Senin, 20 Oktober 2014

PEPINDHAN



Pepindhan iku unèn-unèn jroning kang mindhakake barang, kahanan siji karo barang utawa kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng : kaya, lir, pindha, kadya, lir pendah. Pepindhan asring dipigunakaké ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara penganten, pagelaran wayang utawa jroning babagan sastra.
Tuladhané Pepindhan
Pepindhan kanggo nyandra putri kang sulistya.
  1. Ayune kaya dewi Ratih
  2. Dedege ngringin sungsang
  3. Lembéyané mblarak sempal
  4. Kulite kuning nemu giring pindha mas sinangling
  5. Lakuné putri Sala kaya macan luwé
  6. Luruhe pindha Dewi Sembadra
  7. Aluse kaya sutra
  8. Jogede kaya merak kesimpir
  9. Jogede mucang kanginan
  10. Kenese kaya Dewi Srikandi
  11. Janggute pindha tawon gumantung
  12. Antenge kaya temanten ditemokke
  13. Mendhak-mendhak kaya sata manggih karma.
Panyandra kanggo satriya utawa priya
  1. Baguse kaya bathara Kamajaya tumurun
  2. Brengose nglaler mencok
  3. Brengose nguler keket
  4. Dedeg piadege gagah prakosa kaya Raden Werkudara
  5. Tandangé cukat kaya jangkrik mambu kili
  6. Tandange kaya jangkrik mambu kili
  7. Tandange kaya sikatan nyamber walang
  8. Tandange kaya banteng ketaton
  9. Tekade kaya geni lan urupe
  10. Lakune sang sinatriya nusup-nusup pindha ayam alas
Pepindhan kang kanggo nyandra kahanane wadyabala.
  1. Abang kumpul padha abang kaya alas kobong
  2. Dawane barisan anglur selur pindha sela brakithi
  3. Ijo kumpul padha ijo kaya bethet sayuta
  4. Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton
  5. Kuning kumpul padha kuning kaya podhang reraton
  6. Ramen suraking wadyabala ambata rubuh
  7. Swarane kaya mbelahna bumi
  8. Wangsulane saur manuk
  9. Akehe pepati ing prang Baratayuda kaya babadan pacing
  10. Akehe pepati kaya sulung lumebu geni
  11. Untabe wadyabala kaya samodra rob
  12. Ramene lir prahara nempuh wukir
  13. Polahé wadyabala Ngastina tinrajang prajurit Pandhawa kaya gabah diinteri
Pepindhan kanggo nyandra wong nesu utawa nantang perang
  1. Soca bang angatirah
  2. Jaja bang mawinga-winga sinabet merang sagedheng bel mubal dahana.
  3. Sang Prabu duka yayah sinipi lir sinebit talingane.
  4. Sumbaré kaya bisa mutungna wesi gligèn
  5. Kekejera kaya manuk branjangan
  6. Kopat-kapita kaya buntut ula tapak angin
  7. Pintera kaya bisa njara langit
Pepindhan kanggo nyandra kahanan
  1. Abote kaya watu
