Minggu, 26 April 2009

Prau Silem Kanggo Wisata.


Kapal Selam iku basa Jawane prau silem, yen dikramakake baita silem. Yen tembung Jawa "kapal selam" tegese jaran sunat. Prau Odyssey iku sawijining prau kang dianggo pariwisata. Panjenengan yen kepingin numpak prau silem , gampang. Ora susah kudu mlebu angkatan laut dhisik. Papan wisata ing Bali, yaiku ing pelabuhan Amuk ana prau silem sing khusus kanggo wisata. Ing kono panjenengan bisa mriksani endahe kahanan ing sajroning segara. Maneka warna iwak hias ana, terumbu karang iya bisa panjenengan priksani. Lan "biota laut-biota laut" liyane. Panjenengan diajak nyilem nganggo prau silem Odyssey sing jerone 35 meter sajrone 45 menit.Karcise mung murah bae. Kepingin ta ? Mangga !!!


Ing ngisor iki gambar salah sawijine penumpang lagi ndeleng njaba liwat jendela kapal.

Sesawangan ing sajrone banyu segara sejatine endah banget. Iwak sawernane iwak kang maneka warna wujud lan rupane. Ana sing gedhe banget kayata bangsane iwak lodan, hiu, nganti iwak sing cilik-cilik banget. Terumbu karang uga wujude warna-warna. Kewan karang iku sanajanta kalebu kewan nanging yen dideleng kaya wujude thethukulan utawa wit-witan. Wis ta pokoke endah banget. Ora kalah endahe karo yen ana ing dharatan. Mula ayo padha dijaga supaya kahanan ing sajrone segara tetep bisa lestari. Kepriye carane. Salah sijine yaiku aja mbuwang limbah menyang segara, ora ngrusak terumbu karang sing ana, ora nganggo bom iwak yan panjenengan dadi nelayan.

Kamis, 23 April 2009

Tembung Kang Lumrah Kanggo ing Jeneng


Tembung-tembung basa Jawa kang dianggo jeneng bocah ana sawetara. Perlu dimangerteni tembung-tembung : Rini, Wati, Dyah, Estri, iku ateges wadon. Tembung "SU" tegese linuwih, banget, gedhe. Kayata :
Sukardi = linuwih karyane (nyambut gawe), banget anggone nyambut gawe.
Sukarna(o) = linuwih pangrungune.
Sulistya = linuwih rupane (bagus utawa ayune).

Tembung liyane :

