Tampilkan postingan dengan label dhandhanggula. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label dhandhanggula. Tampilkan semua postingan

Minggu, 01 Mei 2011

DHANDHANGGULA


SALISIR MARENG TENGGARENG.

Ing wayah sireping lare,
Neng latar kekadhar dhewe,
Purnama manjer prenahe,
Katon jembar kalangane.

Padhange kaya rina,
Sing dolan wis nora nana,
Kari Pak Iramenggala,
Ngraras kawasaning Suksma.


DHANDHANGGENDHIS

1. Dhedhet tidhem prabawaning ratri, sasadara wus manjer kawuryan, tan kuciwa memanise, menggep Sri Nateng dalu, sinewaka sanggyaning dasih, aglar neng cakrawala, winulat ngelangut, prandene kabeh kebekan, saking kehing taranggana kang sumiwi, warata tanpa sela.
2. Kinalangan kekuwung ngawengi, lir wewengkon bale Mandhakiya, pasewakaning Pamase, jroning kalang kadulu, kang sumewa pareng neng ngarsi, mung punggawa sajuga, Harya Panjersurup, pramukyaning taranggana, kang sawega rumeksa pringganing ratri, ngayomi hayuningrat.
3. Tan petungan panjrahing wadya lit, arahane awor mawurahan, ngapit narmada prenahe, jro petenging Serayu, angragancang Sang Bimasakti, nyuwak tutuking naga, kang sikareng laku, yeku mangka pralampita, mrih mengeta kang mantep tetep ing budi, widada kang sinedya.
4. Nekawarna pangkating wadya ji, nora worsuh tataning sewaka, gumolong gegelengane, ..................... , pandomaning para mong tani,. gelaring panangkilan, rinakit waluku, wuluh wuku lan kukusan, gubug penceng malencat wor lanjar ngirim, mangro lakuning mangsa.
5. Kang sumewa luhuring udadi, pan pinindha dhapuring giyota, pra nangkodha pandomane, de kang dadya pituduh, pamardine kang ulah kardi, sinamar neng busana, kasarireng Prabu, jroning praba marakata, sinung tandha pindha widadari ngantih, neng soring wringin sungsang.
6. Kang saweneh punggawa piniji, asung penget pangreksaning raga, ing masa roga praptane, yeku Harya Kumukus, manjer dwaja neng pancaniti, tangeh yen winursita, satataning dalu, dungkap luwaring sewaka, Jaka Belek merem melek melik-melik, sasmita minta nendra.
7. Samantara wus banguning rawi, Hyang Purnama meh manjing ngancala, gumiwang surem sunare, sawung pareng kaluruk, kapiyarsa melung-melungi, mring kang kasuwen nendra, ywa kongsi kadarung, mengeta mring pangarcana, angluhurna gunge kawasaning Hyang Widdhi, kang nitah saniskara.
8. Dyan umimba punggawaning ratri, riyap-riyep ri Sang Panjer Rina, lir pasrah pangawasane, denya rumekseng dalu, pangasoning sagung dumadi, wus sedheng pinardiya, ngayati panggayuh, iyeging panambut karya, datan liyan Hyang Surya kang mirowangi, tuduh sidining sedya.
