Sasampunipun menika
thukul basa Jawi Tengahan. Basa Jawi tengahan menika miturut Poerbatjaraka basa
Jawi antawisipun basa Jawi Kina lan basa Jawi jaman samangke. Thukulipun nalika
mumbul-mumbulipun kraton Majapait. Serat-seratipun ingkang gancaran
antawisipun:
1.
Tantu Panggelaran, gancar. Nyariyosaken Bathara
Guru nitahaken manungsa ing tanah Jawi. Nalika samanten pulo Jawi taksih
gonjang-ganjing dereng tetep trepipun. Bathara Guru lajeng dhawuh dhateng para
dewa supados ngusung redi Semeru saking tanah Indhu. Redi lajeng kapogog
pucakipun lajeng kausung dhateng tanah Jawi, dhumawah ing kilen, tanah Jawi
lajeng njomplang. Redi kausung mangetan samargi-margi cuwil dhawah dados redi
Katong (Lawu), redi Wilis, redi Kampud (Kelud), redi Kawi, redi Arjuna, redi
Kemukus, pucakipun dados redi Semeru. Wiwit menika tanah Jawi saweg tetep
trepipun, boten menggang-menggung.
2.
Calon Arang, gancar. Boten kasumerepan ingkang
ngarang. Dongengipun makaten. Mbok Randha ing Girah (Calonarang) nggadhahi anak
estri namanipun Retna Manggali. Sareng sampun ngancik diwasa boten wonten
ingkang purun nglamar. Mbok Randha mangkel, tiyang sanegari dipuntenung, kawula
ing Kadiri kenging pageblug, sakit sonten pejah, sakit sonten enjing pejah.
Sang Prabu Erlangga utusan prajurit
supados ngrampungi mbok Randha kalawau, nanging boten mrantasi damel. Sang Prabu lajeng utusan Mpu Baradah.
Mpu Baradah kagungan murid Mpu Bahula. Mpu Bahula dipunutus nglamar Retna Manggali. Kedadosan, dipunramekaken pitung dinten pitung dalu. Lugunipun Mpu Baradah nggadahi sedya bilih Mpu Bahula kapurih nyolong kitabipun mbok Randha. Sareng sampun pikantuk, tumuli dipunaturaken dhateng Mpu Baradhah. Sasampunipun nyumerepi kitab wau, Mpu Bahula supados mangsulaken kitab wau ing papanipun sakawit. Mbok Randha ngertos lajeng nesu. Mpu Baradhah dipuntantang adu katiyasan, wasana mbok Randha Calonarang pejah.

3.
Tantri Kamandaka, gancar. Isinipun cariyos
dongeng kewan kados Serat Kancil, babonipun mendhet saking Pancatantra, basa
Sangskerta asli saking tanah Indhu.
4.
Korawaçrama, gancar. Isinipun, Korawa badhe
kadamel males ukum dhateng Pandhawa. Bagawan Abiyasa dipunaturi nggesangaken
Kurawa sakancanipun, sareng sami gesang malih, nanging dereng ngantos males
ukum seratipun sampun telas.
5.
Pararaton, gancar. Nyariyosaken gesangipun Ken
Angrok wiwit lair dumugi ngajal, ngantos risakipun Majapait
Ingkang awujud sekar (kidung) antawisipun :
1.
Dewa Ruci, mawi sekar. Isinipun nyariyosaken
Sang Bima mangkat dhateng seganten, anggebyur. Kapanggih naga nami sang Nabatmawa
lajeng perang, sang naga pejah. Sang Bima dumugi ing pulo dunungipun sang
Dewaruci, kapanggih. Bantah sawetawis, lajeng sang Bima kadhawuhan mlebet
dhateng badanipun sang Dewaruci, uninga warni-warni lajeng dipunwejang. Dumugi
samanten seratipun telas.
2.
Sudamala, mawi sekar. Ing ngriki sampun wiwit
wonten sekar macapat. Isinipun bathari Durga dipunruwat dening Sadewa.
Sasampunipun sampun karuwat, rupinipun santun ayu malih. Kangge atur panuwun
dhateng sang Sadewa, sang Sadewa dipun paring nami sang Sudamala, ingkang
tegesipun ngresiki rereged.
3.
Serat Kidung Subrata, mawi sekar macapat.
Isinipun bab filsafat.
4.
Panji Angreni, mawi sekar. Isininipun :
Bageyang angka satunggal, nyariyosaken Raden Panji mundhut garwa dewi Angreni salajengipun ngantos dhaupipun sang Raden kaliyan dewi Candrakirana.
Baeyan angka kalih nyariyosaken ratu ing Nusa kencana remen dhateng dewi Ngrenasara. Sang dewi purun anggeripun dipunmaru kaliyan dewi Candrakirana. Ratu ing Nusa Kencana nglurug perang dhateng Kadhiri, pejah dening sang Panji. Dewi Ngrenasara dening Begawan Narada dipundadosaken satunggal kaliyan dewi Candra Kirana, nama Candraswara.
Bageyan angka tiga nyariyosaken, wonten pandhita ing Atas-angin tapa wonten ing arga Jambangan. Gadhah anak estri name Bikang Murdeya, saha anak jaler 13. Ingkang pambajeng nama Bambang Swatama. Bambang Swatama kepingin rabi angsal dewi Candra Kirana. Sasedherekipun malih dados raden Panji sakadang-kadeyanipun. Bikang Murdeya memba-memba Ragil Kuning, lajeng sami mangkat dhateng Jenggala, rebatan dewi Candra Kirana. Perang kembar-kembaran, ingkang mindha-mindha badhar saha pejah ing paprangan. Bikang Murdeya ugi badhar , lajeng kapundhut selir raden Panji.

Serat Sri Tanjung, mawi sekar. Serat Sri Tanjung
nyariyosaken dumadosing name kitha Banyuwangi.
wonten lajengipun ….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar