Jumat, 30 Januari 2009

Neptune Dina lan Pasaran

Kanggo ngapalake neptune dina lan pasaran, sinawung ing tembang.

Asmaradana.

Setu sanga lawan Paing,
Ahad Legi neptu lima,
Senen Wage pat neptune,
Salasa neptunya tiga
Rebo Pon pitu ika,
Kemis Kliwon sami wolu,
Jumuwah nenem etungnya.

Neptune dina : Ahad = 5, Senen = 4, Selasa = 3, Rebo = 7, Kemis = 8, Jumat = 6, Sabtu = 9,
Neptune pasaran : Paing = 9, Pon = 7, Wage = 4, Kliwon = 8, Legi = 5.


Kanggo ngapalake cacahe wuku sinawung tembang ing ngisor iki .

Dhandhanggula.

Sinta Landep Wukir Tolu Kranthil,
Warigagung Julungwangi Sungsang,
Gumbreg Warigalit Wuye,
Kuningan Julungpujud,
Mandhasiya Galungan Langkir,
Mrakeh Tambir myang Maktal,
Pahang Kuruwelut,
Medhangkungan Wugu Wayang,
Klawu Dhukut Prangbakat klawan Manahil,
Watugunung tridasa.

Kamis, 29 Januari 2009

Witing Klapa

Muridku, nalika samana aku mulangake wangsalan. Sing dak enggo conto yaiku lelagon "Witing klapa". Mesthi panjenengan isih apal lelagon iku. Cakepane (syaire) mangkene :

Witing klapa jawata ing ngarca pada,
salugune wong wanita, adhuh ndara,
kula sampun njajah praja,
ing Ngayogya Surakarta.

Tembang utawa lelagon iku ya wis daktembangake bareng-bareng karo murid liyane. Mula pangiraku, ya mesthi wis apal kabeh. Nuju sawijining dina aku menehi ulangan kanggo bocah-bocah. Salah sawijine bahan kanggo ulangan yaiku "wangsalan". Wangsalan iku unen-unen kang saemper cangkriman nanging batangane wis ana ing samburine. Soale mangkene :

Terusna wangsalan ing ngisor iki !
Witing klapa ...................
Mesthine jawabane :
Witing klapa jawata ing ngarca pada,
salugune wong wanita lan sateruse . Wit klapa iku jenenge glugu.

Jawabane muridku :
Witing klapa, mateng-mateng kabeh.
Piye ca, yen kaya ngene ???

Rabu, 28 Januari 2009

Jaran Sunat.

Sing arep dakcritakake iki sawijining priyayi Angkatan Laut. Nalika semana kerawuhan bapake sing asli priyayi Sala. Nalika mertinjo menyang Surabaya putune lanang pamitan marang mbahe" Mbah kula badhe ningali kapal selam" kandhane putu mau marang mbahe.Sanalika mbahe kaget , ngendikane " Lho le, bedhug-bedhug arep menyang endi? Arep nonton jaran sunat?? Ana ngendi ana jaran sunat?"
Putune wis ora ngrungokake pitakone mbahe, mlayu mbradhat wae. Ibune si bocah ana ing jero dalem gumuyu kekelen banjur ngendika marang mbahe," Sanes jaran sunat, mbah. Kapal selam punika .... baita silem."
Mbahe ngendika, " Ooooo, dak kira ana jaran sunat."
Lha yen ana jaran sunat iku njur sing gelem nyunati ya sapa ? Piye ca?

Selasa, 27 Januari 2009

CTL

Metode pembelajaran CTL (Contextual Teaching and Learning) saiki lagi anget-angete dirembug ing kalangan para guru. Metode pembelajaran iki mujudake metode sing paling gres ing jagading pendidikan ing dalem konsep KBK (Kurikulum Berbasis Kompetensi). Pengertiane, yaiku konsep belajar yang membantu guru mengaitkan materi yang diajarkan dengan situasi dunia dan mendorong siswa membuat hubungan antara pengetahuan yang dimiliki dengan penerapannya dalam kehidupan. Konsep iku konsep sing becik dadi murid bisa mikirake apa sing diwulangake ing sekolahan dihubungake karo kehidupane (urip saben dinane) ing jagading pasinaone bocah-bocah. Beda karo pengertiane guru-guru sing puluhan taun mulang. Teori sing anyar-anyar mung "dipandang sebelah mata" jalaran wis rumangsa anggone mulang wis kasil lan ora perlu nganggo teori-teori sing kadhang-kadhang ora dimangerteni apa sabenere. Mula konsep CTL banjur diplesetake dadi " Cathet, Tinggal Lunga ......". Piye ca ???

