Tampilkan postingan dengan label 00 KABAR ANYAR. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label 00 KABAR ANYAR. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 26 Mei 2018

AYO NGREKSA SEGARA





JALANIDITAH SARVA JIVITAM.

Ukara saka basa Sanskrit kang ana baliho iku yen ditegesi awagan wae, kira-kira tegese segara iku sakabehing urip, utawa segara iku sumbering urip, utawa segara iku sakabehing panguripan. Jaladhi utawa jalanidhi tegese segara, samudra, jaladri. Sarva tegese kabeh, sakabehe, sabarang kalir. Jiivita tegese urip, penguripan utawa kauripan (koripan).
            Miturut panemune para sarjana, makhluk kang urip neng alam donya iki kawiwitan saka segara. Kawitan thukul thukulan sasel, rong sel, nganti yutan sel. Kewan uga mangkono, diwiwiti saka kewan sasel, rongsel nganti kaya saiki kang tinemu ing alam donya. Kabeh mau kawiwitan saka segara. 80 persen saka barang kumelip kang urip ing alam donya ana ing segara. Warnane kewan ing segara luwih akeh katimbang kewan ing dharatan. Segara njurung kekuatan alam kanggo njaga penguripan ing planet bumi. Tanpa segara ora bakal ana barang utawa makhluk kang urip ing salumahing bumi.
            Segara mrebawani sarta ngatur iklim ing bumi, lan ngatur cakra manggilinganing banyu, karbon lan nitrogin. Segara nyedhiyakake protein sarta pangan sing pokok yaiku iwak, urang, kerang, mamalia laut, lan rumput laut. Gunane segara liyane kanggo sarana transportasi kang murah, pembangkit listrik, sumber mineral utawa barang-barang pelikan. Kabeh mau kanggo kepentingane manungsa. Mula ayo padha dijaga supaya aja nganti rusak, segara bisa lestari kanggo anak putu.
            Kita bisa njaga segara kanthi cara ing antarane :
1.      Ora ngrusak habitat iwak, kayata ngrusak terumbu karang, nggolek iwak nganggo bom, ngracun iwak, golek iwak nganggo jarring kang bisa ngrusak terumbu karang, ngatur papan sarta wektu daerah kang kena dipanen iwake, lan mbudidayake iwak kang lumrahe dikonsumsi dening manungsa.
2.      Aja mbuwang uwuh utawa sampah saenggon-enggon. Sampah utawa uwuh bakale utawa tundhone nglumpuk ana segara. Utamane uwuh saka plastic. Negara sing paling ora breduli ngenani uwuh plastic ing antarane Indonesia saliyane Tiongkok.

Kamis, 26 Oktober 2017

ANUGERAH SUTASOMA.



Bale Basa Jawa Wetan (Balai Bahasa Jawa Timur) nembe iki (26/10/217) wis paring nugraha para-para sing kasdu ngleluri lan ngipuk-ipuk budaya sastra (budaya literasi) ing Jawa Wetan. Nugraha kasebut diwenehi  tetenger “Anugerah Sutasoma”. Tembung Sutasoma dijupuk saka irah-irahan buku karangan Mpu Tantular. Buku kasebut isine wujud kakawin yaiku tembang ing jaman kuna. Ya buku kasebut kang ngemot unen-unen kang saiki dadi semboyane Negara RI “Bhineka Tunggal Ika”. Kanthi njupuk jeneng Sutasoma, pangarsa Bale Basa kagungan pangajap supaya donyane sastra, apa iku sastra nasional apa dene sastra daerah bisa luwih maju lan ngrembaka.
Ing taun 2017 iki, Nugraha “Anugerah Sutasoma” kasebut diparingake marang :
1.      Guru basa dan sastra Indonesia: Nanik Masriyah (SMP N 1 Kudu Jombang).
2.      Guru basa dan sastra daerah: Supono (SMP N 1 Bangorejo Banyuwangi).
3.      Esai/kritik sastra: Buku “Sastra yang Melintasi Batas dan Identitas” dening Yusri Fajar.
4.      Karya sastra basa Indonesia: Buku puisi “Meditasi Kimci” dening Tengsoe Tjahyono
5.      Novel “Ledhek Saka Ereng-Erenge Gunung Wilis” dening Tulus Setyadi.
6.      Sastrawan: Suharmono Kasiyun.
7.      Komunitas Sastra: Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB)
Muga-muga kanthi anane ANUGERAH SUTASOMA kasebut jagading sastra ing Jawa Wetan bisa luwih ngrembaka. Lan muga-muga Bale Basa Jawa Wetan tansah bisa anggeganjar kang luwih murwat. Ganjaran kang murwat mahanani para pengarang, pangripta nduweni semangat kang makantar-kantar bisa ngabdekake uripe tetep makarya kanggo kaluhurane bangsa lan Negara.

