Senin, 16 Januari 2017

MAKAME WAITA PUYENGAN.




Miturut Serat Damarwulan, ana paraga kang asring disebut yaiku Waita lan Puyengan. Waita lan Puyengan iku garwa selire MenakJingga. Jalaran kepencut marang baguse Damarwulan, Waita lan Puyengan gelem  mbiyantu Damarwulan nyolong gada Wesi Kuning kang dadi andel-andele Minakjingga. Sawise andel-andele ilang, Menakjingga bisa diperjaya dening Damarwulan.
Manut kapitayane masyarakat ing dhukuh Kedhaton, desa Sentanareja kecamatan Trawulan, ing kono ana makame Waita Puyengan. Ing papan kono uga misuwur karan “Sumur Upas”. Miturut ahli sejarah P.J. Veth papan ing kono mau diarani “Kuburan Srengenge”. Saliyane kuburane Waita Puyengan ing kono diyakini uga ana kuburane Dewi Murni lan Dewi Pandhansari. 

Balung manungsa kang dipercaya balunge Waita, Puyengan, Dewi Murni lan Pandhansari saiki disimpen ana kompleks Sumur Upas (candhi Kedhaton) ing dhukuh Kedhaton, desa Sentanareja, kecamatan Trawulan, kabupaten Majakerta.
Pethikan saka serat Damarwulan kang asring kanggo gerongan ing gendhing  kang nyritakake nalika  Damarwulan pamit marang Dewi Anjasmara. Tembange Asmaradana.
Anjasmara ari mami,
masmirah kulaka warta,
dasihmu  tan wurung layon,
aneng kitha Prabalingga,
prang tandhing lan Urubisma,
karia mukti wong ayu,
pun kakang pamit palastra.

Sabtu, 14 Januari 2017

CANDHI KEDHATON LAN SUMUR UPAS.


Candhi Kedhaton mapan ana ing dhukuh Kedhaton, desa Sentonorejo, kecamatan Trowulan, kabupaten Mojokerto. Sadurunge didhudhuk papan iki arupa gumuk (bukit kecil) kanggo makam. Situs iki didhudhuk sepisan ing taun 1941 dening pamarentah Walanda. P.J. Veth njenengake papan iki “Kuburan Srengenge”.
Ya ing kene tinemu makame (miturut kapitayane warga kono) Waita, Puyengan, Dewi Murni lan Pandhansari.

Sawise makam mau didhudhuk ditemokake wewangunan arupa rimbagan batabang. Pranyata wewangunan arupa candhi sing saiki karan candhi Kedhaton. Ukuran candhi kadhaton alange 8,5 meter, ujure 12,5 meter lan dhuwure 1,6 meter. Ing sisih kulon ana tilas plawangan kang ambane 2 meter.
Saliyane wewangunan mau ing sacedhake kono ana bolongan kaya cangkeming guwa. Bolongan mau ambane 60 cm. Bolongan mau ditutupi watu gilang. Masyarakat sakiwa tengene kono ngarani “Sumur Upas”. Upas tegese racun. Sumur kang ngandhut racun. Jerone sumur mau nganti saiki ora dikaweruhi. Miturut kapitayane masyarakat Sumur Upas mau arupa dalan winadi (jalan rahasia) kang njedhule ana ing Gunung Lawu.

Candhi Kedhaton durung diweruhi sapa sing nggawe. Sing cetha gawean jaman Majapait. Anehe, ing papan kono ditemokake tembok batabang kanthi senthongan cilik-cilik. Tembok batabang mau diraketake kanthi luluhan lemah. Miturut pangira-irane para ahli papan ing kono arupa padhukuhan kuna (Majapait). Ing kono ditemokake piranti kanggo nglebur wesi. Mula miturut pandugane para ahli papan ing kono arupa padhukuhane tukang pandhe.

Saliyane barang-barang gerabah uga ditemokake watu kang nduweni wok (bolongan) kaya dhakon, mula diarani Watu Dhakon.
Gambar-gambar: Candhi Kedhaton, Sumur Upas kang ditutupi karpet abang, tembok-tembok kuna lan Watu Dhakon.

Senin, 09 Januari 2017

RECA SANG BUDDHA SARE.



Trowulan, saliyane nduweni tinggalan sejarah kraton Majapait lan candhi-candhi kang asipat agama Hindhu, uga nduweni reca kang asipat agama Buddha. Reca kasebut karan Sang Buddha Sare. Reca kasebut nggambarake lelakone sang Buddha Gautama nalika nyedhaki Parinirwana. Reca kasebut mapan ing desa Bejijong, Trowulan, kabupaten Mojokerto, Jawa Wetan, cedhak karo candhi Brau lan candhi Genthong.
Reca iki digawe taun 2001 kanthi ukuran alange 6 meter, ujure  22 meter lan dhuwure 4,5 meter. Reca iki salah sijine reca sing paling gedhe ing bawana Asia sawise reca Sang Buddha Sare ing Thailand lan Nepal.
Riwayate Sang Buddha.
Sang Buddha Gautama miyos diparingi asma Siddartha Gautama ing Taman Lumbini (Nepal) lan seda ing Kusinagara, Uttar Pradesh (India). Putra raja Suddhodana saka suku Sakya, lan ibune asma Mahamaya Dewi. Ibune seda pitung dina sawise sang Siddartha miyos. Nalika isih timur diopeni dening Ratu Maha Pajapati kang uga garwa prameswari Prabu Suddhodana.
Nalika diwasa banjur krama karo Putri Yasodhara lan diparingi putra asma Rahula. Nalika tindak ameng-ameng ing sajabaning kraton sang Buddha mriksani kahanane kawula ing Negara Kapilavastu. Sanalika trenyuh penggalihe. Sabanjure Sang Buddha tindak mertapa ing sangisore wit Bodhi (Asattha).
Sawise mertapa banjur mulang muruk ngenani dharma. Ing Kusinagara, nalika yuswa 80 taun, Sang Buddha nandhang gerah lan sarean ana ing antarane wis Sala kaya kang digambarake ing reca mau. Sawise iku banjur seda (Parinirwana). 

video

Pengikut

Matur Nuwun ...