Selasa, 08 Desember 2015

RECA JAKA DHOLOG LAN PRASASTI WURARE.




Reca Jaka Dholog iki dadi salah sijine ikon kutha Surabaya. Mapane ana ing dalan Jaka Dholog lan dalan Taman Apsari, sangarepe dalem gubernuran Jawa Wetan.  Miturut katrangane pak Sugiyatno kang minangka juru kuncine, biyen papan iki karan Simpang Jayengan. Sadurunge reca dipapanake ing kene, papan iki arupa pundhen utawa dhanyangan. Katrangan iki dirungu dening pak Sugiyatno saka mbahe kang biyen dadi juru kuncine papan iki. Sadurunge reca dipapanake ing panggonan kang saiki, nate dipapanake ing pratelon Simpang Lonceng (pratelon sakulone Hotel Simpang), banjur disimpen ing museum Von Faber (saiki dadi sekolahan Trimurti) ing dalan Gubernur Suryo (biyen dalan Pemuda).
Reca iki dianggep wewujudane Prabhu Kertanegara ing negara Singasari kang pungkasan. Ditemokake deing Walanda ing taun 1817 ing dhukuh Pathok Gajah , desa Bejijong, kecamatan Trawulan (Trowulan), Mojokerto. Reca banjur diboyong menyang Surabaya dening Residen Baron A.M.Th. de Salis. Sejatine reca mau arep digawa menyang Leiden nanging bareng reca ditumpakake kapal, kapale ora gelem mlaku. Mula reca ora sida ditumpakake prau banjur diseleh ana ing pratelon Simpang Lonceng. Perlu dikawuningani yen ing jaman samana iku kapal saka Negara Walanda isih bisa ngilayari nganti teka ing burine dalem gubernuran saiki. 

Sejarahe jeneng Jaka Dholog.
Nalika ditemokake dening Walanda ing Kandhang Gajah, reca mau mapan ing sacedhake tumpukan glondhongan kayu jati kang diarani dholog. Wong-wong ing sakiwa tengene ngarani Jaga Dholog, jalaran reca mau dianggep sing jaga tumpukan glondhongan kayu jati. Nganti saiki ing Trowulan isih ana kantor Perhutani kang kanggo numpuk glondhongan kayu jati. Sawise reca diboyong menyang Surabaya jeneng Jaga Dholog suwe-suwe owah dadi Jaka Dholog. Kira-kira panganggepe wong Surabaya ngemper karo jeneng Jaka Sambang, Jaka Bodho, Jaka Kendhil, Jaka Bereg, lll.
Prasasti Wurare.
Satemene ing sangisore reca (tlasah, lapik, kang dadi siji karo reca lan minangka palungguhane reca) ana prasasti utawa tulisan, mubeng ing tlasah mau, kang nerangake maksude gawe reca mau. Tulisan utawa prasasti mau karan Prasasti Wurare. Wurare yaiku panggonan / palinggihan/ pedhukuhane Mpu Baradhah (Arrya Bharadh) kang sugenge nalika jamane Prabhu Airlangga ing Kahuripan. Papane padhukuhan Wurare iki nganti saiki durung ana panemu kang gumathok ing antarane para ahli sejarah ing ngendi satemene manggone padhukuhan iki. Ana ahli sejarah sing ngarani ing Desa Kedhungwulan , Nganjuk, ana uga sing ngarani ana ing sacedhake dhukuh Kandhang Gajah ing desa Bejijong. Miturut panemune Prof. DR. R Poerbatjaraka sing dimot ing kalawarti Bahasa dan Budaya (No. 2 Taun III, Desember 1954) mratelakake yen Wurare iku Blora. Blora saka tembung Wurara utawa Wurare. Yen dionceki miturut ngelmu etimologi Wu = bhu, bhu tegese bhumi, tanah, utawa lemah. Rara utawa rare tegese bocah, anak utawa putra. Jalaran saka kuwi tembung Wurare utawa Bhurare iku tegese Lemahputra. Sabanjure tembung lemahputra dadi tembung lamahpatra. Tembung patra miturut panemune Poerbatjaraka ateges surat, tulis, utawa citra. Mula saka iku banjur thukul tembung lemahtulis lan lemahcitra. Kamangka ing kutha Sidoarjo, Jawa Wetan ana desa kang diarani Lemahputra (ing antarane setasiyun sepur kutha Sidoarjo manggon ana ing desa Lemahputra).  Yen pancen mangkono, endi sing bener antarane Blora apa Sidoarjo ? Bab iki perlu panaliten kang luwih njlimet. Uga perlu dikawuningani yen ing Kedhiri ana papan palinggihane Mpu Baradhah yaiku ing sacedhake sumber Sendhang Tirtakamandanu.

