Rabu, 25 Februari 2009

Hasthabrata, metoda kepemimpinan versi Jawa

Ing ngandhap kados pundi lampahing para pemimpin saking ular-ularing para sarjana sujana ing jaman kina. Kula pendhetaken saking lampahan ringit purwa "Wahyu Makutharama, wahyu pikukuhing praja", anggitan Ki Siswaharsaya. Ing lampahan ringgit purwa piwulangipun Begawan Kesawasidhi dhumateng Arjuna, ingkang mendhet piwulangipun Prabu Ramawijaya dhumateng Gunawan Wibisana, nalika sinengkakaken winisuda dados ratu ing negari Ngalengkadiraja anggentosi kalenggahanipun Prabu Dasamuka.

Dene wijang-wijangipun kados makaten:

1.
Laku hambeging kisma : Lire tansah murah marang sapa bae kang nyuwun den murahi. Amarga kisma iku tansah ngatonake dedanane. Tanem tuwuh cecukulan minangka bogane sagung dumadi, ora liya saka wulu wetuning bantala. Sanadyan anggane pinulasara ing janma, pinaculan, dhinudhukan, parandene kisma malah ngatonake kamurahane. Mas, sesotya, pepelikan warna-warna dadya kaskayane kang mulasara.

2.
Laku hambeging tirta : Lire : tindak anorraga, lumuh ngungkul-ngungkuli, tan ngendhak gunaning janma. Jer tirta ikui tansah watak warata tur ta dayane anggung ngasrepi dadya usadaning katoran.

3.
Laku hambeging samirana : Lire : tansah naliti sanggya sasana. Tumrap lelabuhaning Nata, tansah niti priksa marang kawula dasih, suker sakit kinawruhan sarana talaten atul. jer lakuning samirana iku anggung nusupi sanggya sasana.

4.
Laku hambeging samodra : Lire : jembar miwah sabar ing panggalih. Kamot momoting panggalih, kapanduking suka kingkin sasadone ingadu manis, datan jujul datan surut lamun kataman ing sak serik sameng dumadi. Jer samodra iku sanyata anglangut tanpa tepi, Kajogan sarah prabatang miwah tirtaning narmada pira-pira, parandene ora sesak ora luber.

5.
Laku hambeging candra : Lire tansah madhangi saindenging bawana. Tumrap lelabuhaning ratu, tansah mamardi pangawikan lan kagunan marang kawula dasih sarana wulanging dwija. Sogata samurwating dununge. Kutha desa sanadyan lengkehing wukir, sadrajat sapangkat padha sinungan pamardi putra.

6.
Laku hambeging baskara : Lire : tansah aweh daya kekiyatan marang sanggya gumelaring jagad, segara nguwab dadi mendhung temah dadi udan, ora liya saka dayane raditya, Bumi mekar nuwuhake thethukulan, iya marga saka kadayang sunaring baskara. Tumrap lelabuhaning ratu, anggung paring kekiyatan marang kawula dasih. Nagkoda, nara kisma, nara karya kang kasekengan, padha antuk sihing nata minangka pawitan. Sanadyan ing tembe kudu nyaur, nanging sarana sarenti sawise ngundhuh wohing karya.

7.
Laku hambeging dahana. Lire : angrampungi. Ora ana sawiji-wiji kang ora lebur dening dahana. Tumrap lelabuhaning nata, pangwak pradata luhur. Sakabehing prakara kang konjuk ngarsa Nata, kudu rampung paripurna kang pinancas kanthi adil paramarta.

8.
Laku hambeging kartika. Hambeg kartika, uga sinebut hambeg wukir. Lire teguh santosa. Sanadyan sinerang maruta sindhung riwut, parandene bayu bajra malah piyak nganan ngering labet kasor prabawa lan adeging wukir. Tumrap lelabuhaning Nata, sabarang kang wus dhumawah, kudu tetep tumindak tan kena.


Dipun pethik saking Wahyu Makutharama, Ki Siswaharsaya.

