Selasa, 30 Juni 2009

Diwulang Tas


Ing sawijining dina Kepala Sekolahku lagi tindak-tindak ngubengi sekolahan. Dina iku rada gumun jalaran bocah-bocah iku biasane rame kok meneng wae. Bareng diinguk ing sajeroning kelas pranyata ora ana gurune, sing ana mung tas ing saduwure meja. Bocah-bocah ya mempeng angone nggarap.
Bapak Kepala sekolah banjur takon marang bocah-bocah : "Siapa jam ini yang mangajar?"
Bocah-bocah mangsuli bareng :" Bu Sudarti (jeneng samaran ca)".
Kepala Sekolah ya ora ngendikan apa-apa mung ngendikan :"Ooo, ya ", banjur nerusake tindake.
Bareng rapat dewan guru, bapak Kepala Sekolah nyemoni :"Anak-anak sekarang pinter-pinter. Diajar oleh tas, manut-manut saja. Mereka mengerjakan dengan tekun. Hal itu mungkin lebih tekun, lebih baik, kalau diajar oleh guru. Siapa bilang ada murid bodoh?"
Mangkono ngendikane kepala sekolah. Sing kena semprot ya mung meneng wae.
Piye ca sampeyan ?

Minggu, 21 Juni 2009

Sekolah Berstandar Internasional

Ing wektu iki masyarakat Indonesia lagi nggrengseng-nggrengsenge utawa gandrung sekolah berstandar "Internasional". Kaya apa wujude sekolah berstandar Internasional iku? Miturut kabar sing dak rungu yen sekolah berstandar Intersional iku ngadopsi utawa nyonto kurikulum saka negara maju, kayata Inggris, Amerika lan liya-liyane. Upamane saka negara Inggris ngadopsi kurikulum saka Cambridge University, saka Amerika ngadopsi kurikulum Harvard University apa Princeton University.
Sekolah maju "merupakan keharusan", kudu dilakoni, kudu dileksanakake supaya pendidikan ing Indonesia ora ketinggalan karo negara liya. Nanging ngadopsi mentah-mentah kurikulum negara maju kudu ditintingi utawa dipikir-pikir dhisik. Ora mung angger nyonto kurikulum negara liya banjur sekolahe nganggo label "Internasional". Mengko kaya sawijining rumah sakit ing Jakarta, jenenge nganggo label Internasional nanging praktek sanyatane ora. Aja-aja nganggo label "Internasional" mung kanggo golek cara bisane narik murid, lan bisa narik beya gedhe.
Miturut asil survey ing Amerika taun 2003, kemampuan masyarakat Amerika mahami bacaan kaya tabel ing ingisor iki :



Kanggo tetandhingan antarane sekolah biasa lan sekolah "Internasional" dak pethikake karangan ing ngisor iki karangan Dr Norman D. Livergood.

The Destruction of American Education The Destruction of Education
And What We Must Do About It


By Dr. Norman D. Livergood

It might seem that the word "destruction" in the title of this essay is a bit over the top. But it's the only accurate description of what's happening in America today. The demonic cabal that now controls the US systematically destroyed American education in general and is now attacking each educational discipline. We can see this in the Bush junta's denying and misrepresenting the scientific evidence for global warming ~ leading to their refusal to sign the Kyoto Accord.
Now the social sciences are being attacked. Jeb Bush, during his tenure as Governor, turned Florida into a totalitarian state, perpetrating a monstrous vote-rigging fraud in 2000 which resulted in his brother being criminally appointed President by the Supreme Court. Next, Jeb extended his dictatorship into the realm of education . Jeb and his henchmen assaulted the entire discipline of history by redefining it as the teaching of "fact," not "construction." In other words, history in Florida is now what Jeb and his cronies say it is, and any disagreement with their "facts" is not to be tolerated.

Bab ing dhuwur iku salah sawijine bukti yen pendidikan ing negara maju uga ngalami masalah sing serius. Mula becike, masayarakat Indonesia ora usah kemrungsung nganggo label "Internasional". Sekolah maju, sekolah apik , iku hukume wajib. Nanging ora usah latah nganggo label "Interansional". Ayo padha didandani kepriye apike sekolah ing Indonesia, wiwit saka guru-gurune, saranane, gedhonge, buku-bukune, perpustakaan, laboratorium, ruang olah raga (gymnasium) lan liya-liyane.
Kepriye ca komentar sampeyan , dak tunggu.

Sumber Dr Norman D. Livergood, Blog : Snippits and Snappits .

