Jumat, 23 Maret 2012

SERAT PEPALI KI AGENG SELA (4)

1.
Ngelmu sarengat puniku dadi, wawadhah kang yektos, kawruh telu pan winengku kabeh, kang sarengat kanggo lair batin, pramilane sami, sarengat rumuhun.
2.
Ngelmu tarekat punika dadi, dedalan kang yektos, lamun arsa wruh ing Pangerane, luwih angel marga saking sulit, ati sanubari, sejatine iku.
3.
Ngelmu kakekat puniku pasthi, weruh kang sayektos, ing wujude Pangeran sipate, nanging Allah tan kena kadeling, katingale ugi, neng sipatireku.
4.
Dene ngelmu makripat kang luwih, weruh kang samelok, den rumangsa iku ing uripe, sebab urip napas manjing mijil, yaiku sayekti, weruh kang satuhu.
5.
Lamun merem sipate Hyang Widi, katingal mancorong, lamun melek katingal ing Date, ing salwiring kang katingal kabeh, jembar padhang iki, pratandha Hyang Agung.
6.
Lamun sira kabeh wus mangerti, ngelmu papat manggon, poma aja mencungul ungase, dipun gemi tanapi den rempit, sayektiku wadi, lir gandrung mangun kung.


Katrangan :
Tembung sarengat, saking tembung syari’at (Arab) kang asale tembung syara’a. dene tegese tembung syara’a yaiku dalan kang tumuju marang sumbering banyu kang ora ana enteke. Syari’at uga ateges dalan sing lempeng, ora menggak-menggok, uga ateges dalan gedhe. Tembung syari’at miturut istilah tegese sakabehe pranatan agama sing ditetepake dening Gusti Allah kanggo ummat Islam saka Al Qur’an utawa Sunnah Rasulullah saw, sing arupa pangandikan, tingkah solah, utawa takrir ( katetepan).
Maqom (tataran, kedudukan) kang paling awal kanggo nggayuh ma’rifat. Minangka dhasar lumadi (mengabdi) marang Gusti Allah, manungsa kudu ngerti dhasare yaiku sarengat (syari’at). Sarengat kanggo ngatur sesambungan manungsa kalawan Gusti Allah, sesambungane manungsa karo manungsa liyane, lan sesambungane manungsa karo jagad saisine. Ngelmune sarengat yaiku ngelmu fiqih, yaiku ngelmu tata carane ngibadah kang bener, ngelmu ngenani tata cara sesuci, sembahyang, pasa, jakat, utang-piutang, dol-tinuku lan liya-liyane. Tataran (maqom) iku kudu diliwati sadurunge ngambah tataran sabanjure, lan tataran iku ora kena ditinggalake.
Tataran kang kapindho yaiku tarekat. Tarekat saka tembung thoraqo (thariqa) kang ateges dalan lan nunggal teges karo suluk. Tarekat minangka dalan utawa laku kang tumuju marang ma’rifat Allah, mula ngelmu tarekat uga diarani ngelmu suluk, uga diarani ngelmu tasawuf. Ngaji ngelmu suluk kanggo ngaweruhi solah tingkahe napsu lan meruhi sipat-sipate napsu, napsu kang becik lan napsu kang ala.
Wong kang ana sajeroning SULUK tegese ngudi anggayuh ma’rifat Allah iku kadhang-kadhang dibukak atine dening Allah engga bisa ngerti macem-macem rahasiane gegaweane Allah utawa rahasiane hukum-hukume Allah (Al Hikam, 43)
Lakune kanthi latihan rokhani iku ing antarane dzikir lan wirid (wirid = ngibadah kang ditindakake ing wektu tertamtu.) lumrahe kanthi bimbingan shohib (shohib = guru tarekat, katrangan saka kitab tarjamah Al Hikam : yaiku guru kang paling bagus yaiku guru kang tansah nuprih sira, tegese gemati marang sira lan menangake sira ngalahake liyan. Ora krana siji perkara kang sira wenehake marang guru, tegese guru sing duwe melik marang pawewehe liyan)
Kakekat (hakikat) asale saka tembung haqq kang tegese bebener. Ngelmu kakekat yaiku ngelmu kanggo nggayuh marang bebener. Kakekat iku minangka wohe sarengat lan tarekat, manungsa bisa weruh kang sayekti marang Gusti Allah kanthi paningale ati (bashiroh) dudu paningale badan wadhag. Jalaran Gusti Allah iku ora bisa kadeleng. Manungsa mung bisa ndeleng sipat-sipat gegaweyane Gusti Allah.
Makripat (ma’rifat) asale saka tembung arofa kang tegese ngerti, weruh, kenal. Weruh marang Gusti kang nitahake. Makripat minangka tataran (maqom) kang paling dhuwur. Lamun manungsa bisa nggayuh tataran iki bakal antuk sesebutan Al Arifbillah. Kanggo nggayuh tataran iki angele kaliwat-liwat. Mula ora saben wong kang bisa nggayuh ing tataran iki. Wong kang bisa nggayuh tataran iku lumrahe diparingi karomah. Karomah yaiku keistimawaan sing ora diduweni wong awam. Wong kang nduweni karomah paningal atine dadi luwih tajem, bisa meruhi samubarang kang sumimpen ing sajroning prastawa utawa kedadean. Wong kang paningal atine tajem dhemen ndeleng tandha-tandha keagungane Gusti Allah, lan bisa ndeleng barang – barang sing dianggep gaib, lan banjur dhemen angen-angen (merenung) nganggo paningal atine sepira gedhene panguwasane Gusti Allah.
Lamun manungsa wis mangerteni patang prekara iku aja nduweni watak ujub lan riya’ (sombong), kudu disimpen kanthi primpen, sabenere barang iku wadi (rahasia), lan tansah ngudi sangsaya parek ing ngarsane Gusti kaya wong kang lagi ketaman lara wuyung, gandrung-gandrung kapirangu .