9. Tanggap mulat Hyang Harga naketi, dumipeng rat ambabar prabawa, sumirat-sirat sorote, mega sinungging wungu, graning arga pinulas wilis, samantara kawuryan, Hyang Surya wus mungup, ngancik pucaking aldaka, larut mirut tedhuhing dalu kalindhih, sumeblak tanpa sesa.
10. Anglur selur lakune wong tani, sareng mangkat maring papasaran, pating krengkot pikulane, weneh sikep waluku, maring tegal sawahe sami, si Gundhul nethek kandhang, kebone pinecut, ngucul sarwi tinumpakan, ngenak-enak neng gigir marep neng wuri, sembari ura-ura.
11. Melang-melung lelagon ginurit, alon bae “hir hir kiya kiya !”, uler kambang satitahe, nora napa kesusu, yen narima karsaning pasthi, lakune wis jinangka, jangkahe den ukur, kesusu amburu apa, yen wong murka anggake kudu ndheweki, wus turah durung nrima.
12. Nora menget adile Hyang Widdhi, denya mandum jatining pangrasa, tan pisan baukapine, sanggyaning kang tumuwuh, binageyang legi lan pait, nadyan silih darbeya, wisma lir swargagung, kinunci kancing kencana, nora wurung susahe nlesep nusupi, tumameng mangsakala.
13. Yen pinuntu pantoging gyat yekti, nora suka murka ngangsa-angsa, anjangka kang kae-kae, karana kang tinemu, nora liya suka lan sedhih, demange nora beda, lan si Gindhulpacul, mene seneng mene susah, yen narima sudahe mirut sumingkir, rampung tanpa prakara.
14. Ayem guyem kang kaya wak mami, repet-repet wus berag neng beran, ngadhang segering srengenge, molah nglalatih balung, ngulur otot ngingirih getih, lir kukila neng tawang, mina neng jro kedhung, sajege sun dadi bocah, durung wikan rasaning badan nglelentrih, mung bingar tyas pirena.
15. Temah tuwuh segere nartani, lengeningsung kiyale kalintang, mathekel katon kucinge, keneng sawabing ebun, kang sinebar ing maruta ris, woring sorot tembeyan, doyananing banyu, Hyang Surya tan kadang konang, denya mandum prabane sinami sami, tan mawang milih janma.
16. Lamun ngelak ingong darbe warih, kang sumreweh nuting padhas gempal, wening tur sumyah rasane, sakehing kang sinebut, omben-omben ingong kilani, mangsa silih nyundhula, lan segering banyu, mengko nadhah lan janganan, sambel rawit lalaban timun lan metir, segane beras anyar.
17. Setham-sethom segere kapati, yen wus enak weh kuwating raga, apa maneh jalukane, sore ngong mapan turu, aneng lincak lambaran widhig, mrenah wurining damar, sumamar neng ngundhuk, tentrem rasaning tyas ingwang, mung kumandel kinemulan ing Hyang Widdhi, bleg-seg tanpa mirasa.


