Kamis, 28 Mei 2009

Sarasehan bab "Legenda"




Reog, seni tradisi kang kondhang nganti tekan mancanegara. Apa senimane bisa urip mulya ??







Gandrung Banyuwangi salah sawijining seni tradisi sing perlu dilestarekake.






Ing gedhong Cak Durasim Surabaya dianakake sarasehan ngenani bab legenda.Wiwit makna legenda nganti kepriya carane supaya legenda ing Nuswantara iki ora bakal sirna dirembug kanthi tuntas. Nanging kuciwane sadurunge rembugan rampung kaselak gedhonge arep dianggo dening paguyuban liya, mula ya rembugan mau kandheg, sanajan inti sari masalah mau wis dirembug. Ing kono uga dipitontonake kabisane seniman-seniman saka kutha Blambangan main "drama tari "kang mentasake lakon "Macan Putih".Pentas mau disutradarani dening Mas Sumitro Hadi. Penata tari : Jajulaidik, Evalia A, Karyati W. Pranyata seniman-seniman saka kutha Banyuwangi mau ora gawe kuciwa para pamirsa. Trampil sarta hebat banget. Ora ngira babar pisan yen paraga-paraga mau isih sekolah ing SD lan SMP. Kaprigelane ora kalah karo seniman-seniman profesional. Mung ing kene ana pitakonan : 1. Pentas mau kanggo sapa? Kanggo bocah , apa wong diwasa? Sebabe sing padha main isih bocah-bocah, ning garapan sutradarane, ubete jogede kalebu ora prasaja(sederhana) 2. Isine crita kanggo bocah apa dudu? Bab iki perlu dirembug kanthi luwih omber.
Sawise pentas drama banjur dianakake sarasehan, ngrembug bab legenda, kepriye carane supaya legenda Nuswantara mau tetep lestari, ora bakal musna saka lumahing bumi, kalah karo crita-crita utawa dongeng saka manca negara. "Nara sumber" kang maringi wawasan yaiku panjenengane Mas Yanusha Nugroho saka Jakarta. Sawijining seniman beken ing jagading seni drama tari. Satemene yen kita ngrembug bab legenda, dongeng, kethoprak, ludruk lan liya-liyane kang sipate seni tradisi, mesthi mentok ana pitakonan gedhe : sapa sing arep nanggap, sapa sing bakal nonton???
Ing titi wanci iki satemene wis akeh sing diupayakake dening pamarentah kanggo nguri-uri, ngurip-ngurip amrih seni -seni mau tetep bisa lestari. Nanging apa kanyatane?
Pitakonan-pitakonan kaya upamane "seni tradisi mau dibawa ke mana?, siapa yang akan melesatrikan budaya kita?, apa yang seharusnya kita kerjakan? " mangkono iku saben sarasehan mesthi muncul. Lan pangajap "kita harus malestarikan seni budaya kita yang adi luhung"?
Pepuntone rembug (simpulan) saka sarasehan mau ing antarane yaiku :
1. Kita harus mengikuti perkembangan jaman.
2. Seni tradisi tidak harus terpaku pada pakem yang ada.
3. Yang kita ambil dari legenda adalah isi atau makna dari legenda itu sendiri kemudian di kemas dalam bentuk baru.

Wiwit 30 utawa 40 tahun kapungkur saben-saben ana sarasehan ngrembug seni tradisi, pungkasane tiba marang pitakonan: yen wis bubar pentas iki sapa sing bakal nanggap? Lamun ana sing nanggap sethithike saben sasi sepisan manggung, mesthi para seniman bisa urip lumrah lan bisa nyukupi kabutuhane. Nanging yen proses kreatif mandheg ing sarasehan, aja diarep-arep seni tradisi bisa lestari.

Sabtu, 16 Mei 2009

S Pd, Sarjana Pekok Dhewe



Aku duwe kanca, sing mulang ana sawijining SMP ing daerah Pacitan. Kanca mau weton PGSLP (Pendidikan Guru Sekolah Lanjutan Pertama). Sawise diangkat dadi guru dheweke ora gelem nerusake sekolah kaya kanca-kanca liyane. Alesane arep kanggo apa? Wong saiki wis omah-omah ribet ngurusi omah, ribet ngurusi anak. Saiki wae nyelengi sing akeh kanggo beaya kanggo bocah-bocah mbesuk, kareben bocah-bocah wae mbesuk bisaa sekolah sing dhuwur, mangkono alesane.
Kira-kira tahun saduringe tahun 2000, ana ketentuan saka Diknas yen guru-guru kudu nduweni ijazah S1. Dheweke ya tetep ora keguh. Wong wis tuwa arep apa? Pangkat ya sapangkat-pangkate wong neng desa wae. Bareng saiki dheweke bingung, jalaran pemerintah majibake guru, yen tetep kepingin dadi guru kudu lulus sertifikasi, nduwe sertifikat kanggo mulang, lamun ora duwe sertifikat ora kena mulang. Kanca mau tetep panggah ora gelem sekolah maneh, alesane ora oleh mulang ya ora apa-apa, nyambut gawe wae ana ing kantor.
Nalika pak Bambang Sudibya dhawuh yen bakal ana tunjangan khusus kanggo guru, nanging nganggo syarat kudu lulus sertifikasi, dheweke isih duwe alesan, paling-paling nganggo dhuwit "YEN" . Dudu dhuwit "yen" saka negara Jepang , nanging "yen ana". Bareng saiki kanca-kanca wis padha lulus S1 padha nganggo gelar SPd, lan ya wis akeh sing nampa tunjangan mau, dheweke kandha :" Lha apa sampeyan thok sing duwe gelar S Pd, aku rak ya duwe".
Pitakone kancane :" Sampeyan iku S Pd apa?" .
"Ora ngandel, aku rak S Pd = Sarjana Pekok Dhewe (Sarjana sing paling goblog)".
Piye ca yen ngene iki ???

Pengikut

Matur Nuwun ...