Selasa, 24 Februari 2009

Sangu Kagem Para Pemimpin

Ing wekdal punika nembe rame-ramenipun para priyantun sami nyalonaken dados anggota DPR lan sakedhap malih pilihan presiden. Para sesepuh Jawi anggadhahi betuah (petuah, Ind) unen-unen sarta ular-ular kangge sanguning para pangarsaning negari. Ular-ular punika awujud wangsalan lan sinawung ing sekar Dhandhanggendhis (Dhandhanggula). Kados makaten sekaripun :


Carang wreksa ingkang jamang tambir,
nora gampang wong mengku nagara,
baligo amba godhonge,
kudu santoseng kalbu,
tengareng prang andheging riris,
den teteg tranging cipta,
sendhang nir ing ranu,
sasat ana ing palagan,
kasang toya menyan seta munggwing ardi,
yen apes kawirangan.

Menggah isinipun sekar punika makaten : ora gampang wong mengku nagara, boten gampil dados pemimpin, utawi dados pangarsaning nagari. Sepisan, kedah santosa manahipun, boten kenging miyar-miyur, sanajanta dipun saruwe (kritik) saking ngrika-ngriki, kedah tetep teguh. Boten ateges boten purun mirengaken panyaruwe. Kedah mawi paugeran bilih tiyang nyaruwe (mengkritik) dereng mesthi yen leres. Ingkang sae dipun angge ingkang boten sae inggih kedah dipun bucal. Ingkang angka kalih : Pikiran kedah jejeg sarta ingkang terang (jernih), nindakaken paugeran (undang-undang) boten kenging emban cindhe emban siladan (pilih kasih). Sinten kemawon ingkang nindakaken piawon kedah dipun pidana, sanajanta dhumateng sedherekipun utawi kadangipun piyambak. Lan sinten ingkang nindakaken kasaenan dipun paringi ganjaran.
Ingkang angka tiga : Pangarsaning nagari (pemimpin) ibaratipun prajurit ingkang wonten tengah-tengahing paprangan (palagan) , kedah sanget pangatos-atosipun. Pemimpin kedah tansah migatosaken kawontenan para kawula alit. Kados dene cariyosipun dalang: paring teken dhateng ingkang kalunyon, paring boga dhumateng ingkang kaliren, paring sandhang dhateng ingkang kawudan, upami ngantos apes badhe nandhang wirang.
Sampun kathah para pemimpin ingkang ing akhiripun nandhang wirang jalaran apes. Apes jalaran tindakipun piyambak, apes karana boten saged matrapaken panguwaosipun, apes karana boten saged matrapaken paugeran lan apes karana saking bab-bab sanesipun. Pramila para pemimpin kedah ngatos-atos sanget anggenipun ngasta pusaraning praja.
Wonten malih para pemimpin ingkang ibaratipun :Gajah ngidak rapah, nerak angger-angger ingkang dipun damel piyambak. Contonipun negari ngedalaken Undang-undang Anti Korupsi, nanging taksih kathah para pemimpin ingkang taksih nindakaken korupsi. Bab-bab ngaten punika anjalari apesing para pemimpin.
Wonten conto ingkang sae, lan mugi-mugi kemawon ngantos salajengipun: SBY kaliyan JK mboten kersa ngasta mobil negari nalika ngawontenaken pepanggihan ngengingi bab sesambunganipun partai ingkang dipun pandhegani kekalihipun.

Tegese tembung :
carang wreksa = pang. wreksa = kayu.
jamang tambir = wengku. tambir = pinggir.
baligo amba godhonge = woh labu.
santoseng = santosa + ing.
tengareng prang = tengara perang, aba-aba perang = keteg.
riris = udan, jawah, jawuh, warsa. Warsa ugi ateges taun.
kasang toya = wadhah toya punika namanipun impes.
menyan seta munggwing ardi = menyan putih sing ana ing gunung = welirang.
ardi = parwata, giri, gunung, acala, wukir, redi, meru, prabata, aldaka.

Minggu, 22 Februari 2009

Guru Goblog Ketemu Murid Goblog.


