Senin, 20 Mei 2013

BASA MADYA LAN BASA KRAMA


Minangkani pamundhutipun mas Jaka Lelana, saged kula aturaken ing sasumerep kula, kados ing ngadhap menika :

Basa Madya kaperang dadi :
1.      Madya Ngoko.
Titikane :
a.       Tembunge ngoko
b.      Ater-ater lan panambang ngoko
c.       Sesebutan marang wong sing dijak guneman : dika, mang, samang.
Kanggone :
a.       Priyayi cilik marang andhahane
b.      Bakul padha bakul, lsp.
Tuladha :
Dika klebu beja, oleh beras rada memper. Ora kaya akaya aku, esuk-esuk mruput nyang pasar, teka kene ora kumanan. Dodolen ket esuk rung payu blas.

2.      Madyantara.
Titikane :
a.       Tembunge krama.
b.      Ater-ater lan panambang ngoko.
c.       Sesebutan marang wong kang diajak guneman : Kang salira (keng slira, sampeyan), pangkat utawa peprenahane.
Kanggone :
a.       Priyayi padha priyayi sing wis kulina.
b.      Bojone priyayi marang sing lanang.
c.       Priyayi marang sanake kang kaprenah tuwa nanging asor drajade.
Tuladha :
Sampeyan niku pripun ta m as, kok mung pijer seneng-seneng mawon. Seprika-sepriki kok boten enten sudane.

3.      Madya Krama.
Titikane :
a.       Ater-ater  lan panambang ngoko.
b.      Tembunge krama kacampuran krama inggil.
c.       Sesebutan marang wong sing dijak guneman : sampeyan, pangkat utawa peprenahane.
Kanggone ;
d.      Priyayi padha priyayi sing wis kulina.
e.       Bojone priyayi marang sing lanang.
f.       Priyayi marang sanake kang kaprenah tuwa nanging asor drajade.
Tuladha :
Wanci ngeten kok seg kondur ta Mas, Napa kathah pedamelan? Niki wau onten kengkenan saking toko, napa sampeyan siyos mundhut TV?

Basa Krama kaperang dadi:
1.      Mudha Krama
Titikane :
a.       Tembunge krama
b.      Ater-ater lan panambang krama
c.       Kacampuran tembung krama inggil lan tembung krama andhap.
2.      Kanggone:
a.       Wong enom marang wong tuwa.
b.      Murid marang guru.
c.       Kanca padha kanca sing during kulina.
d.      Priyayi marang priyayi sababage.
e.       Reh-rehan marang dhuwurane.
Tuladha:
Kala wingi ngantos dangu anggen kula ngentosi panjenengan, nanging panjenengan boten rawuh-rawuh.  Kula kinten panjenengan boten saestu tindak mila kula ngrumiyini.
3.      Kramantara.
Titikane :
a.       Tembunge krama.
b.      Ater-ater lan panambang krama
c.       Tanpa krama inggil utawa krama andhap.
Kanggone:
d.      Tumrap marang sapadha-padha.
e.       Priyayi kang luwih dhuwur tinimbang sing dijak guneman.
Tuladha :
Mangga sami dipunmanah, menapa sebabipun bangsa kita menika dereng saged nata gesangipun. Menawi saged pados arta radi lumayan sampun mindhak kesenenganipun.
4.      Wredha krama
Titikane :
a.       Tembunge krama.
b.      Ater-ater lan panambang ngoko.
c.       Tanpa tembung krama inggil utawa tembung krama andhap.
Kanggone :
Wong tuwa marang wong sing luwih enom nanging isih ngajeni.
Tuladha:
Prayogine nak, sampeyan kedah gadhah idham-idhaman ingkang luhur, supados boten kacuwan benjinge. Amargi tiyang sepuh boten kenging dijagakake salami-lamine.

Pengikut

Matur Nuwun ...