Prasasti Wurare ditulis nalika taun 1211 Ç (1289 AD) , ing wulan Asuji (Aswina, November- Desember)  telung taun sadurunge Prabhu Kertanegara gugur ing madyaning palagan, nganggo aksara Jawa Kuna kanthi basa Sangskerta lan ditulis dening Nadajna sawijining abdi dalem.
Isine prasasti Wurare kang kapisan ngurmati lang ngagungake asmane Arrya Bharad (Mpu Bharadhah) kang wus oleh drajat abhijna yaiku nduweni ngelmu linuwih (kemampuan supranatural) kang bisa nyigar tanah Jawa dadi loro yaiku Janggala lan Panjalu. Saranane nyigar negara loro mau kanthi nganggo kendhi (kumbha) lan banyu suci saka langit (vajra).
Kaping pindho kanggo mengeti lan ngagungake Prabhu Kertanegara lan kulawangsane kang wus bisa nyawijekake negara kang nduweni drajat luhur minangka Mahaksobhya.

Ing ngisor iki unine prasasti Wurare.

  1. adāu namāmi sarbājñaṃ, jñānakayan tathāgataṃ, sarwwaskandhātiguhyasthani, sad-satpakṣawarjjitaṃ.
  2. anw atas sarwwasiddhim wā, wande'hang gaurawāt sadā, çākakālam idaṃ wakṣye, rajakïrttiprakaçanaṃ.
  3. yo purā paṇḍitaç çreṣṭha, āryyo bharāḍ abhijñātah, jñānasiddhim samagāmyā, bhijñālabho munïçwarah.
  4. mahāyogïçwaro dhïrah, satweṣu kāruṇātmakah, siddhācāryyo māhawïro rāgādikleçawarjjitah.
  5. ratnākarapramāṇān tu, dwaidhïkṛtya yawāwanlm, kṣitibhedanam sāmarthya, kumbhawajrodakena wai.
  6. nrpayoṛ yuddhākaiikṣinoh, estāsmaj janggalety eṣā, pamjaluwiṣayā smṛtā
  7. kin tu yasmāt raraksemām, jaya-çrï-wiṣnuwarddhanah, çrï-jayawarddhanïbhāryyo, jagannāthottamaprabhuh
  8. ājanmapariçuddhānggah, krpāluh dharmmatatparah, pārthiwanandanang krtwā, çuddhakïrttiparākramāt
  9. ekïkrtya punar bhümïm, prïtyārthan jagatām sadā, dharmmasamrakṣanārtham wā pitrādhiṣthāpanāya ca
  10. yathaiwa kṣitirājendrag, çrï-hariwarddhanātmajah, çrï-jayawarddhanïputrah, caturdwïpegwaro munih
  11. ageṣatatwasampürnno, dharmmāgastrawidam warah, jïrnnodhārakriyodyukto, dharmmagasanadecakah
  12. çrï-jnānaçiwabajrākya, ç çittaratnawibhüsanah, prajñāragmiwiçuddhānggas, sambodhijñānapāragah
  13. subhaktyā tam pratiṣthāpya, swayaṃ purwwam pratiṣthitam, çmāçane urarenāmni, mahākṣobhyānurüpatah
  14. bhawacakre çakendrābde, māse cāsujisaṃjñāke, pañcaṃyām çuklapakse ca, ware, a-ka-bu-saṃjñāke
  15. sintanāmni ca parwwe ca, karane wiṣtisaṃskrte, anurādhe'pi naksatre, mitre ahendramandale
  16. saubhāgyayogasaṃbandhe, somye caiwa muhürttake, kyāte kuweraparwwege tulārāçyabhisaṃyute
  17. hitāya sarbasatwānām, prāg ewa nrpates sadā, saputrapotradārasva kṣityekibhāwakāranāt
  18. athāsya dāsabhüto'ham, nādajño nama kïrttinah, widyāhïno'pi saṃmuḍho, dharmmakriyāṣw atatpara
  19. dhārmmadhyakṣatwam āsādya, krpayaiwāsj'a tatwatah, sakākalam sambaddhatya, tadrājānujnayā puñah