Anom = Mudha , Taruna , Timur.
Arane werna = Seta (putih), Kresna (ireng), Jenar (kuning), Wilis (ijo).
Angin = Bayu (pa), Samirana (pa), Indri (pi)=angin semilir.
Ati = Tyas (pa/pi), Prana (pa), Galih (pa)
Ati-ati = Prayitna (pa).
Awas = Waskitha (pa), Sidik (pa), Wicaksana (pa).
Banyu = Tirta (pa), Sindu (pa), Ranu (pa).
Banteng = Andaka (pa), Handaka (pa)
Bapa = Sudarma (pa).
Bares = Jarwa (pa), Sujarwa, Sujarwanta.
Bekti = Satuti.
Begja = Bagya (pa), Subagya (pa)
Bijak (BI), tindake becik = Wicaksana.
Bunder (wutuh) = Purnama (pa), Purnami (pi)
Dhewe = Pribadi (pa), Priyangga (pa).
Duwe kaluwihan = Tiyasa (pa).
Endah = Peni (pi), Raras (pi), Laras (pi) Bagus (pa), Pekik (pa).
Emas = Rukmi(pi), Rukma (pa).
Gagah prakosa = Jarot.
Gaman = Bajra (pa), Braja (pa).
Gawe = Kardi (pa), Karya (pa), Karti (pi), Yasa (pa).
Gunung = Ardi, Hardi, Giri, Himawan, Parwata, Arga.
Geni = Dahana.
Golek = Pardi (pa), Supardi
Impen = Supena (pa).
Kabecikan = Sudarman, Sudarmi
Kaluhuran = Wibawa.
Katara = Katon (pa), Wuryan (pa/pi), Keksi (pi) Conto : Katon Bagaskara, Wuryanta.
Karep = Kapti (pi).
Kawruh = Guna (pa), Sastra (pa), Widya (pi).
Kayangan = Aribawa (pa).
Kendel = Prawira (pa), Nirbita (pa), Nirbaya (pa), Wira (pa), Wirya (pa), Sudira (pa)
Kembang = Sekar (pi), Puspa (pa/pi), Puspita (pi), Kusuma (pa/pi), Padma (pa), Padmi (pi).
Kondhang = Kuncara (pa), Sumbaga (pa).
Kosong = Bondhan (pa).
Kuping = Karna (pa). Conto : Sukarna(o).
Kuwat = Santosa (pa), Parkosa (pa), Prakoswa (pa), Bagas (pa).
Kekuwatan = Daya (pa).
Laku = Laksana (pa), Sulaksana (pa).
Lampu (pepadhang) = Diyan (pa/pi), Pandam (pa)
Lanang = Priya. Conto : Priya Jatmika = Wong lanang kang anteng.
Landhep = Sutikna (pa), Sutiksna (pa).
Langgeng = Satiti (pi)
Legi = Artati (pa), Hartati (pi), Manis, Sarkara (pa).
Lestari = Widada (pa), Lestari (pi),
Lintang = Lintang, Sudama (pa), Kartika (pi)
Linuwih = Sudibya, Sudigbya.
Manembah = Astuti.
Mega = Mega, Ima (pi), Irawan (pa).
Menang = Jaya (pa), Unggul (pa).
Mula = Marma (pa), Marmi (pi), Sumarma (pa).
Murid = Siswa, Siswaya, Susiswa.
Murid pandhita = Puthut (pa)
Nalar = Budi (pa)
Ndeleng = Mulat (pi)
Nepsu = Bramantya (pa)
Ngati-ati = Yitna, Prayitna, Yatna, Suyatna, Wiweka (pa).
Niyat = Esthi (pi)(uga ateges gajah).
Nuli = Saksana (pa), Tandya (pa), Sutandya.
Pandhita = Sutapa (pa)
Pangkat = Drajat (pa), Sudrajat (pa).
Pahlawan = Wira (pa)
Pathi = Sari (pi)
Peparinge Gusti = Nugraha (pa).
Perang = Yudha,
Pinter = Widagda (pa), Wignya (pa), Gunawan (pa), Nimpuna (pa).
Pinunjul = Sudibya (sekti banget).
Piranti = Pandaya (pa).
Prajurit = Sena (pa)
Premana = Susmana (pa)
Ratu = Aji (pa), Indra (pa)
Rembulan = Wulan, Candra, Sasangka, Sitoresmi, Tengsu.
Sampurna = Paramitha (pi)
Sedhih = Wiyoga (pa).
Sekti = Digdaya (pa), Santika (pa)
Segara = Samodra, Arnawa.
Seneng = Asmara
Sesotya = Retna (pi), Marjan (pa), Kumala (pi), Inten (pi)
Setia (temen) = Setyana (pa), Setyawati (pi)
Sirah = Murda (pa), Murdani (pa).
Slamet = Slamet, Rahayu, Rahajeng, Wilujeng (pi), Yuwana (pa), Raharja (pa), Basuki (pa)(uga ateges ratuning naga), Yana (pa).
Sorot = Sunar (pa/pi), Cahya (pa/pi), Praba (pa/pi), Sunu (uga ateges putra),Dipa (pa), Suteja (pa)
Srengenge = Aditya, Raditya, Baskara, Bagaskara, Diwangkara, Surya (pa), Ari (pa/pi), Haruna (pa), Aruna (pa).
Sugih = Sardana (pa), Sugiyarta, Sugiharta (tegese sugih dhuwit).
Supaya = Supadi (pa), Supadya (pa).
Tapa = Brata (pa), Subrata.
Tanpa cacad = Nirmala (pi).
Tembang = gita , gitaya (pa).
Teguh = Teguh (pa), Kukuh (pa).
Terang = Pramana (pa), Susmana (pa)
Teka = Prapta (pa), Prapti (pi), Suprapta.
Temen = Sayekti (pi), Sanyata (pa), Satya, Setya (pa,pi)
Tuladha = Palupi (pi), Sudarsana (pa), Darsana (pa), Lukita (pa).
Udan = Riris (pi).
Urip = Satmaka (pa)
Hyang = Dewa
Wangi = Arum (pi, Ambar (pi)
Warah = Warsita (pa), Wursita (pa), Wasita (pa)
Waras = Waluya (pa)
Wengi = Ratri (pi).
Widadari = Apsari (pi), Hapsari (pi), Dewi (pi).
Wong = Jana (pa), Sujana (wong kang linuwih)(pa), Sarjana (wong sing pinter)(pa), Nara (pa)


