Rabu, 29 April 2015

KUCING





(Jeneng ilmiyahe Felis silvestris catus utawa  Felis catus) jinise kewan mamalia karnivora (kewan kang mangan daging) saka kulawarga felidae.
Kucing  basa Kawine : kusangka, kusingha, kusmangga, wildula, lindhika, pusa, posiya, pawasa. Kucing alasan = kuwuk, kucing lanang = widhala.
Kucing wis urip bebarengan karo manungsa kira-kira wiwit 6.000 taun sadurunge Masehi. Wong Mesir kuna migunakake kucing kanggo njaga pari ing lumbung supaya ora dipangan tikus.
Ing wektu iki kucing dadi salah sawijine kewan kang akeh diingu ing wong. Kucing sing garis turunane dicathet kanthi resmi diarani kucing TRAH utawa galur murni (pure breed), kayata : kucing Persia, kucing Siam, kucing Manx, lan kucing Sphinx. Saliyane iku arupa kucing alasan utawa kucing kampung.
Pêthèk ala bêciking Kucing, kaya ta:
Kucing kang awulu
1. Lorèk kêmbang asêm, buntut dawa, ala watêke, boros kêrêp kelangan.
2. Irêng sikile papat pisan pancal putih, bêcik lêksanane, kang ngingu suka wirya, akèh rijêki têka.
3. Irêng mulus buntut dawa, ala watêke aran: putra kajantaka, putih gêtihe kang ngingu.
4. Irêng lambung kiwa tembong putih, bêcik lêksanane, aran: rêmbulan kanginan, katêkan sasêdyane.
5. Lorèk irêng buntut dawa, ala watêke aran: dhandhang sungkawa, kêrêp prihatin lan asring tukaran, adoh rijêkine.
6. Putih mulus, lambunge kang têngên tembong irêng, aran: wulan purnama, bêcik watêke, bêgjane nutug.
7. Irêng êndhase bêlang putih têrus marang cangkêm, ala watêke, aran: durjana kêkêthu, sabarang lakune kawadaka.
8. Putih êndhase irêng, watêke bêcik, gêdhe mangunahe, aran: bujôngga mêngku.
9. Sadhengah wuluning kucing yèn buntute putih dawa ala watêke, aran: wisa tumama, pêcah kulite kang ngingu.
10. Sadhengah wuluning kucing yèn kuliting èpèk-èpèke têrus karo cangkême matane (putih padha putih enz) bêcik watêke aran: satriya wibawa.
 11. Sadhengah wuluning kucing, yèn kupinge karo pisan pêrut, ala watêke, aran: tampar taliwangsul, kang ngingu kabêndana.
12. Gigire dalèr putih têrus maring cangkême, watêke bêcik, aran pandhita lêlaku.
13. Gigire dalèr irêng têrus ing buntute, watêke ala, aran: kala ngumbara, kang ngingu ana ing paran nêmu pakewuh.
14. Gigire tembong, watêke bêcik, aran: sônggabuwana, linulutan dunya.
15. Dhadhane dalèr putih têrus ing buntute, watêke ala, aran: baya ngangsar kang ngingu bilai ana ing banyu.
16. Saulês-ulêse bisu, watêke bêcik, aran: wisnutôndha, gêdhe halate, ora kêna siniya-siya.
17. Awake tutul, buntute putih, watêke ala, aran lintang kumukus, susah sarta gêringên kang ngingu, nyarang anak, nyuda priya?
18. Yèn ana kucing duwe unyêng-unyêngan ing êndhas, ing dhadha sarta ing gigir, watêke bêcik bangêt, kang aran kucing candramawa utawa rêkathasura, rahayu kang ngingu.
Mungguh kucing-kucing iku mau kabèh yèn tinêmu ala, môngka bundhêl buntute iku sirna alane kari bêcike, luwih manèh yèn wulune tinêmu bêcik sarta bundhêl buntute, iku saya luwih bêcik.

Ulese kucing :
1.      Kêmbang asêm a. lorèk irêng putih . b. lorèk putih kuning
2.      Kêmbang bênguk lorèk irêng
3.      Watak kêton, tlapakan putih.
Satêngahing kaol, kucing iku dadi kalangênane Kangjêng Nabi Mukhamad Salalahu Ngalaihi Wassalam, kajaba lulute marang manungsa, gêdhe paedahe,
Kucing côndramawa, kalangênane Bagawan Andongdhadhapan sarta Rêsi Gadhingpawukir ing Mêndhang Agung, kang ngalahake tikus jinada anake Puthut Jantaka.