Tarjamahe ing basa Indonesia :

1. Pertama-tama saya panjatkan puja puji syukur kepada Sang Tathagata (Pencipta), Sang Maha Tahu yang merupakan perwujudan dari segala pengetahuan, yang keberadaanya tersembunyi di antara semua unsur atau elemen kehidupan (skandha) dan yang terbebaskan dari segala bentuk ketiadaan dan keniscayaan.

2. Dengan segala penuh kehormatan selanjutnya atas kegemilangan yang mendunia dan yang akan dicatat sebagai sejarah pada tahun Saka masa yang menggambarkan kemuliaan raja.

3.  Adalah Arya Bharada yang terhormat di antara yang terbaik dari golongan orang-orang bijak dan orang-orang terpelajar, yang konon pada masa lampau, zaman terdahulu, berdasarkan hasil kesempurnaan pengalamannya oleh karenanya memperoleh abhijna (pengetahuan dan kemampuan supranatural).

4. Terkemuka di antara para yogi besar, yang hidupnya penuh ketenangan, penuh kasih dan makhluk yang pandai berserah diri, seorang guru Siddha, seorang pahlawan besar dan yang berhati bersih jauh dari segala noda dan prasangka.

5-6. Yang telah membagi dataran Jawa menjadi dua bagian dengan batas luar adalah lautan, oleh sarana kendi (kumbha) dan air sucinya dari langit (vajra). Air suci yang memiliki kekuatan putus bumi dan dihadiahkan bagi kedua pangeran, menghindari permusuhan dan perselisihan - oleh karena itu kuatlah Jangala sebagaimana Jayanya Panjalu (vishaya) .

7-9. Tetapi, dalam hal ini Raja Sri Jaya Wisnuwadhana, yang mempunyai permaisuri Sri Jayawardhani, yang terbaik di antara para penguasa bumi, yang memiliki kesucian jiwa pada kelahirannya, penuh kasih dan penguasa keadilan, oleh sebab disegani oleh para penguasa lainnya dikarenakan kesucian dan keberaniannya dalam mempersatukan negara untuk kemakmuran rakyat, menjaga hukum dan menetapkannya dan pewaris dari penguasa keadilan sebelumnya.


10-12. Tersebutlah, seorang raja yang bernama Sri Jnanasiwawajra (red, Sri Kertanegara), putra dari Sri Hariwardhana (red, Sri Jaya Wisnuwadhana) dan Sri Jaya Wardhani, adalah raja dari empat pulau, luas ilmunya dan adalah yang terbaik dari semuanya, yang memahami segala hukum dan membuatnya, yang mempunyai kecemerlangan pikiran dan sangat bersemangat untuk melakukan pekerjaan perbaikan dalam kehidupan beragama, yang tubuhnya disucikan dengan sinar kebijaksanaan dan yang sepenuhnya memahami sambodhi (ilmu pengetahuan agama Buddha) - layaknya sang Indra diantara mereka para raja yang memerintah di bumi            .