Tembung Wilangan :
Eka = siji.
Dwi = loro.
Tri = telu.
Catur = papat.
Panca = lima.
Sad = enem.
Sapta = pitu.
Astha = wolu.
Nawa = sanga
Dasa = sapuluh.

Jeneng Wayang kang kalumrah kanggo ing jeneng :

Andhini = sapi titihane bathara Guru.
Bima = Sena , Satriya panenggak Pandhawa.
Dananjaya = Satriya panengah Pandhawa (Arjuna).
Gunawan Wibisana = satriya ing Ngalengkadiraja.
Ismaya = Semar.
Kresna = Ratu ing negara Dwarawati.
Pandhu = Ratu ing negara Hastinapura.
Permadi = Satriya panengah Pandhawa (Arjuna).
Prawirayudha = Kendel ing paprangan.
Setyawati = Garwane prabu Narasoma.
Wisnu = ratuning dewa.
Yudisthira = Pambarepe Pandhawa.



Jeneng kang kaprah keprungu :
adyaksa = jeksa, jaksa.
aditya = srengenge.
Agung Laksana = Laku kang gedhe.
ajeng = 1. ayu 2. ratu.
ambar = ganda wangi
Amini Kanthi Puji Rahayu = Diamini kanthi puji slamet.
ananta = tanpa wasana, tanpa pungkasan
andaka = banteng.
andika = 1. kandha, celathu 2. kowe.
anindita = tanpa cacad.
anindya = linuwih, pinunjul.
apsari = widadari.
ardi = gunung.
Ardi Nugraha = Kanugrahan kang gedhene sagunung.
ari = 1. adhi 2. srengenge.
aris = 1. tanpa sulaya 2. sareh.
arya (harya) = sebutane para luhur.
aryana (haryana) = budi, pikiran.
arsaya (harsaya) = bungah, seneng.
arjana (harjana) = njangka, ngudi.
arja = 1. reja 2. slamet.
arka = srengenge.
arnawa = segara.
artati = gula, legi.
Arum Ambarsari = Pathine kembang kang ngganda wangi angambar-ambar.
asmara = sengsem, tresna.
astuti = nyembah, memuji.
badra = 1. kabegjan, becik banget 2. rembulan.
bajra = 1. inten 2. tumbak kang landhepe lima 3. bledheg.
bagas = waras, ora lelaranen.
bagaskara = srengenge.
bakti = pakurmatan , setya tuhu.
banu = sorot, srengenge.
barata = 1. peperangan 2. ratu ing Ayodya.
baskara = srengenge.
basuki = slamet, rahayu.
baswara = sumorot, gumebyar.
besus = 1. sarwa resik, becik 2. seneng macak.
Bambang Susatya = Putrane pandhita kang temen setya.
budi = pikir.
budiman = sugih pamikir, pinter.
bramantya = nepsu banget.
candra = rembulan.
cahya = 1. warnaning sorot 2. kamulyan.
Candrakirana = Bulan yang bersinar.
citra = tulisan, gambaran, wangun.
dahana = geni.
danu = 1. kebo 2. gandhewa.
danuja = linuwih.
danurdara = satriya sekti.
Damarjati Supajar = Sejatine obor (pelita) kang linuwih padhang.
darpita = kendel banget.
darsana = conto.
Daru Suprapta = Cahya kang linuwih tekane.
dewi = dewa wadon, widadari.
dibya = linuwih, pinunjul.
digdaya = menangan, sekti.
diyan = piranti kanggo gawe pepadhang.
dipta = sorot.
dira = kendel, wani.
dirga = dawa.
duhita = putri, endah.
endra = ratu.
estri = wadon.
jaya = 1. menang 2. kuwasa 3. begja.
janardana = bathara Wisnu.
juwita = putri.
jarot = 1. serate asem 2. kengkeng, kuwat.
Gagat Rahina = Bocah kang laire esuk.
garjita = bungah banget.
garini = bojo.
gita = tembang, kidung.
gitaya = tembang, kidung.