  2. Adheme kaya es
  3. Antepe kaya wesi
  4. Anyepe kaya gedebog
  5. Asine kaya uyah
  6. Atose kaya wesi
  7. Bantere kaya angin
  8. Dhuwure kaya othak-othak méga
  9. Empuke kaya gudir
  10. Enthenge kaya kapuk
  11. Gampang kaya empol pinecok
  12. Gelise kaya banyu sinaring
  13. Kaku kaya kena nggo pikulan
  14. Kesite kaya kadhal
  15. Kesité kaya laler
  16. Klular-klulur kaya tuma kathok
  17. Landhepe pitung penyukur
  18. Padhangé kaya rina
  19. Panase kaya mecah-mecahna sirah
  20. Petenge ndumuk irung
  21. Polahe ngaru napung
  22. Rikate kaya angin
Pepindhan liya-liyane
1.      Akehe lelara kaya kena pageblug
2.      Ali-aliné nggunung sapikul
3.      Bebedané ngadhal mèlèt
4.      Bedane kaya bumi karo langit
5.      Begjane kaya nemu cempaka sawakul
6.      Begjane kaya nemu emas sakebo
7.      Begjane kaya nemu emas salaka
8.      Begjane pindha karubuhan gunung menyan karoban segara madu.
9.      Bungahe kaya ketiban ndaru
10.  Cahyane bingar kaya lintang johar
11.  Cahyane nglentrih kaya rembulan karahinan
12.  Cep klekep kaya orong-orong kepidak
13.  Cethile kaya cina craki
14.  Cumlorot kaya lintang alihan
15.  Cumlorot kaya ndaru
16.  Dalane nggeger sapi
17.  Domblong kaya sapi ompong
18.  Dondomane kaya tutus kajang
19.  Galake kaya buta
20.  Galake kaya macan manak
21.  Gelunge ngadhal mènèk
22.  Gendhéwané awangun kadhal meteng
23.  Gereng-gereng kaya singa antuk bayangan
24.  Kagete kaya tinubruk ing mong lepat
25.  Kepingine kaya nyidham cempaluk
26.  Lir sato mungging rimbagan
27.  Mider-mider kaya undar
28.  Mlakune ngodhok
29.  Mundur mungkur gangsir
30.  Nangise ndrenginging kaya rase
31.  Nuturi wong pinter prasasat ngajari bebek nglangi
32.  Nyengité kaya dhemit
33.  Parine nedheng gumadhung
34.  Pinter kaya bisa nyancang angin
35.  Pipane rokok menyu
36.  Putih memplak kaya kapuk diwusoni
37.  Rakete kaya sadulur sinara wedi
38.  Rukuné kaya mimi lan mintuna
39.  Rupane kembar pindha jambe sinigar
40.  Salake medhi ( masir )
41.  Sambaté kaya grantang
42.  Sambate ngaru ara
43.  Senenge kaya bubuk oleh leng
44.  Sentosa banget kaya janget kinatelon
45.  Suguhane mbanyu mili
46.  Klambine suwek nyangkem kodhok
47.  Tekade kaya madu lan manise
48.  Thingak-thinguk kaya kethek ketulup
49.  Tulisané mbata sarimbag
50.  Ulese kucing ngambang asem.
51.  Ulese jaran ngembang duren.
52.  Utangé nyundhul empyak
53.  Utangé turut usuk
54.  Wrangkané gayaman