13-17. Maka dibuatlah tugu peringatan (arca) setelah pengabdiannya sebagai perlambang kebesaran dirinya yang ditahbiskan dalam bentuk perupaan Mahakshobhya, pada tahun 1211 Saka pada bulan atau Asuji (Asvina) pada hari dikenal sebagai Pa-ka-bu, hari kelima dari cahaya bulan setengah terang, sebagai mana kisah dalam Parvan bernama Sinta dan vishti karana, Ketika Para Anuradha Nakshatra berada di bola atau Indra, terus Saubhagya yoga dan Saumya muhurta dan di Tula Rasi - demi kebaikan semua makhluk, dan yang Terutama dari Semuanya, oleh karena raja dengan keluarganya, telah membawa persatuan negara.
18-19. Saya, (yaitu abdi raja, red pembuat prasasti) hamba yang rendah hati, yang dikenal dengan nama Nadajna, meskipun bodoh, tanpa belajar dan hanya sedikit melakukan kebaikan, telah melakukan atas dasar persetujuan Raja, menjadi pemandu upacara ritual keagamaan, telah diperintahkan oleh Vajrajnana untuk mempersiapkan kisah ini.

Kamis, 26 November 2015

CANDHI JALATUNDHA




Candhi Jalatundha mapan ana ing dhukuh Balekambang, Desa Seloliman, kecamatan Trawas, kabupaten Mojokerto ,Jawa Wetan. Ana ing ereng-erenge gunung Penanggungan sisih kulon. Saka lumahing sagara dhuwure 525 meter. Manggon ana ing satengahe alas Perhutani, mula hawane krasa adhem seger.
Dalan tumuju menyang Candhi Jalatundha gampang, bisa liwat Trawas terus mudhun ngliwati alas Perhutani, bisa liwat Pungging banjur munggah, lan uga bisa liwat Ngoro, Mojokerto. Dalane wis aspalan alus, bisa diliwati kanthi kepenak.
Candhi Jalatundha satemene dudu candhi nanging patirtan. Patirtan iki awangun pesagi  kanthi ukuran 16 x 13 meter. Madhep ngulon. Ing sisih kanan lan sisih kiwa, ana kolah cilik. Ing sadhuwure kolah cilik mau ana wewangunan kang saya mendhuwur sangsaya cilik kaya wangunan candhi sing nemplek ana ing tembok watu ing  burine. Wewangunan iki satemene nduweni legokan (gowokan , relung) cacah loro sing ana ing dhuwure legokan mau ana wewangunan rai Kala. Legokan ing dhuwur wis kosong, sing bageyan sing ngisor ana reca naga kang kanggo ilen-ilene banyu saka tembok watu buri menyang kolah.  

Wujude kolah iki satemene matundha-tundha. Mula diarani Jalataundha kira-kira kolahe matundha-tundha. Jala ateges banyu, tundha wis ngarani. Lan pucake ana ing tengah-tengah minangka symbol kang nggambarake gunung Mahameru. Ing mitologi Hindhu gunung Mahameru dianggep minangka gunung suci papane utawa kahyangane para dewa. Anggepan kaya mangkono iku stemene wis ana ing jaman megalitikum kang nganggep yen gunung iku papane rohe para leluhur.
Patirtan Jalatundha dianggep minangka lambange samodra kaya ing crita Amertamanthana. Amertamanthana nyritakake dumadine donya saka pangebure samodra susu kanggo  nggolek banyu suci tirta amerta utawa banyu panguripan. Gunung Mahameru digubed dening naga Basuki, Adhedhasar crita iku kolah Jalatundha dipadhakake karo segara. Dene tlundhakan pancuran kang awangun bunder sing digubed naga nglambangake gunung Mahameru. Banyu kang metu saka pancuran iku dianggep banyu suci.
Para ahli sejarah  kayata Stutterheim, Krom, Van Stein Callenfels nduweni panemu yen patirtan Jalatundha minangka makam, nanging uga ana ahli sing nduweni panemu yen patirtan Jalatundha dudu makam.