Gambar : Pak Harmono Kasiyun lagi maos geguritan sawise nampa nugraha “Anugerah Sutasoma”.

Minggu, 30 Agustus 2015

WISATA MENYANG WADHUK SELOREJO.




Salah sawijining papan wisata ing dhaerah Malang yaiku wadhuk Selorejo. Dununge ana ing desa Pandhansari kecamatan Ngantang. Saka kutha Malang dohe kira-kira 50 km. Panggonan iki yen disangkani saka kutha Malang arah menyang Batu, Pujon, banjur munggah jurusan Jombang utawa Kediri. Saka kutha Batu dalane wiwit munggah menggak-menggok. Mula yen nitih kendharaan dhewe kudu ngati-ati. Saliyane dalan ciyut ing ing pinggire ana jurang kang rada jero. Sing baku ora mangan dalan.
Sadurunge teka Ngantang, yaiku ing dhaerah Pujon uga ana papan wisata sing kalebu kondhang yaiku Coban Randha. Coban Randha iku awujud  grojogan kang ora ana enteke. Banyune bening, hawane adhem tur sesawangane nengsemake ati. Pancene papan iki dadi jujugane para wisatawan ing dhaerah Malang sakiwa tengene. Saka papan wisata Coban Randha, dalane terus munggah nganti teka Ngantang.
Saliyane disangkani saka Malang, uga bisa disangkani liwat Jombang. Wisatawan saka Jombang, Mojokerto lan sakiwa tengene bisa liwat Ngoro, Kandhangan, Kasembon  banjur Ngantang. Dene wisatawan saka daerah Kediri, Nganjuk lan sakiwa tengene bisa liwat Pare, Kandhangan, Kasembon , Ngantang. Saka dalan gedhe Malang – Jombang ana papan petunjuk ing desa Kambal kang nuduhake arahe wadhuk Seloreja. Dohe saka kono kira-kira 5 km. 

Hawa ing wadhuk krasa adhem. Pancene papan iki dhuwure kira-kira 650 m saka lumahing segara. Sawise tuku karcis, banjur mlebu ing papan wisata. Banyune wadhuk katon bening lembak-lembak katiyup angin. Ing kono wis disedhiyani prau kanggo wong kang kepingin praon ing wadhuk. Dolanan kanggo bocah-bocah uga ana. Saupama wisata karo ngajak bocah-bocah, wis bisa dipesthekake yen bocah– bocah bakal krasan. Sapa sing kepingin njajan utawa ngiras uga disedhiyakake. Ing pinggiring wadhuk ana dalan kang ngubengi wadhuk. Ing pinggiring dalan mau ana omah utawa villa kanggo panginepan. Mula yen kepingin ngrasakake atise hawa wadhuk panjenengan takaturi nginep ing pinggiring wadhuk mau. 

