Senin, 28 Maret 2011

SERAT PEPALI KI AGENG SELA (2)

BAB II
ASMARADANA
1.
Poma sira aja drengki, dahwen marang ing sasama, sama den arah harjane, harjane wong aneng dunya, dunya tekeng akhirat, akerate amrih lulus, lulus dennya mengku nikmat.

2.
Nikmat rasaning ati, ati pan ratuning badan, badan iku sajatine, pan iku ingaran kudrat, kudrat karsaning Allah, Allah ingkang Maha Agung, luhur tan ana pepindhan.

3.
Padha kawruhana yekti, yektine ngelmu sarengat, sarengat awit kang gedhe, panggedhening ngelmu nyata, nyatane neng sarengat, sarengat den amrih tutug, tutug marang ing Kakekat.

4.
Kakekate ngelmu jati, jati sagunging upama, upama kang katon kabeh, kabeh iki aneng dunya, dunya timbanging kerat, ngakerat dina ing mbesuk, mbesuk iya dadi dunya.

5.
Dunya dina kang saiki, iki kang aran ngakerat, ngakerate uwong biyen, mbiyen ngarani ngakerat, ya iki ingaranan, arane mungguh ta ingsun, ingsun iki lagi dunya.

6.
Neng dunya kang sugih puji, puji tegese pamuja, muja iku nekakake, nekakake kanikmatan, nikmate badanira, yen sira temen satuhu, tuhu teka dennya muja.

7.
Yen sira muja semedi, pan mangkana pujinira, Robbana aatina mangke, fi dun ya wal kasanatan, wa fil akhirati kasanat, wakina lan malihipun, ngadabannar tegesira.

8.
Pangeran amba sayekti, kawula nyuwun kamulyan, ing dunya mulya salamine, tumekoa ing akerat, kinacekna sasama, salamet teguh rahayu, tebihna siksa neraka.

9.
Sagung wong nemu becik, kang samya anuwun rahmat, kang cukup iku pujine, poma den padha estokna, gelem nora gelema, kajaba kang nora sarju, mangsa borong karepira.

10.
Gusti Allah ngudaneni, marang makhluk sadayanya, kang ala tanapi sae, nadyan rambut para sapta, apan wus nora samar, ala becik mung jinurung, nora pegat ciptanira.


Tegesing tembung :
Poma = mratelakake pakon (piweling) kang kalawan banget
Drengki = meri (melik) marang kabegjaning liyan, ora seneng yen wong liya oleh kabegjan.
Dahwen = seneng nyaruwe (cawe-cawe)
Arja = 1. Reja; 2. Slamet.
Tekeng = teka + ing
Amrih = supaya, murih.
Sajatine = satemene, sanyatane
Pan = 1. Jer; 2. Rak; 3. Ananging.
Kudrat = 1. Panguwasa karsaning Allah; 2. Dhasar (ing watak lsp) ; 3. Alam saisine lan sakaanane; dikodratake : ditakdirake, dipesthekake ing karsaning Allah.
Pepindhan = tetiron, umpama, memper kaya.
Yekti = nyata, terang.
Sarengat = angger-angger pranataning agama.
Kakekat = kanyatan, kang sanyata.
Ingaranan = in + aran + an = diarani
Mungguh = 1. Manggon, dumunung; 2. Mapan, wis prenah banget; 3. Pantes banget, patut
Ingsun = aku, ingong, ingwang
Teguh = 1. Kukuh, santosa, panggah; 2. Kedhot, ora pasah ing gegaman; diteguhi : disentosani, ditanggulangi kalawan sentosa; kateguhan : kadigdayan; teguh timbul : digdaya sarta sugih aji.
Rahayu = slamet, begja, luput ing kacilakan utawa kangsangsaran.
Sarju = condhong atine, kalawan senenging ati
Ngudaneni = meruhi
Tanapi = 1. Lan (utawa) uga; 2. Ananging.
Para = 1. Panerang kang mratelakake akeh, upamane : para bupati, para rawuh lsp; 2. Bage, perang, dipara = dibage, diperang; 3. Ora aden-aden, ala jinise, upamane : piring para, sega para; 4. Pepara (kw) lelungan mider-mider (mbebedhag, cangkrama) lsp; 5. para (kw) = kowe, ...mu, pakenira; 6. Rada .... = kepara; 7. Para = bakul ngedolake mas inten lsp;
Sapta = pitu.
Samar = 1. Katon ramyang-ramyang, ora katon cetha; 2. Durung weruh (ngerti) kalawan terang; 3. mutawatiri, mbebayani; 4. Sumelang, kuwatir, uwas. ; disamar = disamun, dianggo wadi ; ora kasamaran = ora kekilapan, weruh
Pegat = 1. Pedhot; 2. Pepisahan, talak (tumrap wong bebojoan) ; ora pegat = tansah.