Senin, 26 Januari 2009

Mencerdaskan kehidupan bangsa.

Salah sawijine tujuan Pendidikan Nasional Indonesia yaiku mencerdaskan kehidupan bangsa. Wis mesthi wae tujuan iku tujuan kang luhur lan perlu diestokake lan disengkuyung dening para guru lan para ahli ing babagan pendidikan sarta masyarakat umum. Nalika dianakake penataran guru guru ngenani masalah iki, penatar anggone natar para guru iya temenan. Seje karo para guru sing ditatar, wis dhasare wayahe wis awan tur ya rada kesel, mula anggone ngrungokake ya setengah-setengah. Salah sawijine guru, sing muride kalebu murid sing ndableg-ndableg, nylemong banjur nyauti, "Iya mencerdaskan kehidupan bangsa. Bangsane jin, thuyul...... lan sapanunggalane".

Ngaji

Istilah ngaji ing sekolahanku wis lumrah, wis biasa. Prastawa iki kedadean nalika ana sawijining guru agama pindhahan anyar. Nalika semana guru-guru lagi repot-repote setor biji, kamangka pak guru agama anyar mau bijine ora jangkep papat. Pak guru agama anyar kasebut, dak cekak wae asmane P. R matur marang kaur kurikulum" Kados pundi pak, bijinipun lare-lare nembe angsal kalih?". Kaur kurikulum banjur ngendikan supaya pak R ngaji wae. Sanalika pak R rada bingung, dhasare pak R mau weton pondhok tur dhasare priyayine meneng, temen lan jujur. Mireng ngendikane kaur kurikulum pak R rada bingung. Wong prekara biji kok dikongkon ngaji. Suwe anggone mikir apa sing dikarepake ngaji? Ngaji kitab apa? Apa ngaji kitab Taklim mutangalim, apa Salam Sufinah? Wis mesthi wae kitab loro iku ora ana. Wusanane banjur nyuwun priksa marang garwane sing kebeneran iya guru kono.
"Apa dhik karepe ngaji? Aku mau diprentah pak kaur kurikulum supaya ngaji," ngendikane marang garwane.
"E e alah, ngaji ngaten tegese ngarang biji ...".

Rabu, 21 Januari 2009

Nggoleki Dina, Pasaran lan Wuku


Para sedulur sing kepingin nggoleki dina, pasaran lan wukune dina kelairane dak aturi  mriksani sing katur ing ngisor iki! 

Panjenengan klik ana kene!

Carane :

1. Panjenengan dak aturi mbukak excel, panjenengan serat : 

Kolom A = kolom MASUKAN, diformat tanggal.

Kolom B = kolom DINA (HARI), format hari

Kolom C = kolom PEMBAGIAN, rumuse = A4 / 5 banjur diformat fraction (pecahan).

Kolom D = tulis SISA HASIL BAGI , MUNG PECAHANE BAE  upamane  0/5, 1/5/, 2/5, 3/5 lan 4/5. Kolome diformat fraction.

Kolom E = kolom PASARAN, rumuse = vlookup (D4, I$4:J$8,2)  

Kolom F = kolom PEMBAGIAN , rumuse = roundup(A4/7,0) /30.

Kolom G = kolom tulis SISA HASIL BAGI, MUNG PECAHANE BAE , upamane 1/30, 1/15, 1/10 , 1/6 lan sateruse , format fraction.

Kolom H = kolom WUKU, rumuse = VLOOKUP(G4, I$12:J41, 2).

Kolom I lan J  = kolom tabel. Kolom I tulis ing range I4 = 1/5,  I5 = 2/5 lan sateruse. Range I12 ditulis 1/30, I13 = 1/15, I14 = 1/10, I15 = 11/30. Panjenengan mriksani daftar ing ngisor !.