Minggu, 19 Oktober 2014

NJUNJUNG NGENTEBAKE.



Ing pasrawungan ana sawetara unen-unen utawa ukara –ukara kang kerep keprungu, kang surasane kosok balen. Katone ngunggul-unggulake, ngalem, memuji marang wong sing diajak rembugan, nanging sejatine ing sajroning ati ora kaya sing dilairake. Tetembungan kaya mangkono iku  diarani njunjung ngentebake, katone njunjung nanging sejatine ngentebake,  tuladhane :
1.       Ana pawongan loro wis suwe anggone kekancan, saben dinane wong padha tepung raket, dadi  wis ora nganggo kurmat kinurmatan kaya salumrahe wong sing durung tepung. Ing sawijining dina wong mau dadakan anggone sapa aruh  nganggo basa karma mlipis. “Kok kadingaren mas, mase sampun dangu boten tindak mriki, wonten kersa menapa?”. Mesthi wae sing disapa dadi glagepan, kisinan, tingkahe thingak-thinguk kaya kethek ditulup.  Anggone sapa aruh ora kaya padatan . Swasana kaya mangkono iku ngemu surasa yen anggone sapa aruh iku adoh saka ngurmati tamu kaya padatan, kaya wong lumrahe kekancan.
2.       Ana uga tetembungan ing imbal wacana (pidhato) sing kaya mangkene : Kula sowan ing ngriki, tebih saking negari, tebih saking tata trapsila sarta udanagara paribasan adoh ratu cedhak watu, bokbilih anggen kula matur wonten ing ngarsa panjenengan sami kirang trawaca, lan wonten  tindak-tanduk kula ingkang kirang tata trapsila, kula nyuwun gunging sih samodra pangaksama”. Tetembungan “adoh ratu cedhak watu” ngemu surasa ngasorake awake dhewe, lan ngunggulake wong kang diajak guneman. Sanajan tetembungan mau kepenak dirungokake , nanging nduweni surasa kosok balen. Anggone ngrakit ukara kang runtut, trep undha-usuking basa, mesthi dudu wong sing lumrah, mesthi nduweni kaluwihan, apa maneh omahe gedhong magrong-magrong sungsun pitu. Pancen perlu ngasorake awake dhewe nanging aja nganti keladuk. Aja nganti dikira kepingin mamerake kapinterane anggone ngrakit basa.
3.       Asring uga keprungu tetembungan : Kula menika tiyang bodho, cubluk sawernining kagunan. Bokbilih panjenengan kersa maringi pepajar, kersaa  paring dhawuh dhumateng kula. Kamangka wong iku mau sawijining ahli basa. Apa kang dilairake cengkah karo batine.
Isih akeh maneh tetembungan kang kaya mangkono iku ing bebrayan Jawa, sing katone ngunggulake marang wong sing dijak guneman  nanging sejatine ing batine rumangsa luwih pinter katimbang wong diajak ngomong mau. Ora ana rasa tulus ing sajroning ati. Kahanan kaya mangkono bisa ndadekake pasrawungan dadi ora kepenak.
 Ana salah sijine cirine wong Jawa yen wong mau seneng marang wong sing diajak guneman, anggone mangsuli diklerak-klerokake, ora tulus tumus nganti sajroning ati. Mula jejere  wong urip ing alam donya iku luwih becik sing prasaja. Aja drengki aja srei wong urip bareng sabumi.

PARIBASAN



Ing bebrayane wong Jawa, ana unen-unen kang wiwit biyen nganti saiki isih keprungu ing masyarakat. Unen-unen mau ora owah, kayata:

1.      Adigang, adigung, adiguna tegese wong kang ngendelake kekuwatane, ngendelake kaluhuran lan kapinterane sarta ngendelake panguwasane.
2.      Becik ketitik ala ketara tegese kelakuan kang becik utawa ala mesthi bakal katon dhewe.
3.      Ancik-ancik pucuke eri tegese wong sing tansah kuwatir.
4.      Busuk ketekuk pinter keblinger tegese wong bodho lan wong pinter padha cilakane.
5.      Diwenehi ati ngrogoh rempela tegese diwenehi kalonggaran isih kurang trima.

Tetembungan kaya ing dhuwur iku diarani PARIBASAN.
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone nduweni teges wantah, ora nduweni teges pepindhan.

Tuladha liyane:


