Selasa, 30 April 2013

TEMBUNG CAMBORAN (KATA MAJEMUK, KOMPOSITUM)



Cambor tegese campur, carub. Dicambor tegese dicampur, dicarub. Camboran : 1. Campuran, kang wis dicampur; 2. Tembung loro utawa luwih didadekake siji nganti ateges sawiji, upamane : naga + sari (WJS Poerwadarminta).

Ing basa Indonesia definisi tembung camboran :
Def 1: Kata majemuk atau kompositum adalah gabungan morfem dasar yang seluruhnya berstatus sebagai kata yang mempunyai pola fonologis, gramatikal, dan semantis yang khusus menurut kaidah bahasa yang bersangkutan (Wikipedia.com)
Def 2: Kata majemuk adalah gabungan 2 kata atau lebih yang memiliki struktur (susunan) tetap, tidak dapat di sisipi kata lain.
Def 3: Kata majemuk adalah gabungan dua buah morfem dasar atau lebih yang mengandung satu pengertian baru. Kata majemuk tidak menonjolkan arti tiap kata. tetapi gabungan kata itu secara bersama-sama membentuk suatu makna atau arti baru.

Saka telung definisi ing dhuwur iku bisa didudut pepuntone (ditarik simpulan) :
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji, ajeg panganggone (nduweni struktur (susunan) sing ajeg) kang nuwuhake teges anyar

Conto :
Nagasari :
Naga tegese jinise kewan memper ula kang ana ing dongeng, sari tegese pathi utawa inti. Yen tembung mau di gandheng, dadi jenenge panganan.
Conto liyane:
beras wutah,  semar mendem, randha royal lsp.

Titikane tembung camboran :
Ing basa Indonesia nduweni  ciri-ciri (1) ketaktersisipan yang berarti di antara unsur-unsur kompositum tidak dapat disisipi apa pun; (2) ketakterluasan yang berarti setiap unsur kompositum tidak dapat diimbuhkan kecuali sekaligus; serta (3) ketakterbalikan yang berarti unsur kompositum tidak dapat dipertukarkan.
Semono uga ing basa Jawa titikane:
1.      Ora kena diseseli tembung liya
2.      Ing saben unsur tembung pandhapuke ora kena diwuwuhi kajaba karo-karone bebarengan.
3.      Ora kena diwolak-walik.
4.      Nduweni teges anyar.
5.      Lumrahe dumadi saka tembung lingga.

Adhedhasar panulise, tembung camboran dibedakake:
1.      Tembung camboran manunggal (kata majemuk senyawa), yaiku tembung camboran sing panulise digandheng, ora dipisah. Contone:
bimasekti (arane lintang, galaksi)
gambiranom (arane joged, tari)
gambirsawit (arane gendhing)
jakabelek (arane lintang, Mars)
kalamenjing (jakun, BI).
kalamunyeng (arane keris)
maratuwa (wong tuwane bojo)
nagadina,
nagasari,
nagasasra (arane keris)
sabukinten (arane keris)
udanriris (arane bathik)