Tabel Pasaran :

Range  / Pasaran ana ing Range I$4:J$8

Range I4 ditulis 1/5  , Range J4 ditulis Legi

Range I 5 ditulis 2/5 , Range J5 ditulis  Paing lan teruse ing ngisor iki ...

Range I6 , 3/5   = Pon.

Range I7 , 4/5   = Wage.

Range I8 , 0/5   = Kliwon.

Tabel Wuku:

Ana ing Range I$12 : J$41

Range I12 ditulis 1/3 , Range J12 ditulis  Langkir.

Range I13 ditulis 1/15, Range J13 ditulis Mandhasiya, lan teruse ing ngisor iki ...

Range I14, 1/10  = Julungpujud.

Range I15, 2/15  = Pahang.

Range I16, 1/6    = Kuruwelut.

Range I17, 1/5    = Marakeh.

Range I18, 7/30  = Tambir.

Range I19, 4/15  = Madhangkungan.

Range I20, 3/10  = Maktal.

Range I21, 1/3    = Wuye.

Range I 22, 11/30 = Manahil.

Range I23, 2/5    = Prangbakat.

Range I24, 13/30 = Bala.

Range I25, 7/15   = Wugu.

Range I26, 1/2     = Wayang

Range I 27, 8/15   = Kulawu.

Range I28, 17/30 = Dhukut.

Range I29, 3/5     = Watugunung.

Range I30, 19/30 = Sinta.

Range I31, 2/3     = Landhep.

Range I32, 7/10   = Wukir.

Range I33, 11/15 = Kuranthil.

Range I34, 23/30 = Tolu.

Range I35, 4/5    = Gumbreg.

Range I36, 5/6    = Warigalit.

Range I37, 13/15 = Warigagung.

Range I38, 9/10   = Julungwangi.

Range I39, 14/15 = Sungsang.

Range I40, 29/30 = Galungan.

Range I41, 1  = Kuningan.

Katrangan : Rumus iki ora bisa kanggo nggoleki taun sadurunge taun 1900.

Yen panjenengan kurang pana (jelas) bisa kirim E-mail marang :

Sugeng Karoyadiharjo kanthi alamat : sugengk056@gmail.com

Jumat, 16 Januari 2009

Adigang, adigung, adiguna

Serat Wulangreh

Anggitan : Ingkang Sinuwun Sri Pakubuwana IV

Gambuh

1.

Sekar gambuh ping catur,

kang cinatur polah kang kelantur,

tanpa tutur katula-tula katali,

kadaluwarsa katutuh,

kapatuh pan dadi awon.

(Tembang gambuh sing kaping papat, mratelakake (ngandhakake, nerangake ) tindak kang kebacut, tanpa pitutur wusanane dadi sangsara, kasep temahan dadi ala).

Tegese tembung :

catur = 1. papat 2. kandha, omong, 

cinatur = diomongake, dibicarakan

katula-tula katali = sangsara banget, kalunta-lunta, terlunta-lunta.

katali = tembung kanggo mbangetake surasa katula-tula.

kadaluwarsa = kasep, telat.

katutuh = katletuh, kapatuh, terbiasa.

2,

Aja nganti kabanjur,

sabarang polah kang nora jujur,

yen kebanjur sayekti kojur tan becik,

becik ngupayaa iku,

pitutur ingkang sayektos.

(Aja nganti diterus-teruske sakabehe tindak sing ora jujur. Yen kebanjur satemene kojur, ora becik. Becike goleka pitutur sing bener (temen).)

Tegese tembung :

sayekti = sayektos, temen, benar, sungguh-sungguh.

kojur = cilaka, celaka.

3.

Pitutur bener iku,

sayektine apantes tiniru,

nadyan metu saking wong sudra papeki,

lamun becik nggone muruk,

iku pantes sira anggo.

(Satemene, becik niru pitutur sing bener, sanajanta pitutur mau saka wong sudra papa. Yen apik anggone muruk, pantes lakonana).

Tegese tembung :

nadyan = sanajan, walaupun.

sudra = kasta sing paling asor, rendah.

papeki = papa + iki = asor iki, papa, hina.

muruk = mulang, mengajar

4.

Ana pocapanipun,

adiguna adigang adigung,

pan adigang kidang adigung pas esthi,

adiguna ula iku,

telu pisan mati sampyoh.