Minggu, 27 Maret 2011

AJINE KAWRUH SRAWUNGAN


Kita urip ing alam donya iki mbutuhake srawung karo liyan. Awit siji lan sijine kudu sesambungan: gethok tular, tulung tinulung, sambat-sinambat. Wiwit jaman kuna – makuna , uripe manungsa pancen wis padha sesrawungan lan gegrombolan. Kejaba ta ana wong kang arep urip ora kaya salumrahe, arep menjila, mertapa, utawa urip ijen ana ing tengahing alas, ora mikir sandhang pangan lan keperluwan , --- bisa uga wong kang kaya mangkono mau ora mbutuhake marang pasrawungan.
Nanging tumrape umum, kang urip ing bebrayan, kang mangku bale omah, kang sesambungan lan kulawarga, --- gelem ora gelem , kudu sesrawungan karo liyan. Wiwit nindakake pegaweyan kanggo kebutuhan dhewe ing sajroning omah ing sajabaning omah, nganti pegaweyan ing kantor , pasar, plabuhan, pabrik, tegal sawah, lsp. Kita mesthi mbutuhake srawungan lan tenagane liyan.
Malah-malah tumrape wong kang arep anggayuh kemajuwan ing laladan pegaweyane, bab sesrawungan iku kudu digatekake banget. Disinau kanthi temen-temen supaya mangerti marang wadi-wadi , nuli ditindakake kanthi becik, murih bisane karahayon saka enggone pinter sesrawungan , sokur bage bisa antuk kauntungan.
Manut panitipriksane Lembaga Carnegie, nyata yen asile gegayuhane wong ing laladan pegaweyane iku : 15% saka kawruhe vak, yaiku kawruhe kang ditindakake , dene kang 85% saka enggone pinter sesrawungan karo liyan, luwih-luwih karo wong kang gegayutan karo pegaweyane.
Samono pentinge kawruh bab sesrawungan utawa pergaulan. Nanging nalikane kita isih bocah isih sekolah biyen ora nate oleh wulangan kasebut. Mengkono uga ing kapustakan kita, para leluhur kita ora ninggali kitab wewarah ngelmu srawungan kang kena kita enggo tuntuna urip ing sajroning alam rame iki. Ing Wedhatama mung ana tinemu pepindhan, kepriye tunane (rugine) wong kang kidhung (kaku) ing bab sesrawungan kang amarga kurang sesurupane . sanadyan tuwa pisan , nanging yen ora ngerti marang ubeng ingering jaman, yekti sepi asepa lir sepah samun, samangsane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi. Mangkon kasebut ing Wedhatama.
Dadi wong kurang kawruhe, yen srawungan karo wong akeh, sikepe gonyak-ganyuk ngisin-isini. Utawa cara tembunge kang lumrah : lingak-linguk kaya kethek ditulup.
Mula saka iku , kawruh sesrawungan utawa pergaulan iku sajatine perlu banget kita udi. Awit yen kita kasil bisa nindakake kanthi becik, bisa narik perhatian lan sympatiene (sengseme) wong kang kita ajak srawungan, bakal bisa nekakake karahayon tumrap kita, lan iya bisa nekakake kauntungan lan kabegjan tumrap pegaweyan utawa perusahaan kita.

Dipethik saka : Ajur-ajer, Imam Supardi.

