Sabtu, 30 November 2013

ANTYA BASA LAN BASA ANTYA




     Basa Antya lan  Antya Basa kalebu perangane basa Ngoko Andhap. Basa iki wis  ora dianggo ing masyarakat jalaran rada angel, rada rumit anggone neniteni tembung sing kudu dikramakake lan tembung endi sing ora kena dikramakake. Basa iki dakaturake mung kanggo kawruh wae, ora perlu dicakake ing masyarakat. Basa Ngoko mung diperang dadi : a. Basa Ngoko Lugu b. Basa Ngoko Alus (Andhap).

     Tembung ngoko andhap iki ana werna loro, yaiku; Antya basa lan Basa Antya. Sanajan pakartining basa kasebut wis ora klebu etungan ana ing undha usuking basa, prayogane ngreti, apa sebabe ing KBJ I tembung dilebur dadi ngoko alus.
     Panèwu lan Mantri iku duwé kalungguhan satimbang. Ing ngisor iki, äntäwacänä antarané Panèwu lan mantra, minängkä patuladhan. Antyäbäsä [AB], bäsä antyä [BA] lan ngoko [N].
     1. Panèwu [AB] ; “Sariramu apa bisa nêrangaké têmbung ngoko andhap kang akèh kramané bédané karo ngoko andhap kang akèh ngokoné”.
Mantri [BA]; “Gampil baé yèn wis sumêrêp pathokané, nanging ora käyä pandangumu mau, ora kok kathah kramané utäwä kathah ngokoné mêngkono, pancèn wis binédakaké”.
     2. Panèwu [N]: “ Kêpriyé bédané lan pathokané”
Mantri [BA] ; mêngkéné
a. Sami nganggé krama inggil
b. Sami nganggé atêr-atêr lan panambang ngoko
c. Sami nganggé têmbung ngoko kang ora kénging dikramakaké käyä tä: ora, mau, sasaminé, iku ora kênä dikramakaké dadi: botên, wau. Déné têmbung ngoko kang kénging dikramakaké, käyä tä: dhisik, duwé, sasaminé, iku kénging dadi rumiyin dangu.
Luwih gamblangé;
Antyä bäsä : Sariramu tak aturi ngêntèni dhisik: ora suwé.
Bäsä antyä : Panjênêngamu tak aturi ngêntosi rumiyin, ora dangu.
Mantra [ BA] ; Sarèhning änä warni kalih, Ki Padmäsusasträ amènèhi aran: antyäbäsä lan bäsä antyä, amargä pärä pujänggä katilapan ora nganggit prakärä iku, bokmênäwä kagalih saking kêrèmèhên.
[N]. änä pirä bäsä ngoko kang ora kêna dikramakaké.
[BA]. Ora patos kathah, sanès dintên baé tak cublikaké säkä Sêrat Urapsari anggitané Ki Padmäsusasträ, sanèsé kang kasêbut ing sêrat iku kénging dikramakaké sadäyä.
[N]. Mêngko: tä, aku duwé Layang Urapsari nanging ora tau tak wäcä, saking ora pati dhêmên, mung anggêré tuku dadi tak orokaké baé, mêngko tak jupuk sadhélä: gilo.
[AB]. Paringnä, lah iki äpä sing tak aturaké, änä ing käcä sadäsä dumugi kalih wêlas.
[N]. Wacanên baé pisan.
[N]. Iyä.
[AB]. Punikä têmbung ngoko ingkang botên kénging dipun kramakakên mênggahing bäsä antyä, kados tä: änä, êndi, ora, arêp, aku, iki, iku, utäwä, isih, äpä, äjä, iyä, amargä, ênggon, ko, känä, kéné, kono, karo, kapan, kêpriyé, kang, durung, dak / tak, dudu, saiki, sapränä, sapréné, saprono, samänä, saméné, samono, sing, wis, lagi, pirä, dhèk, jaré, mu, mau, manèh, mênäwä, mênyang / marang, mung, mêngko, mangkänä, mêngkéné, mêngkono, baé, nganti.
Atêr-atêr: di, sartä panambang: /é, aké, né/. liya iku sadäyä kénging dikramakaké.
[BA]. Saiki rädä padhang atiku, dadi bäsä kang ora kênä dikramakaké iku käyä tä: iki, yèn dikramakaké dadi punikä, iku ora kênä, awit dadi bäsä.
[BA]. Iyä mêngkono
[AB]. Ingatasé aku mênyang sariramu mung nganggo krämä inggil baé (dhahar) ora ngramakaké têmbung ngoko (abang) srabiné abang dhaharên, äpä ora digsurä.
[BA]. Ora, wis lêrêsé mêngkono, déné yèn karsä ngagêm angramakaké têmbung ngoko sêsêlingan satunggal kalih, srabiné abang dhaharên écä, saya prayogi, ngêtingalaké andhap asoré, nanging bäsä antyä mung kêdah nganggé krama baé, srabiné abrit dhaharên écä.
[N]. Nanging satêmêné prakärä iku ora pati pêrlu, awit ora änä wong calathu marang bangsané dhéwé Ora dimangêrtèni.
[BA]. Aku mung nyumanggakaké panggalihmu.
[N]. Saiki mung kari siji kang diarani ngoko lugu, iku sing êndi.
[BA]. Gampil baé, iya têmbung: aku, kowé, sapanunggalané kang ora kasêlan ing têmbung krämä, krämä inggil, utäwä madyä.
[ki. Padmasusastra]

Tulisan iki diunggah saka seratane : Ki Rangga Sastrapranata.

