Senin, 27 April 2020

BUPATI SURABAYA


1.      Adipati Jayalengkara.
Adipati Jayalengkara sawise ditelukake Mataram ora suwe banjur seda jalaran pancen wis sepuh. Kalungguhane diganteni Pangeran Pekik.
2.      Pangeran Pekik, …/1659.
Pangeran Pekik iku putrane Adipati Jayalengkara. Taun 1633 Pangeran Pekik didhaupake karo rayine Sultan Agung Ratu Pandhansari. Pangeran Pekik diutus Sultan Agung nelukake Giri Kedaton.Taun 1636 Giri Kedaton kang diembani dening Panembahan Kawis Guna klakon teluk.
Nalika jamane Pangeran Pekik, ing Bataputih, Surabaya,  ana padhepokan utawa pesantren kang gedhe pangaribawane. Pesantren kasebut diembani dening Ki Ageng Brondong utawa Kyai Lanang Dhangiran. Ki Ageng Brondong nduweni putra lanang loro, lan putra wadon lima. Putrane lanang yaiku Hanggawangsa (Onggowongso) lan Hanggajaya (Onggojoyo). Hanggawangsa lan Hanggajaya kekarone suwita marang Pangeran Pekik ing kadipaten.Wusanane Pangeran Pekik diukum pati dening Amangkurat I.
Jalaran saka lelabuhane bisa nelukake kraman Trunajaya Hanggawangsa ditetepake dadi bupati ing Surabaya dene Hanggajaya dadi bupati ing Pasuruan.
3.      Hanggawangsa (Onggowongso, Djangrono I, Jayengrana I),   /1678.
Hanggawangsa lan Hanggajaya mbiyantu Amangkurat II nglawan Trunajaya. Hanggawangsa kasil ngrebut mriyem Nyai Setomi saka mungsuh. Lan bisa ngusir mungsuh saka Surabaya, wusanane Hanggawangsa diangkat dadi bupati ing Surabaya lan ajejuluk Tumenggung Jangrana utawa Tumenggung Jayengrana.
4.      Surodirono (Djangrono II), …/1709
Sasedane Amangkura II ing taun 1703, ing Mataram kedadean perang rebut panguwasa yaiku antarane Amangkurat III lan Pakubuwana I. Ing taun 1705 Pakubuwana I kasil ngrebut kraton Kartasura, dene Amangkurat III mlayu menyang Pasuruan, ngayom marang Untung Surapati.
Untung Surapati gugur taun 1706, lan Amangkurat III bisa kapikut ing taun 1708. Saka laporane VOC marang Pakubuwana I,  Djangrana II didakwa kiyanat nalika nglawan Untung Surapati. Djangrana II diukum pati dening Pakubuwana I ing taun 1709
5.      Ario Djojopoespito (Arya Jayapuspita), ….. / 1723.
Sasedane Djangrana II ing taun 1709 Surabaya dipecah dadi loro yaiku Bupati Kasepuhan lan Kanoman. Kasepuhan diasta Arya Jayapuspita dene Kanoman diasta dening Djangrana III.
Taun 1714  Arya Jayapuspita mirong kampuh jingga mbondhan tanpa ratu ora gelem sowan menyang Kartasura. Arya Jayapuspita ngelar jajahan. Dheweke kepingin males ukum tiwase ramane yaiku Djangrana II. Gresik, Tuban, Lamongan diserbu lan bisa karebut.
Jayapuspita uga mbiyantu Pangeran Blitar mungsuh Amangkurat IV ing taun 1719.
Ngabehi Djangrana (Djangrono III), …/1719  (adhine Arya Jayapuspita (Ario Djojopoespito)) nglawan VOC lan Kartasura. Jayapuspita digebug, wusanane sumingkir menyang Japan (sakidule Porong) karo adhine loro kang isih urip yaiku Surengrana lan Kartayuda.
6.      Djoko Tangkeban (Djangrono IV), 1719 / 1723
Ing jamane Djangrana IV ora kedadean sing gedhe jalaran Djangrana IV ngasta dadi bupati uga mung sedhela.
7.       Sawise Djangrana IV kabupaten Surabaya dipecah dadi loro yaiku,
a.       R. Onggowijoyo (R.T.Djimat Tjondronegoro), 1746/1763, ngembani bupati Kasepuhan.
b.      Mas Djajadirana (Mas Tumenggung Djajadirana I), 1746/1758, ngembani bupati Kanoman.
8.      Sing nggenteni keprabon,
a.      Bupati Kasepuhan ,R.Pandji Djangrono (R.A.P.Tjokronegoro I), 1763/1783
b.      Bupati Kanoman, Mas Adipati Djajadirana II, 1758/1785
9.      Sawise iku,
a.      Bupati Kasepuhan R.P.Natakoesoema (R.A.P Tjakranegara II), 1785/1818
b.      Bupati Kanoman Njai Adjeng Tjethek (Tumenggung Kramadjajadirana, R Gloendoeng), 1819/1825. Residen  P van de Poel, Mr BHA Besier, van Haak,  Carel Jan  Riesz, 1834/1839
10.  R.P. Gandakoesoema (R.A.P. Tjakranegara III), 1818 / 1859.
Adhedhasar putusan pamarentah Walanda, No 9 / 1859 tanggal 31 Januari 1859 Staatsblad No 6, Surabaya dipecah dadi 2, Surabaya dan Sidokare/ Sidoarjo. Bupati Sidoarjo R.Notodipuro (R.T.P. Tjokronegoro, putra dari RAP Tjokronegoro III).
11.  R.Adipati Kramadjajahadinegara, 1825/1859 (1861).
Ing jaman iki ing Mataram ana Perang Jawa (Perang Dipanagara, 1825 / 1830).
Pamarentah Walanda kang dadi Residen yaiku,DFWPietermaat, 1839/1846, PJB de Ferez, 1846/1853, P Vreede Bik, 1853/1859.,
12.  R.P. Abdoel Kadir Djaelani (R.A.A. Tjakranegara IV), 1863/1901.
Pamarentah Walanda kang dadi Residen yaiku,C van der Wijk, 1859/1864, S van Deventer, 1868/1871
13.  R.P. Moch. Ali Praboekoesoema (R.P. Tjakrakoesoema), 1881/1897.
Pamarentah Walanda kang dadi Residen yaiku, Beyerinck, …. / 1884, JG Th Kroesen, 1888/1896,  HW van Ravenswaay, 1896/…
14.  R.P.Ripin Koesoemaningpraja (R.A.A. Tjakranegara IV), 1901/1912.
 Pamarentah Walanda kang dadi Residen yaiku Donner, 1896 / 1901,  Kreischer, 1908 / 1912
15.  R.A.A.Nitiadiningrat, 1912/1934.
Pamarentah Walanda netepake kutha Surabaya anane Burgemeester utawa Walikota. Kang dadi  Burgemeester  sepisanan yaiku, Mr.A. Meijroos 1916/1920,
Dene kang dadi Residen yaiku,J van Aalst, 1913/1918, JAA van der Ent, 1918/1919,  FL Broekveld, 1919/1920.

Sabtu, 25 April 2020

ADIPATI JAYALENGKARA


Sawise Sultan Hadiwijaya ing Pajang seda, akeh para ratu bawahan kang mbalela, mardika, ora gelem sumuyud marang Mataram.
Kraton Pajang surud, kraton ngalih menyang Mataram. Taun 1587 Danang Sutawijaya madeg dadi ratu ing Mataram, kanthi ajejuluk Panembahan Senapati ing Ngalaga Sayidin Panatagama Khalifatullah Tanah Jawa.
 Sawise madeg ratu panjenengane kepingin njembarake panguwasane. Ing Jawa wetan ing wektu ana kraton kang ora gelem tundhuk marang Mataram, yaiku Giri Kedhaton lan Kadipaten Surabaya. Kadipaten Surabaya sing ngasta pusaraning praja Adipati Jayalengkara.
Panembahan Senapati  banjur mbudhalake prajurit kepingin nggebug Surabaya. Kedaden perang campuh ana ana ing Majakerta. Ing perang mau ora ana sing kalah lan menang. Jalaran kasil didhamekake dening Sunan Giri Prapen. Wusanane prajurit Mataram lan Surabaya padha bali menyang papane dhewe-dhewe.
Taun 1601 Sultan Agung Hanyakrakusuma madeg dadi ratu. Adipati Jayalengkara durung gelem sumuyud marang Mataram. Ing taun 1620 Surabaya kinepung wakul binaya mangap. Kali Mas dibendung, iline diilekake menyang Kali Porong. Pamrihe supaya Surabaya kasatan. Nanging Surabaya durung bisa dikalahake.
Sabanjure Sultan Agung banjur ngutus Tumenggung Bahureksa kang wektu iku dadi bupati Kendhal mandhegani perang nggebug Surabaya. Sukadana (Kalimantan) ing taun 1922 digebug luwih dhisik.  
Sultan uga ngutus Ki Juru Kiting (putrane Ki Juru Martani)  kanggo nelukake Madura. Madura isih wujud kadipaten cilik-cilik. Madura bisa disawijekake lan diembani dening Pangeran Prasena. Pangeran Prasena madeg adipati kanthi ajejuluk Cakraningrat I.
Sawise Sukadana lan Madura bisa ditelukake, Surabaya sangsaya ringkih. Ora ana pasokan pangan babar pisan. Wusana Surabaya bisa karebut ing taun 1625. Parjurit Surabaya asrah bongkokan. Adipati Jayalengkara bali sumuyud asok glondhong pangareng-areng menyang Mataram. Sanajan wis ditelukake, kalungguhane adipati ora dipocot. Putrane Adipati Jayenglengkara kang aran Pangeran Pekik diutus supaya mandhegani para ngulama ing Ampeldhenta.  Surabaya dadi negara bawahan Mataram.
Jalaran sepuh Adipati Jayalengkara seda. Kalungguhane banjur diganti dening putrane yaiku Pangeran Pekik.