Jumat, 25 Maret 2011

Wangsalan Sinawung Ing Tembang

BAWA NGUSWARAGA

Sri Mahajawata katong, (1)
Andaka wulune rekta,(2)
Jroning nendra gung kaepi,
Boja reksa (3) kawi wuwus,(4)
Panggya andika kusuma,
Bale nata (5) rondon pari,(6)
Paran margane wak mami,
Kepiting kang sobeng rawa (7)
Nguswaraganta wong ayu.


Tembang ing dhuwur iku lumrahe kanggo mbawani Gendhing Perkutut Manggung. Wujude wangsalan. Batangane cangkriman ing dhuwur :

1. Bathara Endra = nendra.
2. Sapi = kaepi.
3. Pangan = panggya
4. Ngendika = andika
5. Pagelaran = paran
6. Dami = wak mami.
7. Yuyu = wong ayu.

Tegese tembung :

katong = ratu, raja, narendra,narpa, narapati, naradipa, naradipati,sri bupati, narpati, nareswara, naranata, aji, pamasa, pamase
andaka = banteng
rekta = abang
nendra = turu, ngimpi
kaepi = kepi-kepi, tansah katon-katonen
boja = pangan
wreksa = kayu.
wuwus = ucap, ujar
kusuma = kembang, sekar, padma, puspa, puspita
bale nata = pagelaran
rondon = godhong
paran = menyang endi
marga = dalan
wak mami = awak mami, aku
nguswa = ngaras
raganta = raga + anta = awakmu

Selasa, 01 Maret 2011

BU GURU NELLY


Dedeg piadege ora dhuwur ya ora endhek, kepara sedheng. Yen campur sing dhuwur ora katon endhek, yen campur sing endhek ora ketara dhuwur. Ayu, ora, elek ya ora, ya tiba sedheng. Nanging lamun mesem, biyuuuh, angujiwat njalari ati sing ora kuwat. Wong wadon wae yen nyawang padha kesengsem, apa maneh wong lanang, mesthi kegiwang. Lali anak lali bojo, lali maratuwa, lali tangga apa maneh dulur, wis ora eling blas.
Rema memak ngembang bakung, jangganya mangulan-ulan, payudara anyengkir gadhing, bangkekan merit anawon kemit, bokonge bunder amanjang ilang, lamun cinandra tan sewah putri sekar kedhaton, mengkono candrane si dhalang. Ning yen kandhane bocah-bocah saiki --bodine nggitar.
Jenenge asli Dyah Retnaningsih, sing kondhang nganggo jeneng singlon Nelly --nenek lincah. Diparabi kaya mangkono ora nesu, jalaran ya jeneng kuwi sing marahi dheweke kondhang teka ngendi-endi. Jeneng komersial. Diparabi nenek jalaran wis duwe putu. Jalaran pakulinane ambyur neng jagading seni mula pasuryane isih katon enom. Upamane ditandhingake karo sing umur telungpuluhan wae ora bakal kalah. Dhasar pinter ngadi sarira, dandan, mula ora aneh ana yen ana jaka sing kepencut.
Pegaweyane sing baku dadi guru SD. Karo aku sa sekolahan. Mula aku ya sering ketemu. Sejene dadi guru dheweke dadi penyanyi. Ora aneh yen digoleki ing omahe arang-arang ketemu. Jalaran asring ditanggap mrana-mrana. Wayah wulan Sapar, Mulud utawa Besar, wulan becik kanggone wong duwe gawe, arang nate ana omah. Wong super sibuk.
“Mau bengi bubar manggung ya bu ?”pitakone bu Narti nalika kumpul sadurunge mulang ana ing kantor guru.
“Iya, bu. “wangsulane bu Nelly
“Yen bar manggung ngono kuwi, njenengan apa ra kesel ?”
“Ya kesel bu. Rasane awak kaya remuk.”
“Lha ngono kok ya dilakoni lho?”
“Piye maneh, wong aku ya seneng,” wangsulane bu Nelly manehi alesan.