Emane, ing dina iki banyune susut akeh banget, krana ketiga dawa kang wis pirang-pirang wulan ora ana udan. Ing tengah wadhuk katon ana prau kang nyedhot wedhi saka dhasare wadhuk. Wedhi mau diilekake menyang spill way banjur mili menyang kali ing sangisore. Saupama wedhi mau ora disedhot, kamangka sedimentasi ing wadhuk kalebu dhuwur, bisa dipesthekake umure wadhuk ora bakal suwe.  Sanajanta mangkono ora nyuda kaendahane wadhuk.
Wadhuk Selorejo dikupengi gunung-gunung kang dhuwur. Gunung kang cedhak katon ijo royo-royo, sangsaya adoh katon sangsaya biru, ing wusana ora ana bedane antarane gunung lan langit. Ing ereng-erenge gunung katon omahe para warga desa kono, yen disawang saka kadohan katon tundha – tundha. Endah nengsemake ati.
Sesawangan ing ngisore bendungan katon ana kali kang mili saka wadhuk. Kaline katon menggak menggok kaya ula naga kang lagi mangsa jalma. Watu ing tengahing kali kang gedhene sagajah-gajah mung katon cilik. Ing sakiwa tengena kali ana pesawahan kang subur, katon ijo royo-royo. Ing sadhuwure pasawahan ana karang padesan kang sajake katon ayem tentrem.
Ing kadohan –ing ereng-erenge gunung- katon gendera abang putih kang gedhe banget. Gendera awarna abang putih. Werna kang nyolok bedane antarane werna abang putih karo werna ijone gunung. Ya ing kono iku papan kanggo terjune para atlit paralayang. Mula yen panjenengan atlit paralayang ora ana alane nyoba terjun (anjlog) saka wewengkon kono.
Wadhuk Selorejo wiwit dibangun ing taun 1963, rampung ing taun 1970, banjur diresmekake ing taun 1970 iku uga dening Presidhen Suharto. Paedahe wadhuk Selorejo kanggo ngendhalekake banjir, kanggo ngoncori sawah utawa pengairan, pembangkit tenaga listrik, kanggo papan wisata lan uga kanggo perikanan dharat. Kanthi anane wadhuk Selorejo lan bendungan Karangkates wilayah aliran Kali Brantas saiki wis arang-arang banjir.
Data teknis bendungan, type bendungan arupa bendungan urugan lemah. Bendungan iki mbutuhake urugan lemah 2.000.000 meter kibik. Ambane bendungan sisih ngisor 300 meter, dene ambane pucaking bendungan 8 meter. Dawane bendungan ing pucak ana 447 meter. Dhuwure bendungan saka dhasare kali 46 meter. Dene dhuwure bendungan saka lumahe segara 625 meter.
Sing arep ngersakake wisata menyang Selorejo, sumangga !

Jumat, 10 April 2015

MACAN




MACAN (Panthera tigris)
Macan kramane sima.
Macan dasanamane : sardula, mong, arimong, sima.

Tembung sardula, mong, arimong asale saka basa Jawa Kuna, dene tembung sima (simha) asale saka basa Sangskerta.
Ing basa Sangskerta sima iku padha karo singa. Tuladha :
Singhakara = simhakara : apengawak  singa,
singhadherya = simhadhairya : kendel kaya singa.
Singhanadha = simhanadha : panggerone singa

Miturut AA Mc Donell :
simha = lion,
simhadatta = name of an Assura,
simhadeva = name of a prince,
simhanada = lion’s roar; war cry; name of an Assura; of a son of Ravana; of a king of Malaya.
simhapura = name of a town.

Ana pitakonan antarane macan karo singa iku rak ora padha, kena apa jenenge padha ?
Ing India ana  macan lan uga ana singa. Dene ing tanah Jawa sing ana mung macan. Macan sing urip ing tanah India jinise kalebu Macan Benggala (Panthera tigris tigris) dene sing urip ing tanah Jawa jinis macan Jawa (Panthera tigris sondaica). Singa basa Latine :Panthera leo.
Ana buku sing nerangake yen anake macan jenenge “gogor”, dene anake singa jenenge “dibal”. Ing bausastra Poerwadarminta tembung “dibal” ora ditemokake, sing ana tembung “gedibal “ sing tegese : 1 lemah sing lumengket ing sikil; 2 batur. Gedibal sampeyan = baturmu (aku), kacethakna : dibal, kedibal.

Sabtu, 04 April 2015

SONG




Song tegese rong gedhe (growongan) ing pinggir kali utawa jurang, lsp. Ing basa Kawi tegese tembung song yaiku aub, payung. Disongi tegese diaubi, dipayungi. Kasongan ing akasa tegese dipayungi akasa utawa langit.
Wong kalang ing jaman kuna jalaran durung manggrok mula yen udan lan panas ngeyub ana ing song mau. Song uga kanggo papane turu ing wayah bengi.
Song Terus mapane ing desa Wareng, kecamatan Punung, kab Pacitan, ing sacedhake guwa Tabuhan. Ing song mau ditemokake barang-barang patilasan wong-wong kalang ing jaman kuna (jaman PALEOLITIKUM) kang karan HOMOSOLOENSIS. Homosoloensis uga ditekomakake ing Ngandhong , Ngawi. Barang-barang kuna mau ditemokake dening Von Koenigswald arupa kapak gegem (kapak genggam) kang diarani Chooper. Diarani kapak gegem jalaran ora diwenehi garan.

Pengikut

Matur Nuwun ...