Rabu, 09 November 2016

PESISIR KLAYAR




Pesisir Klayar mapan ana ing pinggiring samodra kidul kalebu wewengkon desa Kalak, kecamatan Donorojo, kabupaten Pacitan. Papan wisata iki kalebu misuwur kanggone wong-wong tanah Jawa, utamane kutha Pacitan.  Kahanane saiki sangsaya tambah rame. Dalane uga nglenyer, aspalan alus, ora adoh saka guwa Gong. Saka guwa Gong kira-kira mung watara 10 km. Ing desa Kalak kono uga ana guwa Kalak kang misuwur kanggo nepi utawa tapa.
Kaelokane papan wisata pesisir Klayar iki yaiku anane banyu kang nyembur saka sela-selaning watu karang nalika ana ombak gedhe. Semburan iki dijenengi Seruling Samudera. Ana uga wujude watu karang kang saemper karo wujude Spinx ing Negara Mesir.
Rehdene ombake segara kalebu gedhe, mula para wisatawan ora dililani adus ing segara. Bab iku pancen mbebayani banget. Papan wisata ing kutha Pacitan kalebu akeh, kayata Guwa Gong, Guwa Tabuhan kang watune bisa dianggo gendhingan. Yen panjenengan kepingin selancar utawa surfer bisa tindak menyang pesisir Teleng Ria utawa pesisir Srau. Yen kepingin lelangen banyu anget ora susah nggodhog, nyemplung wae ana ing kolah Banyu Anget kang mapan ana ing kecamatan Arjosari. Yen panjenengan kondur saka Pacitan aja lali mundhut akik kanggo oleh-oleh.  Wis ta, pokoke jooozz.

Pengikut

Matur Nuwun ...