Senin, 02 Desember 2019

SITUS KEDHATON





Ing Jombang, sawise ditemokake patirtan Sumberbeji,  nembe iki ditemokake maneh patilasan kuna ing dhukuh Kedhaton, desa Bulureja, Kecamatan Dhiwek, Kab Jombang. Patilasan mau mapan ana tengah sawah adoh saka padesan ing sangisore wit abar-abar.  Patilasan mau awujud tembok bata bang , dhuwure kira-kira 170 cm, ambane 56 cm. Kandele tembok kang ngubengi wangunan mau ora padha. Ing sisih kidul kandele tembok luwih tipis tinimbang sing ana kulon. Gedhene bata ukuran 32 x 20 x 6 cm, ora kacek adoh karo bata kang ditemokake ing Kumitir enggal-enggal iki. Sawise ditelusuri  tembok-tembok mau wis akeh rusak krana anggone ngedhuk mau nganggo “alat berat”. Bata bang kang kapendhem mau kira-kira 1- 2 meter saka lumahing lemah kang saiki. Tumpukan bata mau katone wis akeh kang ora ana ing panggonane kang asli. Mung anehe, ana tumpukan krikil, kaya-kaya wis atos kempel dadi watu kang kaudheg nganggo semen.
Barang  temon iki narik kawigaten krana ndeleng toponimi jenenge padhukuhan aran “Kedhaton”, tegese panggonane dhatu utawa ratu. Banjur tuwuh pitakonan, saupama temen panggonane ratu, ratu sapa kang mapan ing kono ?

Yen kita tlisik sejarah kang kawuri, nalika Mpu Sindok ngelih kraton Medang i Bhumi Mataram pindhah menyang Jawa Wetan mapan ing Tembelang (Medang i Tamwlang). Saka kono banjur ngalih menyang Medhang i Watugaluh. Salah sijine tafsir ahli sejarah Watugaluh iku ana ing Megaluh, kecamatan Megaluh kang saiki. 

Nanging perlu dikawuningani ing kecamatan Dhiwek, kab Jombang, ing sakulone makame Gus Dur ana uga karan desa Watugaluh. Desa Watugaluh diperang dadi patang pedhukuhan yaiku Galuhan (Watugaluh Krajan), Nanggalan, Gendhong lan Jasem. Antarane dhukuh Kedhaton karo desa Watugaluh dohe kira-kira 6 (nem) kilometer. Apa iki kedhatone Mpu Sindok ing Watugaluh ? Perlu ditliti kanthi premati.

Jumat, 15 November 2019

RECA PRAJÑAPARAMITA



Reca iki nggambarake Prajñaparamita sawijining dewaning ngelmu pangawikan utawa dewi kawicaksanan kang luhur ing dalem agama Buddha Mahayana.  Reca Prajñaparamita digambarake lungguh ana ing sadhuwuring trate (padma). Tangane asikep dharmacakramudra (muter rodhaning dharma). Ing sacedhaking lengen kiwa ana kembang trate kang mekar kang tukul saka oyod ing sacedaking bangkekane.  Ing sandhuwuring slaganing trate ana pustaka (kitab) Prajñaparamitasutra. Wujud reca kaya mangkono iku nandhakake seni reca gagrag jaman Singhasari ing abad 13.  Reca Prajñaparamita uga nuduhake panganggone bangsa luhur ing jaman kraton Indu-Buddha.
Reca Prajñaparamita disengguh minangka wujude Ken Dhedhes prameswarine Ken Angrok kang misuwur kasulistyane. Nanging ana uga panemu yen reca Prajñaparamita nggambarake Gayatri (Rajapatni) ratu ing Majapait. Panemu iki adhedasar apa kang tinulis ana ing Negarakretagama sarta prasasti Gajah Mada. (Koleksi Museum Nasional Indonesia)