Pancen wong seneng iku ora kena dipaido. Seneng marang samubarang apa bae. Sakehing cara, bandha, donya, tenaga lan ragad digunakake kanggo nguber kasenengan. Seneng bal-balan, ora eman yen ngetokake dhuwit kanggo tuku karcis bal, sanajan anake durung ditukokake susu. Malah-malah mung kanggo tuku karcis wae direwangi suk-sukan, jorog-jorogan, nginep klungsaran neng stadion kamangka oleh-olehane mung voucher. Kanggo ijol karcis asline isih kudu antri maneh. Malah ana sing antri karcis semaput nganti tumekane tiwas. Kanggone wong sing ora seneng bal-balan, kahanan kaya mengkono iku aneh. Mung prekara bal-balan wae kok direwangi nganti tumekane pati, mbok ya uwis , nonton neng TV rak ya padha wae, yen cilaka sing rugi ya awake dhewe.
Pancene rada aneh bangsane awake dhewe iki, mung adol karcis bal wae kok ya ora bisa. Apa maneh ngurusi bal-balane. Karo maneh saiki akeh “pecinta bal” padha demo, supaya penguruse bal-balan mundur. Meh saben kutha ana demo bal. Mung prekara bal wae bisa ngoregake negara.
Jane-jane mono bal-balan iku salah sijine cabang olah raga utawa sport, sing nengenake sportifitas. Ning penguruse – yen miturut aku -- ora sportif. Alesane werna-werna. Pancene yen wis suwe anggone mimpin nanging ora nduweni prestasi, luwih becik mundur wae. Ora gelem mundur kuwi apa sing digondheli ? Lha yen pancen bisa korupsi neng bal-balan ye embuh ? Apa pancene ana aturane sing ngandhakake pengurus kudu seumur hidup ? Yen pancene ora ana, ya kudu mawas dhiri, legawa, pasrahna marang wong sing luwih ngerti lan bisa ngatur bal-balan.

Seneng bandha donya uga mangkono. Nyambut gawe paribasan sikil digawe endhas, endhas digawe sikil, sing dipikir mung numpuk badha. Dhuwite ora nate kecer. Saking gemine keladuk cethil. Ora gelem nanjakake dhuwit yen pancen ora ana keperluan sing penting banget. Dhuwit oleh-olehane diperdil tliti banget. Asile, sebageyan kanggo mangan, sebageyan kanggo kebutuhane anak sekolah, sebageyan kanggo jaga-jaga manawa awake lara, kanggo tuku jamune, lan sebageyan kudu ana sing disimpen minangka celengan tembe mburi. Weteng ditaleni singset nganti kaya-kaya ora bisa ambegan. Jaaan adil banget. Kaya dongenge bangsa Cina – para Hoakiau -- nalika sepisanan ngajawa. Pangan saben dinane mung bubur nyel. Ora mangan – mangan sega yen durung bisa gawe omah gedhong. Pancen uripe ya kepenak, saka jalaran anggone setiti sarta nyambut gawe mempeng.