Ing sawijing dina aku mentas maca buku Guru Goblog Ketemu Murid Goblog. Isine buku mau nenangi (membangkitkan ) semangate para nom-noman supaya tetep gelem ngangsu kawruh, golek ngelmu. Sing kanggo conto ing buku salah sijine yaiku sarjana jebolan ITS. Nalika iku sarjana mau ketemu pengusaha (sudagar) pabrik krupuk sing njaluk tulung mesine krupuk rusak supaya didandani. Sarjana anyaran kang nembe wae mentas metu saka pendidikan mau, kanthi semangat sing gedhe nyanggupi arep ndandani mesin mau. Banjur njaluk panjer kanggo beaya tuku alat-alate.
Sedina, rong dina, seminggu nganti rong minggu malah nganti wulan-wulanan, mesin mau ora bisa dadi. Asile mesin ora bisa rata . Kadhang-kadhang kandel kadhang-kadhang tipis, ora mesthi. Krupuk yen digoreng, sing tipis gosong, dene sing kandel durung mateng. Wusanane sudagar krupuk mau bangkrut, jalaran kena komplain saka langganane. Sang sarjana, rumangsa ora kepenak atine, banjur ngrumangsani yen dheweke isih goblog. Mulane banjur golek ngelmu maneh.
Crita iku banjur dak critakake marang muridku. Anggone ngrungokake tenanan.
Nuju sawijining dina aku rada nesu, jalaran muridku dakkandhani ora ngerti-ngerti. Nganti kawetu tembungku : "Kowe iku pancene goblog apa piye ?". Ora dak nyana muridku mangsuli :" Iya pak, saya ini goblog .......... ketemu guru goblog ".
Aku njur mangsuli sakecandhakku : "Iya, ya ........ ". Mung batinku aku rada misuh.

Rabu, 18 Februari 2009

Bebasan

Adhang-adhang tetesing ebun : Ngarep-arep pawewehing liyan.

Andaka ketaman wisaya :
Wong prekaran, bareng rumangsa arep kalah, banjur minggat.

Anak-anakan timun :
Ngopeni bocah (lumrahe bocah wadon) bareng wis banjur dipek bojo .

Aji-aji waringin sungsang : Jinising aji-aji sing njalari awak bisa digdaya.

Bacin-bacin iwak ala-ala sanak :
Sanajan ala, jalaran isih sedulur, mesthi ora tega yen nganti nandhang sangsara.

Bali menyang kinjeng dome : Wong cilik dadi wong ngaluhur , nanging banur dadi wong cilik maneh.

Bathang gajah :
Tilas wong gedhe.

Banyu gege : Banyu diwenehi kembang lan dimantrani kanggo ngedusi bayi.

Banyu pinerang : Pasulayan ing antarane sedulur, mesthi banjur pulih maneh.

Banyu tangi : Banyu anget (banyu tawa kacampuran wedang) kanggo ngedusi bocah.

Banyu tuli : Banyu kang kanggo syarat nambani wong lara.

Banyu windu : Banyu kang diwayokake.

Bebasan godhong mlumah dikurepake, godhong mureb dilumahake : Anggone nggoleki tliti banget.

Bocah aras kembang : Gampang disihi bendara.

Bubuk oleh leng : Wong duwe sedya ala, banjur oleh dalan sing prayoga.

Byung-byungan kaya tawon kambu
: Ora ngerti marang lungguhe rembug, anut grubyug ora ngerti ing rembug.

Bramara mangrurah kusuma : Kombang ngrusak kembang.

Brakithi angkara madu
: Wong tumeka tiwas jalaran saka pekaremane . Brakithi = semut.

Cablek-cablek lemut : Nindakake pegaweyan sing remeh.

Caruk banyu : Gedhe cilik, ala becik dianggep padha bae, racak.

Cebol ngayuh lintang : Wong cilik (sekeng) nduweni panggayuh sing gedhe, mokal kelakone.

Cedhak kebo gupak : Sesrawungan karo wong ala, mesthi katute.

Dadia godhong moh nyuwek dadia banyu moh nyawuk : Wong sing ora gelem sesrawungan maneh.

Debog bosok galih asem : Ucape wong yen kepethuk (weruh) mayit digotong. Miturut gugon tuhon ngucap mangkono mau supaya slamet.

Dibalang kembang mbalang tai : Diapiki males ala.

Dicutat kaya cacing : Ditundhung kanthi cara kang siya-siya.

Diedu padha banyune : Diedu tunggal guru lan ngelmu.

Dikayu alakake : Dianggep wong ala , dicecamah.

Dikena iwake, aja nganti buthek banyune : Bisaa kaleksanan sing disedya, aja nganti gawe gendra.

Ditemu kuwuk : Diwales (diprawasa) dening mungsuhe ing papan kang prayoga kanggo males.