Rabu, 13 November 2019

PATILASAN KUMITIR



Mpu Prapanca pujangga praja Majapait nyritakake kahanane kutha raja Majapait yen kedhaton Majapait dipager bata bang mubeng. Katrangan kasebut ana ing Negarakretagama pupuh 8, gatra 1 lan 2 kang unine mangkene :
warnnan tinkah ikaɳ puradbhuta kuthanya bata baŋ umider mmakandel aruhur,
kulwan / dwarawaktra manharpakan lbuh ageŋ i tnah way edran adalm.
Tegese :
Kacarita, kahanane pura ( kedhaton) kang gedhe banget, beteng bata bang angideri, kandel sarta dhuwur,
 ing kulon, lawang agung ngadhepake dalan (lapangan ?) gedhe, ing tengah, banyu (jagang) angideri, jero banget.
Jagang yaiku kali, kalen kang jero ing sajabane beteng kanggo jaga-jaga supaya mungsuh ora gampang mlebu kedhaton utawa beteng.

Nembe iki ing dhukuh Bendha, desa Kumitir, kecamatan Jatireja ditemokake tembok bata bang. Tembok mau ditemokake dening wong tukang nggawe bata ing kono. Apa iki tembok bata bang aruhur kang dikarepake dening Mpu Prapanca?
Barang temon mau awujud tembok dhuwure 160 cm lan ambane 140 cm. Saben 4 meter diwenehi pilar. Gedhene pilar 120 cm. Ukuran bata 32 x 20 x 6 cm. Nitik dhuwure, tembok iki durung bisa diarani beteng dhuwur kaya kang dikarepake Mpu Prapanca. Miturut panemune para arkeolog tembok iki arupa batur. Diarani batur, jalaran tembok mau ing sisih njaba rata, alus, dene sing sisih jero kasar, ora rata. Gunane batur mau kanggo njaga supaya lemah ing bagean jero ora guntur utawa longsor.  Sing mesthi ing papan kang kinubengan batur ana wewangungan kang perlu dijaga supaya lemahe ora longsor. Apa iku candhi kaya kang dikarepake dening Mpu Prapanca ? Bab iki perlu panaliten kang luwih mirunggan.

Tembok batur kang wis ditemokake yaiku tembok iring wetan wiwit pojok lor wetan mangidul. Tembok kang wis kabukak dawane kira-kira 100 meter. Pojok kidul wetan durung ditemokake jalaran nerak tegalan tebu sing nganti saiki durung bisa didhudhuk. Miturut pangira-ira dawane batur ing saben iring 200  meteran, ngidul nganti tumeka sacedhake kali ilen-ilen sawah ing kidule wewangunan. Dene tembok batur sisih lor , kulon,  kidul, sarta pojok-pojoke durung kinaweruhan.
Ing saelore kuburan uga ditemokake tilas sumur kuna kang digawe saka bata. Wujude kothak ora kaya sumur lumrahe sumur kang nganggo bata bengkok. Apa iki uga tunggalane patilasan kuno apa gaweane wong tani ing kono kanggo nyiram tanduran ing sakiwa tengene, isih durung cetha.
Saliyane tembok batur uga ditemokake  cacah 7 kanthi ukuran maneka warna. Watu-watu lumahe alus kaya tilas garapan tanganing manungsa ana ing wewengkon kuburan ora tumata. Bokmanawa wae kuburan iki sing dadi punjering wewangunan ing Kumitir. Bab iku perlu panaliten kang luwih mirunggan. Saliyane iku uga ana reca kang manggon ing pojok (kira-kira) kidul kulon ing sangisore wit kepuh. Recane sapa durung bisa dipesthekake jalaran kahanane reca wis rusak. Apa iki recane Bhatara Siwah kaya kang kasebut ing Negarakretagama ? Wong bumi kono ngarani reca mau recane Jaka Slining. Arang wong wani mrono jalaran papan kono dianggep wingit utawa angker dening warga.