Pethikan saka : Burat Sari II, S Prawiradihardja.

Negesi tembung :
1. Slisir = 1. Nyimpang, mleset; 2. Araning tembang tengahan.
mareng = mangsa kemareng, mangsa sabubare mangsa rendheng ngarepake ketiga, pancaroba.
tenggareng = tenggereng, penther, srengenge ora kalingan mendhung.
kadhar , turu kadhar = turu ing sajabaning omah.
ratri = bengi, wengi.
siang ratri = rina wengi.
ngraras = nglaras; diraras-raras = digagas-gagas.
dhedhet = kandel sarta peteng (tumrap mendhung)
tidhem = surem, sirep; tidhem premanem = sirep tanpa sabawa.
sasadhara = taranggana, lintang, kartika, sudama, wintang.
kawuryan = katon
menggep = nganggep.
sanggyaning dasih = sakabehing kekasihe.
cakrawala = garis awang-awang watesing bumi lan langit
cakra = bunderan, rodha, gegaman awujud rodha paring caringih.
cakra manggilingan = tansah mubeng kaya ubenge cakra.
cakrabyuha = gelaring perang.
winulat = dideleng
2. Ngawengi = ngubengi
kalangan (ng) =kambengan (k) = 1. papan kang kanggo adu-adu; 2. buwengan ing rembulan utawa srengenge.
kekalangan = mabur mubeng-mubeng
sumiwi = seba.
bale mandhakiya = omah kanggo nenepi (memuja)
pamase = ratu, pamasa.
kadulu = katon
parek = cedhak
parekan = kadang, seduluring ratu.
sajuga = siji
harya panjersurup = lintang panjer sore.
pramukya = pramuka, pangarep.
sawega = samekta, sumadhiya.
sawegung = kabeh.
pringganing ratri = bebayaning wayah bengi.
pringga = bebaya
nganglang pringga = tansah ngawekani (njaga) yen ana pakewuh.
pringganata = prajurit kang njaga kaslametane sang nata.
rat = jagad
3. Awor mawurahan = worsuh, campur adhuk.
narmada = kali, bengawan, benawi
angragancang = mbegagah, malang kadhak.
nyuwak = nyuwek.
sikareng laku = ngalang-alangi laku.
mangka pralampita = minangka pasemon (pralambang)
widada = tulus slamet, lestari slamet.
4. Nekawarna = anekawarna = a (n) eka warna = ora sawarna, warna-warna.
wadyaji = wadya +aji = prajuriting ratu
gegolongane = pangkate
waluku = lintang waluku (orion)
lintang gubug penceng = bintang pari
lintang bimasakti = galaksi bimasakti.
lintang alihan = 1. lintang kang cumlorot kayadene ngalih panggonan.
lintang kemukus = lintang kang mawa buntut sumorot, bintang berekor.
lintang lanjar ngirim = lintang kang cedhak karo gubug penceng.
5. Udadi = waudadi, segara, jaladri, jalanidhi,
sumewa = simiwi, seba, ngadhep marang
giyota = prau, baita, palwa
wringin sungsang = wringin oyode ana dhuwur.
praba = sorot
marakata = jumerut, mirah
sinung = sung + in =diwenehi
ngantih = nggawe lawe, nggawe benang
6. Roga = lara
dwaja = gendera, tetenger, ciri
pancaniti = pasewakan
tangeh = adoh
winursita = wursita + in = dicritakake.
lintang jaka belek = bintang mars
7. Rawi = srengenge
hyang purnama = rembulan nedhenge bunder.
purnama sidi = rembulan wutuh tanggal 14, 15. , gunggung neptune dina lan pasaran iya 14, 15 upama jumat paing = 6 + 9 = 15, kemis pon = 8 + 7 = 15, rebo pon = 7 + 7 = 14, rebo kliwon = 7 + 8 = 15.
ngancala = acala , gunung, giri, meru, parwata, prabata, hardi, ardi, redi, aldaka.
gumiwang = ngglewang.
kadarung = kadereng, kadreng, adreng
pangarcana = panembah, pakurmatan.
saniskara = sakabehe.
8. Pinardiya = diperdi, diudi, diparsudi.
ngayati = miwiti
sidining sedya = sampurnaning sedya
sidikara = donga
disidikara = didongani
9. Tanggap = gita, gape
ora nanggapi = ora nggape.
nanggap wayang = nganakake tontonan wayang
tanggapan = tontonan
tanggap warsa = wiyosan
tanggap sabda = wangsulan karangan ing layang kabar
naketi = nyaketi, nyedhaki
dumipeng rat = dipa + um ing rat = sumorot ing jagad
graning arga = pucaking gunung
wilis = ijo
aldaka = gunung
larut = ilang, katut ilining banyu
mirut = mengkeret
tedhuh = 1. timbreng; 2. mendhung; 3. lerem tumrap prahara.
kalindhih = kendhih, kalah
tanpa sesa = tanpa tilas.
10. Sembari = sinambi
11. Uler kambang (wangsalan) = lintah
12. Bau kapine = ora adil, pilih asih emban oyod emban cindhe
sanggyaning kang tumuwuh = sakabehing titah
tumameng masakala = teka ing sawektu-wektu
pinuntu = dipikir kanthi jero
demang = lelurahing bekel, sesebutaning sawenehing abdi dalem
demang ngiras tangkilan (pr)= dhayoh ngiras dadi peladen.
mene = sesuk
brat = birat = ilang
13. Beran = sawah beran, sawah bera.
14. Berag = 1. Seneng-seneng; 2. Wis brai, wis diwasa.
ngingirih getih = nresiki getih, ngilekake getih
ngirih kalen = ngresiki kalen.
kukila = manuk
mina = iwak
misaya mina = golek iwak
15. Nartani = mbarengi
kalintang = katon
mathekel katon kucinge = mathekel katon otote gedhe.
ris = aris , alon.
tembeyayan = tembeyan, sapisan
16. Kadang konang (pr) = seduluran sing diaku mung sing sugih.
mangsa silih sundhula = mangsa nganti padhaa.
nadhah = pangan
17. Ngong = ingong, ingsun, aku.