Giri Susena = Gegedhuging prajurit kang kaya gunung.
Gunawan Wibisana = Satriya Ngalengka kang ngegungake kautaman.
gurit = 1. tulisan 2. kidung.
himawan = gunung.
Indri = angin semilir.
Inten Susena = Manggalaning prajurit kang kaya sesotya.
iswara = ratu, bendara.
kanya = prawan.
kardi = gawe.
karna = kuping.
Katon Bagaskara = Terlihat bagaikan matahari.
kirana = sorot, cahya.
kumala = inten.
Koswa lalita = prajurit kang endah.
Kusumaatmaja = Putrane pak Kusuma. Kusuma = kembang.
Narasoma = Wong sing rupane kaya rembulan baguse.
laksana = 1. kabegjan 2. laku.
laksita = laku, laku tapa.
laksmana = kabegjan.
laksmi = endah.
laksmiwati = endah banget, begja banget.
lalita = endah, ayu.
lelana = lelungan, mider-mider.
lestari = ajeg ora owah, kaya mau-maune.
listya = ayu, endah, bagus.
lukita = tetembungan, karangan.
manohara = 1. endah, nengsemake 2. memalad sih.
marsudi = ngudi, nggegulang supaya bisa.
marta = lembah manah, sareh.
murdaka = sirah, pemimpin, pengarep.
mursid = utama uripe.
mursita = guneman, kandha.
murcita = guneman, kandha.
nareswari = garwane ratu, ratu putri.
nimpuna = pinter, wasis.
nindya = linuwih, pinunjul.
nirmala = tanpa cacad, suci.
padma = kembang terate.
pajar = padhang.
pambudi = 1. bebuden 2. anggone ngudi.
pandaya = 1. juru misaya iwak 2. piranti.
pandam = 1. pepadhang, diyan.
parameswari = 1. ratu putri 2. garwane ratu.
paramita = kasampurnan.
parman = sih kawelasan.
Pekik Arga Dahana = Gunung geni kang bagus rupane.
pudyastuti = pangaji-aji, panembah.
puji = donga, pangarep-arep supaya ...
Puji Astuti = Donganing panembah.
purnama = rembulan kang wutuh.
purwa = wiwitan.
purwaka = 1. biyen, dhisik 2. bebuka.
puspa = kembang.
puspita = kembang.
Purnamengati = Ati kang wutuh kaya rembulan.
purwita = meguru.
praba = sorot, cahya.
Prabawa = 1. kaluhuran 2. kasekten 3. daya kang metu saka kaluwihan.
Prabandari = cahya sumunar kang nembe ndhadhari.
prabu = 1. bendara, panggedhe 2. ratu.
pradapa = lung enom, pupusing godhong.
pradipta = pepadhang, diyan.
prapta = tekan, tutug, teka.
prasetya = saguh bakal setya tuhu.
prawira = kendel.
priyambada = tembung pangarih-arih.
raden = sebutan para dharahing ratu.
raditya = srengenge.
Rahadyan Yamin = Raden Yamin(arane gelar)
Rahardi Ramelan = Ra (gelar pakurmatan) Gunung kang laire ing wulan Ramadan.
Rahayuningati = Rahayuningtyas =Slamet sajroning ati.
rangga = pangkat saemper asisten wedana.
rara = prawan.
raras = laras.
reni = wadon.
respati = 1. ngresepake ati 2. patut.
retna = 1. inten 2. sing endah dhewe 3. sebutane putri.
Retno Dumilah = mutiara yang bersinar
riris = udan.
sayaka = panah.
samodra = segara.
santi = 1. sareh, tentrem, raharja 2. donga pepuji 3. kekidungan.
sardana = sugih.
sari = 1. asri, endah 2. endah.
sarjana = wong sing pinter.
sarju = condhong atine.
sasangka = rembulan.
sasmita = 1. polatane praen 2. ngalamat, semu.