Dolanan ula mandi :
Nindakake pakaryan sing mbebayani banget.

Dom sumuruping banyu : Tindak nyamar, laku dhedhemitan nganti sedyane ora kaweruhan dening wong liya.

Enggon welut didoli udet : Wong pinter diumuki kapinteran.

Gajah meta cinancang wit sidaguri, patine cineker ayam : Kraman aran Dirana (anake sratine Gajah aran Dirada ) Kepikut, dicancang ing wit sidaguri, wusanane tumeka pati dirampog sarana dicocogi dom.

Gajah ngidak rapah : Wong sing nerak wewalere (angger-anggere) dhewe.

Giri lusi janma tan kena ingina : Ingatase cacing bae bisa munggah gunung, apa maneh manungsa, babar pisan ora kena diina.

Golek banyu bening : Maguru, madhukun.

Gurem thethel-tehthel : Wong cilik (sekeng) duwe panjangka sing ora majad sarana ngedol barang darbeke.

Iwak kalebu ing wuwu : Wong sing kena krenahing mungsuh ora bisa ucul maneh.

Jangkrik mambu kili : Wong sing nduweni watak brangasan dikileni, mesthi gampang muntabe.

Jaran kembang duren : Jaran kang ulese kuning.

Jati ketlusuban ruyung : 1. Kalebon telik sandi (mata-mata). 2. Golongane wong becik lkalebon wong ala.

Kakehan gludhug kurang udan : Wong kang akeh guneme, nanging ora ana nyatane.

Kaya kinjeng tanpa soca
: Tumindak nunak-nunuk jalaran ora ngerti tata-caraning panggenan sing di parani.

Kaya welut dilengani : Guneme lunyu banget, anggone padu pinter banget.

Kandhang langit kemul mega : Wong sing klambrangan, ora duwe omah.

Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang : Nemoni bebaya (reribed) ing papan sing ora mbebayani.

Kekudhung walulang macan : Aling-aling wong sing nduweni panguwasa, supaya gampang ketekan sedyane.

Kembang paes : Kembang sing sepisanan, lumrahe ora dadi woh.

Kembang setaman : Kum-kuman kembang sing apik-apik kanggo sarat mijiki temanten.

Kendhit mimang kadang dewa : Kalis saka bebaya.

Ketiban ndaru : 1. Katekan bendara utawa karawuhan wong gedhe. 2. Wong oleh kabegjan gedhe.

Ketiban pulung : Tampa kabegjan gedhe.

Kleyang kabur kanginan : Lunga menyang endi-endi ora karuwan sing dijujug.

Kriwikan dadi grojogan : Prekara sepele wusanane dadi gedhe.

Kucing kembang asem : Kucing sing ulese abang semu kuning.

Kumenthus ora pecus : Umuk, nanging bisa mrantasi gawe.

Kumrisik tanpa kanginan : Ngandhakake resike atine, jalaran kuwatir diterka.

Lawas-lawas kawongan godhong : Wong ngabdi suwe-suwe mesthi ora kanggo.

Lebak ilining banyu : Wong cilik (andhahan ) lumrah kanggo tebane kaluputan ( Kaluputane wong gedhe lumrahe ditibakake andhahane.

Londho-londho walang sangit nggendhong kebo : Katone ora nduweni ati ala, nanging satemene nduweni ati sing culika banget.

Kana nggone kana wite : Ukara iku lumrahe diucapake samangsa wong nemoni lelakon ala, maksude supaya awake dhewe utawa kulawargane ora ketaman lelakon sing kaya mangkono.

Kayu taun : kayu sing lumrah dianggo balungane omah kajaba kayu jati, kayata : kayu weru, nangka, sengon lsp.

Kayu bakar : kayu sing diaanggo urub-urub utawa adang.

Kayu apu : jejnengte tetuwuhan sing kumambang ing segara.

Kayu manis : jenenge wit sing klikane legi semu pedhes.

Kebanjiran segara madu : Oleh kabegjan sing kaluwih gedhe.

Kemladheyan ajak sempal : Sadulur sing ngajak marang karusakan.

Kutuk marani sunduk : Wong kang niyat marani bebaya.

Kutuk nggendhong kemiri : Wong manganggo (berpakaian) mompyor ngambah dalan sing mbebayani (akeh begale).