Selasa, 24 Februari 2009

Sangu Kagem Para Pemimpin

Ing wekdal punika nembe rame-ramenipun para priyantun sami nyalonaken dados anggota DPR lan sakedhap malih pilihan presiden. Para sesepuh Jawi anggadhahi betuah (petuah, Ind) unen-unen sarta ular-ular kangge sanguning para pangarsaning negari. Ular-ular punika awujud wangsalan lan sinawung ing sekar Dhandhanggendhis (Dhandhanggula). Kados makaten sekaripun :


Carang wreksa ingkang jamang tambir,
nora gampang wong mengku nagara,
baligo amba godhonge,
kudu santoseng kalbu,
tengareng prang andheging riris,
den teteg tranging cipta,
sendhang nir ing ranu,
sasat ana ing palagan,
kasang toya menyan seta munggwing ardi,
yen apes kawirangan.

Menggah isinipun sekar punika makaten : ora gampang wong mengku nagara, boten gampil dados pemimpin, utawi dados pangarsaning nagari. Sepisan, kedah santosa manahipun, boten kenging miyar-miyur, sanajanta dipun saruwe (kritik) saking ngrika-ngriki, kedah tetep teguh. Boten ateges boten purun mirengaken panyaruwe. Kedah mawi paugeran bilih tiyang nyaruwe (mengkritik) dereng mesthi yen leres. Ingkang sae dipun angge ingkang boten sae inggih kedah dipun bucal. Ingkang angka kalih : Pikiran kedah jejeg sarta ingkang terang (jernih), nindakaken paugeran (undang-undang) boten kenging emban cindhe emban siladan (pilih kasih). Sinten kemawon ingkang nindakaken piawon kedah dipun pidana, sanajanta dhumateng sedherekipun utawi kadangipun piyambak. Lan sinten ingkang nindakaken kasaenan dipun paringi ganjaran.
Ingkang angka tiga : Pangarsaning nagari (pemimpin) ibaratipun prajurit ingkang wonten tengah-tengahing paprangan (palagan) , kedah sanget pangatos-atosipun. Pemimpin kedah tansah migatosaken kawontenan para kawula alit. Kados dene cariyosipun dalang: paring teken dhateng ingkang kalunyon, paring boga dhumateng ingkang kaliren, paring sandhang dhateng ingkang kawudan, upami ngantos apes badhe nandhang wirang.
Sampun kathah para pemimpin ingkang ing akhiripun nandhang wirang jalaran apes. Apes jalaran tindakipun piyambak, apes karana boten saged matrapaken panguwaosipun, apes karana boten saged matrapaken paugeran lan apes karana saking bab-bab sanesipun. Pramila para pemimpin kedah ngatos-atos sanget anggenipun ngasta pusaraning praja.
Wonten malih para pemimpin ingkang ibaratipun :Gajah ngidak rapah, nerak angger-angger ingkang dipun damel piyambak. Contonipun negari ngedalaken Undang-undang Anti Korupsi, nanging taksih kathah para pemimpin ingkang taksih nindakaken korupsi. Bab-bab ngaten punika anjalari apesing para pemimpin.
Wonten conto ingkang sae, lan mugi-mugi kemawon ngantos salajengipun: SBY kaliyan JK mboten kersa ngasta mobil negari nalika ngawontenaken pepanggihan ngengingi bab sesambunganipun partai ingkang dipun pandhegani kekalihipun.

