Sabtu, 23 Agustus 2014

TEMBANG DOLANAN LINDRI

Lindri, adang telung pithi lawuhe bothok teri,
a ditutul mak net net,
a diemplok  plok a mak telep ,
pacak gulu cingkring adhuh yayi sendhal pancing,
adhu dhangkrek krek nong,
adhudhangkrek krek gung.


TEMBANG DOLANAN : SARSUR



Sarsur kulonan, mak  makgemake retete,
tak undange retete tak undange ,
yen kecandhak kanggo gawe,
adhi mesthi mati,
adhi mesthi mati,
tak bedhile mimis wesi,
trong trong trong blus.


:


Selasa, 12 Agustus 2014

SESELAN UM LAN ATER-ATER MA SARTA ATER-ATER AM ING BASA JAWA KUNA LAN BASA JAWA ANYAR.





Gambar : Kawah gunung Kelud kang nalika jaman Majapait diarani gunung Kampud

Basa Jawa Anyar iku minangka terusane (utawa asale) saka basa Jawa Kuna, mula paramasastrane uga kaprebawan basa Jawa Kuna. Ora sethtithik tembung-tembung basa Jawa Anyar kang padha utawa meh padha tegese karo basa Jawa Kuna, nanging uga bisa tegese tembung mau owah.

Tuladha tembung sing tegese ajeg (tetep) :
lawang (JK) = lawang (J) = pintu
gaway (JK) = gawe (J) = buat
lanang (JK) = lanang (J) = laki-laki
hanyar (JK) = anyar (J) = baru.
adeg (JK) = adeg (J) = berdiri
sih (JK) = asih (sih) (J) = cinta
ngungsi (JK) = ngungsi (J) = pergi menghindari bahaya, lsp

Tembung –tembung sing owah tegese , tuladha :
kita (JK) = kowe ; kita (J) = aku lan kowe
amuter (JK) = mrentah, ngereh; muter (J) = ngubengake, ngelih
hayo (JK) = aja ; ayo = tembung pangajak
swami (JK) = bojo ; suami = bojo lanang
resep (JK) = krungu ; resep (J) = njalari seneng.
dhendha (JK) = penthung, gada ; dhendha (J) = denda (BI).

Seselan UM ing basa Jawa Kuna.
Seselan UM ing basa Jawa Kuna gunane kanggo mangun tembung kriya tanduk (kata kerja aktif).
tuladha :
1.       Yen tembung linggane kawiwitan aksara mati (konsonan) , mapane seselan UM ana ing saburine aksara kang kawitan, tuladha :
gawe > gumawe = mengerjakan
turun  > tumurun = menurunkan (turun)
laku > lumaku  = berjalan
sahut  > sumahut  = menggigit
swagata > sumwagata  = menyambut

2.       Yen wiwitane tembung arupa aksara mati (konsonan) mau p, b, m, lan w, aksara mati mau ilang, tuladha :
pangan  > umangan = memakan
pangguh  > umangguh = melihat
pati > umati = mati
buru > umuru = memburu
bancana  > umancana  = menipu/membencanai
waca > umaca = membaca
mwas. > umwas = menetes

3.       Yen wiwitane tembung mau arupa aksara urip (vokal) , seselan UM mapan ing sangareping aksara wiwitan, tuladha :
adeg  > umadeg  =berdiri/memerintah
ilu > umilu = mengiringi
aring > umaring = merasa senang
endek  > umendek  = memilih tempat, memilih posisi.

Seselan UM ing basa Jawa Anyar.
Seselan UM ing basa Jawa Anyar paugerane padha karo ing basa Jawa Kuna , kajaba sing angka 2, tuladha :
turun > tumurun
tandang > tumandang
laku > lumaku
drojog > dumrojog
gleger > gumleger.
angsah > umangsah > mangsah = maju ing paprangan
inger > uminger > minger
umbul > umumbul > mumbul
inep > uminep > minep
uluk > umuluk > muluk
Rimbage tembung kang oleh seselan UM diarani rimbag bawa ma.

SESELAN UM LAWAN ATER-ATER MA
Tuladha panganggone ater-ater MA ing basa Jawa Kuna :
mapañjang/apanjang  = memanjang
madoh/adoh = jauh
mawwah/awwah = berbuah
malara = bersusah hati
manak = beranak
mastri = beristri
mabāng  = menjadi merah
mahyas = berhias

Ater-ater MA kang dikantheni swara nasal :
Tegese ater- ater MA kang dikantheni swara nasal
manurun = turun dari
mangjanma = menjelma
mañjala = menjala
mangdanda = memukul

Ater-ater MA ing basa Jawa Anyar.
Tembung-tembung sing oleh ater-ater MA ing basa Jawa Anyar ora pati akeh :
maguru = berguru
madhukun = pergi ke dukun
mabukuh = duduk dengan kepala tertunduk
madhaharan  (juru madhaharan) = juru olah-olah
magenturan = bergemuruh
magepokan = berhubungan
magawe = bekerja
mabyungan = berdengung
magempuran = rusak

Tuladha tembung kang nganggo seselan UM ing basa Jawa Anyar
gandhul > gumandhul = mratelakake kahanan
gedhe > gumedhe = kaya-kaya
glundhung > gumlundhung = mratelakake kahanan
gulung > gumulung = mratelakake kahanan
guyu > gumuyu
jangkah > jumangkah
kelip > kumelip = mratelakake kahanan
keruk > kumeruk = nedheng-nedhenge
laku > lumaku = mratelakake kahanan
rujak > rumujak > kemrujak = nedheng-nedhenge
rusuh > rumusuh > remusuh = nedheng-nedhenge
turun > tumurun = nindakake

Nyuwun kawigatosan tembung-tembung ing ngandhap :
ayu > kumayu  > kemayu katandhingna  karo kumaayu > kumayu > kemayu
bagus > bumagus > gumagus   katandhingna karo kumabagus
pinter > puminter > kuminter > keminter  katandhingna karo kumapinter

Ater-ater AM (hanuswara)
Gunane ater-ater hanuswara ing basa Jawa Anyar kanggo mangun tembung kriya tanduk. Tembung-tembung lingga kang oleh ater-ater hanuswara AM yaiku tembung lingga kang kawiwitan aksara p, w lan b. Tembung lingga kang apurwa vokal ora kena diwuwuhi ater-ater AM. Tuladha :
palu > malu
panah > manah
pangan > mangan
pepe > mepe
pilih > milih
putung > mutung

waca > amaca > maca
wada > amada > mada
wangsul + I > amangsuli > mangsuli
warung > amarung > marung
wayang > amayang > mayang

babad > ambabad > mbabad
banting > ambanting > mbanting
bobok > ambobok > mbobok
bolong > ambolong > mbolong.
buru > amburu > mburu

Selasa, 05 Agustus 2014

GAPURA CANDHI BENTAR MINANGKA GAPURANING MASJID

Gapura iki mapan ing Desa Wonosalam, Jombang, Jawa Wetan.



KAHANANE GUNUNG KELUD SAIKI

Gambar kajupuk nalika tanggal 31 Juli 2014







Kawah Gunung Kelud kang maune isi banyu saiki kisenan wedhi,





Sesawangan sajroning kawah Gunung Kelud lan pang garing kena hawa lan lahar panase gunung.





Pangripta nalika munggah menyang pucaking gunung Kelud ndeleng tlaga wedhi.



Pengikut

Matur Nuwun ...