KYAI LANANG DHANGIRAN, CIKAL BAKAL BUPATI SURABAYA.


Pangeran Kedhawung, uga sinebut Sunan Tawangalun dadi ratu ana Blambangan utawa Bilumbangan kagungan putra lima. Salah sijine putra mau Lanang Dhangiran. Nalika Lanang Dhangiran umur 18 taun dheweke tapa ngeli ana ing segara. Dheweke mung gondhelan utawa numpak bronjong – piranti kanggo golek iwak – anut ilining banyu. Tanpa mangan lan ngombe. Sing dipangan mung apa kang tumiba ing tutuke, sing diombe mung banyu udan. Kompal-kampul pirang-pirang wulan katiyup angin ing tengahing segara. Saking suwene ana ing tengahing segara nganti awake sakojur ditempeli remis, kerang lan kijing, nganti ora rupa manungsa.
Ing sawijining dina ana prahara gedhe ing tengahing segara. Ombak-ombak mawalikan, alun sagunung-gunung gulung-gulung uber-uberan. Bledheg, kilat lan thathit sesamberan ora ana kendhate. Udan kaya disokake saka langit. Swarane guntur gludhug kaya mbelah-mbelahna akasa gawe getering swasana.
Sawise prahara mendha, langit katon sumilak padhang. Ora ana mega, ora ana mendhung, srengenge mencorong manjer ana ing tengah. Angin sumilir manda-manda. Ora krasa Lanang Dhangiran wis gumlethak ana gisiking segara.
Ing nalika iku Kyai Kendhil Wesi mlaku sauruting gisik arep njala iwak ing sagara. Weruh ana wong gumlethak ing pinggir gisik, banjur dicedhaki. Sawise dideleng isih katon ana ambegane,  banjur dibopong, digawa mulih.  Sawise diupakara kanthi becik, Lanang Dhangiran banjur bisa waras-wiris bali kaya mau-maune, waluya jati jatining waluya.
Ing sawijining dina Kyai Kendhil Wesi kepingin sumurup asal-usule Lanang Dhangiran. Sawise ditakoni dheweke ngaku manawa dheweke putrane ratu Blambangan Pangeran Kedhawung. Kaprenah putu karo Menak Bedhuyu.  Bareng ngerti yen Lanang Dhangiran iku putrane ratu Blambangan, kyai Kendhil Wesi banjur prasaja pranyata yen Lanang Dhangiran isih sedulur dhewe. Kyai Kendhil Wesi turun saka Menak Sumendhi. Lanang Dhangiran banjur diopeni , dianggep kaya anake dhewe. Saka piwulange Kyai Kendhil Wesi, Lanang Dhangiran ngrasuk agama Islam. Kira-kira umur likuran, Lanang Dhangiran banjur ditemokake karo putra-putrine Ki Bimacili. Jalaran suwe adhedhepok ana ing Brondong (sakulone Sedayu) banjur kasebut Ki Ageng Brondong.
Kyai Kendhil Wesi satemene sawijining kyai kang waskitha, ngerti sadurunge winarah. Kyai Kendhil Wesi ngutus Lanang Dhangiran  supaya lunga menyang Ampel Dhenta, ing kono Lanang Dhangiran bakal antuk dalaning  kamulyan.
Ampel nalika samana wis dadi punjere agama Islam. Lanang Dhangiran kang uga disebut Ki Ageng Brondong sawise teka ing Ampel dhedhepok ana ing Bataputih (Botoputih) sawetane kali Pegirian. Bataputih kaprenah sawetane Ampel. Ing kono Ki Ageng Brondong dhedhepok mencarake agama Islam.
Kyai Lanang Dhangiran kagungan putra 7 yaiku:
1.      Nyai Lurah Wiraguna, dipek garwa dening patih ing kasunanan Mataram. Nurunake trah Demang Sutayuda (Sutojoedo), Peneleh, Surabaya.
2.      Nyai Setra / Astra (Setro/Astro) nurunake trah Bataputih.
3.      Nyai Danu Singapura (Danoe Singopuro), nurunake trah Singapradata.
4.      Nyai Wangsaita (Nyai Wongsoito/ Nyai Wongsosuto), nurunake trah Tumenggung Setjanegara, Tjibolang, lan trah Hanggasutan (Honggosutan)
5.      Nyai Uju (Nyai Udju / Nyai Lundhu)
6.      Anggawangsa (Honggowongso). Sawise Pangeran Pekik diukum pati dening Amangkurat I, Hanggawangsa diangkat dadi bupati ing Surabaya. Amangkurat I males kabecikane Hanggawangsa lan Hanggajaya nalika mbiyantu nyirep kraman Trunajaya.
7.      Anggajaya (Honggodjojo) utawa Kyai Lanang Glangsing utawa Genthana (Genthono), diangkat dadi bupati Pasuruan.
Kyai Brondong (Lanang Dhangiran ) seda ing taun 1638 yuswa 70 taun. Layone disarekake ing Bataputih (Botoputih).

