Kamis, 09 Juni 2016

WENGI



wengi
gumedere sepi ngumbara tanpa tepi
lelayar ngrasuk ulekane sonya ruri
geyongane ati kang kayungyun
ngupadi gisiking kayun
pepalang bebondhotane eri samun
menyang endi paraning jangka
katriwal jangkah kang muspra
kabuncang ing dhangkane ngayawara
tanpa guna

wengi
ana lintang weh pepadhang
kumelip ing awang-awang
sanajanta mung kaya wujude upil gowang,
dadi tuduh ati kang lagi kapang

wengi
ana ngendi labuhing ati
paraning nyawiji
Gusti.


surabaya 09062016

Senin, 06 Juni 2016

CANDHI TAWANGALUN.




Candhi Tawangalun mapan ana ing desa Buncitan, kecamatan Sedati, kabupaten Sidoarjo, Jawa Wetan. Candhi iki mapane rada mencil, prenahe ngidul sithik saka dalan desa Buncitan. Dohe saka kono kira-kira 300 meteran. Candhi iki manggon ana ing sadhuwure gumuk utawa punthuk kang rada dhuwur yen ditandhing karo papan palemahan kang ana ing sakiwa tengene kono. Nalika Lapindo mbutuhake urugan kanggo gawe tanggul, lemah ing sakiwa tengene candhi uga dikeruk kanggo nggawe tanggul kasebut.
Ing sakiwa tengene candhi kono ana ubalane endhut kaya kang ana ing kolam lumpur Lapindo, nanging mung cilik wae ora kaya kang ana ing Lapindo. Miturut katrangane wong –wong ing sakiwa tengene kono, ubalan endhut mau wis ana wiwit jamane mbah-mbah biyen. Kapan thukule ubalan mau ya ora ana sing mangerteni.  

Candhi Tawangalun digawe saka batabang. Yen disawang saka kadohan mung kaya tumpukan bata wae. Wangune candhi majupat utawa bujur sangkar kanthi ukuran 5 x 5 meter. Dhuwure candhi udakara 2,50 meter. Wujude candhi saiki mung kari awake wae. Ing jerone candhi ana senthong kanthi ukuran 2,20 meter.  Jalaran ora ana katrangan kang gumathok, para ahli ora bisa nemtokake kapan lan sapa sing ndhawuhake nggawe candhi. Mung kira-kira wae jaman Majapaitan.
Mung ing Negarakretagama disebutake yen desa Damarsi, yaiku desa kang ana ing sacedhake candhi Tawangalun mau kalebu desa perdikan, kaya kang sinebut ing pupuh 78:4.
Unine :

darmmarsi sawunan / blah juru siddaɳ sranan waduryyaglan,
gandatrp haraçala nampu kakadaɳ hajyan gahan riɳ jagat,
sima nadyabhaye tiyaɳ pakuwukan / sima kiyal/ mwaɳ çuci,
tan karyyaɳ kawiri barat / kacapanan / ywangehnya simapagöh.
Tegese :
Damarsi, Sawungan , Belah, Juru, Siddang, Waduri, Agelan,
Gandha Terep, Harashala, Nampu, kakadang ratu kang pinunjul ing jagad,
Sima Nadi, Abhaya, Tiyang, Pakuwukan, Sima Kiyal, sarta Shuci,
ora kari Kawiri, Barat, Kecapangan, katetepake dadi sima (desa perdikan)

Pengikut

Matur Nuwun ...