Madu angin : Ngrembug (regejegan) bab sing tanpa guna.

Mburu kidang lumayu: Mburu rejeki sing durung mesthi bisa kagayuh.

Mbuwang rase oleh kuwuk :
Nampik barang ala, oleh barang sing luwih ala.

Malang nggambuhi : Jejodhowan, sing wadon awake luwih gedhe tinimbang sing lanang.

Malang kadhak : Mathentheng ngatonake kuwanene.

Mburu uceng kelangan dheleg : Ngangkah barang sepele, malah kelangan barang sing luwih gedhe.

Meneng wada uleren : Wong meneng bae naging duwe sedya ala.

Mubra-mubru blabur madu : Sarwa kecukupan uripe malah kepara turah-turah rejekine.

Mungkur gangsir : Wong sing ora gelem cawe-cawe, ora melu-melu tumindak.

Nandur pari jero : Gawe kabecikan marang wong liya kanthi pangarep-arep bisaa nampa piwales.

Nandur wiji keli : Ngopeni turune wong luhur.

Ngangsu banyu ing kranjang : Meguru, sawise oleh ngelmu ora dipigunakake.

Ngandhut godhong randhu : Pepindhane wong guneme mencla-mencle.

Ngalasake negara : Wong tumindak sageleme dhewe, ora ngelengi aturan.

Ngaub awar-awar : Ngenger utawa ngawula marang wong sekeng, wong sing ora sugih utawa ora duwe panguwasa.

Ngaturake kidang lumayu : Nuduhake rejeki sing angel pangalape (nyekele).

Nggantang sari : mbobot, meteng.

Nggarap sari : nggarap toya, menstruasi.

Nggayuh ing tawang : Wong duwe pepenginan sing tangeh bisa kaleksanan.

Nggugat kayu aking : Nggugat wong sing wis mati.

Nglancipi singating andaka : Nenangi (membangunkan) nepsune wong sarana diwaduli apa-apa sing njalari ora senenge atine.

Nglaler wilis :
Wong nglakoni panggawe nistha. Wilis = ijo.

Nglangkahi oyod mimang : Bingung. Mimang = oyod wringin, asring kanggo nulak bebaya sarana dikendhitake.

Ngubak-ubak banyu bening : Gawe rerusuh ing panggonan kang wis tentrem.

Ngubak-ubak suwakane dhewe : Gawe rerusuh ing wilayahe dhewe .

Nguyahi segara : Menehi barang (sumbangan) marang wong sugih.

Nrenggiling hangapi mati : Katone ora nggatekake barang sing lagi dirembug, nanging satemene nggatekake banget.

Nyalulu nruwelu : Wong mara menyang omahe wong duwe gawe nanging satemene ora diundang.

Nyawat abalang wohe : Wong lanang ngarah wanita alantaran sedulure wong wadon iku .

Nyundhang bathang bantheng : Njunjung wong gedhe sing wis apes.

Nyumur gumuling : Wong sing babar pisan ora bisa nyimpen wewadi, yen krungu warta sing wadi dicritakake kabeh (glogok sok).

Nguthik-uthik macan dhedhe : ganggu gawe wong sing lilih nepsune.

Oleh angin becik : Ana ungup-ungpe arep tampa kabegjan.

Ora ana banyu mili mandhuwur : Watak wantune anak mesthi kaya wong tuwane.

Pancuran kaapit sendhang : Anak 3 lanange 1 dumunung ing tengah.

Pantisari : Omah sing dumunung sing tengahing patamanan.

Rampek-rampek kethek : Nyanak -nyanak wong ala mesthi kena alane.

Rebut sari : Ungkul-ungkulan apike.

Sandhing celeng boloten : Sesrawungan karo wong ala, mesthi katute.

Sandhing kirik gudhigen : Sesrawungan karo wong ala mesthi katute.

Sanggar waringin : Bisa aweh pangayoman marang kadang kadeyane.

Salin slaga : Malih kelakuwane utawa pikirane . Slaga = Sing mbungkus kembang sadurunge kembang mekar (kelopak bunga).

Sarining pangan : pathi , zat pangan sing migunani awak.

Sawahe mung didol oyodan : Sawahe didol sapanenan. Ora sataun gadhu lan rendhengan.