Tinggalan kuna kang awujud relief ing patirtan iki satemene wis akeh sing ilang lan akeh sing rusak lan sebageyan wis akeh ora dimangerteni ing ngendi papane kang sakawit. Relief-relief kang isih manggon ing papane kang sakawit mung kari telu , yaiku kang manggon ana ing sisih lor wetan. Ing wektu iki relief-relief mau sumebar ing sawetara panggonan kayata ing Museum Pusat Jakarta cacahe ana lima, lan ing plataran kantor BP3 Jatim ana siji.
Bosch, sawijining ahli sejarah wis kasil nata urutan panil relief ing panggonan kang samesthine. Isine crita ing panil kasebut yen diwaca saka kiwa yaiku njupuk saka crita Mahabharata lan Katasaritsagara. Crita Mahabhrata kang diukir ana ing panil kasebut diwiwiti saka adegan Begawan Palasara nganti Prabhu Janamejaya nalika nganakake kurban ula. Dene crita Kataritsagara nyritakake Udayana lan ibune (Mrgawati) diselong (diasingkan) ing gunung Udayaparwa. Ing crita kasebut nalika Mrgawati lagi mbobot Udayana  dicolong dening manuk garudha digawa menyang pucaking gunung. Ya ing gunung mau Udayana lair. Sawise pat belas taun diselong wusanane Udayana bisa ketemu maneh karo bapake yaiku Prabhu Sahasranika.

Saliyane relief ing patirtan Jalatundha ana prasasti wujudw ukara mung cendhak nganggo aksara Jawa Kuna cacah papat, yaiku :
1.                  Angka taun 899 Çaka ing tembok watu sisih dhuwur kiwa.
2.                  Tembung “Gempeng” ing tembok watu ing sisih dhuwur sisih tengen
3.                  Tembung “Udayana” ing sisih kidul wetan
4.                  Tembung “Mrgayawati” ing sisih kidul wetan.
Para ahli sejarah sarujuk yen angka 899 Çaka iku angka kang nuduhake panggawene patirtan Jalatundha. Yen pancen mangkono ateges ing wektu iku Udayana lagi umur 14 taun.
Crita ngenani Mrgawati dicolong dening manuk garudha kira-kira nggambarake ngungsine Udayana menyang tanah Jawa jalaran ing Bali lagi ngalami pralaya. Kedadean iku bisa dideleng saka tulisan “gempeng” kang ateges lebur, rusak, dikubur, utawa rasa sedhih. Dene tulisan Udayana lan Mregayawati kanggo njejegake kalungguhan kanthi nyebut jenenge ibune. Udayana krama karo putri ratu tanah Jawa yaiku Gunapriyadharmapatni.

Senin, 23 November 2015

PRASASTI KAMALAGYAN




Prasasti yaiku piagam utawa dokumen kang ditulis ing barang ora gampang rusak, kayata : lempengan tembaga utawa watu item. Ngelmu kang nyinaoni bab prasasti diarani epigrafi. Kanggone ngelmu sejarah prasasti dianggep sumber kang penting jalaran bisa menehi katrangan ngenani wektu lan urutan  sawijining kedadean,  saliyane buku lan tulisan-tulisan saka negara manca.
Salah sijine prasasti kang ditemokake ing tanah Jawa yaiku prasasti Kamalagyan. Prasasti Kamalagyan nganti saiki iki isih manggon ana panggonane sakawit (in situ) nalika didegake dening Prabhu Airlangga kang angedhaton ing Kahuripan yaiku ana ing dhukuh Klagen, desa Trapadha (Tropodo) kecamatan Krian, Kabupaten Sidoarjo. Tembung Klagen asale saka tembung Kamalagyan kaya kang katulis ing sajroning prasasti.
Wong-wong ing sakiwa tengene prasasti kono ngarani prasasti iki “Watu Manak” jalaran ing sacedhake prasasti iki ana watu ngadeg kang luwih cilik. Wong-wong ngira watu cilik mau anake watu kang gedhe ,  mula banjur diarani prasasti watu manak.
Prasasti Kamalagyan  iki digawe saka watu andhesit (watu item) kanthi ukuran ambane 115 cm, kandele 28 cm, lan dhuwure 215 cm. Ditulis nganggo aksara lan basa Jawa Kuna.