(Ana unen-unen adiguna, adigang adigung. Adigang sanepane kidang, adigung sanepane gajah, adiguna sanepane ula, tetelune mati sampyuh).

Tegese tembung:

esthi = gajah, liman, dwipangga, dipangga, hastin

sampyoh = sampyuh, u dadi o kanggo nyocokake guru lagu.

5.

Si kidang umbagipun,

angandelken kebat lumpatipun,

pan si gajah ngandelaken geng ainggil,

ula ngandelaken iku,

mandine kalamun nyakot.

(Si kidang sumbare ngagul-agulake bantere playune, gajah ngagulake awake sing gedhe dhuwur, ula ngagulake mandine wisane yen nyakot).

Tegese tembung :

umbag = sombong, sesongaran, menyombongkan.

kebat = banter, rikat, cepat.

ainggil = dhuwur, tembung a kanggo ngganepi guru wilangan, lan

mandi = keras. wisa mandi = racun yang sangat kuat.

kalamun = lamun, yen, apabila.

Selasa, 13 Januari 2009

Rotasi bumi, tansah telat !!!


Gambar :Jam Atom

Para ilmuwan sing nduweni wewenang bab ngatur standarisasi wektu lan jam ing saindenging donya nemokake yen wektu sing saiki iki dilakoni ora tepat (pas). Ing wektu iki standar kanggo nemtokake wektu lan jam nganggo dhasar rotasi bumi (bumi ngubengi poros). Kamangka rotasi bumi saben dinane telat 2 milidetik. Mula ing taun 2009 iki ngalami telat 1 detik. Apa sebabe rotasi bumi ngalami telat? Miturut para ilmuwan karana aktivitas inti bumi, lelehe (mencairnya) es ing dhaerah kutub, ombak lan gelombang segara, lan efek gravitasi srengenge lan rembulan sing nyebabake rotasi bumi saben dinane telat.
Sauntara iku standar waktu sing presis (presisi) iku migunakake dhasar waktu luruh atom cesium sing mung ngalami telat 1 detik saben 200 yuta taun. Bedane bab iki sing nyebabake petungan jam atom kudu dilarasake karo jam sing nganggo petungan adhedhasar petungan rotasi bumi.
Kanggo mesthekake donya tetep tepat waktu, para ilmuwan sarujuk nambah wektu 1 detik ing akhire taun 2008.
Tambahan 1 detik diatur dening Lembaga Standardisasi waktu donya utawa Rotation and Reference System Service ing Greenwich, Inggris. Greenwich sasuwene iki minangka referensi wektu jam saindenging donya kanthi sebutan GMT (Greenwich Mean Time) utawa Coordinated Universal Time (UTC).
Adhedhasar teknis, ing malem taun anyar , sawise etungan mundur ing jam 23.59.59 ditambah dadi 23.59.60 sadurunge diowahi dadi 00.00.00 ing tanggal 1 Januari 2009. Cacah 200 jam atom ing 50 laboratorium saindenging donya kudu nyalarasake anane owah-owahan kasebut.
Kelompok ilmuwan sing tansah migatekake petungan waktu, ngandhakake manawa tambahan 1 detik sing diarani leap second iku mau ora lagi sepisan bae. Wiwit standarisasi waktu disarujuki ing taun 1972 , wis dianakake owah-owahan kanggo nyalarasake detik mau kaping 24 (patlikur).

Senin, 12 Januari 2009

Petungan Slametan Kanggo Wong Kang Tinggal Donya

Tabel Dina.
DN ..........3..........7........ 40..........100.....PDAK.....PDAK......1000
SRD......DN.......DN.......DN..........DN..........1............2.........DINA

AHA.....SEL.....SAB.......KAM......SEN.......RAB......SEL......JUM
SEN.....RAB.....AHA.....JUM........SEL........KAM.....RAB......SAB
SEL.....KAM....SEN......SAB........RAB......JUM........KAM.....AHA
RAB....JUM.....SEL.......AHA........KAM.....SAB......JUM.......SEN
KAM....SAB.....RAB.....SEN........JUM......AHA .......SAB......SEL
JUM....AHA.....KAM......SEL........SAB......SEN.......AHA......RAB
SAB....SEN.....JUM.......RAB.......AHA.......SEL........SEN......KAM


