Senin, 29 Juni 2015

NEGARA BAWAHAN MAJAPAIT.




Ing ngisor iki negara-negara kang disebutake ing Negarakrtagama minangka wilayahing Majapait ing jaman samana.  Ing jaman biyen negara ateges kutha. Panjenengan isih pirsa negara ngendi wae?  

[Pupuh 13]
1.      lwir niɳ nusa pranusa pramukha sakahawat / ksoni ri malayu,
naɳ jambi mwaɳ palembaɳ karitan i teba len / darmmaçraya tumut,
kandis kahwas manankabwa ri siyak i rkan / kampar mwan i pane,
kampe harw athawe mandahilin i tumihaɳ parllak / mwan i barat.

Jarwane kira-kira:

Pupuh 13
Pulo pulo liyane kabeh kang kebawah sing paling utama  Malayu, Jambi, sarta Palembang, Karitang, ing Toba lan uga Darmasraya katut . Kandis, Kahwas, Minangkabau, ing Siak, ing Rokan, Kampar sarta di Pane. Kampe, Haru, lan maneh Mandailing, ing Tumihang, Perlak, lan ing Barat.

Ing sabanjure teks mung jarwan wae .

Lwas  (Los ?) lan  Samudra sarta ing Lamuri, Batan, Lampung lan uga ing Barus. Yaiku sing paling utama  bumi Melayu kabeh wis padha tundhuk. Negara-negara ing Pulo Tanjungnegara; ing  Kapuas lan ing  Katingan, Sampit, sarta Kota Lingga, ing  Kota Waringin, Sambas,sarta ing Lawai.

Ing tanah bawahan  Pahang sing utama Hujung Medini (tanah ujung) .  Langkasuka, lan uga ing Saimwang, ing Kelantan, ing Trengganu, Nashor , Pakamuar, Dungun, ing Tumasik, ing Sanghyang Hujung , Kelang serta Kedah. Jerai, ing Kanjap ing Niran, sapulo kumpul dadi saji..

Pupuh 14
Kandandangan, Landa, lan uga Samadang lan Tirem ora pisah. Ing Sedu, Buruneng, ing  Kalka, Saludung, ing Solot, Pasir. Barito, ing  Sawaku, sarta di Tabalung, ing Tunjung Kutei. Lan  ing  Malano  utamane ing Tanjungpuri.

Ing sawetane tanah  Jawa, bakal dicritakake  Bali utamane Badahulu lan Lo Gajah.  Gurun sarta Sukun, Taliwang, Pulo Sapi, lan Dompo.  Sang Hyang Api, Bima, Seran, Hutan Kandali ngumpul dadi siji.

Sarta ing pulo  Gurun, sing diarani ing  Lombok Mirah (Lombok Abang ?). Lan tumeka ing Sasak kang subur kaparentah kabeh . Sarta tanah ing Bantalayan sing utama Banatayan lan uga  Luwuk. Tekan Udamaktraya sapulo kumpul.

Kang saka pulo-pulo Makasar, Buton, Banggawi Kunir, Galiyao, serta ing Salayar, Sumba, Solot, Muar. Sarta tumeka ing Wanda (n), Ambon utawa Maluku, Wanin, ing Seran, ing Timor, lan pulo-pulo liyane ..


Selasa, 23 Juni 2015

REMBUG BAB CANDHI DERMO.




Ing Negarakretagama pupuh 77 pada kapisan ana tetembungan “Nandinagara”. Tembung mau unine memper karo karo jenenge desa  panggonan candhi Derma yaiku desa Candhinagoro. Saliyane iku uga ana tembung “Waharu” kang kira-kira bisa dipesthekake panggonan iku dadi desa Waru sing saiki iki.
Kaping pindhone candhi ing Candhinagoro kasebut karan Dermo. Tembung iki apa ora saka tembung Dharrma kang ateges makam kaya ing tembung dinarmeng ing Kagenengan sing tegese dimakamake ing Kagenengan.

Ing pupuh kasebut diterangake mangkene :

Pupuh 77
1.      nahan muwah kasugatan / kabajradaran akrameka wuwusen,

içanabajra ri nadi tada mwan i mukuh ri samban i tajuɳ,

lawan tan amrtasabha ri baɳbaniri boddi (125b) mula waharu,

tampak / duri paruha tandare kumudaratna nandinagara.

