Kamis, 31 Mei 2012

WONG DESA LAN MANUK ALAP – ALAP.


Ana manuk alap - alap sarosane ngoyak – oyak manuk cilik kang mabur ngoncati. Atine miris dening mingid – mingide cakare kang banget landhepe.  Manuk cilik rumangsa ora kelar nyembadani , meh ilang pangarep – arepe luput saka  bilahi.
Bareng ndungkap tekan ing lemah , alap – alap galak kena kacekel ing wong desa. Saking getere saka gegantunganing pepesthen, manis celathune marang wong desa : “Kula dereng nate damel piawon ing sampeyan, mila panyuwun kula, mugi sampeyan uculaken, sampun miawoni dhateng kula ingkang dereng nate damel piawon ing sampeyan “.
Wong desa mangsuli : “Celathumu iku satemene  becik banget. Saiki kowe bisa mulang bab kabecikan marang aku.  Aku tuturana, apa manuk cilik iku wus tau gawe piala marang kowe, kowe nibakake karampunganmu dhewe. Mulane aja ngresula, sarening kowe sumedya ngalani manuk cilik mau, wewalese tanpa welas kabener tumiba ing awakmu.”
Eliding dongeng mangkene : samubarang panganggep kang ora kosenengi tumiba ing awakmu, iku aja ko empakake ing liyan.

Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters
Tegese tembung :
miris                      = wedi sarta sumelang
mingid – mingid= mingis – mingis, katon landhep banget
bilahi                     = cilaka, tiwas, blai
ndungkap            = meh tekan ing
piawon                                 = piala, nandukake ala.
ngalani = anggawe ala.


Rabu, 30 Mei 2012

KUWUK LAN MANUK CANGAK


Ana manuk cangak diundang mangan ing kuwuk kang ambeg julig, bareng teka, banjur padha tata lungguh, rampadane nuli diwetokake, arupa jangan diwadhahi piring ceper. Ama pitik ambeg julig celathu : “ Ki sanak, teka dika mriki  banget andadekake bungah kula, mugi dika trima becik. Daweg dika didhokoh, kaya yen onten ing omah dika dhewe, daweg ta kula wiwiti, awit luwe kula banget. “
Kuwuk nuli sengkut ing pamangane , dhayohe sarehning cucuke lancip, mung bisa mung bisa necep – necep bae, ananging tansah ngatokake sumehing ulat, sarta aweh panarima marang kuwuk saking panyuba – nyubane. Bareng arep mulih kalair karepe, genti angundang mangan marang kuwuk ing omahe, kuwuk saguh anekani.
Bareng tutug ing dina patembayane, kuwuk teka, ditemoni kalawan ulat manis. Ananging ing nalika padha lekas arep mangan, kuwuk muring – muring. Sebab dening apa muring – muring, apa ta rampadane ora kapanujon ing karepe. Satemene daginge enak, sarta dirajang , ananging emane diwadhahi guci, gulune dawa lan ciyut, cangak celathu : “Daweg ta ki sanak kula wiwiti, di dhokoh oleh dika mangan. “ Kuwuk anggereng sarta angesah, banget isin lan muring – muringe, ora antara suwe ambolos.

Eliding dongeng mangkene : sing sapa dhemen angerang – erang uwong, iku ,kerep nemu wewalesing pangerang – erang.

Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters

Tegese tembung :
julig                        = pinter tumrap nindakake piala
rampadan           = piring kang wis tinatanan ing lelawuhan
ngrampad           = nata lelawuhan ing piring lsp.
ama                       = 1. sarupane kang agawe rusake tanduran  2. lelarane tanduran.
daweg                  = ayo, enya, mara
dhokoh                = 1. akeh sarta katon enak anggonae mangan   2. sengkut tanpa wigah – wigih anggone tumandang (tembung entar)
sengkut                = kalawan rerikatan sarta mempeng
necep                   = nesep, nucup
panyuba – nyubane = pakurmatane.
patembayan      = semayan
guci                        = bangsane gendul sing digawe saka lempung
angesah               = angresula, sambat