2.      Tembung camboran tan manunggal  (kata majemuk tak senyawa), yaiku tembung camboran kang panulise dipisah. Contone :
angkat junjung ( tegese kuli tukang ngangkut barang, uga kalebu tembung saroja).
anteng kitiran ( tansah obah wae, uga kalebu sanepan) **)
bening leri (butheg banget, uga kalebu sanepan). **)
beras wutah (jenenge kembang),
bubur lemu (jenenge panganan)
candhak kulak (tegese wong laku dagang, uga kalebu tembung saroja).
dawa tangane (dhemen nyolong, uga kalebu tembung entar)*)
gedhe endhase (umuk, uga kalebu tembung entar).*)
griya sakit (omah kanggo ngrumat wong lara)
idu geni (omonge mesthi kelakone, omonge mandi).
jaga satru (arane pager sakubenge pekarangan).
jenang sengkala (jenang kanggo nulak sengkala)
kembang bayang (wong lara mung ana ing amben ora waras-waras)
kembang gula (permen)
kembang gundha (pringkilan ireng ing diyan ublik nalika diyan ublik murub)
kembang lambe (dadi pocapan, uga kalebu tembung entar)*)
kembang paes (kembang sepisanan tumrape wit-witan lumrahe ora dadi woh)
kodhok ngorek (arane gendhing)
laler mencok (arane brengos kaya brengose Hitler)
landhep pikire ( pinter, uga kalebu tembung entar).*)
lare angon (jenenge ula),
lawang ijo (penjara)
lonjong botor (banter banget, uga kalebu sanepan) **)
lonjong mimis (banter banget, uga kalebu sanepan) **)
mata iwak (bunderan-bunderan kang ana ing plembungan nalika disebul , ora mulus).
ngeger sapi (kahanan tengah dhuwur sisih kanan kering endhek kayata : dalan)
raja lele (arane pari)
randha kuning (jenenge sawah sing ora kena ditanduri)
randha mopol (arane suket)
randha royal (arane panganan)
randha teles (randha sugih)
semar mendem (jenenge panganan),
sendhal pancing (obahe gulu lan sirah nalika njoged)
tata krama (patraping pasrawungan sing becik)
tutup keyong (gedheg wujud maju telu (segitiga) lumrahe ing sangisore wuwung).
untu walang (ringih-ringih kaya untune graji)
wong tuwa (tegese bapak ibu)

Katrangan:
*) Sakabehe tembung entar kalebu tembung camboran.
**) Sakabehe sanepan kalebu tembung camboran. Sanepan yaiku unen-unen kaya paribasan kang ngemu teges kosok balen.

Adhedhasar jinise tembung pandhapuke, tembung camboran dibedakake :
  1. Tembung camboran kang dumadi saka tembung aran + tembung aran.
Upamane : nagasari, gula klapa , raja lele , idu geni, mata iwak, nggeger sapi, tutup keyong, kembang bayang, untu walang, kembang gula, jenang sengkala,
  1. Tembung camboran kang dumadi saka tembung aran + tembung kriya.
Upamane : lare angon,  kodhok ngorek, laler mencok, kembang paes,  meja dhahar,
  1. Tembung camboran kang dumadi saka tembung aran + tembung kahanan (kata sifat)
Umpamane :bubur lemu, randha mopol, randha royal, wong tuwa, griya sakit, lawang  ijo, udanriris, kalamunyeng, randha teles, bimasekti, jakabelek,
  1. Tembung camboran kang dumadi saka tembung kahanan + tembung aran.
Umpamane : dawa tangane, landhep pikire, gedhe endhase, lonjong botor, lonjong mimis, anteng kitiran, bening leri,
  1. Tembung camboran kang dumadi saka tembung wilangan + tembung aran.
Umpamane : pancandriya,
  1. Tembung camboran kang dumadi saka tembung kriya + tembung kriya
Umpamane : tata krama , suba sita,
  1. Tembung  camboran kang dumadi saka tembung kahanan +  tembung kahanan
Umpamane :enom-tuwa, gedhe-cilik, lanang-wadon

Adhedhasar wujude tembung, tembung camboran dibedakake :
1.      Camboran Wutuh: kedadean tembung-tembunge  pandhapuke wutuh : kayata: nagasari, semar mendem, jaga satru
2.      Camboran Tugel: Tembung camboran kang dumadi saka wancahane tembung.
Upamane :
  1. pangpel = pang + tempel (pang sing gampang sempal kaya pange wit mlinjo).
  2. dubang = idu + abang (idune wong lagi nginang.)
  3. bangjo = abang + ijo (lampu setopan).
  4. kakkong = tungkak + bokong (wong sing dedege ora normal)
  5. sih- sutresna = asih + sutresna.
  6. sih-wilasa = asih + wilasa.
  7. bot-repot = abot + repot.