Miturut Negarakretagama, Kumitir minangka dadi papan pandarmane Bhatara Narasinghamurtti kaya kang katulis ana ing pupuh 41 pada 4:
çakabda kanawawaniksithi bhatara wisnu mulih iɳ çuralaya pjah,
dinarmma ta sire waleri çiwawimbha len/ sugatawimbha mungwiɳ jajaghu,
samantara muwah bhatara narasiŋhamurtti sira mantuk iɳ surapada,
hañar sira dinarmma de haji ri wenker uttama çiwarcca muŋgwi kumitir
Tegese:
Ing taun Çaka Langit Sanga Bumi Lemah (1190 C = 1268 A.D.) Bhathara Wisnu kondur menyang Suralaya, seda.
panjenengane didarmakake ing Waleri awujud Bhathara Siwah, saliyane ing Jajagu awujud Sang Sogata (Buddha).

Sawise iku  Bhathara Narasinghamurtti panjenengane kondur ing Surapada,
nembe wae didarmakake dening ratu ing Wengker, awujud reca Bhatara Siwah kang ngedab-edabi manggon ing Kumitir.
Saliyane Negarakretagama , Pararaton uga nulis bab pandarmane Bhatara Narasinghamurtti. Mung wae ora katulis Kumitir ananging katulis Kumeper . Ing Pararaton tinulis:
sira Mahisa Campaka dadi ratu angabhaya, abhiseka bhatâra Narasinga. Sira Mahisa Campaka mokta, dhinarma ring Kumeper, pamelesatanira ring Wudi kuñcir.
Tegese: Mahisa Campaka dadi ratu anggabhaya, jejuluk Bhatara Narasingha. Mahisa Campaka mokta, didarmakake ing Kumeper, pamelesatane ing Wudi Kuncir.

Perlu dikawuningani yen patilasan-patilasan Majapait lumrahe kapendhem ing jero lemah 1-2 meter saka lumahing lemah ing sakiwa tengene. Bab iku disebabake krana anane bledhosane gunung  Arjuna, Anjasmara, lan gunung Kelud. Awu sarta wedhi bledhosane gunung kagawa udan gedhe kang nuwuhake banjir bandhang. Banjir gedhe sing ora mung pisan pindho katititk saka sap-sapan lemah kang kadhudhuk dening bumi kono. Bledhosae gunung lan banjir gedhe ndadekake patilasan Majapait kapendhem ing jero lemah.
Mung emane ora ana prasasti utawa sumber-sumber katrangan liyane kang nerangake patilasan Kumitir kajaba Pararaton lan Negarakretagama. 


Katrangan gambar:
1. Reca kang mapan ing pojok kidul kulon. Durung kinaweruahn recane sapa. Apa iki recane Bhatara Siwah kaya kang kasebut ing Negarakretagama ?
2. Pojok lor wetan situs Kumitir kang wis kabukak.
3. Batur situs Kumitir iring wetan.
4. Watu alus tilas garapan tanganing manungsa kang ora tumata ing kuburan desa.
5. Sumur kuna kang mapan ing salore makam desa.
6. Sap-sapan lemah kang nandhakake biyen Kumitir keleban banjir gedhe lan kurugan awu gunung geni.

Minggu, 09 Juni 2019

DONGENGE CEKRUK TRUNA (2)