Bu Guru Nelly seneng neng babagan seni, seni campursari. Kegiatan saben dinane ora ana lerene. Esuk mulang, sore isih ngelesi privat, bengi latihan campursari. Apa maneh yen arep ana tanggapan, saben bengi kudu latihan. Mula ora mokal yen awake krasa kesel. Kanggo njaga supaya awake fit mula kerep ngombe jamu. Langganane jamu ngarep pasar gedhe.
Kumpulane campursari Bu Nelly durung patia gedhe, nanging wis wiwit dingerteni tangga teparo. Bu Nelly nduweni swara sing becik. Yen dirungokake sarta dilaras swarane nggrantang turut usuk. Mula wiwit asring ditanggap wong duwe gawe. Bubar tanggapan atine seneng banget. Ora muspra anggone latihan saben wengi.
“Aku ki gumun lho bu. Panjenengan wis duwe putu, ning awake kok kaya isih umur telungpuluhan ki resepe apa bu ?” pitakone kanca nalika lungguhan ing ruang guru.
“Apa lho, lha biyasa wae “, wangsulane bu Nelly.
“Ora duwe resep khusus ngono ta ?”
“Resep khusus apa lho. Pokoke seneng, ati ayem, ora mikir sing aneh-aneh. Rak ya wis”, kandhane bu Nelly karo nyepakake buku-buku sing kanggo mulang. Anggone ngomong banjur diterusake, “Ngene lho bu. Wong ambyur ing jagading seni iku nganggo paugeran telung prekara yaiku : wiraga, wirama, lan wirasa.”
“Apa kuwi ?”, bu Narti nyelani.
“Wiraga, solah bawane awak utawa raga nalika nembang. Wong nembang iku ora kena kaku njekengkeng, kaya wong ngeden. Paugeran iku kudu digatekake temenan. Mula wong sing ambyur ing jagading seni kudu ngudi supaya awake tetep seger. Aja nganti kuru- kurune semangka”
“Maksude ?”
“Yaaa, kaya tong ngglundhung.” Kanca-kanca padha mesem.
“Wirama ?”
“Penyanyi kudu ngerti iramane tembang, endhek dhuwure swara, not, pathet utawa kunci. Swarane aja nganti blero,. Dene wirasa, bisa ngematake utawa ngrasakake isine utawa surasane tembang. Bisa mbedakake lagu sing gembira karo lagu sing agawe trenyuhing ati. Lan iku diwahyake ing praen utawa pasemon, yen basa Indonesiane mimik”.
“Waaah, esuk-esuk wis dha kuliah seni ta ki mau ?”, kandhane pak Hardi sing wiwit mau mung meneng wae.
“Timbang ngrasani alane uwong, rak marahi dosa ta, pak”, kandhane bu Narti.
“Wis saiki dha ndang mulang, kae lho wis bel.”
Bapak lan bu guru padha enggal-enggal tindak menyang kelase dhewe-dhewe.

Karo mlaku menyang kelas, aku nggagas omongane bu Nelly, wirama, wiraga, lan wirasa. Saupama maknane dijembarake, bisa kanggo paugeran manungsa urip neng alam donya. Manungsa urip manut wiramaning alam, kang digarisake dening Gusti Kang Maha Kuwasa. Alaming bocah iya kudu dilakoni kaya dene bocah. Alame wong diwasa lan alame wong tuwa, iya kudu dilakoni kaya dene wong diwasa sarta wong tuwa. Wong tuwa iku sabisa-bisa kudu nyedhaki marang kang Maha Kuwasa. Tuwa iku yen dikerata basa dadi kari ngenteni metune nyawa. Tindak satindak, tembung satembung kudu tansah dijaga. Aja nganti nglarani atine liyan. Pancene ya ana wong tuwa sing ora bisa dadi tuwa. Tingkah lakune isih kaya bocah wae. Manungsa ora bakal bisa ngowahi kodrat.
Wiraga, manungsa dititahake urip neng alam donya, wiwit ana ing guwa garbaning ibu sangang wulan sepuluh dina, banjur lair cenger ngerti alam padhang, anduweni raga kang ringkih. Dening ibu didama-dama, diopeni, digegulang lan digulawenthah supaya ing tembe mburine bisa dadi manungsa kang utama, bisa njunjung drajate wong tuwa, migunani tumrap nusa, bangsa, agama sarta negara, kaya sing disorahake dening mbah Modin nalika maringi ular-ular jagong bayen pitung bengine.
Jejer dadi bocah tumekane diwasa, otot bayune tambah dina tambah rosa , wasana dadi bocah kang jangkep dadi manungsa kang sampurna. Sing lanang dadi manungsa kang gagah prakosa, dene sing wadon mencarake kasulistyane, mencorong prabane. Mratandhani yen wus samekta mencarake wiji supaya bisaa babar, mekar mratah ing saindenging bumi.
Lamun umur setengah abad mendhuwur sing maune otot bayune rosa gagah prakosa, bayune saya suda, banjur bali ringkih kaya bocah cilik maneh. Ing wasana bali sowan marang pangayunaning Pangeran. Ya iki sing diarani sangkan paraning dumadi – samubarang kang asale tuwuh saka Gusti banjur bali menyang pangayunaning Gusti maneh.
Wirasa, praboting urip kang tumanduke ana ing sajroning ati. Manungsa bisa mahyakake rasa seneng lan susah, enak lan kepenak, tresna lan gething. Saben manungsa mesthi kedunungan rasa. Mung manungsa ora mesthi ngerti lan weruh marang dununge lan tumanduke rasa sejati sejatining rasa. Mula bab iki manungsa perlu ngudi lan ngupaya ana ngendi dununge lan tumanduke rasa sejati mau.
Saben manungsa mesthi kepingin enak lan kepenak. Satemene rasa enak lan kepenak iku mung saka condhonging rasa. Rasaning rasa antarane manungsa siji lan sijine ora bakal padha. Ana pawongan sing bisa ngrasakake enak lan kepenak kanggone barang utawa kahanan nanging seje karo wong liyane. Kamangka barang utawa kahanan sing dirasakake mau padha.
Mula yen miturut pamanggihe KGPAA Mangkunagara IV manungsa urip -- ora mung kanggo para panguwasa utawa pejabat --- kudu tansah amemangun karyenak tyasing sasama. Sapa kang bisa ngepenakake rasaning atine wong liya, bakal disuyuti lan dikurmati ing jagading pasrawungan.
Ora krasa aku wis tekan ngarep kelasku. Aku banjur mlebu, mulang murid-muridku.