1.      Aji godhong jati aking: Tanpa aji babarpisan. ( aking = garing )
2.      Ana catur mungkur: Emoh ngrungokake rerasane liyan kang kurang prayoga. ( catur = gunem )
3.      Ana dhaulate ora ana begjane: Ana ungup-ungupe bakal nemu kabegjan nanging kabegjan iku ora sida teka.
4.      Anak polah bapa kepradhah: Wong tuwa nemu reribet saka tingkah-polahe anak.
5.      Blaba wuda: Merga saka banget lomane nganti awake dhewe kecingkrangan.
6.      Blilu tau pinter durung nglakoni: Senajan bodho nanging bisa nindakake jalaran wis kulina tinimbang wong pinter nanging durung nate nglakoni. (blilu ; balilu = bodho)
7.      Bungahe kaya wong nunggang jaran ebeg-ebegan: Bungah banget. (jaran ebeg-ebegan = jaran kepang )
8.      Cacah cucah caturan karo dhanggling: Eman-eman caturan karo wong gendheng, marakake ora kajen.
9.      Cangkem rusak godhong jati krasa opak: Barang kang sejatine ora patut dipangan, meksa dipangan.
10.  Ciri wanci lelahi ginawa mati: Kelakuan ala marine yen wonge wis mati. (lelahi = lelewa)
11.  Dahwen pati open: Nacad supaya wong liya ngemohi, perlune barang sing dicacad iku arep diepek dhewe.
12.  Digebyah uyah padha asine: Dianggep padha wae.
13.  Entek ngomah entek ngalas: Entek sakabehe, ora ana sisane.
14.  Esuk kedhele sore tempe: Guneme mencla-mencle.
15.  Gliyak-gliyak yen tumindak, alon-alon waton kelakon: Senajan kanthi alon, yen terus ditandangi, suwe-suwe mesthi bakal rampung. 
16.  Gupak pulut ora mangan nangkane: Melu kangelan ora melu ngrasakake pituwase. (pituwase = asile ).
17.  Kalah cacak menang cacak: Sabarang gawe perlu dijajal utawa dinyatakake luwih dhisik. (cacak = jajal, coba )
18.  Kecik-kecik yen wudhu: Ana ing pajagongan, sethithik- sethithik yen melu omong. Kecik = arane isi sawo; wudhu = (melu) tombok yen carane wong main, ngabotohan. Yen ing pajagongan, ya melu tombok gunem, swara, melu omong.
19.  Keduwung nguntal wedhung: Nggetuni perkara sing wis mungkur. (wedhung = saemper pangot utawa peso sing pucuke lancip).
20.  Kelacak kepathak: Ora bisa mukir merga wis kebukten.
21.  Kepaten obor: Kelangan lacak aluraning sedulur.
22.  Keplok ora tombok: Melu seneng-seneng ora melu kelangan wragad.
23.  Kerubuhan gunung: Nemu kesusahan gedhe.
24.  Kesandhung ing rata, kebenthus ing tawang: Nemu bebaya sing ora dinyana-nyana (rata = papan kang rata; tawang = awang-awang).
25.  Kriwikan dadi grojogan: Perkara sepele dadi gedhe.
26.  Kumrisik tanpa kanginan: Senajan ora didakwa, sarehne rumangsa nindakake panggawe ala atine meksa ora kepenak.
27.  Lebak ilining banyu: Wong cilik dianggo tiban kaluputan.
28.  Matang tuna numbak luput: Kabeh panjangkane ora kaleksanan (ora klakon). (watang = tumbak tanpa lelandhep ; genter ; kayu prebatang).
29.  Mbeguguk ngutha waton: Mbangkang prentah. (mbeguguk = mbegogok; ngutha waton = kaya benteng watu ).
30.  Mbuwang rase oleh kuwuk: Mbuwang sing ala malah oleh sing luwih ala. (kuwuk = kucing alasan ).
31.  Nandur pari jero: Gawe kabecikan mbokmenawa anak-turune bisa nampa piwalese.
32.  Ndhupak apus kependhem: Ngelingake perkara kang wis sirep.
33.  Nggayuh tawang: Njangka prakara kang mokal.  (tawang = langit).
34.  Nggegalak racak, nenangi kemreki: Nggugah marang kekarepan kang ala.
35.  Nglungguhi klasa gumelar: Nemu kepenak dene kabeh wis cumepak.
36.  Ngontragake gunung: Misuwur banget; nggumunake banget. Kayata: wong sekeng (ringkih) bisa ngasorake wong sentosa utawa, wong bodho bisa ngasorake wong pinter.
37.  Ngrebut kemiri kopong: Melik barang sing tanpa ana ajine.
