Sabtu, 31 Januari 2015

MUSTAKA RANCANG (1)



PANGKUR
1.
Lawan malih wekasingwang,
sekathahe anak putu buyut mami,
miwah canggah warengingsun,
poma padha kawruhana,
sakathahe para ratu iku,
kang manjing eneng sarira,
sakawan kathah ireki.
2.
Ratu sekawan puniku,
karsanira ana ala ana becik,
nalendra estri lan jalu,
kalih prabu wanodya,
ingkang kalih anenggih nalindra kakung,
bisikanira sang nata,
Raja Luwamah nerpati.
3.
Satunggal raja imarah,
ingkang kalih anenggih nalindra estri,
bisikanira sang ayu,
Retna Dewi Supiyah,
kang satunggal bisikanira sang ayu,
pan ratu estri utama,
Raja Mutamainah adi.
4.
Busana Jawane prthak,
Sang Retna Ayu karem bekti Hyang Widhi,
miwah bekti dhateng Rasul,
kelawan ibu rama,
pan sebarang kang terus pakone Rasul,
tuwin lampah kang utama,
Sang Retna langkung marengi.
5.
Pan sentananira Sang Retna,
pan sedaya bekti marang Hyang Widhi,
ingkang dados patihipun,
awasta Dipati Sabar,
lawan malih Tumenggung Anteng puniku,
Mas Rangga Jinem Wecana,
tuhu satriya linuwih.

(Mustaka Rancang).

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...