Tegese tembung :
carang wreksa = pang. wreksa = kayu.
jamang tambir = wengku. tambir = pinggir.
baligo amba godhonge = woh labu.
santoseng = santosa + ing.
tengareng prang = tengara perang, aba-aba perang = keteg.
riris = udan, jawah, jawuh, warsa. Warsa ugi ateges taun.
kasang toya = wadhah toya punika namanipun impes.
menyan seta munggwing ardi = menyan putih sing ana ing gunung = welirang.
ardi = parwata, giri, gunung, acala, wukir, redi, meru, prabata, aldaka.

Rabu, 19 November 2008

Serat Wulangreh

Anggitan :
Ingkang Sinuwun kanjeng Susuhunan Paku Buwana IV Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama
ing Surakarta Hadiningrat.


Dhandhanggula.

1.
Pamedhare wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dhahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan wruh yen akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.

Tegese tembung :
pamedhare = pamulange, ngandhakake, membicarakan.
medhar sabda = sesorah, pidato.
wasita = warsita, wursita, wewarah, piwulang, nasehat.
cumanthaka = kumawani, kumendel, memberanikan diri.
dhahat = banget, sangat.
mudha = bodho, balilu, punggung, bodoh.
ginunggung = gunggung + in = dibombong, dibesarkan hatinya.
angrumpaka = nganggit, ngripta, mengarang.
kalantur = kaladuk, ngayawara, omong kosong.
katula-tula = ngrekasa, asor, ora ana ajine.
rinuruh = ruruh + in = 1. pasuryan kang semu dhungkluk >< style="color: rgb(51, 51, 255);"> ririh = lirih, alon, pelan.
sasmita = sandi, kode, isyarat.


2.
Sasmitaning ngaurip puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruhing rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.


Tegese tembung:
ewuh = ribet, ora kepenak, repot.
tan jumeneng = ora ngenggoni, ora mangerteni, tidak mengetahui.
udani = weruh, tahu, faham.
darapon = supaya, supadi, supadya, supaya.


3.
Jroning Qur'an nggoning rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang uninga,
kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur,
ing satemah nora pinanggih,
mundhak katalanjukan,
temah sasar susur,
yen sira ayun waskitha,
sampurnane ing badanira puniki,
sira anggegurua.

Tegese tembung :
yekti = temen, sesungguhnya, sebenarnya.
uninga = weruh, tahu.
satemah = wusanane, akhirnya.
katalanjukan = ora bener, ora pas, tidak benar

4.
Nanging yen sira nggeguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sokur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing lyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.


Tegese tembung:
wirangi = wara' , wong kang ngedohi larang (maksiat), jauh dari perbuatan dosa.
amungkul = temen, putus, nora mangro tingal, istiqomah

5.
Lamun ana wong micareng ngelmi,
tan mupakat ing patang prakara,
aja sira age-age,
anganggep nyatanipun,
saringana dipun baresih,
limbangen lan kang patang,
prakara rumuhun,
dalil kadis lan ijemak,
lan kiyase papat iku salah siji,
anaa kang mupakat.

Tegese tembung:
micareng = micara + ing , mulang, ngandhakake, berbicara tentang.
mupakat = cocok, setuju, cocok.
nyatanipun = benere, benar.
baresih = resik, tliti, teliti.
limbangen = dipikir, ditandhingake, ditimbang.
rumuhun = dhisik, terdahulu.
dalil = hukum adhedhasar Al Qur'an
kadis = hukum adhedhasar pangandikane, tindake Kanjeng Nabi
ijemak = hukum adhedhasar pamanggihe para ulama.
kiyas = hukum adhedhasar lelakon kang nate kedadean.


6.
Ana uga kena denantepi,
yen ucul saka patang prakara,
nora enak legetane,
tan wurung tinggal wektu,
panganggepe wus angengkoki,
aja kudu sembahyang,
wus salat katengsun,
banjure mbuwang sarengat,
batal karam nora nganggo den rawati,
bubrah sakehing tata.


Tegese tembung:
legetane = dadine, wusanane, isine perkara(?)
angengkoki = bener, jumeneng, pada tempatnya.
katengsun = garisku
kat = khat = garis.
sarengat = syari'at, aturan agama kang kudu dilakoni.
den rawati = diopeni, dipelihara.