Prasasti Kamalagyan ditulis minangka dhawuh saka  Prabhu Airlangga ing taun 959 Ç (1037 AD) ing dina kapisan wulan terang, ing wuku dungulan (galungan) kanggo mengeti panggawene bendungan utawa dhawuhan ing Waringin Sapta. Waringin Sapta  kena dipesthekake dadi dhukuh Waringin Pitu kang saiki kalebu ing desa Bakalan, kecamatan Balongbendha, kabupaten Sidoarjo, Jawa Wetan. Dohe saka Klagen kira-kira 6 km.
Kali Brantas arupa kali sing paling gedhe lan paling dawa ing wewengkon Jawa Wetan. Ing jaman Prabhu Airlangga kali Brantas ing mangsa rendheng  asring banjir kang ndadekake susahe para kawula saurute Kali Brantas kaya ing desa-desa Lasung, Palinjoan, Sinjanatesan, Panji Ganting, Talang, Desa Pangkah, Pangkaja. Banjir uga ngrusak desa-desa perdikan, Kala, Kalagyan, Thani Jumput. Wihara, papane para leluhur, papane para hyang , patapan-patapan, kutha gedhe, papan panginepan lan candhi Icanabhawana ing Surapura.
Anane banjir iki ngurangi asil lan pajek kang mlebu kas negara. Kanggo nanggulangi banjir Prabhu Airlangga banjur mrentahake supaya warga Waringin Sapta nggawe bendungan utawa dhawuhan ing kali Brantas. Satemene warga Waringin Sapta dhewe ora pisan pindho  nggawe  tanggul nanging ora bisa ngentasi gawe. Bab iki bisa dideleng saka unine prasasti Kamalgyan larik ka 10

“ ….. dumadyakan unanikan drabyahaji mwan hilanakan carik kabeh, apan durllabha kawnanani katambakanikan banawan amgat de parasamya makabehan tan pisan pindwa tinambak parasamya ….”
Tegese : “ ….. ndadekake kuranging kagungane sang ratu sarta ngilangake / ngrusak sawah , jalaran angel bengawan iku ditambak misah dening para kawula  kabeh, ora pisan pindho ditambak dening para kawula …”
Bendungan digawe  kuwat lan santosa, iline kali Brantas didadekake telu,  mili mangalor. Yen saiki, kali telu mau yaiku Kali Porong iline mangetan ngliwati kutha Porong, kali Purboyo saurute dalan Balongbendo (Krian –Mojokerto) kanggo pengairan wilayah Sidoarjo, lan Kali Mas . Kali Porong mecahe ana ing dham Rolak Sanga dene Kali Mas misahe ana ing dham Mlirip.  Kali Mas iki anjoge ing Supitan Madura ing Ujung Galuh kang ngliwati  Surabaya. Kali Mas iki saiki dadi salah sijine sumber banyu pet (air minum) kutha Surabaya. Nnaging ana panemu yen mapane bendungan mau ana dhukuh Waringin Pitu kang saiki iki.