TEMBUNG CAMBORAN LAN TEMBUNG GARBA
Tembung Garba uga diarani tembung Sandi. Sandi tegese sambung. Dadi tembung sandi iku tembung – tembung kang disambung.
Tembung Garba yaiku tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji, banjur salah siji utawa karo-karone wandane tembung luluh utawa suda (ilang) wandane.
Conto :
Lagyantuk saka tembung lagi + antuk, tegese lagi + antuk (oleh). Tembung lagyantuk maknane tetep ora owah.
Kalokengrat saka tembung kaloka  (kondhang, terkenal) + ing (di,BI)  + rat (jagad). Maknane tembung kalokengrat ora owah yaiku kondhang ing jagad, padha karo tegese tembung unsur-unsur pandhapuke. Apa tembung garba kalebu tembung camboran? Dudu ! Sanajan tembung garba arupa gabungane utawa kumpulane tembung-tembung, tembung garba dudu tembung camboran, jalaran tembung garba ora nduweni teges anyar.
Jakabelek. Jaka (wong lanang sing durung rabi) + belek (jinise lara mata). Tembung jaka lan tembung belek yen digabungake nduweni teges anyar yaiku arane lintang. Jakabelek kalebu tembung camboran.

TEMBUNG CAMBORAN LAN FRASA.

Frasa atau frase merupakan satuan linguistik yang lebih besar dari kata dan lebih kecil dari klausa dan kalimat. Frasa adalah kumpulan kata nonpredikatif.
1.      Aku weruh ana bocah endhase gedhe jalaran lara hydrocephalus.
2.      Bareng oleh bombongan saka pak Camat si Kancil banjur gedhe endhase.
3.      Daleme pak Camat sing lawang ijo kae lho!.
4.      Yen kowe korupsi ing tembe bakal mlebu lawang ijo.
Ukara angka 1 lan 3 nduweni teges wantah ora owah saka tembung-tembung pandhapuke. Endhase gedhe maknane pancen bener-bener endhase gedhe ora padha karo liyane. Endhas maknane tetep endhas, sirah mung wae ana watesan yaiku gedhe. Watesan liyane kayata : pethal, buthak, benjo lll. Samono uga ing ukara angka 3. Lawang  tegese tetep  lawang, mung nganggo  watesan ijo, ora abang, ora kuning, ora biru. Conto rong ukara mau diarani frasa.
Ukara angka 2 lan 4 nduweni teges anyar. Gedhe endhase tegese sombong, umuk. Dene lawang ijo tegese penjara. Tembung  kang kaya mangkono iku kalebu tembung camboran.

REDUPLIKASI TEMBUNG CAMBORAN.
Ukara :
1.      Ula lare angon saiki digoleki uwong, arep dianggo banih mancing.
2.      Ula-ula lare angon saiki digoleki uwong, arep dianggo banih mancing.
3.      Ula lare angon-ula lare angon saiki digoleki uwong, arep dianggo banih mancing.
4.      Ula lare-lare angon saiki digoleki uwong, arep dianggo banih mancing.
5.      Ula lare angon-angon saiki digoleki uwong, arep dianggo banih mancing.
6.      Lare angon saiki digoleki uwong, arep dianggo banih mancing.
7.      Lare-lare angon saiki digoleki uwong, arep dianggo banih mancing.
8.      Lare angon-angon saiki digoleki uwong, arep dianggo banih mancing.
Ukara ing dhuwur yen ditintingi :
Ukara  angka 1, bener, ulane mung siji, tunggal.
Ukara  angka 2, bener, ulane akeh, jamak.
Ukara  angka 3, bener, mung ora kaprah dianggo.
Ukara  angka 4, bener, miturut mas Bledheg, mung ara kaprah dianggo.
Ukara  angka 5, salah.
Ukara  angka 6, bener miturut paramasastra, salah miturut maknane (ora lojik)
Ukara  angka 7, bener miturut paramasastra, salah miturut maknane (ora lojik).
Ukara  angka 8, salah.

Punton : Tembung camboran, yen arep digawe reduplikasi sing tegese “akeh” becike sing dirangkep inti frasa kang digandhengi tembung camboran. Kayata : panganan-panganan randha royal, keris-keris nagasasra, ula-ula lare angon, lsp.

Pengikut

Matur Nuwun ...