Kira-kira jarwane mangkene :

Mangkono sabanjure desa kabudhan kabrajadaran bakal dituturake ,
Içanabajra , ing  Naditara, sarta ing  Mukuh, ing Sambang,  ing  Tajung,
Lan  Amretasabha , ing Bangbangi, ing Bodimula, Waharu,
Tampak Duri, Paruha, Tandara, ing Kumudaratna, Nandinagara

Katrangan :
Kabrajadaran yaiku sekte utawa alirane wong-wong kang ngrasuk agama Tantri Bajrayana
Kanthi bukti mau ateges candhi Derma wis ana nalika Negarakrtagama katulis kanthi sengkalan adri – gaja - aryyama ( gunung – gajah – srengenge ) ing taun 1287 Ç /1365 M.

Rabu, 10 Juni 2015

SESELAN IN.



Trap-trapane seselan IN lumrahe manggon ana antarane swara  mati (konsonan) lan vokal (swara urip) ning wanda kapisan. Nanging ing basa Jawa anyar ana sawenehe tetembungan kang manggone seselan IN mau ana ing purwaning tembung, yaiku ana tembung-tembung kang apurwa vokal. Pangrimbage tembung kang kaya mangkono iku satemene niru pangrimbage tembung ing basa Kawi. Tembung kang kawuwuhan seselan IN lumrahe wis arang-arang kanggo ing basa padinan, kanggone ana ing basa rinengga, basa wayang  ing pedhalangan, utawa ing kasusastran.
Gunane seselan IN yaiku kanggo mangun tembung kriya tanggap, maknane padha karo ater-ater DI. Rimbage diarani RIMBAG TANGGAP NA. Tuladha :
I.                    Seselan IN kang sumambung tembung kang apurwa konsonan.
binalang  < balang + in = dibalang
binangun  < bangun + in = dibangun
dhinupak < dhupak + in = didhupak
dinugang < dugang + in = didugang
ginanjar < ganjar + in = diganjar
ginelung < gelung + in = digelung
jinupuk < jupuk + in = dijupuk
pinitados < pitados + in = dipercaya
rinungu < rungu + in = dirungu
tinampa < tampa + in = ditampa
tinuku < tuku + in = dituku
tinulis < tulis + in = ditulis
winahya < wahya + in = diwedhar
winicara < wicara + in = diomong, dikandhakake

II.                  Seselan IN kang sumambung ing tembung kang apurwa vokal.
Seselan IN kang sumambung ing tembung kang apurwa vokal lumrahe owah dadi ING. Tuladha :
ingadhep < adhep + in = diadhep
ingadu < adu + in = diadu
ingagem < agem + in = diagem
ingaran < aran + in
ingangkah < angkah + in = diangkah
ingapit < apit + in = diapit
ingarah-arah < arah –arah + in = diarah-arah
ingasta  < asta + in = diasta
ingidak < idak + in = diidak
ingirid < irid + in = diirid
ingiring < iring + in = diiring

III.                Konfik seselan IN lan panambang AN
Tembung-tembung kang kawuwuhan seselan IN banjur kawuwuhan panambang AN (konfik IN – AN) tegese padha karo tembung kang kawuwuhan ater-ater DI lan kawuwuhan I (konfik DI –I). Rimbage diarani RIMBAG TANGGAP I KRIYA. Tuladha :

ginrayangan < grayang + in + an = digrayangi
ingalangan < alang + in + an = dialangi
inganggonan < anggon + in + an = dianggoni
ingideran < ider + in + an = diideri
lineksanan < leksana + in + an = dileksanani
rinemenan < remen + in + an = diremeni, disenengi
rinenan < rena + in + an = direnani , disenengi
sinembadan < sembada + in + an = disembadani
tinampanan < tampa + in + an = ditampani
tinulisan < tulis + in + an = ditulisi
tinutuhan < tutuh + in + an = ditutuhi


IV.                Konfik seselan IN lan panambang AKE (AKEN).
Tembung kang nganggo konfik IN + AKE (AKEN) arang banget kanggo ing basa padinan. Sanajana ing buku-buku sastra uga arang tinemu. Rimbage diarani RIMBAG TANGGAP KE KRIYA. Tuladha :
kinanthilaken < kanthil + in + aken = dikanthilaken
rinaketake < raket + in + ake = diraketake
winulangken < wulang + in + aken (ken) = diwulangake

Selasa, 09 Juni 2015

CANDHI DERMA.