Selasa, 21 April 2020

JEMBATAN MERAH.



Kanggone wong Surabaya mesthi weruh lan ngerti papan lan sejarahe Jembatan Merah. Jembatan Merah misuwur banget, ora mung ana ing Indonesia wae nanging nganti manca Negara. Jembatan Merah uga dadi ilhame Gesang nalika ngripta lagu “Jembatan Merah”
Ana kedadean gedhe tumrape sejarah Nasional Indonesia, kang bisa ngenggokake lakuning sejarah. Yaiku nalika para nom noman mung nggawa granggang ngusir prajurit Sekutu nalika ngebroki Surabaya. Tentara Sekutu kang dipandhegani Brigadir Jendral AWS Mallaby ndharat ing Surabaya arep nglucuti tentara Jepang lan mbalekake panguwasane pamarentah Walanda.  Pemudha Surabaya nulak tekane tentara Sekutu mau.
Para mudha ora nduweni rasa gigrig, giris lan miris nalika ngadhepi tentara Sekutu kang nggawa gegaman pepak. Bab iku nuduhake sepira gedhene rasa patriotisme para nom noman nalika ngurbanake jiwa ragane kanggo labuh Negara, ngukuhi wutah dharahe. Paribasan sadumuk bathuk sanyari bumi den tohi pati.
Brigadir Jendral Mallaby tiwas. Tentara sekutu nesu, banjur ngultimatum warga Surabaya enggal enggal nyerahake gegaman sing diduweni, nanging ora digubris. Wusana Sekutu nyerbu Surabaya, akeh korban kang tiwas. Para nom noman nganakake perang gerilya. Ora suwe Sekutu oncat saka Surabaya. 

Bali menyang jaman lawas. Jembatan merah nalika semana diarani Roode Brug. Apa sebabe diarani mangkono. Pancene kretege dicet abang, mula diarani Roode Brug. Kreteg Jembatan Merah nyambung antaran kampung Pecinan (Handelstraat) kang dadi punjere ekonomi karo kulon kali kang dadi punjere paprentahan.
Saka Handelstraat ngulon ngliwati kreteg Jembatan Merah (Roode Brug) menggok ngidul utawa ngalor. Willemstraat iki dalan kang nyigar Willemsplein (Willems square, saiki Taman Jayengrono, Jayengrono Park), saka pojok kidul wetan teka pojok lor kulon lapangan. Ora kaya saiki, saka Handelstraat bisa kenceng langsung menyang dalan Heerenstraat (dalane para tuwan, dalan Rajawali saiki). Ing sakidule kreteg kono ana Willemskade (Dermaga Willem) kanggo labuhe prau-prau.
Kena ngapa kudu menggok nengen. Jalaran yen kenceng nabrak gedhong Stadhuis en Bureau (Balai Kota), gedhong Geldkantoor utawa Kantor Keuangan, lan Telegrafkantoor (Kantor Telegraf). Nembe taun 1920 dalan dikencengake saka Handelstraat nganti teka Heerenstraat.  Kantor Bale Kota dibongkar. Sawise dibongkar gedhong Bale Kota nyewa ana Gemblongan, banjur ngalih menyang Kedhungdara (Kedungdoro). Nembe taun 1923 ngalih menyang Ketabang.
Saiki (taun 2020) dalan Rajawali lan Kembang Jepun, mung bisa diliwati saka kulon, ora bisa bisa diliwati saka wetan (mung sajalur).

Gambar 1  Roode Brug.
Gambar 2  Matrozen van de Koninklijke Marine marcheren over de Roode Brug over de Kalimas bij de Willemskade.

Pengikut

Matur Nuwun ...