Bareng ingsun rasa-rasa maneh, suntimbang-timbang  sajroning ati, kaya-kaya ora ana pikolehe. Nalikane isih enom blejag-blejag ingsun kelingan, dhek samana ana tledhekan. Dilalah ana rerusuh. Papan tledhekan geger. Wong mati cinidra, dipopor nganggo tinggar, ing poking kuping, matane mendolo.
Lurah tledhek sabature padha tintrim atine. Lurah tledhek dilebokake pakunjaran. Mlebu metu dipriksa, tansah digrejeg ing pitakonan. Matur ora weruh tetep dikongkon ngaku. Pancen ora kepenak ngenger tledhek, ora nyugihi malah agawe mlarat. Luwih becik luru bendara liya kang kira-kira kena kanggo pangauban.
Ingsun rasa-rasa, tinimbang ngenger ledhek luwih kepenak ngenger lonthe. Yen awan ora katon, lamun bengi leledhang neng tengah ratan. Pupurane mero-mero, menganggo kang sarwa pantes lan edi peni, lamun cinandra kadya apsari ing kaswargan.
Lha iki panggaotan kang bisa mumpuni, ingsun dianggep pinituwane. Padha nganggep bapa marang ingsun. Ingsun tansah dimulyakake. Kaya mangkono iku jatining kawiryan. Lamun ana kang kepingin, bisa salulut kalawan bendara.
Mung ingsun kang ditari-tari. Prekara bayaran tetep takpancetake, sawengi patang rupiyah, ora kena kurang. Kaya ngono iku mesthi akeh kang gelem. Ingsun diwenehi dhuwit wolung uwang, saben dina dhaharingsun pinanci sega iwak.
Yen denetung-etung, wolung uwang sedina, sawulan dadi rong puluh rupiyah. Setaun rong atus patang puluh rispis, yen sepuluh taun rong ewu patang atus rupiyah slaka. Dhuwit samono pancen akeh banget. Ingsun dadi manungsa kang begja mulya, ratu-ratuning begja.
Leren saka palonthen ingsun mbukak toko utawa dadi juragan, nglakokakedhuwit gadhen. Saka dhuwit rong ewu, cukup thenguk-thenguk neng pinggir dalan. Barang-barang teka dhewe. Ingsun gadhe separo rega, mesthi untung, sugih bathi tanpa rugi. Lumintu saben dina.
Ingsun banjur ngingu jurutulis lan tukang nglempit barang. Adate jaman saiki wong ngedegake gadhe kudu tuku buku, sarta blangko digawe kitir. Mlebu metune barang dicathet. Saben ana wong nggadhe kudu nganggo prajangjian kang cetha. Ing kono disebutake pira tariping anakan. Nora kena nerak prajangjian. Yen sulaya bakal ingsun dhendha.
Saupamane ingsun ngati-ati, kaya-kaya slamet tanpa prekara jalaran ingsun weruh ing kukum. Dene ingsun bangsa Jawa isih ana ing dalem layang pradata. Ukume bangsa Jawa yen laku gadhe padha bangsa Jawa gupremen isih marengi. Kaya mangkono iku ndadekake begjaningsun.
Sangsaya suwe uripingsun mubra-mubru blabur madu. Ingsun ngrangkeb adol bumbu grabadan. Adol barang-barang rega larang, tuku kanthi rega murah. Apa wae anane barang dagangan ingsun kulak. Ingsun weruh rega barang–barang ana ing Samarang, Surabaya, Betawi. Ingsun weruh panggonane kulakan dagangan saka toko Landa lan Cina. Kabeh barang ingsunangkut, sangsaya suwe ingsun sangsaya dipercaya.
Ingsun niru bangsa Cina laku dagang. Sebab yen suntimbang-timbang ing donya, bangsa Cina paling pinter ing bab pangupajiwa. Nalika ngejawa dhek biyen-biyene mung kathokan. Ora antara suwe manggon ana ing tanah Jawa dadi sugih omah gedhong pinggir dalan gedhe ngungkuli bangsa Jawa.
Durung ana wong Jawa kang madhani Cina, kira-kira ping sepuluhe. Sabarang reh kagunan ora ana kang bisa madhani. Nanging ingsun bakal sanggup madhani sarta ngungkuli bangsa Cina. Pawitanku rong puluh ewu dhuwit slaka, sedyaningsun apa wae bakal bisa klakon.