Sawise bendungan dadi, para kawula, para among tani, sudagar, pedagang  padha seneng atine. Para tani bisa nggarap sawahe jalaran ing mangsa ketiga sawahe ora kurang banyu, dene ing mangsa rendheng ora kebanjiran . Para pedagang kang numpak prahu saka pulo liya bisa lelayaran lan golek momotan kanthi kepenak , nglumpuk ing Ujung Galuh. Ujung Galuh dadi bandar gedhe.
Kanthi anane tembung Ujung Galuh disebutake ing prasasti Kamalagyan iki , taun adege prasasti didadekake dhasar dumadine kutha Surabaya.  Dadi, kutha Surabaya saiki wis umur 978 taun.
Kanggo ngawekani supaya bendungan ora dirusak dening wong kang ora seneng, Sang Prabhu Airlangga banjur  mrentahake supaya bendungan padha dijaga. Carane yaiku wong-wong utawa para kawula didhawuhi manggon utawa nggawe omah ing sacedhake bendungan. Desa Waringin Pitu banjur didadekake desa perdikan.
Katulis ing larik 3-4 :
nacura, i pinsomyajna cri maharaja kumonakinikan ramajataka i kamalagyan sapasuk thani kabeh, thani watek pankaja, atagan kalpurambi, gawe ma 1 masawah tampah 6 hinajyan ma su 10 ku 4 len.
drbyahajinin gaga, kbwan paserehan, ika rin lwah, renek, tpitpi, wulu-wulu prakara kabeh, pinda samudaya ma su 17 ma 14 ku 4 sa 4 yatika inandoan patahila drabyahaji ma su 10 arkan asuji masa …”
Tegese “ …nacura, dhawuh kanjeng ratu marang tetuwane jataka ing Kamalagyan kalebu tanah kanggo tetanen tanah ing wewengkon pangkaja kang kalebu kalpurambi asile yaiku 1 ambane 6 tampah yaiku 10 masa suwarna, 4 kupang, dene liyane …
…. Tanah pagagan, kebon, paserehan, kali, rawa, pinggir-pinggir lan tanah liyane kabeh 17 masa suwarna, 14 masa, 4 kupang , 4 satak ditetepake minangka pajeg 10 masa suwarna ing wulan asuji …”
Sang Prabhu Airlangga dhawuh yen pajeg tanah ing Kamalagyan dikurangi minangka gantine njaga lan ngrumat bendungan.
Akehe pajeg kang kudu dibayar yen dikerta aji dadi :
1 tahil = 1 suwarna = 1/16 kati emas = 16 masa = 64 kupang
1 suwarna = 38, 601 g
1 masa = 2,412 g
1 kupang = 0,603 g