Semut ngadu gajah : Wong cilik nadu wong gedhe.

Semut marani gula : Wong kang marani kamelikan (rejeki, pakareman, lsp)

Semut ireng anak-anak sapi
: Dewi Sapudi (garwa pangrembe Prabu Brawijaya Majapait) pekulitane ireng manis, peputra Bondhan Kejawan kang sinebut Lembu peteng.

Sendhen kayu aking : Digugat nganggo tameng wong sing mati.

Setan nunggang gajah :
Wong sing mung kepengin sakepenake dhewe.

Sinawuran sari ginanda wida jebat kasturi : Disebari kembang sing di urab wewangi saka dhedhes. Ganda-wida : dhedhes lan boreh. Jebat kasturi = dhedhes (wewangi saka klanjere rase. Jebat = kasturi.

Singidan nemu macan : Nyamar malah konangan panggedhene sing wis ngerti marang sedyane.

Sirat-sirat madu : Mung kanggo lelamisan bae.

Sulung alebu geni : Akehe pepeati ing paprangan, jalaran saben wadya sing arep lumawan mesthi mati.

Sumur lumaku tinimba : Wong sing kumudu-kudu dijaluki wuruk.

Suwe mijet wohing ranti : Pegawean sing gampang banget.

Taman sari : Patamanan , papan sing kanggo suka-suka parisuka.

Tengu mangan brutune : Wong dipercaya ngreksa barang-barang, malang dicolongi dhewe.

Thathit ngima unthit : Wong gedhe sing ngatonake pangwasane.

Timun jinara : Pakaryan sing gampang banget.

Timun wungkuk jaga imbuh : Wong bodho mung dianggo sedhiyan manawa ana kekurangan.

Timun mungsuh duren : Wong ringkih memungsuhan karo wong santosa.

Timun wuku gotong wolu : Pralambange R. Sutawijaya, jumenege ratu Mataram kanthi pambiyantune priyayi wolu yaiku : 1. Ki Pamanahan 2. Ki Jurumartani 3. Ki Jurukithing 4. Ki Buyut Wirasaba 5. Ki Panjawi 6. Tumenggung Mayang 7. Adipati Batang 8. Pangeran Made Pandan.

Trahing kusuma = rembesing madu = tedhaking andawarih : turuning bangsa luhur. Danawarih = danawa (buta) + arih (arih, mungsuh) = mungsuhe buta.

Tunggal banyu : Tunggal ngelmu, tunggal guru kebatinan.

Udan kethek macan dhedhe:
Udan nanging srengengene isih ketara.

Ula marani gebug :
Wong kang njarag marani bebaya.

Ula marani gitik :
Wong kang njarag marani bebaya.

Ula dhaulu :
Ula sing sirahe loro (mung ana ing dongeng).

Uripe aji godhong jati aking : Wong sing babar pisan ora kajen, disepelekake.

Wani cur-curan banyu kendhi : Wani sumpah.

Wanita srigunung : Wanita yen disawang saka kadohan katon ayu.

Wanita sritaman : Wanita yen disawang katon ayu saka cedhakan.

Wastra bedhah kayu pokah : Ketaton nganti putung balunge.

Wedang lelaku tumper cinawetan : Bocah karam jadah disirik kanca-kancane.

Witing tresna jalaran saka kulina: Sing njalari tuwuhe rasa tresna jalaran kerep srawung.

Wringin kurung : Wringin sing dipageri mubeng ing tengahing alun-alun.

Selasa, 10 Februari 2009

Ngelmu Kantong Bolong.


Serat piwulangipun Drs RMP Sosro Kartono bab ngelmu.

Bindjei, 12 Nov 1931.

Omong Kosong.

1.
Ilmoe Kantong Bolong.
Noeloeng pepadane, ora nganggo mikir wajah, wadoek, kantong. Jen ono isi loemoentoer marang sesami.

2.
Adji pring.
Sooesah podo soesah, seneng podo seneng,
eling podo eling, pring podo pring.

Djoko Pring.



Bindjei, 12 Nov 1931.

Lampahan lan Maksoedipoen.

1.
Angloeroeg, tanpa bolo, tanpo gaman,
Ambedah, tanpo perang tanpo pedang,
Menang, tanpa medjahi tanpo njakiti,
Wenang, tan ngroesak ajoe, tan ngroesak adil,
Jen oenggoel, soedjoed bakti marang sesami.