Tabel Pasaran :
DN ..........3..........7........ 40..........100.....PDAK.....PDAK......1000
SRD......DN.......DN.......DN..........DN..........1............2.........DINA

KLI......PAI.......LEG......WAG.....WAG....PON.....WAG......WAG
LEG.....PON......PAI......KLI........KLI.......WAG....KLI........KLI
PAI......WAG.....PON.....LEG......LEG......KLI.......LEG.......LEG
PON....KLI........WAG....PAI.......PAI.......LEG......PAI........PAI
WAG...LEG.......KLI......PON......PON......PAI.......PON......PON


Katrangan :
SRD = surud
DN = dina
PDAK = pendhak.
Cekakan liyane cekakan dina lan pasaran.

Carane ngetung:
1. Njodhokake antarane tabel dina lan tabel pasaran, conto :
Surude dina Ahad Wage wulan Bakdamulud:
a. 3 dinane tiba malem Selasa Legi.
b. 7 dinane tiba malem Sabtu Kliwon.
c. 40 dinane tiba malem Kemis Pon.
d. 100 dinane tiba malem Senen Pon
e. Pendhak 1 (pisan) tiba malem Rabu Paing.
f. Pendhak 2 (pindho_ tiba malem Selasa Pon.
g. 1.000 dinane tiba malem Jum'at Pon.

2. Kanggo ngetung 1.000 dinane, dietung 2 (rong) taun saka sasi surude banjur ditambah 9 (sangang) wulan. Contone : Surud wulan Bakdamulud + 9 (sangang) wulan (Ahad Wage) yaiku : 1.Jumadil Awal, 2. Jumadil Akhir, 3. Rejeb, 4. Ruwah, 5. Pasa, 6. Sawal, 7. Sela, 8. Besar, 9. Sura. Mula slametane tiba malem Jum'at Pon wulan Sura.


3. Yen nganggo petungan kalender Masehi :
a. Pendhak 1 (pisan) = tanggal surud - (disuda) 11 dina.
b. Pendhak 2 (pindho) = tanggal surud - 22 dina.
c. 1.000 dinane = tanggal surud - 5 dina. Manawa tanggal surude kurang saka tanggal 5, tiba wulan 9 (upamane) dene yen wis luwih saka tanggal 5, tiba wulan 10, saka wulan surude.

Taun Jawa, kepriye petungane ?

Taun Jawa jeneng ilmiahe Anno Javanico dicekak AJ. Taun Jawa dudu taun Caka. Sejarahe, nalika taun Caka 1554 (C dicerek ngisore, lan diwaca S) wis arep akhir Sultan Agung dhawuh supaya petungan taun diowahi. Nalika semana taun Caka nganggo dhasar petungane yaiku bumi ngubengi srengenge (revolusi bumi terhadap matahari) sing diarani taun Syamsiah sing nganggo prinsip solar system. Suwene saben taun 365 utawa 366 dina. Taun sing umure 366 dina diarani taun kabisat(kabisah) . Taun kabisat umure wulan Pebruari ana 29 dina. Taun kabisat iku gilire 4 taun sepisan yaiku taun sing ceples dipara 4. Taun sing umure 365 dina diarani taun basitah.
Taun Jawa nganggo dhasar petungane rembulan ngubengi bumi (revolusi bulan terhadap bumi), sing diarani taun Komariyah. Dene rembulan ngubengi bumi iku suwene 29,5 dina saben saubengan. Taun Jawa nganggo prinsip lunar system. Sataun suwene 354 dina ing taun wastu (cekak, pendek) lan 355 dina ing taun wuntu (panjang).
Taun Jawa diwiwiti tanggal 1 Sura taun Alip 1555 (taun Caka uga 1555), dina Jumat Legi, ceples tanggal 1 Muharram taun 1033 Hijriah, uga ceples karo tanggal 8 Juli 1633 Masehi. Dadi genahe ora ana tanggal 1 Sura taun 0 utawa taun 1.
Wiwit tanggal 1 Sura taun Alip 1555 dina Jumat Legi diarani Kurup (Kalender) Jamngiyah. Kurup iku owah-owahane sawise 120 taun yaiku nalika 1 Sura taun Alip taun 1675 dina Kemis Kliwon sing diarani Kurup Kamsiyah. Owah maneh 1 Sura taun Alip taun Alip 1747 tiba dina Rebo Wage sing diarani Kurup Arbangiyah utawa Kurup Aboge tegese 1 Sura tiba dina Rebo Wage.
Sing paling akhir 1 Sura taun Alip 1867 tiba dina Selasa Pon, ceples karo tanggal 1 Muharram 1455 Hijriah, lan ceples karo tanggal 24 Maret 1936. Dadi ing jaman saiki mesthine KurupSalasiyah (Asapon) utawa taun Alip dina Selasa Pon. Sing kudu digatekake yaiku miyose (laire) Kanjeng Nabi Muhammad saw miturut petungan Jawa tiba dina Senen Pon. Mula grebeg Mulud ditibakake dina Senen Pon. Dadi yen ana sedulur iisih nganggo petungan Aboge kudune dilarasake dadi Asapon. Apa sebabe? Rembulan ngubengi bumi iku ora ceples 29,5 dina, ana kurange, mula kudu dianakake petungan-petungan anyar kanggo nyalarasake antarane petungan Hijriah karo petungan Jawa.
Taun Jawa sing kalebu taun wastu (cekak), umure 354 dina yaiku : taunAlip, taun Jimawal, taun Je, taun Be, lan taun Wawu.
Taun Jawa sing kalebu taun wuntu (panjang), umure 355 dina yaiku : taun Ehe, taun Dal, taun Jimakir.
Urut-urutane taun lan arane yaiku : 1. Taun Alip, 2. Taun Ehe, 3 Taun Jimawal, 4. Taun Je, 5. Taun Dal, 6. Taun Be, 7. Taun Wawu, 8. Taun Jimakir. Wiwit taun Alip nganti taun Jimakir gunggunge wolung taun sing ganep sawindu (1 windu).