Senin, 27 April 2015

ATER-ATER PA



Rimbage PA kang  dadi atêr-atêring têmbung lingga, aran: LINGGA ANDHAHAN. Trap-trapane ana kang bares , uga ana kang luluh karo aksara purwane lingga, kaya ta:
padu, luluhing: paadu, saka: adu,
polah < pa + ulah
pojar < pa + ujar
potang < pa + utang
pamit < pa + amit

ATER-ATER PA + TANDUK
a.       Ana sangarêping rimbag tanduk, aran: KRIYA WACAKA,  kaya ta:
panjaluk, têgêse = olèhe anjaluk
pamanggih
pamasuh
pambengok
pamengku
paminta
pamrayoga
pamuji
pamuring
pandherek
pandonga
panempuh
panemu
pangalembana
pangeram-eram
panggalih
panggawe
panggunggung
panglamar
pangrusak
panjemparinge
panuding
panungkul
panyuwun

b.      Nanging yèn rimbage nyimpang saka ugêring tanduk, kaya ta:
panèwu
panumping
penatus  iya isih aran rimbag kriya wacaka.

PA + LINGGA + AN.
Atêr-atêr pa, ana sangarêping têmbung lingga, olèh panambang: an, aran: DAYA WACAKA, bisa luluh lan aksara purwaning lingga utawa ora, kaya ta:
petungan < pa + itung + an
palangan  < pa + alang + an
pocapan < pa + ucap + an
polatan < pa + ulat + an
pomahan < pa + omah + an

pabean < pa + beya + an
padaleman < pa + dalem + an
padangan < pa + adang + an
padaringan < pa + daring + an , daring saka dring (Kw) = uwos
padasan < pa + das + an, das wancahan saka abdas (Ar).
padesan < pa + desa + an
padhalangan < pa + dhalang + an
padhepokan < pa + dhepok + an
padina < pa + dina + an , kanggo ing saben dina
padunungan < pa + dunung + an
padupan < pa + dupa + an
padusan < pa +adus + an
pagagan < pa + gaga + an
pagelaran < pa + gelar + an
paguyuban < pa + guyub + an
paidon < pa + idu + an
pajagalan < pa + jagal + an
pajeksan < pa + jeksa + an
pakaryan < pa + karya + an
pakuburan < pa + kubur + an
pakunjaran < pa + kunjara + an
palanangan < pa + lanang + an
palataran < pa + latar + an
palereman < pa + lerem + an
palintangan < pa + lintang + an
pambegan < pa + ambeg + an
paperangan > paprangan < pa + perang + an
pasanggrahan  < pa + sanggrah + an
pasemon  < pa + semu + an
pasewakan < pa + sewaka + an
pasilan < pa + sewaka + an
pasulayan < pa + sulaya + an
patapan < pa + tapa + an
paukuman < pa +  ukum + an
pawadonan <  pa + wadon + an

PA + TANDUK + AN
Atêr-atêr: pa, ana sangarêping rimbag tanduk, olèh panambang: an, aran: KARANA WACAKA, kaya ta:
pamulangan < pa + mulang + an
pandhadharan < pa + ndhadhar + an
pandhelikan < pa + ndhelik + an
panepen < pa + nepi + an
pangadilan < pa + ngadil + an saka: ngadili
pangandikan < pa + ngandika + an
pangaron < pa + ngaru + an saka tembung: ngaru
pangauban < pa + ngaub + an
pangayoman < pa + ngayom + an
panggorengan < pa + nggoreng + an
pangungsen < pa + ngungsi + an
panjaringan < pa + njaring + an
panjilidan < pa + njilid + an
panyuwunan < pa + nyuwun + an



GUNANE ATER-ATER PA, PA – AN.
Gunane ater-ater PA kanggo mangun tembung aran :

