Jumat, 06 Februari 2015

GONJING



Gurit sekar ageng Raraturidha, lampah 16 kanthi pedhotan : 8,8

Gonjing  ngebeki  akasa,
gumerah angregem  bumi.

Catur omyang  lalawora,
kinarya  benering  dhiri.

Angumbar  wisa pandakwa,
datan suthik datan risi.

Nora  mulat kang sarira,
lamun kebak sundukane.

Apa  kang  tuhu ingajab,
amung kinarya warana.

Kapan  wong  busuk  katekuk,
wong  cidra nemu  cilaka.

Dhuh  Gusti  Pangeran  amba,
menapa  dosa kawula.

Enggal  paringa  pepajar,
murih  kawula  gra lejar.


Surabaya, 06012015


Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...