Selasa, 29 Mei 2012

ASU LAN KUCING LANANG


Ana kucing lanang siji , saking bisane dhepe – dhepe sarta muni ngasih – asih , banget disihi ing bendarane.  Bareng asu, dhasar kang rumeksa ing omah, seru panjuguge , yen kerah rosane ngluwihi, teka ora katiban sihing bendara. Yen kang duwe omah mangan, kucing diwenehi kang enak – enak sarta empuk – empuk, dene pandumaning asu mung roti bawuk lan banyu. Ananging ora antara lawas salin lelakone.
Anuju sawijining dina wus mangan, piring – piringe durung disinggahake, diparani asu. Bareng lagi wiwit didilati , kucing  enggal teka ambekis kambi makungkung, agawe kageting asu. Pratingkahe kucing mangkono iku ngewak-ewakake banget, sarta sarta agawe nepsune bendara, dadi sarana wewulang , sarta ngelingake ing bebener. Wiwit nalika samono lorodaning bendara dadi bubuhaning asu. Bubuhane kucing mung andilati piring bae.

Eliding dongeng mangkene : wong drengki lan kethaha iku wus benere ora oleh samubarang kang becik.


Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters


Tegese tembung :
dhepe – dhepe                 = ngempek – empek (ngrampek) njejaluk
ngasih – asih      = njaluk ditresnani, njaluk diasihi.
bawuk                  = warna semu biru utawa klawu reged
disinggahake      =disimpen
ambekis               = nywara santak (nelakake orang seneng, muring)
lorodan                = lungsur, dilorod = dilungsur.
bubuhan              = wuwuhan, ditumpa-tumpa
drengki                 = meri, melik marang kabegjane liyan, ora seneng yen wong liya oleh kabegjan.
srei                         = kumudu – kudu njaluk menang.
jail                          = seneng maeka ing liyan
jail methakil        = wong ala atine seneng maeka ing liyan
kethaha               = kumudu oleh akeh (murka)


Senin, 28 Mei 2012

SUPATANE MACAN TUTUL


Ana macan tutul siji, kang satemene dadi  amaning cempe, ngluwihi alane sajroning alas, ambeg adigang  adiguna sarta ngandelake ing rikat luwese. Iku kena ing kala pasangane bocah angon , kang kerep dimangsa wedhuse kang duwe pasangan kala, bareng weruh yen macan tutul kena, enggal marani lan nggawa gegaman, sumedya mateni. Macan tutul kang prasasat setengah mati banget getere, banjur celatthu : “ Sapisan punika kula mugi sampeyan apunten. Sampun mesthi kula badhe boten mendhet menda malih. Kula supaos ingkang kalayan temen, yen kula badhe boten nedha daging malih, saestu boten. Kula namung bedhe nedha gegodhongan kemawon, utawi ulam toya, menawi nuju wonten.”
Bocah angon ngandel ing supatane, macan tutul banjur diuculake, banget ing bungahe tumuli anggendring . ananging durung antara sajam ndeleng ana genjik gegupak , celathune macan tutul : “ I lha dalah, genjik iku wenang dakmangsa, awit yen dak pikir ing satemene, samubarang kang ana ing banyu, iya iku iwak. Sarehne genjik iku ana ing banyu , dadi ora kalebu supataku.”
Sawuse celathu mangkono , genjik banjur dimangsa.
Eliding dongeng mangkene : sing sapa ngandel supatane wong ala, iku prasasat ngadegake omah ana ing pawedhen.

Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters.

Tegese tembung :
supata                  = supaos (kr), 1. wewelak, ipat-ipat  2. netepake bener (nyata)ning prekara kanthi ngajab wewelak.
ama                       = 1. sarupane kang agawe rusake tanduran  2. lelarane tanduran.
ambeg                  =  nduweni watak, nduweni bebuden
ambeg darma    = (kw) welasan, seneng tetulung
ambeg pati         = wani mati, ora wedi mati.
ambeg siya         = awatak siya marang.
ambeg sura        = (kw) kendel banget.
ambeg wani       = kendel, kumendel.
ambeg welas     = welasan
adigang adiguna = ngendelake karosane lan kapinterane.
sumedya             = duwe niyat arep.
ulam                      = iwak
ngandel                = percaya
genjik                    = anake celeng
mangsa                = 1. pangan, dimangsa = dipangan  2.  wektu
pawedhen          = panggonan wedhi, papan sing ana wedhine.

