal. Sakepenak-kepenake wong ngenger kuwi ora kaya ngenger tledhek. Nyandhang sarwa bagus, bregas, mangan enak, sabane warung. Pegaweane mung dipatah nggawa kinangan lan mayungi juragan. Senenge, kala-kala bisa nyenggol pundhake juragan. Saben dina nggendhong pengilon sinambi nyangking buntelan kacu abang, Isine kembang, wedhak kanggo pupuran, kembang lan lenga wangi. Gandane arum ngambar –ngambar katiyup angin angebeki pangganda.
Neng dalan bisa ngaliling, tansah cecaketan karo juragan. Paribasan mung let rong jangkah. Dhasare ayu, tur isih enom. Panganggone sarwa endah, tan lali ing wedhak pupur. Ngirit kanca pradangga , kendhang ditabuh ing ngarep dhewe, ngungkung krungu saka kadohan.
Ora suwe ana ing dalan. Ana wong kang ngundang, ditanggap dikongkon njoget . Opahe sababak rong wang. Yen anggone nanggap oleh telung puluh, digunggung nem rupiyah abang. Aku mesthi diparingi, saapes-apese oleh dhuwit patang wang, tambah maneh isih mangan jero, dadi ora kalong dhuwit. Cekruk Truna banjur gawe celengan saka bumbung pring petung. Wujude gedhe tur dawa, saben dina diiseni, wis mesthi patang wang.
Nadyan ora pinuju mbarang, Cekruk Truna isih bisa oleh asil. Isih bisa oleh dhuwit. Kadhang kala ana bujang kang ngongkon tuku tike, utawa panganan. Dheweke mesthi oleh persen. Opahe wis mesthi rong gobang, kadhang-kadhang bisa uga nganti sauwang. Ngono kuwi asile, sing mesthi digawe njajan. Iku sajabane patang wang. Saben dina dheweke bisa ngleboni celengan bumbung. Yen dietung-etung blanjane saben sasi bisa sepuluh rupiyah slaka. Setaun bisa rong puluh kethak (?) . Yen sepuluh taun bisa ngasilake sewu rong atus slaka dhuwit Nederlan.
Batine, saiki aku wis sugih brewu, dhuwitku luwih sapodhang. Satiba malange aku tansah kajen keringan. Awit ajining wong urip ing alam donya , awite pinter lan mulya janji jujur, kapinteran wirotama ingtyas. Utama-utamaning titah kang kanggo sampurnaning ngaurip , bandha donya iku banget gedhe prebawane. Yen madeg dadi ratuning titah , prasasat ngingu malaekat. Sakehing kasekten, kadigdayan, kanuragan iku saka bandha donya. Bandha donya bisa dadi ratuning pengasih, pengasihaning ngalam donya. Saben bangsa mesthi tresna marang bandha donya. Saupama ngarah putri utama gegamane uga saka dhuwit. Jalaran saka bandha donya barang kang cinipta bakal dadi.
Par a jamhur, para sarjana lan sujana sanadyan guru kasampurnan, para pujangga kang pinunjul ing jaman saiki kang diluru ora liya wetuning arta. Trahing wirya kusamadi, para prentah Walanda probur, adpokad, gupremen, rad pan Indi, presidhen, ora liya melik arta. Ora mung wong kere ngemis, kaki jambul, kabeh padha luru dhuwit. Dhuwit iku narendraning bumi, bisa dadi pangeraning jagad. Wis ana tandha cirine yaiku leter pinggiring semat. Gud simet ones, Gusti nunggal ing kawula.
Dhuwitku mbesuk takirit-irit, takulur nganti dawa. Saben sasi tambah-tambah saka wetuning anak putu. Sebab dhuwitku luwih saka sewu aku cukup mung mangan anakan, kaya-kaya ora bakal entek yen tak pangan salawase urip. Malah ora ngowahi babone, nak kemanak salawase. Malah wuwuh ora saya kurang. Wis mangkono kuwi lakune yen wong keduwe bandha bisa dadi mumpuni samubarang kawruh.
Gunung sangsaya diurugi, wong malarat saya dikuras, legok jurang dadi kalen. Wong sugih saben taun tambah, wong mlarat kemalingan, apese kena ing apus. Wong sugih dhuwit dipundhi-pundhi.
Mungguh sepira kuwasaning dhuwit, ibarate ratu-ratuning kadigdayan. Bisa kanggo bubak alas gedhe, diwalik sakala dadi negara. Ewon, leksan, wong-wong padha teka . Apa nate weruh tanah Dheli ing Sumatra biyen alas gedhe sanalika malik grembyang dadi negara jalaran sinebaran arta. Sakeh bangsa lanang wadon, lanang wadon padha teken kontrak prajangjian tampa dhuwit dikongkon nyambut gawe ana ing satengahing alas.
Kembang jayakusuma kang adi wenteh-wenteh katon ana bundering slaka. Kukum pati bisa dibatalake. Kawruh aji pancasona , aji bandung bandawasa sajak mung kena dumuk, ora liya saka bundering slaka.
Wong magang ngawula marang gusti, kumacelu bengkok sawah kang junge gedhe-gedhe. Dadi jongos Cina Landa milih akehing blanja, kaya mangkono iku saksine yen melik bundering slaka.


Dongeng ing dhuwur asline awujud tembang macapat, ora kaweruhan sapa sing ngarang.
Sumber : sastrajawa.org.

Katrangan tembung:
uwang, wang = dhuwit. 10 dhuwit = 8,5 sen.
gobang = arane dhuwit jaman biyen. 2 dhuwit = 1 2/3 sen.
benggol = 2,5 sen.
sitheng = 0,5 sen
tike = candu kang wis diuled karo rajangan godhong awar-awar.
podhang (bodhag ?) = bangsane tenggok gedhe cendhek dianggo wadhah beras.
jung = ukuran jembare sawah = 4 bau.
slaka = logam warnane putih dianggo gawe dhuwit.
staatsblad =  lembaran negara
Gud simet ones (god is met ons) =Gusti bebarengan karo kita kabeh.
probur (probuur) = pemeriksaan
gupremen (government) = pemrentah
rad pan Indi = Raad van Indie (Dewan Hindia) arupa punjering organisasi paprentahan kolonial Hindia Walanda ing bawana Asia saliyane gubernur jendral.

Pengikut

Matur Nuwun ...