38.  Ngregem kemarung: Momong wong sing angel watake lan mbebayani. (kemarung = erining oyot gembolo (gembili).
39.  Ngubak-ngubak banyu bening: Gawe rerusuh.
40.  Nyandhung cepaka sawakul: Nemu kabegjan gedhe.  (cepaka = barang kerajinan saka perak kayadene mangkok, bokor.)
41.  Nyokot kelud: Nglakoni pegaweyan kanthi rekasa ora ngrasakake pituwase. (pituwase = asile ; sembulihe, imbalane.)
42.  Ora ana banyu mili mendhuwur: Turun apik ya dadi apik.
43.  Ora gembung ora irung: Mlarat ora duwe keluwihan apa-apa. 
44.  Ora gendhong ora titir: Ora kandha-kanda; ora omong-omong.
45.  Ora gombak ora kuncung ambege kaya tumenggung: Mlarat ora duwe kepinteran apa-apa nanging gumedhe banget.
46.  Ora ngerti kenthang kimpule: Ora ngerti perkarane.
47.  Ora tembung ora lawung: Nyilih barang ora nembung.
48.  Othak-athik didudut angel: Katone kaya gampang jebul angel. 
49.  Owal awil awel: Katone kaya gampang satemene angel.
50.  Panen mata pailan gulu: Weruh panganan werna-werna nanging ora melu ngrasakake merga ora diwenehi.  (pailan: kahanan paceklik,larang pangan. )
51.  Pilih-pilih tebu: Milih-milih malah oleh sing ala (boleng).
52.  Rampek-rampek kethek: Nyanak wong ala, ditamani piala.
53.  Rindhik asu digitik: Semrinthil dikongkon apa wae sing cocog karo kesenengane.
54.  Rog-rog asem: Mung kala-kala, ora ajeg.
55.  Sabda pandhita ratu: Gunem sepisan dadi lan bakal ditetepi. (sabda = gunem). Guneme pendhita lan ratu iku, sepisan dadi, ora bakal diambali.
56.  Sadawane lurung isih dawa gurung: Kabar bisa sumebar tekan endi-endi.
57.  Sapa salah seleh: Wong kang tumindak luput, suwe-suwe bakal konangan.
58.  Satru bebuyutan: Satru turun-tumurun.
59.  Satru munggwing cangklakan: Satru sing cedhak banget. Satru marang sedulur utawa marang kanca sapegaweyan. (munggwing = ana ing....)
60.  Sedhakep ngawe-awe: Katone meneng nanging satemene sing ajak-ajak panggawe ala.
61.  Sembur-sembur adas, siram-siram bayem: Saka pujine wong akeh muga-muga kabul sedyane. (adas = jinising tetuwuhan sing uwohe kena kanggo tamba).
62.  Sendhen kayu aking: Sumendhe saksi sing wis mati. (aking = garing).
63.  Sing digembol mrojol sing dikandhut mrucut: Samubarang kang diduweni ilang.
64.  Singidan nemu macan: Ndhelik malah ketemu mungsuh.
65.  Sirat-sirat madu: Tetembungan manis mung kanggo ngenaki ati.
66.  Suwe mijet wohing ranti: Pegaweyan sing gampang banget ditindakake. (ranti = tetuwuhan endhek sing uwohe cilik-cilik kaya woh tomat) .
67.  Tembang rawat-rawat ujare bakul sinambiwara: Kabar sing durung nyata lan orane. (bakul sinambi wara = bakulan sinambi wara-wara; wara-wara = aweh kabar saka rembug sing dirungu saka ndalan ).
68.  Thenguk-thenguk nemu kethuk: Ora nyambutgawe nemu rejeki. (kethuk = arane gamelan kaya kenong cilik ).
69.  Tiba ing kasur: Ngalami urip kepenak sing ora kejarag.
70.  Tulung kepenthung: Tetulung wusana nemu cilaka.
71.  Turu kasur dikebuti: Wis kepenak uripe, saya dikepenakake maneh.
72.  Ulat madhep ati mantep: Mantep ing ati. ( ulat = rai, praupan )
73.  Wastra rusak ing sampiran: Kepinteran ilang merga ora tau kanggo, utawa: samubarang kang rusak muspra merga ora tau kanggo. ( wastra = jarit; jarik )
74.  Wedi rai wani silit: Wani muna-muni yen ora ana uwonge, yen adu arep karo wonge ora wani muna-muni.
75.  Welas temahan lalis: Welas marang liyan wusana gawe sengsarane awake dhewe.  ( lalis = lunga ; ilang ).
76.  Wirang mbebarang: Wong sing ngandhakake kewirangane.
77.  Yatna yuwana lena kena: Prayitna njalari slamet, sembrana njalari cilaka.  (yatna = prayitna,waspada; yuwana = slamet; lena= sembrana; kena = kedrawasan )

Pengikut

Matur Nuwun ...