Selasa, 16 Oktober 2018

CRITA ING PINGGIR SEGARA


tunggak iki
seksi nalika sliramu angucap janji
ora bakal lali sanadyanta kapalang jaladri
ora bakal wurung sanadyan kalingan gunung
ora bakal sirna kasaput mega
pinatri ing sajroning ati

oyod-oyod tresna nggubed bantala
rumambat ing perenging gegayuhan
koksiram banyu pangarep-arep
kokrabuk esem lan guyu
kokdhangir welas lan asih
koklela tembung manuhara
pupusing asmara padha trubus
semi anjangka mega mulya

nanging saiki
pitung ketiga anggonku nganti,
tunggak iki
mati tan bisa semi
iline jaman anggerus tunggaking katresnan
kentir anjog ing baweraning segara panguripan
mung bisa sumarah
kemampul kablebeg sarah
tan bisa obah
tanpa guna
tanpa tanja
gumlethak ing pinggiring segara sangsara


surabaya, 16102018


Senin, 01 Oktober 2018

LINDHU


pethite hyang hanantaboga mobat-mabit bumi gonjing moyag-mayig gunung jugrug geter pater lindhu sedina ping pitu segara kinebur  alun gulung gumulung mawalikan gedhong ketekuk ambruk  dalan bengkah lemah growah, jarene si kaki  dhalang

jerit kumandhang teka pungkasane langit
tangis angiris lumaris teka pinggir cakrawala
sambat sambat angebeki keblat papat
donga-donga mbelah akasa
tangan -tangan njaluk tulung kang maha aweh pitulung
manungsa pating bilulung
kekitrang golek pepadhang

lamun donya wis suthik dadi kanca
lamun banyu wis ora kena kanggo kemu
lamun lemah wis ora kena kanggo njangkah
lamun bumi wis ora kena dienciki
segara mutah
mblebeg nguntal gisik

apa manungsa wus lali marang kang kawasa anyipta
apa manungsa wis nalisir saka anggering paugeran
apa manungsa wis silib kang dadi wajib
apa manungsa wis kepingin oncat saka kodrat
muga-muga mung elik-elik manungsa kang kedlarung ngumbar angkara

coba apa siksa ?
lamun siksa
apa manungsa wis minger keblate panembah
tangan-tangan manungsa wis ora wedi dosa
janji-janji kandheg ana ing lathi
kelem ing segara lali
amung tansah ambebujung
gusti kang aran redana
gebyaring bandha liringing netra lan empuking panguwasa
muga-muga iki mung coba

rada moncot sethithik
satemlik ana panggawe nistha
tega laku candhala
tega njarah jatah
kang nembe susah

surabaya, 02092018

Pengikut

Matur Nuwun ...