TEGESE ATER-ATER  PA, PA – AN (konfik PA –AN).
1.      Ateges papan : pamulangan, pandhelikan, panepen, pangadilan, pomahan, pabeyan, padaleman, padaringan,  padesan, padunungan, pagagan, padusan, pagelaran, paguyuban, paidon, pajeksan, pasewakan, paprangan, pangungsen, pasanggrahan, padupan,
2.      Ateges piranti : pangilon, pangaron, panggilingan,  
3.      Araning pangkat : panewu, panatus, paneket.
4.      Kanggo ing saben : padinan,
5.      Ngenani bab : palintangan, petungan, pasemon, pambegan, padhalangan,
6.      Apa-apa kang di : pakaryan, pasulayan, pangandikan, panyuwunan, pocapan,

 

Minggu, 26 April 2015

Pandhita



Dasanamane :
wipreswara yampu mahadibya munindra, paramarta yampuh mahadwija muniswara, patarêsi yogi mahawiku muniwara, dhahya yogindra mahapinundhi mardika, jwijawara yogiswara mahayêkti muditi, yati maharsi mahayogi brahmana, yatiwara maharêsi mahamuni bramana .

Ing ngisor iki araning bature pandhita sapanunggalane dalah kuwajibane dhewe-dhewe, kaya ta:
1.      Indhung-indhung, iku wong kang lagi mondhok, pagaweane babad-babad alas saubênging gunung.
2.      Uluguntung, juru mranata pagawean sajroning pratapan.
3.      Ajar, juru mulang têpapalupining jaman kuna sarta anggêlarake aji jaya kawijayan, kanuragan, kadibyan sapanunggalane.
4.      Cantrik, juru kongkonan sarta kabubuhan anggarap prakara sajroning pratapan.
5.      Cèkèl, juru nênandur sarta jaga patêgalan.
6.      Rêsi, têgêse: sarwa suci, iya iku bôngsa sogata kang pêpangkatane dhuwur dhewe, yèn katarima unggahe dadi dewa.
7.      Sogata = rêsi.
8.      Wiku, kang wêruh saliring kaanan kabèh, utawa pancèn ora kasamaran sawiji-wijining dumadi.
9.      Wasi, utawa wawasi, kang dadi juru pangadilan angrampungi sarupaning prakara ing pratapan.
10.  Pandhita, guru gêdhe kang sarwa putus.
11.  Parampara, iku pandhita ugêr-ugêring karaton, kuwajibane anjumênêngake panjênêngan nata, sarta amêmulang marang para rajaputra, amêdharake laksitaning pustaka wedha.
12.  Puthut, juru rumêksa sanggar palanggatan, sarta kabubuhan masang pirantining pamujan.
13.  Janggan, utawa jajanggan, juru tulis sarta juru anggit.
14.  Yogi, ulah sarwa bêcik.
15.  Manguyu, juru nabuh gêntha kêkêlènging pamujan.
16.  Galuntung, kang wis omah-omah nyagatpat, pagaweane ngusung-usung utawa mêmikul apèk kayu tuwin banyu.
Brahmana (= pandhita sabrang) dene têgêse: bèrbudi, wicaksana tansah ulah kalêpasaning budi, ambabarake cipta mana, iya iku wêwulang kang mijil saka osiking ati, mulane sinêbut: sujana.
Ing tanah Jawa kang sinêbut aran: brahmana, iya ana, dadi kamituwaning praja, kuwajibane amêmuja karahayoning nagara, amulyakake lan angluhurake kawiryaning ratune, pasebane nunggal ana ing pôncaniti.



Endhang-endhang:
Ing ngisor iki araning endhang sapanunggalane sarta dalah kuwajibane dhewe-dhewe, kaya ta:
1. Endhang, jaka kongkonan sarta ngladèni. Nanging putra wayahe para tapa uga sinêbut ing aran: endhang,
2. Ubon-ubon, juru panyapu sarta pamasuh,
3. Abêt-abêt, utawa: abêtan, juru pangangsu sarta rêramban,
4. Abêtan priksani  no. 3,
5. Obatan, wong lagi mondhok anyar, pagaweane dadi bêgajagan, jaga kongkonan bangsane kang agal-agal bae,
6. Kaka-kaka, juru ngrêratêngi pangan,
7. Dêdungik, pêpingitan bakal dadi garwaning ajar, iya iku pandhita wadon kang wis pinunjul dhewe kawruhe,
8. Sontrang, jaga dadi dhukun,
9. Dhayang, juru têtêbah sarta nyêbari kêmbang ing sanggar palanggatan,
10. Mêntrik, juru rêrawat samubarang,
 

(Bauwarna, Padmasusastra)

Pengikut

Matur Nuwun ...