sasmaya = becik, endah, suci.
satiti = langgeng, tetep, ora pegat.
satmaka = 1. tunggal nyawa 2. urip, nyawa.
satriya = wong luhur, prajurit luhur.
sayaka = panah.
Selo Sumarjan = Selo (pangkat padha karo camat), Sumarjan = Mutiara yang indah.
Setyawati = wong wadon kang temen setya.
sitaresmi = rembulan.
siwi = anak, sengsem, sowan.
sudama = lintang.
sudana = 1. loma banget 2. sugih banget.
sudarma = 1. becik atine 2. bapa.
sudarman = kabecikan.
sudi = kalawan sarjuning ati, gelem ngrahapi.
sudibya = 1. sekti banget, 2. pinunjul, linuwih.
sudira = kendel banget.
sudyana = sudi, tulus.
sujana = wong pinter.
sujita = turune wong linuwih.
Sugeng Suprawata = kaya gunung kang gedhe lan tansah slamet.
Suharta = linuwih artane (sugih).
Sukaca = Kaca (paesan) kang linuwih.
sukarja = luwih bungah.
suka wibawa = bungah-bungah, seneng-seneng.
sukra = Jemuwah.
sulaksana = ngalamat becik, luwih slamet.
sulistya = bagus (ayu) banget.
suluh = obor, dilah, sorot, padhang, pabarisan.
sumantri = patih, mantri utama.
sumirat = kumepyur, sumawur, sumorot, gumebyar, kaya madu.
surastri = widadari.
susetya = setya tuhu.
susmana = premana, terang.
susmaya = teja, luwih, suci.
surti = ngati-ati sarta setiti.
sutapa = pandhita.
suteja = sumunar, sumorot, endah banget.
sutikna = landhep banget.
sutiksna = landhep banget.
suwanda = awak.
suwarna = 1. emas 2. endah banget.
suwignya = pinter banget.
suwita = ngenger, ngabdi.
Sumirat = Bersinar.
Sutiyasa = Nduweni daya kaluwihan kang gedhe banget.
suyasa = omah, gedhong.
suyud = asih, sumarah, lulut marang.
tamara = gamelan.
teguh = kukuh.
timur = enom, nom-noman.
udaya (hudaya) = 1. segara 2. pletheking srengenge 3. munggah, mumbul.
wardaya = ati.
wibawa = kaluhuran, kamulyan.
wicaksana = 1. awas, 2. waskitha, 3. bisa nganggo budine klawan bener.
wida = boreh, pupur, wewangi.
widada = tulus slamet, lestari slamet.
widagda = pinter.
widayaka = 1. wong kang mranata, 2. wong pinter.
widayat = sih pitulunganing Gusti Allah.
widasari = boreh wangi.
widura = pinter, wicaksana.
widuri = bangsane inten.
widya = kawruh, kawicaksanan.
widyastuti = pangabekti, pepuji.
wijaya = menang, sekti.
wijayanti = menang.
wilapa = kidung.
wilujeng = slamet.
winardi = diterangake, ditegesi.
winarna = diterangake, ditegesi, dicritakake.
wira = prajurit, kawasa, sareh, tatas, senapati, prawira, priyayi.
wirya = kendel, kuwasa, mulya.
wiryawan = kendel, kuwasa, mulya.
Wiradi = pahlawan sing luhur.
Wiranta = Muga dadia pahlawan.
wismaya = gumun, ngungun.
wiyata = piwulang.
wiyoga = sedhih.
Wresniwira = Pahlawan bangsa Wresni (Setyaki)
Wulandari = Bulan yang baru terbit.
wursita = gunem, crita, rasa pangrasa.
yatna = ngati-ati.
yekti = 1. temen 2. nyata.
yitna = ngati=ati.
yogi = pandhita.
yuwana = slamet, rahayu.
Yuwana Sudarsana = Conto kang linuwih slamet.

Pengikut

Matur Nuwun ...