Jumat, 25 Mei 2012

ASU LAN MACAN TUTUL



  Anuju sawijining dina ana asu kapregok ing macan tutul, kang banget ngelihe, apa dene mungguh sesawangane luwih rosa. Bareng nyedhak kambi gathik untune sarta nggereng, asu banget getere, ananging sareh ing pratingkah, celathune : “ Ki sanak, kula punika kera, menawi sampeyan dhahar mangsa nggawera. Aluwung kula sampeyan tut wingking , kula tedahaken dhedhaharan ingkang lema. Sampeyan badhe kula bekta dhateng kandhang mendanipun bendara, ing ngriku sampeyan badhe manggih dhedhaharan ingkang anddadosaken suka pirenaning galih. “
Macan tutul ditari mangkono iku, banget kadugane. Amarga saking precayane banjur tut buri lakuning asu, ananging kedadeane ora prayoga, awit asu cidra ing janji. Macan tutul ora digawa menyang kandhang wedhus, digawa menyang panggonan pasang kala, banjur kena ing kala, banget andadekake ing kagete. Asu banget bungah, lumayu tutur ing bendarane. Bendarane teka , macan tutul enggal dijiret, digantung ana ing epang.
Eliding dongeng mangkene : samubarang kang katone ora kena dilakoni sarana karosan, kerep bisa rampung dening akal.

Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters.

Tegese tembung :
pratingkah          = solah tingkah, saradan.
kera                       = kuru
lema                      = lemu
suka pirenaning galih = senenging ati
kaduga                                 = 1. katutugan, saguh bisa nandangi (nindakake), kedugi (kr), 2. seneng atine
cidra                      = 1. ora setya, ora nuhoni janji 2. pangapus, krenah, pitenah.
kala                        =  1. jiret, dienggo masangi manuk lsp, di kala = dijiret, dipsangi kala.
                                    2. (kw) : 1. piala, ala   2. buta utawa dhemit.
                                    3. (kn) : arane kewan entup-entupan : kalajengking, kalamenthel
                                    4. (s) : 1. wektu, mangsa   2. dhek (nalika),
kala-kala              = ora ajeg.
kala bendu          = bebendu, wewelak.
kala desa             = (s) mangsa kang prayoga. angala desa = nangguh mangsa kang prayoga.
kala duta              = (s) ngalamat ala.
kalajana               = (s) wong ala.
kalajengking       = arane kewan.
kala luwang, kala pracik = arane kala rerentengan.
kalamangga        = arane kewan, kemangga.
kala mangsa       = kala-kala, ora ajeg.
kalamenje           = arane kewan entup-entupan.
kala menjing      = pungkasane gurung kang njendhol ing gulu.
kalamenta           = arane suket.
kalanjana             = arane suket.





PASRAH




Lingsir dalu,
timpuh  marikelu.
mung napas kang  lumaku,

Sirep kayon,
samirana alon,
ngluru paran pitakon.

Lingsir wengi,
keplantrang ing margi,
mondhong  gembolan  ati.

Lilanana,
lumarap ing ngarsa,
srah jiwa ngindhit dosa.


Jombang, 30 april 2012


- format bangsapatra = 4 6 7 ( 3 gatra ) saben sapada, lan gunggung 4 pada.