UNINE PRASASTI KAMALAGYAN :
1.      Swasti Cakawarcatita 959 marggaciramas, rthi pratipada cuklapaksa, pa, pe, cu wara dunulan (graha) cara bayabyastha, destanaksatra cakragni dewata, dhriyoga, wawakarana, irika diwacanyajna cri.
2.      maharaja rake hulu cri lokecwara dharmmawanca airlangganama prasadottungadewa, tinadah rakyan mahamantri i hino cri sangramawijaya prasadottungadewi, uminsor i rakyan kanuruhan pu dharmmamantri narottamajana.
3.      nacura, i pinsomyajna cri maharaja kumonakinikan ramajataka i kamalagyan sapasuk thani kabeh, thani watek pankaja, atagan kalpurambi, gawe ma 1 masawah tampah 6 hinajyan ma su 10 ku 4 len.
4.      drbyahajinin gaga, kbwan paserehan, ika rin lwah, renek, tpitpi, wulu-wulu prakara kabeh, pinda samudaya ma su 17 ma 14 ku 4 sa 4 yatika inandoan patahila drabya naji ma su 10 arkan asuji.
5.      masa i cri maharaja magilinlinan tanpak tanpa pada panleyo, tanpa pagaduh, tanpa pilihmas len drabyahajinin kalagyan sadanan ma su 2 ma 10 milu nandeh matahila ma su 2 kakala.
6.      nan madrabyahaji ma 1 ku, inandeh matahila drabyahaji ma 1 ateher tan kna rin pintapalaku buncan haji turunturun sakupan sanak syukha duhkha magon madmit denikan wargga hatur, wargga patih, mawan jurunin ka-.
7.      lagyan ranu rin dharmma, kewalanemwa drabyahaji in sima dawuhan i kamalagyan rin tambak rin warinin sapta juga paranahaya kalih, sambandha, cri maharaja madamel dawuhan rin warinin sapta lmahaikan anak thani kamala.
8.      gyan punyahetu tan swartha, kahaywaknanin thani sapasuk hilir lasun palinjwan, sijanatyesan panjigantin, talan, decapankah, pankaja, ika rin sima parasima, kala, kalagyan, thani jumput, wihara ca.
9.      la, kamulan parhyanan, parapatapan, makamukya bhuktyan, ran hyan dharmma rin icanabhawana manaran i surapura, samankana brebnikan thani katahan kadedetan cariknya denikan kanten tmahan benawan amgat ri wa-.
10.  rinin sapta, dumadyakan unanikan drabyahaji mwan hilanakan carik kabeh, apan durllabha kawnanani katambakanikan banawan amgat de parasamya makabehan tan pisan pindwa tinambak parasamya.
11.  ndatan kawanan juga parnnahnya, samankana ta cri maharaja lumkas umatagakn ikan tanaya ri thani sakalra deni kerke mritapa cri maharaja, inatag kapwa panraba mabujcanhajya madawuhan sampun ta siddha kadamla.
12.  nikan dawuhan de cri maharaja, subaddhapagen huwus pepet hilinikan banu ikan banawan amatlu hilinyanalor, kapwa ta sukha manahikan maparahu samanhulu manalap bhanda ri hujun galuh ika.
13.  rikan para puhawan prabanyaga sanka rin dwipantara, samanunten ri hujun galuh ikan anak thani sakawahan kadedetan sawahnya, atyanta sarwwa sukha ni manahnya makanta kasawaha muwah sawahnya kabeh an pinunya.
14.  n tinambak hilinikan banawan amgat ri warinin sapta de cri maharaja, dawuhan cri maharaja parnnahnikan tambak rin warinin sapta, samankana ta cri maharaja hanananan ri tan tguhanikan dawuhan.
15.  deni kwehnikan wwan mahyun, manlbura n yaca, ri sdananya n tan ringin raksan parnnahnya umahana, matanyan anak thani i kamalagyan tka kalagyanya katuduh momaha i samipanikan dawuhan wrinin sapta.
16.  an sima dawuhan cri maharaja parnnahnya umiwya ikan pamananasa kahaywakna san hyan dawuhani ateher panandeh drabya haji ma su 10 ilan i kamalagyan, tahilaknanya i cri maharaja ankan asuji ma-.
17.  sa, kapangiha rin warinin sapta, ikan kalagyan sandunan milu inandeh matahila drabyhaji ma su 2 kapangiha rin tambak denikan wargga hatur ankan asujimasa, kabalanan manadeh I kapangiha rin tambak.
18.  denikan wargga patih, pirak salumari ri decanya patahilanya tan piriten, dalanya lmahnya dinawuhan cri maharaja, dumadyakan krtanin rat, mwan punarjiwani bbuktyan san sarwwa dharmma, sima parasima, kala kalagyan.
19.  thani jumput, wihara, cala, kamulan, palyanan para patapan kabeh, makateweka pandiri cri maharaja makadatwan i kahuripan, an sira saksat sumiram irin rat kabeh rin anuragamrta mahudanakan kirtti, u-.
20.  manun sakaparipurnnaknakna san hyan sarwwa dharmma, ri pamepegni kayowananiran siniwi ri yawadwipamancala, hetuairan panglrakan dharmmakucalamula, tirutirunin rat kabeh, kapwa magawaya yaca, apan mankana sawabhawanikan.
21.  sira ratu cakrawartta, umanun pamangiranikan rat hita pratidina, panlingananikan sabhuwana ri tan swantha kewala cri maharaja, yawat kawanunanin yaca donanya, an kapwa kinalimban juga denira, sahana san hyan sarwwa dharmma ka-
22.  beh, mankana karanikan i kamalagyan an sinima de cri maharaja, wineh makmitana pracasti munwin titik wunkal mwan katmwani drabyahaji ni kala kalgyan in sden madawuhan i kamalagyan rin tambak ri warinin sap-
23.  ta denikan wargga hatur mwan wargga patih mapangiha pageha kaliliranani wka wetnya hlam tka ri dlahanin dlaha, an sima dawuhan cri maharaja parnnahnya, nayaka pratyaya tka rin pinbai wahuta ra. (sateruse tulisan Prasati wis ilang).
(Sumber : Alang-alang Kumitir)

Pengikut

Matur Nuwun ...