Dadi demang wae luwih gampang. Bekti sewu rupiyah oleh deniring wong gumrudug ngampil epok panurung lampit, payung bang seret prada. Saiba bungahingsun kajen keringan ing desa, garwaningsun saking kang anunggang joli, saenyek nunggang jaran.
Saben mangsa panen garwaningsun maring sawah, ani-ani nganggo payung abang, sandhingane tenong ceret. Gebayan lan kamituwa ngladeni ing tengah sawah. Ingsun teka laju dhahar. Akeh yen ingsun rembug prekara muktining demang. Nanging ana lepiya duk ing nguni-uni demang kesandhung prekara, dipocot saka kalungguhane. Malah ing dina iki isih ana ana dadi thetheore.
Becike ingsun milih laku utama. Ngayahi pagawean kang adoh saka pekewuh, kang ora nganggo olah nalar. Ingsun becik dadi wong tani. Ingsun tuku sawah sabau rega sepuluh ringgit. Sawah kang becik pancen larang regane, apa maneh kang eloh bumine. Lamun sepuluh bau, ingsun ngetokake wragad satus ringgit . Wragad satus ringgit wis mentas. Ing dalem nem wulan limangatus rupiyah.  Yen ingsun etung asile resik, entuk pari telung puluh met, ora kurang.
Ing mangsa rendheng panene didol. Adat kang uwis saamet payu seket rupiyah. E e e lha dalah untung banget, rong ewu rupiyah bisa dadi telung ewu ing dalem setaun, mung saka tani.
Nanging yen takrasa-rasa maneh, ingsun ngrungu carita duk nguni-uni. Ana wong desa aran Setrasentika. Sugih turun-tumurun. Pakaryane ora liya tani, parandene ora nate kekurangan. Uripe kacukupan. Bareng ana salah mangsa, pari gagane gabug dipangan ama. Ama menthek, uler lodhoh, walang sangit, telung wulan ora panen babar pisan. Ing wusana dadi miskin, kebo sapine larut. Mangsa potho akeh sing mati, luwihe didol menyang pasar, isih nyangga pajeg. Yen mangkono dadi tani ora kepenak, kang ingsun pikir dhisik , pancataning nugraha.
Lonthe iku berbudi ambege kaya wong mukmin, lila eklas sedhekah rina wengi. Sak-sok weweh marang sanak sedulur sarta batur para mitra. Uga marang bapa kaya ingsun kang ngreksa pekewuh. Nanggung sakehing bebaya kang tumempuh, ingsun kang ngalang-alangi, mulane sun jaluk wolung uwang.
Sangsaya akeh momonganku wadon, ingsun sangsaya kasusra, kawentar ing jagad. Ingsun tansah ngati-ati pamomongku, alus, lurus atiku. Budiningsun  santosa gagah panggah kas kuwat tur kukuh. Nalar ruwed bundhel bisa wudhar, amancasi para lonthe kang lagi kepetengan budi, ing wusana bisa widada.
Lah iki bisa dadi dedalaning tyas utama jalaran amancasi sukertining cipta. Kasusahaning para lonthe ingsun kang kajibah mutus. Nadyan baturlonthemumpuni ing nalar lelukitan, prekara sing lembut-lembut, kamangka ingsun ora sastra, nanging jeneng pinter iku dudu prekara tulis nanging olah nalar.
Nadyan weruh ing sastra nanging nalare mung sacuwil, tangan bisa molah angubengake pene, wis mesthi thingak thinguk awit saka petenging budi. Ahli sastra tan ahli lukita, ibarate kethek, kaya wong kumprung, Seje karo ingsun wong wicaksana ing budi, budyayu tyas nirmala.
Mbayar blanja wolung wang sedina ora rugi, jer luwih gedhe gunane. Yen ana pakewuh, utawa padudon, ngadu rosining awak, ingsun saguh ngrampungi. Ingsun saguh katempuh, apa maneh bangsa nalar kang kasasar, ingsun bangkit ngrampungi, nganggo waton ing duk kuna-kuna.