Rabu, 17 Juni 2009

Ketidak jujuran sistemik


Lah punika negari Hastinapura, negari ingkang panjang punjung gemah ripah loh jinawi, karta tata raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane. Tulus kang sarwa tinandur murah kang sarwa tinuku. Para ratu ing mancanagara padha suyud tan karana ginebaging prang amung kayungyun pepoyaning kautaman. Para panekare becik-becik limpad ing ulah kaprajan, mula datan mokal lamun kawontenan ing negari tansah ayem tentrem datan ana kawula kang bangkit cecengilan.
Ing wektu iki negara Hastinapura lagi nganakake Ujian Nasional Hastinapura dicekak U-NAHAS. Miturut statistik, biji ujian negara Ngastina tambah taun tambah dhuwur ateges "mengalami kenaikan". Nanging ana panyakrabawa yen ujian mau satemene dileksanakake kanthi ora jujur. Lho kok bisa ? Bisa wae, negara Ngastina iku negara sing kondhang ora jujur. Wiwit sing nggawe soal, guru-gurune, sing nyithak soal, pulisi negara nganti pejabat DEDIK-NAHAS ana sing ora jujur. Kamangka yen gurune wis ora jujur kepriye muride ing tembe buri. Mesthi wae bakal dadi wong ora jujur, sanajan dadi pemimpin ya pemimpin sing ora jujur.
Masalah pendidikan ing negara Ngastina satemene kena diarani kronis. Sanajanta saben taun ana usaha kanggo ndandani kahanan sing kaya mangkono.
Patang puluh taun kepungkur, guru-guru ing Ngastina oleh indoktrinasi yen sekolah-sekolah ora diijinake nduweni keputusan "nunggak kelas (tinggal kelas)". Alasan nalika semana jalaran kelas / bangku bakal dianggo dening murid-murid kelas samburine, mula ing sekolahan aja nganti ana bocah nunggak kelas. Pancene jaman semono negara Ngastina lagi ngalami "peledakan penduduk". Sesambungane karo sekolah, negara durung bisa mbangun sarana-sarana mau. Mula banjur keputusan sing kaya kaya mangkono.
Kanggone guru keputusan kaya mangkono iku ibarate "buah simalakama". Arep diunggahake satemene pikirane ora nutut, ora cocog karo batine guru. Yen ditunggakake, kalah karo keputusan. Nanging sarehne ana keputusan kaya kangkono si guru mung nurut wae. Sing kaping pindho ana sawijining ahli pendidikan sing kandha yen satemene bocah iku ora ana sing bodho. Kanggone guru, yen mengkono rak gurune sing ora bisa mulang, utawa pancen guru bodho. Yen pancen gurune bodho, kok bisa lulus sekolah guru? Lha test IQ sing nuduhake murid nduweni IQ 90, 100, 110, 120 kuwi apa tegese ? Yen ana murid salah, sing salah dudu muride, sing salah gurune.
Bab kaya mangkono uga njalari guru golek rekadaya supaya asile mulang "diarani apik".
Ing babagan ujian uga kaya mangkono, ujian sing maune dileksanakake sacara nasional, banjur diganti ujian sekolah. Ujian iku lumaku sawetara taun. Kajian masalah ujian uga dianakake. Ana penelitian sing ngandhakake yen mutu ujian sekolah ora bener. Akeh sekolah-sekolah sing mbiji murid angkane dhuwur-dhuwur , bareng ditest maneh peserta ujian ora bisa njawab kanthi bener. Mula ujian sekolah didandani maneh kanthi aturan biji saka sekolahan ditambah 4, iku kanggo pathokan. Yen bijine kaceke luwih saka papat, ora dianggep. Pranyata akeh sekolah sing muride ora lulus, lan sekolah-sekolah mau ing taun candhake ora oleh murid. Ing kene "peran guru" uga gedhe. Jalaran guru kepengin muride lulus banjur bijine diunggahake nganti pol. Ana sekolah sing mbiji muride 10 (sempurna). Lha ya ngene iki sing nyebabake guru ora bisa jujur.
Sing keri dhewe banjur ana aturan, ujian sekolah disuwak, diganti U-NAHAS. Kanthi aturan murid bisa lulus kanthi biji 4,00. Sangisore iku, ora lulus. Biji rata-rata kudu 5,25. Sing paling akhir, murid bisa lulus yen rata-rata bijine 5,50.Sejene iku bab pengawasan, diawasi saka Badan Pengawas Independen, sing dumadi saka dosen-dosen perguruan tinggi sa negara Ngastina. Sing maksude supaya pelaksanaan ujian lumaku kanthi ora ana "kecurangan". Ning nyatane tetep wae ana sing ora jujur. Sing kanggo titikan mangkene :
1. Biji wulangan matematika akeh sing 10,00. Kok hebat temen, soale sing gampang, apa bocahe pancen pinter temenan, apa ana sebab-sebab liya?
2. Akeh sekolah sing lulus 100%. Apa bener ?
3. Nalika nganakake pengawasan Badan Pengawas Independen ora oleh mlebu kelas, ana apa?
Irah-irahan ing dhuwur iku kudu diwaca "Ketidak jujuran akibat sistem" ora pancen sisteme sing ora jujur. Piye ca, tulung panjenengan paring komentar kepriye apike negara Ngastina !