7.
Angel temen ing jaman samangkin,
ingkang pantes kena ginuronan,
akeh wong jaja ngelmune,
lan arang ingkang manut,
yen wong ngelmu ingkang netepi,
ing panggawening sarak,
denarani luput,
nanging ta asesenengan,
nora kena den wor kakarepaneki,
papancene priyangga.


Tegese tembung:
samangkin = saiki, sekarang.
ginuronan = diguroni, digurui.
jaja = adol, menjajakan.
asesenengan = manut karepe dhewe-dhewe, menurut kehendaknya pribadi.
kakarepaneki = kakarepan + iki = karepe iki, kehendaknya
papancene = jatah, takdir.
priyangga = dhewe, sendiri.

8.
Ingkang lumrah ing mangsa puniki,
mapan guru ingkang golek sabat,
tuhu kuwalik karepe,
kang wus lumrah karuhun,
jaman kuna mapan si murid,
ingkang padha ngupaya,
kudu anggeguru,
ing mengko iki tan ora,
kyai guru naruthuk ngupaya murid,
dadia kanthinira.


Tegese tembung :
mangsa = waktu, jaman, waktu.
sabat = sahabat, murid.
naruthuk = thruthukan, pergi kesana ke mari.
ngupaya = golek, mencari.
kanthinira = bature, rewange, muride, muridnya.

Jumat, 14 November 2008

Serat Tripama

Anggitan : KGPAA Mangkunagara IV

Dhandhanggula.

1.
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.

(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama.

2.
Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri domas,
katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.

(Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul, 2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.)

3.
Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.

(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.)

4.
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.

(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan ngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing paprangan.)

5.
Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.

(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R. Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.)

6.
Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.

(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna seneng banget atine jalaran oelh dalan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna gugur kena panah. Kondhang minangka prajurit kang utama).

7.
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.

(Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, nggolek kautaman.)

Tegese tembung :
yogyanira = becike, sebaiknya.
prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara.
kadya = lir, pindha, kaya, seperti.
nguni = jaman biyen, dahulu kala.
andelira = andel-andele , andalan.
lelabuhanipun = jasane, jasa.
ginelung = diringkes, dipadukan.
guna = kapinteran, kepandaian.
kaya = bandha donya, kekayaan.
purun = wani, gelem, keberanian.
nuhoni = netepi, menepati.
trah = turun, tedhak, keturunan
utama = becik, apik, terbaik.
lir = kaya, teges, makna, arti.
saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang.
karya = gawe, kardi, pekerjaan.
binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan.
sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya.
duk = nalika, ketika.
dhomas = 800. samas = 400.
tetela = cetha, terang, jelas.
aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu.
ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa.
ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang.
suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian.
darbe = duwe, mempunyai.
raka = kakang, kakak.
raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera.
de mung = dene mung , jalaran mung, hanya karena.
wanara = kethek, kapi, rewanda, kera.
kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah.
mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga.
sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia.
lenggana = nolak, mbantah, menolak.
datan = tan, ora, tidak.
labuh = berjuang.
yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu.
myang = lan, dan
arsa = arep, ayun, apti, akan.
punagi = sumpah.
palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh.
narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja.
kadang = sedulur, saudara.
suwita = ngabdi, menghamba.
kinarya = karya + in = digawe, dipakai.
agul-agul = andel-andel, andalan.
manggala = panglima
senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang.
manahe = atine, hatinya.
pikantuk = oleh, mendapat.
marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya.
kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian.
jinemparing = jemparing + in = dipanah.
sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal.
wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat.
katri = katelu, ketiga.
sudarsaneng = sudarsana + ing = conto.
amirita = nirua, ikutilah.
kongsi = nganti, sampai.
dumadi = titah, makhluk.
marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha.
kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.

Pengikut

Matur Nuwun ...