Ewadene ingsun pikir maneh, pangati-atine wong ulah nalar kudu patitis patrape. Sanajan barang sepele, pakewuhe kudu dimangerteni. Wong nduweni pancadriya wajib wenang luru ayu enaking awak. Nadyan untung gedhe, sak-sok jrang-jreng dhuwit kudu weruh pahalane.
Sebab ingsun iki urip, jare santri mengku kayun kayat, kawawa guwang ngejum. Ala becik dikongkon milih , kuwi wajibing wong ihtiar. Pepesthen iku gaib tan kena kinira, kudu diweruhi sadurunge katon.
Ing sajroning urip ana nata, pangulu, patih lan jaksa. Cacah patang prekara iku tansah rerembugan rina wengi. Ngrembug barang kang durung kalakon, yen wis rujuk karsa papat dadi siji, kusus becik denlakoni.
Badan iki among saderma nglakoni prentahing gusti. Rembuge nata, pengulu, patih lan jeksa wus golong. Kang saiki miturut pangangen-angeningsun, gustiningwang nggalih pangenger kita.
Ngenger lonthe sanadyan asile cukup, nanging isih ingsun timbang enak lan kepenake. Ana crita ing jaman kuna kang kena kanggo patuladhan, critane Wirakosa ing jaman kawuri.
Wirakosa dipatah dadi lurah lonthe ana ing Kampungbaru sawetane beteng Ngayugya. Kaparingan buslid saka negara .
Ing sawijining dina, saradhadhu njero beteng teka; kira-kira sepuluh cacahe. Gloyoran padha mabuk. Para saradhadhu mau arep mlebu ing palonthen. Golek lonthe sing dikarepake , kebeneran mung ana pitu, isih kurang telu. Saradhadhu ngamuk rebutan lonthe. Wirakosa panggah anggagahi ngabani ngurusake nalar anggone padha tukaran. Para saradhadhu mau salah tampa, lurah lonthe dikrubut.
Wirakosa babak bundhas setengah mati. Sirahe dithuthuki nganggo pedhang, remuk rempu. Gage-gage Wirakosa ngadhep komandhan, kelah. Wirakosa kalah jalaran ora ana saksi. Mula ingsun timbang-timbang maneh, ora kepenak melu lonthe.Tan kepingin ketanggor kaya si Wirakosa.
Mula ingsun timbang-timbang maneh, nora kepenak ngenger kriwilan, bangsa wadon dhasar lonthe. Ingsun wus putus olah nalar , bijakseng pakewuh , yen prekaran nganti kalah, kaya ngapa wirangingsun. Kaya-kaya ora ana gunane urip ing ngalam donya.
Nandhing milih ihtiyar iku wajib, kukume wong murtya diyanjana tama. Wong kaya ingsun iki pupur sadurunge benjut, durung mlaku wis lumaris, lire duga watara. Ing atase urip iki kudu manganggo duga prayoga, sig becik linakonan.
Awit lakune wong urip, carita becik arang kang jembar. Carita ala nglangut parane. Raganingsun kepengin ngupaboga sampe kang sukci. Ngupaya kasampurnan, pepadhang dadi suwarga, yen pepeteng neraka gedhe kang marani. Becik ngalih lantaran.


Karangan ing dhuwur babone Serat Cekruk Truna,anonym,  tembange Dhandhanggula.
Sumber : sastrajawa.org

Katrangan tembung :
blejag-blejag = kadhang kelingan kadhang lali.
tinggar = bangsane bedhil wuluh kuningan.
wirya = kendel, kuwasa, mulya, luhur (tumrap trah).
grabadan = bumbu-bumbu lan ubarampene wong olah-olah.
ngampil = nggawa (tumrap upacara bangsa luhur).
epok = wadhah kinang (kalebu upacara).
lampit = bangsane klasa kang digawe irat-iratan penjalin.
prada = bubukan emas (slake) dianggo nyungging wayang lsp.
joli = bangsane tandhu.
tenong = arane wadhah awangun bunder nganggo tutup kang digwe nam-naman pring (dingo wadhah panganan lsp.)
ringgit = dhuwit slaka ajine 2,5 rupiyah.
potho = arane lelaraning raja kaya.
lukita = tetembungan, karangan, rumpakan.
lumaris = mlaku, lelungan.
sukci = suci.

Pengikut

Matur Nuwun ...