Minggu, 14 Juni 2009

Juragan Tekek


Yen ana tekek muni, miturut kapercayan masyarakat Jawa banjur dietungi, tiba ala apa tiba becik. Yen etungan mau tiba becik, sing krungu banjur rumangsa seneng jalaran nasibe ing dina iki apik. Seje maneh yen tiba ala, sing sangsara meshi tekeke, jalaran banjur gowokan omahe tekek diogrok-ogrok. Wong sing ngetung mau rumangsa nasibe kurang mujur, krana unine tekek. Mesthi wae tekek ora rumangsa. Wong mangsane muni ya muni ngono wae.

Aja ngguyu. Iki temenan. Ing kutha Probolinggo ana sawijining perusahaan sing dodol tekek menyang luar negeri (ekspor) tekek. Ing desa Banjarsawah, Kecamatan Tegal Siwalan ana sawetara warga kang usahane golek tekek. Golek tekek bisa ing wektu awan lan bengi. Lumrahe ing wektu awan ana ing kebonan utawa papringan. Lumrahe tekek-tekek iku ing wektu awan padha mumpet ing gowok-gowok utawa bolongan kayu lan bongkotan pring sing ditegor.

Tekek dikolo banjur dilebokake kepis, kang digawe saka pring. Tekek digawa mulih bajur diseleh ana gudhang dikumpulake dadi siji, tekek tekek mau isih urip.







Mulane yen sampeyan kepengin usaha tekek sampeyan tindak wae menyang kutha Probolinggo.





Omah iki salah sawijine gudhang utawa peternakan tekek, sadurunge diekspor menyang China utawa Taiwan.








Gambar ing sisih kiwa, tekek-tekek dikandhangake ing kandhang kang gedhe.




Tekek banjur dibeleh, diresiki jerowane supaya ora gampang bosok. Banjur dipentheng, dipepe nganti garing. Papan kanggo mepe tekek awujud seng, supaya garinge daging tekek bisa rata.





Tekek-tekek mau yen wis garing banjur dipak (pack).Kasiyate tekek kena kanggo tamba lara gatel-gatel.





Sumber : Trans TV

Senin, 08 Juni 2009

Jujur Kacang Ijo


Saiki lagi rame-ramene kabar UNAS. Akeh bocah SMA sing ora lulus jalaran curang, ora jujur. Kabar saka SMA Ngawi, Mediun, Gorontalo, Bangka Belitung,Sulawesi Kulon, Sulawesi Kidul, Sulawesi Kidul Wetan, lan Jawa Kulon. Kabare sa sekolahan ora lulus . Malah-malah murid SMP sa Kabupaten Konawe ora lulus (JP, 2/6/2009) Kok bisa ?. Kabare, guru, pulisi, nganti pejabat percetakan katut. Kabar kang nyedhihake ing jagading pendidikan. Sekolah sing kanggo "mencetak" kader-kader bangsa lan pemimpin masa depan ana lan akeh sing ora jujur. Apa sebabe ? Masalahe ora sederhana, ora gampang. Salah sijine yaiku guru ora mentala yen nganti muride ana sing ora lulus. Guru uga kuwatir yen ana muride sing ora lulus, banjur taun ngarep ora oleh murid, mula ora aneh yen pak guru lan bu guru banjur golek reka daya supaya muride bisa lulus satus persen. Tahun kepungkur ana kepala sekolah sing kepeksa ditangkep pulisi jalaran mbukak amplop soal sing mesthine lagi bisa dibukak ing sangarepe bocah-bocah sing ujian.
Satemene kabar kaya mangkono (kecurangan) iku ora mung taun iki. Taun-taun sadurunge wis ana. Kaya upamane kelompok "Air Mata Guru" saka Medan wis elik-elik yen pelaksanaan ujian ora jujur. Pelaksanaan ujian dhewe satemene wis dirancang supaya kebocoran-kebocoran iku bisa disumpet.
Kabar iki banjur dakcritakake marang muridku. "Kamu harus belajar lebih keras lagi, kalau kamu ingin lulus. Yang kedua, kamu harus jujur. Lebih baik mendapat nilai rendah tetapi usaha sendiri, daripada mendapat nilai tinggi tetapi nyontek pekerjaan orang lain. Jujur terhadap dirimu sendiri maupun kepada orang lain"
Ora nyana, ana salah sijine murid sing nylemong :"Jujur kacang ijo, pak".
Aku mangsuli karo atiku mangkel:"Kacang ijone mbahmu kuwi !!"

Jumat, 05 Juni 2009

Londo dadi manten





Gending Kebogiro muni ngrangin, angiring adicara panggihing penganten. nanging ing wektu iki kang dadi manten dudu wong Jawa, sing dadi manten wong Londo Amerika, Samuel Gregory lan Carolina Yoder.

Pengikut

Matur Nuwun ...