Candhi Derma (Dermo) manggone ana ing dhusun Candhi Santren, Desa Candhi Negara (Candi Negoro), kecamatan Wonoayu, kabupaten Sidoarjo, Jawa Wetan. Dhuwure kira-kira 13,50 meter. Lumrah kaya candhi-candhi ing Jawa Wetan candhi iki digawe saka bata. Kahanan ing wektu iki wis rusak. Nanging isih katon blegere candhi jalaran wis nate direnovasi dening pamarentah Walanda. Ing wektu iki wis diwiwiti renovasi kanggo ndandani candhi supaya ora kebanjur-banjur rusake.
Renovasi jaman Walanda isih katon tilase, kacetha ing candhi mau ana campuran koral lan semen. Perlu uga dimangerteni panggawene candhi ing jaman Majapait iku mung sarana digosok-gosokake ing antarane bata siji lan sijine, ora nganggo luluhan babar pisan.
Lan uga ukurane bata, bata sing asli wujude gedhe-gedhe nanging bata kang sulaman ukurane rada cilik lan nganggo luluhan.
Sapa sing gawe utawa sing mrentahake gawe candhi iku durung kaweruhan kanthi cetha. Ana sing kandha yen candhi iki didegake dening Adipati Terung nalika jamane ratu Hayam Wuruk. Nanging kabar iki durung pati cetha. Kadipaten Terung nalika samana sing madeg dadi Adipati yaiku Adipati Kusen (Husain) isih kaprenah adhine Raden Patah. Lamun iku bener mesthine jamane ya  wis adoh yen ditandhingake karo Prabu Hayam Wuruk.
Nitik wangune candhi Dermo arupa gapura, memper kaya wangune candhi Bajang Ratu ing Trowulan. Mula ora aneh yen wong-wong ing sakiwa tengene kono ngarani candhi gapura. Gapura ateges lawang. Candhi iki mesthine lawang kanggo mlebu ing wewangunan suci kang ana ing sisih wetane. Nanging wangunan suci iki mau nganti saiki durung ditemokake.
Ana kabar saka Negarakertagama karangan Mpu Prapanca, nalika ndherekake tindake Sang Prabu Hayam Wuruk tetinjo menyang desa ngadesa mangkene unine :
prapteɳ darmma riɳ pañcaçara tumuluy / datn i kapulunan siramgil,
ndan lampah rakawin / lumaryyamgil iɳ waru ri herin i tira tan madoh,
Sloka iku yen disalini nganggo basa Jawa anyar  kira-kira :
Teka ing candhi makam Panchasara, banjur nginep ana ing Kapulungan, sabanjure lakune sang Rakawi nginep ana ing Waru, ing Hering, ora adoh saka pasisir  (tira = pinggir, pesisir?)
Desa Kapulungan saiki lan desa Waru kang saiki ora patia adoh, apa maneh karo karo candhi Derma. Ing cedhake Kapulungan uga ana candhi sing saiki diarani candhi Gunung Gangsir.  Ing kene kira-kira kena dipasthekake yen Candhi Derma mau wis ana sadurunge prabu  Hayam Wuruk madeg dadi ratu. Banjur pitakonane jamane ratu sapa candhi Derma iki dibangun ?
Yen diurut mandhuwur, Surabaya lan Sidoarjo saiki iki kalebu wewengkone Negara Jenggala. Kamangka  Jenggala iku anane nalika sawise surude Prabu Erlangga. Pancene ing Sidoarjo akeh patilasan arupa candhi, kayata candhi Pari, candhi Sumur. Enggal-enggal iki uga ditemokake papan patilasan  kang arupa pondhasi wewangunan kuna ing desa Terung Wetan , kecamatan Wonoayu. 


Pengikut

Matur Nuwun ...