Rabu, 27 November 2013

TEMBUNG PANGGANDHENG, KATA PENGHUBUNG, KONJUNGSI (2)



A.Tembung panggandheng antarane ukara siji lan ukara liyane.

Tembung panggandheng antarane ukara. Tembung panggandheng antarane ukara yaiku tembung panggandheng kang nggandheng ukara siji karo ukara liyane. Mula saka iku tembung panggandheng iku aksara kapisan katulis nganggo aksara gedhe.
Jinise tembung panggandheng antarane ukara antara liya:

1.      Tembung panggandheng kang mratelakake makna kang kosok balen saka ukara sadurunge, tuladha : sanajana mangkono,
Saben dina Aminah ora diwenehi blanja dening bojone. Sanajana mangkono dheweke isih tetep tresna.

2.      Tembung panggandheng kang mratelakake terusane prastawa utawa kahanan kang ana ing ukara sadurunge, kayata: sawise iku,
Rampung mangan, kabeh padha pamitan marang sing ditinggal. Sawise iku banjur padha budhalan.

3.      Tembung panggandheng kang mratelakake bab, prastawa utawa kahanan saliyane kahanan kang wis disebutake sadurunge, kayata: saliyane iku, lan maneh.
Ing jaba kahanan peteng dhedhet lelimengan, ora ana wong kemliwer siji-sijia. Saliyane iku keprungu swarane manuk kokok beluk kang gawe mirise ati.

4.      Tembung panggandheng kang mratelakake kahanan suwalike katimbang kahanan ing ukara sadurunge, kayata: suwalike,
Kowe aja gampang ndakwa marang wong sing durung cetha nglakoni. Suwalike adhimu aja gampang- gampang nesu yen ana wong alok kelangan.

5.      Tembung panggandheng kang mratelakake kahanan sabenere saka ukara sadurunge, kayata: sejatine, sabenere, lugune,
Manungsa diwenehi wenang nembus langit. Sejatine ora ana manungsa kang bakal bisa nembus langit.

6.      Tembung panggandheng kang nduweni teges ngluwihi saka ukara sadurunge, kayata: malah, malah-malah, malahan, mandar
Aku dhek wingi nembung nyilih dhuwit marang Ami,dheweke ora menehi. Malahan dheweke kandha yen utange akeh.

7.      Tembung panggandheng kang mratelakake kahanan kang kosok balen saka ukara sadurunge, kayata: nanging, ananging.
Garapan sing kene numpuk, sing ana kana durung kecandhak. Nanging kepriye maneh wong garapan iki wis dadi kuwajibanku.

8.      Tembung panggandheng kang mratelakake akibat saka kahanan ing ukara sadurunge, kayata: kanthi mangkono, mula saka iku
Pamrentah ngundhakake bayare para guru. Kanthi mangkono para guru kudu bisa ngundhakake mutune pendidikan Indonesia.

9.      Tembung panggandheng kang mratelakake kedadean kang ndhisiki utawa sawise bab kang ana ing ukara sadurunge, kayata: sadurunge iku, sawise iku.
Aceh kablebeg tsunami kanthi nggawa korban atusan ewu wong. Sadurunge iku akeh bencana alam kang nrajang Indonesia.


 Ana candhake ...

Selasa, 26 November 2013

MENCERDASKAN BANGSA




Mulang utawa dadi guru iku pakaryan sing paling mulya. Guru bisa minterake bocah utawa sapa wae sing durung pinter. Ngertekne wong sing durung ngerti dadi ngerti. Nglelatih bocah sing durung bisa nganti dadi bisa. Ora ana pegaweyan liya sing mulyane kaya pegaweyane guru. Apik alane bangsa, maju mundure bangsa gumantung ana ing tangane guru. Yen guru anggone mulang muruk becik tundhone nasibe bangsa uga bakal becik, suwalike yen guru anggone mulang muruk iku ora becik, nasibe bangsa uga ora bakal becik. Mula ing bebrayan pegaweyan guru antuk kalungguhan kang mirunggan saka kalangane masyarakat.
Tindak-tanduke guru uga tansah disoroti. Saupamane ana guru sing tumindak kang kurang becik wis mesthi dirasani ngalor-ngidul, “Guru kok kaya mengkono”. Mula dadi guru ora bisa bebas kaya wong-wong liyane.
Ala becike bocah utawa murid dadi tanggung jawabe guru. Sopan santun utawa tata krama uga ditempuhake marang guru. Mula yen ana wong tuwa weruh utawa mengerteni anake kurang becik tingkah lakune , utawa sok mbantah marang wong tuwane, wong tuwa mau banjur kandha: “apa ya kaya ngono kuwi wulang-wulangane gurumu ?”
Nanging saiki pakaryan mulang iku saiki bisa diarani mangan ati. Tugas administrasi guru sakdhabreg. Tugas dinan kayata nggawe jurnal, ngabsen murid, nggawe RPP, nggawe program mingguan, program semester lan program taunan. Durung yen arep ulangan, apa iku ulangan harian, ulangan tengah semester, utawa ulangan akhir semester. Durung yen bubar ulangan, koreksian numpuk. Ulangan sing sepisanan durung rampung anggone koreksi wis ana maneh ulangan candhake. Ubarampene ulangan uga kudu digawe kayata, kisi-kisi soal, kartu soal lan lembar soal. Kartu soal, saben sasoal nganggo kertas salembar, njur ditumpuk. Nggawe soal anyar uga nggawe kartu soal maneh. Bareng wis sepuluh taun, gudhange kebak mung perkara kartu soal.
Mulang ana ing sekolahan swasta. Lumrahe sekolahan swasta – swastane bangsa dhewek- bocahe  wis lungsuran saka  sekolah negri. Tingkat IQ-ne wis cetha ora padha karo sekolah negri, sing rata-rata bocahe pinter. Tingkat  ekonomine wong tuwane rata-rata kagolong tingkat menengah ke bawah. Wong tuwa tansah  repot golek pangan kanggo nyukupi kabutuhan saben dinane. Si bocah kena diarani ora oleh perhatian saka wong tuwane. Mlebu sekolah karepmu ora mlebu sekolah karepmu, wong tuwane ora ngurusi.
Ana kedadean sing rada lucu, ning ya agawe trenyuh. Sawijining wong tuwa murid – sawijing anggota provost – teka menyang sekolahan, takon marang guru, “Pak, anak saya tadi masuk nggak ?”. Pak guru banjur nggoleki bocah sing dikarepake, pranyata anake provost mau ora mlebu wiwit jam kapisan. Provost mau banjur kandha,”Padahal tadi pagi saya antar sampai pintu gerbang depan, pak,” kandhane. Njur diterusne,”Saya ini tugas saya mencari orang, sekarang malah mencari anak saya sendiri.
Kedadean ing dhuwur iku wong tuwane isih nduweni kawigaten marang anake. Saupamane ora, terus banjur kepriye kedadeane?
Ana ing ruang kelas uga mangkono, yen diwulang akeh sing ora ngrungokake. Guru ngomong ngethuprus, muride uga ngethuprus dhewe. Yen ditakoni guru, ora bisa njawab, mung thingak-thinguk kaya kethek ditulup.  Yen ana kancane dikongkon guru menyang ngarep saperlu nggarap, kancane malah nyuraki lan padha ngguyu. Tur guyune digawe-gawe. Mula bocah sing dikongkon mau ora malah wedi nanging polahe sangsaya digawe-gawe, ndadekake jengkele si guru. Saben dina anane mung nesu wae.
Wayahe ngaso, guru-guru ngumpul ing ruang guru. Guru-guru padha guyon ing ruang guru. Ana guru sing lagi teka, banjur ditakoni,”Saka tindak ngendi, Pak?”
Wangsulane,”Saka mencerdaskan bangsa … bangsane thuyul, setan, gendruwo.”

Jumat, 22 November 2013

TEMBUNG PANGGANDHENG, KATA PENGHUBUNG, KONJUNGSI (1)





Tembung panggandheng (kata sambung, konjungsi) yaiku tembung sing dianggo nggandheng tembung karo tembung, frasa karo frasa, kalusa karo klausa, ukara karo ukara.

Jinising tembung panggandheng miturut titi ukara:
1.      Tembung panggandheng koordinatif. Tembung panggandheng koordinatif yaiku tembung panggandheng kang kanggo nggandheng konstituen-konstituen kang kalungguhane sadrajat. Tuladha : lan, sarta, utawa, nanging, kamangka, dene, lsp.

2.      Tembung panggandheng subordinatif. Tembung panggandheng subordinatif yaiku tembung pangandheng kang kanggo nggandheng konstituen -konstituen kang kalungguhane ora sadrajat. Tuladha: wiwit, yen, saupamane, supaya, arepa, kaya, jalaran, saengga, karo, tanpa, yaiku, sing, padha karo, lsp.

3.      Tembung panggandheng korelatif; nggandheng loro utawa luwih unsur (tidak termasuk kalimat) kang nduweni status sintaksis sing padha lan mangun frasa utawa ukara. Ukara kang diwangun rada ngremit lan uga werna-werna, kadhang sadrajat, kadhang tundha lan bisa uga ukara kang nduweni jejer luwih saka siji kanthi wasesane tunggal. Tuladha: ora mung … nanging uga, mangkono iku …saengga, kaya mangkono … saengga, embuh …. embuh, lsp.

4.      Tembung panggandheng ing antarane ukara, kanggo nggandheng ukara loro, nanging ukara kasebut madeg dhewe.

Ana candhake ....

Pengikut

Matur Nuwun ...