--- 0 ---

Aku satemene dadi penggemar berate bu Nelly. Saben bu Nelly manggung ora nate absen nonton. Ana ngendi anggone manggung aku ya mesthi nonton. Paribasan tanggapan menyang leng semut, aku ya mesthi nonton. Aku pancen seneng karo bu Nelly.
Nuju sawijining dina, sabubare rapat guru , ana kesempatan omong-omongan wong loro. Sauntara ora ana kanca liya, aku takon marang bu Nelly.
“Bu, panjenengan ora kepingin krama maneh ta ?” pitakonku marang bu Nelly.
“Ya isih pak, ngapa ta ?”
“Ya ra ngapa-ngapa. Aku ki rak dhudha ...” durung tutug anggonku kandha wis disaut dhisik.
“Ra sah macem-macem, aku wis duwe pacar,” wangsulane rada sengol.
“O, ya uwis,” aku banjur klithih-klithih nglungani.
Bubar kedadean dina iku ana owah-owahan anyar. Lageyane bu Nelly seje karo biasane. Saben esuk hp ne wis muni klinthing-klinthing. Wiwit teka dhog neng sekolahan nganti bel mlebu kelas, hp wis muni ora kurang ping sepuluh. Kanca-kanca nganti apal. Saben hp ne bu Nelly muni kanca-kanca padha alok, “Hallo, panggilan pacar “. Dilokake kaya megkono bu Nelly mung mesem wae.
Aku dhewe satemene ya krasa yen bu Nelly kepingin nuduhake pacare marang aku, karo sajak ..... ngece. Aku nya mung trima meneng. Arep ngapa ? Sanajanta ing jeroning atiku krasa mangkel.

--O—

Liburan semesteran wis kliwat. Bocah-bocah wis padha sekolah maneh kaya adat saben. Plataran sekolahan rame bocah-bocah padha playon. Kabeh padha katon seneng, miwiti semesteran anyar. Ora suwe bu Nelly rawuh. Ora kaya biasane. Biasane nitih sepedhah montor saiki mung nitih becak wae. Mlebu ruang guru mripate katon kaca-kaca.
“Ana apa, bu. Sajake kok katon sedhih ?” patakone bu Narti kanca kenthele.
“Aku kapusan,” wangsulane bu Nelly.
“Kapusan apa?”
“Pacarku .......”
“Pacare kena ngapa ?”
“Dheweke nyilih dhuwit limang yuta jarene kanggo ngurus surat.”
“Lha terus ....”
“Ya daksilihi,” wangsulane bu Nelly.
“Terus ....”
“Nganti saiki ora bali-bali.”
Kanca-kanca mung meneng wae, kabeh padha pandeng-pandengan.
“Ra sah dipikir, bu. Dhuwit kena digoleki..”bu Narti ngedhem-edhemi.
“Ora dipikir piye ?. Wong sepedhah montorku ya katut.”
“Haaah.” Aku mlenggong. Batinku ..........


Surabaya, 1 Maret 2011.

Pengikut

Matur Nuwun ...