TEGESE TEMBUNG :
yektos = yekti, temen.
rumuhun = ruhun + um = 1. dhisik ; 2. biyen; dipunruhunaken = didhisikake; karuhun = dhisik, biyen.
arsa = arep, apti
marga = margi (k), dalan, jalaran, sebab.
deling = 1. cetha (katon, krungu); 2. (kw)tembung, gunem; didelingake = ditilingake, dirungokake temenan ; dumeling = cetha banget tumrap swara; 3. pring (k).
sipatireku = sipat + ira + iku = sipatmu iku.
sipat = 1. garis kenceng; 2. tali dianggo ngenceng (murih ora mencang-menceng); disipat = ditrapi sipat murih lenceng; disipatake = dipenerake, dienerake; disipati = disumurupi; sipat (sifatullah (Arab))= kaanane Gusti Allah; sesipatan = wewujudan, rupa; sipat banyu = wrata kaya lumahing banyu; sipat gantung = timbel utawa kuningan kanggo meruhi jejeg lan ora; sipat kuping = mlayu banter banget; sipat wong = saben (angger ) wong.
melok = katon cetha banget.
napas = 1. klawu sulak kuning (tumrap ulese jaran); 2 (Arab) = ambegan, roh (basa rinengga).
manjing = 1. (kw) mlebu, lumebu; wis mlebu (ora kena dicopot); 2. ngrasuk ing (agama).
mijil = 1. um + wijil = metu ; 2. arane tembang macapat.
tuhu = 1. (kw) nyata, temen; 2. (basa rinengga) setya, mantep lan temen; satuhu = sanyata, temenan; dituhoni = setya marang, ora diblenjani; 3. arane manuk (kolik lanang).
dat = (Arab) kang mengku sipat (kaanan).
salwiring = salire, saliring, sakabehe, sakehe.
jembar = amba, kobet, ora sumpek; jembar atine (jembar segarane) = welasan, sugih pangapura; jembar polatane = akeh kawruhe, akeh kupiyane; jembara kubure = pamuji marang wong mati muga-muga mlebu suwarga.
padhang = 1. ora peteng; 2. wis dibabadi (tumrap palemahan); 3. resik, tanpa was sumelang; 4. terang, cetha (tumrap pangerti, prakara, pandeleng); padhang atine (padhang langite) = ora sedhih, katon seneng; padhang bulan = pinuju rembulan nerangi alam; weruh padhang hawa = lair (metu saka guwa garba); pepadhang = apa-apa kang njalari padhang; dipadhangi = disoroti supaya padhang; dipadhangake atine (pikire) = dilipur supaya ora susah, diterangake supaya ngerti.
poma = mratelakake pakon (piweling) kang kalawan banget.
ungas = umuk; diungasake = diumukake kabisane; kongas = (kw) 1. sumerbak ambune; 2. misuwur banget.
tanapi = 1. lan (utawa) uga; 2. ananging.
rempit = repit, winadi, primpen.
gandrung = (kw) kasengsem, nandhang brangta; gandrung-gandrung kapirangu = kasengsem sarta kepengin banget ketemu karo sing disihi.
mangun kung = sedhih jalaran kasengsem.

Ana candhake !

Pengikut

Matur Nuwun ...