2.
Angloehoeraken bongso kito; tegesipoen :
Anjebar winih boedi djawi,
Gampilaken margining bongso,
Ngoepojo papan panggesangan.

3.
Sinahoe boso, tegesipoen sinahoe bongso,
Sinahoe meloe soesah, meloe sakit,
Tegesipoen: sinahoe ngoedi raos lan batos,
Sinahoe ngoedi kamanoengsan.

4.
Moerid, goeroene pribadi,
Goeroe, moeride pribadi,
Pamoelangane, sangsarane sesami,
Gandjarane, ajoe lan aroeme sesami,

5.
Angelar pemandeng, tegesipoen : angringkes pemandeng,
Amboeko netro, tegesipoen : anoetoep netro.
Angoekoeb kabeh, tegesipoen, anjandak sidji.

6.
Doeroeng menang, jen doeroeng wani kalah,
Doeroeng oenggoel, jen doeroeng wani asor,
Doeroeng gede, jen doeroeng ngakoe tjilik.

Djoko Pring.

Minggu, 08 Februari 2009

Serat RMP Sosrokartono

Ing ngandhap punika serat pethikan saking panjenenganipun Drs RMP Sosrokartono. Kula serat miturut ejaan aslinipun.

SERAT SAKING MEDAN.

Medan, 12 Mei 1931
Serat Katoer poro sadherek Monosoeko ing Dar-oes-Salam
Bandoeng.