Jumat, 02 Januari 2009

Windu lan wateke.

Sawindu ana 8 taun.
Cacahe lan arane windu ana 4 werna yaiku :

1.
Kunthara tegese ulah utawa tingkah laku. Watake : Akeh wong sing nduweni tingkah laku sing neka-neka sing sadurunge ora nate kedaean.
2.
Sangara tegese banjir. Watake Akeh banjir gedhe.
3.
Sancaya tegese pasrawungan . Watake padha rukun ing pasrawungan.
4.
Adi tegese endah utawa unggul . Watake : Akeh wewangunan anyar kang endah-endah lan nyenengake

Sajrone sawindu sing suwene 8 taun, saben taun nduweni jeneng dhewe-dhewe sarta nduweni watak seje-seje .
Dene arane taun yaiku :
1.
Alip umure 354 dina.
2.
Ehe umure 355 dina.
3.
Jimawal umure 354 dina.
4.
Je umure 354 dina.
5.
Dal umure 355 dina.
6.
Be umure 354 dina.
7.
Wawu umure 354 dina.
8.
Jumakir umure 355 dina.

Sataun sing umure 354 dina diarani taun wastu (cekak, pendek), dene taun sing umure 355 dina diarani taun wuntu (panjang). Ing taun wuntu umure sasi Besar diganepi dadi 30 dina.

Dene wateke taun katrangane kaya ing ngisor iki :

1. Tanggal 1 Sura tiba dina Ahad diarani Dite Kalaba, yaiku taun klabang. Watake arang-arang ana udan.

2. Tanggal 1 Sura tiba dina Senen diarani Soma Wrejita, yaiku taun cacing. Watake akeh udan.

3. Tanggal 1 Sura tiba dina Selasa diarani Anggara Wrestija, yaiku taun kodhok. Watake akeh udan.

4. Tanggal 1 Sura tiba dina Rebo diarani Buda Wisaba, yaiku taun kebo. Watake akeh udan.

5. Tanggal 1 Sura tiba dina Kemis diarani Respati Mintuna, yaiku taun mimi. Watake akeh udan.

6. Tanggal 1 Sura tiba dina Jum'at diarani Sukra Minangkara, yaiku taun urang. Watake akeh udan.

7. Tanggal 1 Sura tiba dina Sabtu diarani Tumpak Menda, yaiku taun wedhus. Watake arang-arang ana udan.

Pengikut

Matur Nuwun ...