Assalam-alaikoem, poro mitro saderek sadojo. Pangkat koelo saking Betawi djam 6 endjing, tanggal 9 Mei; doemoegi ing Medan djam 4 sijang, angsal pangestoenipoen poro sederek, wiloedjeng. 1 Tengkoe Soeltan Langkat merlokaken metoek pijambak mawi poenggowo. Ing wektoe poenika Tengkoe Soeltan dedalem ing Medan. Tanggal 10 koela derekaken T. Soeltan dateng kitanipoen Tandjoeng Poera. Kratonipoen wonten kalih, kadjawi pasanggrahanipoen sanes. Garwanipoen, poetro sentananipoen sadojo inggih dipoen tepangaken dateng koela. Indjingipoen sampoen wonten tijang neda toeloeng, kadjawi para ageng-ageng ing ngriki. Sonten poenika ing dalem sak-djam setengah sampoen kedatengan tijang langkoeng satoes, boemipoetra, tjino, bongso kito pijambak. Dateng koelo ing Medan sanpoen kapatjak ing serat kabar Mladjeng kaljan Welandi. Sampoen katah poro Tengkoe, poro Pangeran ingkang sami rawoeh manggihi poen Kloengsoe, wonten ingkang sami lampah 400 kilometer. 2 T Soeltan Koewalo, 3 T Soeltan Serdang , 4 T. Soeltan Assahan, 5. T. Soeltan Deli., sak garwo poetronipoen sami rawoeh manggihi koelo lan moendhoet tojo lan sami ngoelemi koelo. Poro ageng-ageng saking sanes negeri katah ingkang sami rawoeh . Sarehning koelo tijang bijoso kemawon ingkang pangkat mandor, koelo ngantos roemaos isin, dipoen hormati Soeltan 5 kalijan pangagengipoen semanten katahipoen. Isin koelo , sebab boten nijat oetawi sengodjo oepados kahormatan. Ing ngrikoe wontenipoen godo tjobo. Nanging koelo boten kenging nilar patokan waton koelo pijambak, oetawi soepe dateng maksoed lan antjasipoen agesang, inggih poeniko :" ngawoelo dateng kawoelaning Goesti, lan memajoe ajoening oerip, tanpa pamrih, tanpa adjrih, djedjeg, mantep, mawi pasrah. " Tanpo adji tanpo ilmoe koelo boten gadah adjrih, sebab pajoeng koelo Goesti koelo, tameng koelo inggih Goesti koelo.
Jen al-hamdoe-lillahi, wonten poelong kehormatan doemawah ing saliro koelo, poro sederek koelo atoeri anggagas makaten. Moegi poeloeng kahormatan waoe sampoen dipoen anggepo doemoenoeng dateng poen koelo, ananging dipoen anggepo, lan dipoen tampijo doemawah wonten ing bongso kito, angloehoeraken asma djawi lan bongso djawi. Inggih namoeng poeniko antjasipoen lelampah koelo : ngagengaken lan ngijataken manahipoen bongso kito. Toemrap ing saliro loelo pijambak , pamrih tebih. Ingkang tansah koelo antepi 1. agami koelo lan 2. kadjawen koelo.
Inggih bab kalih poeniko ingkang koelo loehoeraken . Ingkang dados polanipoen lampah koelo inggih namoeng poeniko: djawi bares, djawi deles, djawi sedjati. Koelo dermi nglampahi kemawon. Jen kepareng wonten boektinipoen, moegi doemawaho , doemoenoeng wonten ing bongso koelo. Jen wonten kahormatan, bongso kito ingkang gadah hak, jen wonten kaloehoeran, inggih bongso koelo ingkang dados pemandenganipoen bongso sanes. Koelo namoeng trimo dados kawoelo dermi ngalmpahi. Poeniko teges maksoedipoen lampah koelo : Hormat dan tjinta bangsa lain, tapi hormat dan tjinta djoega pada bangsa sendiri.
Boten kenging njoedo reginipoen saliro, oetawi njoedo reginipoen bangsanipoen. Koelo sowan dateng poro Soeltan inggih adjeg ngangge rasoekan takwo loerik, mawi sindjang tenoenan, boten isin ngloehoeraken poesoko lan wasijat warisan Djawi. Malah poeniko mewahi pengaos. K Ratoe Langkat ngantos karso ngjasakaken dateng koelo minongko tondo pangenget-enget. Dipoen damelaken pijambak. Sampoen moendhoet tjontonipoen takwo koelo.
Semanten djajanipoen rasoekan takwo. Milo tijang gesang poeniko boten kenging ngino poesoko wasijatipoen pijambak.
13 Mei, Indjing poeniko tijang dateng ngantos atoesan. Saking katahipoen ngantos koelo stop. Ingkang noeloeng nampi tamoe, inggih abdinipoen T. Soeltan, rajinipoen kalijan poro Tengkoe.
T. Soeltan roepinipoen tjoewo ing galih, koelo bade wangsoel tanggal 14. Milo koelo njoewoen idjin poro saderek Monosoeko keparengo ngoendoeraken pangkat koelo ngantos tanggal 20. Poro Soeltan-soeltan kalijan poro Tengkoe-Tengkoe, kadjawi tijang-tijang ingkang nedo pitoeloengan , sami ngandek koelo. Koelo kedah noeroet , sebab wonten maksoed ingkang oetami inggih poeniko: njebar widji oetamining kedjawen ing montjo negari.
Moegi poro saderek wewaho ageng penggalihipoen lan mantep ing kedjawenipoen. Insja Allah.
Boten sanes koelo njoewoen wewahing pangestoe poro saderek. Moegi poro saderek kaparingono soegeng seneng ingkang langgeng.
Salam alaikoem.

Koelo poen Mandor Kloengsoe.


Telegram sampoen tampi : Kesoewoen
Insja Allah Kemis endjing , tanggal 21
djam setengah 9, koelo dateng ing Andir.

Kapethik saking : Kempalan Serat-serat Drs RMP Sosrokartono.

Rabu, 04 Februari 2009

Basa Jepang Kuna.

Tanggaku, priyayi asli Ngayogyakarta Hadiningrat. Putrane sing ragil wis mahasiswa ing salah sawijine perguruan tinggi ing Surabaya. Nalika semana nampa tilpun, yen bapak diaturi tindak menyang daleme pak S. Putrane mau banjur matur marang marang bapake "Pak, ana tilpun saka pak S, bapak mangke dipun aturi tindak dhateng pak S". Banjur putrane takon, "Pak, dipun aturi iku apa se pak". Bapake, sing rumangsa priyayi Ngayogyakarta rada duka, "Dipun aturi iku basa Jepang kuna". Putrane, disemoni kaya mangkono sajake ya durung mangerti, banjur takon maneh, "Basa Jepange piye ?".
Ngendikane bapake ," Mbuh, mbuh gak weruh."
Piye ca, saiki basa Jawane bocah-bocah saiki .....

Pengikut

Matur Nuwun ...