Kamis, 10 Mei 2012

MANUK CANGAK


Ana manuk cangak lumaku urut pinggring kali gedhe, sumedya golek memangsan, ora antara suwe sumurup iwak wagal akeh sarta lemu – lemu. Sanajan doyanane iwak wagal , ewadene ing nalika duwe karep mangan kang ngluwihi saka ing enak, sing dadi esthining ati iwak tambra, dadi anampik wagal. Bareng lumaku maneh, sumurup iwak jambal tuwin wader gilig piang-pirang. Sarehning sarehning kang mau nampik iwak wagal, mangsa arepa mangan iwak sokro. Mulane lumaku maneh antara suwe, nuli sumurup iwak senggaringan siji cedhak lan gethek, rada kaling – kalingan lumut. Ciptane manuk cangak : “ Ngisin –isini temen mangan iwak senggaringan . Iku dudu pangananku, awit aku tau mangan wagal, apa aku ndadak ngilang-ilangake kangelan teka mangan senggaringan , wader pari utawa sili. “
Cangak nuli gegancangan bali marang panggonan kang akeh wagale mau , ananging wus ora ana iwak kemliwer. Saking sengkuding lumaku, kongsi bangeting ngintir – intire . saupama ing nalika iku ana iwak senggaringan , mesthi iya enak. Wasana kang apik ing pamilihe mau , marem oleh kodhok kang alot daginge.
Eliding dongeng mangkene : sing sapa nampik samubarang kang becik, angarep – arep kang luwih prayoga, iku kerep oleh kang ala dhewe.
Tegese tembung :
sumurup              = weruh
surup                    = 1. lebu, manjing, mlebu   2. lumebu ing    3. mlebu tanceping langit tumrap srengenge   4. wayah sore (srengenge angslup)   5. omah utawa pekarangan (kanggo petungan)   6. kawruh , pangerti marang
disurupi                = 1. dileboni, dipanjingi   2. dianjing (ditlesepi)   3. diudhoni rembug (gunem, lsp)    4. ditaker maneh.
disurupake         = 1. dilebokake, diangslupake  2. dibgathukake karo, dipetung minangka dadi                                     3. dituduhake (dikandhani, diwehi weruh, dingretekake)
sesurupan           = 1. kawruh, pangerti   2. petung – petungan utang.
wagal                    = arane iwak loh.
esthi                      = (kw) maksud, karep, sedya, niyat, jangka.
jambal                  = 1. iwak daging kaworan daging    2. arane iwak kali   3. arane soga jarit pekalongan
gegancangan     = rikat-rikatan, enggal-enggalan
prayoga                = becik, pantes.



Jumat, 04 Mei 2012

SEPURA ….



“Pripun, mak?” pitakonku marang emak.
“Pripun apane?” emak genti takon.
“ Ampun ngoten ta, mak. Bapak niku sakniki empun kritis, napa  emak boten mesakaken ?” anggonku takon dakati-ati banget supaya ora  gawe nesune emak.
“Kritis ya ben, ora ya ben,” wangsulane emak isih panggah sengol, mratandhakake yen isih lara atine.
“Nggih ampun ngoten. Ampun ngantos kedlarung-dlarung ta. Sing empun nggih empun, ampun diterus-terusne. Mosok kaluputan digawa nganti tumekane pati ?” anggonku ngarih-arih marang emak supaya emak gelem menehi sepura marang bapak.
“Ya ben disangga dhewe .”
“Bapak niku, yen boten angsal sepurane sampayen, boten saged gangsar anggene lelaku,” kandhaku tetep ngati-ati  supaya emak ora kagelan.
“Ya ben. Rak wis ana sing mateni.”
Aku kaget krungu wangsulane emak, banjur takon ,“Lha sing mateni sinten?”
“Ya malaekat.” wangsulane emak isih panggah atos wae.
“Yen malaekat  pancen empun kuwajibane. Sampeyan boten sisah melok-melok. Kalih malih yen sampeyan melok – melok dadi seje perkarane. Bisa – bisa sampeyan mlebu penjara,” kandhaku.
“Lha ngapa aku melok – melok ? Wong lanang kok selawase urip bisane mung gawe larane ati wae. Aku melu bapakmu iku durung tau ngrasakake kepenak.”
Mentas  emak  kandha ngono aku meneng, emak uga meneng. Suwe aku lan emak mung meneng – menengan.Batinku satemene ya ngguyu krungu wangsulane emak sing kaya ngono,  nanging kepriye, aku dhewe ora bisa nyalahake emak, mula guyuku mung dakempet wae.
Aku mono jejere mung anak mantu. Sing dakpek bojo anake wedok sing nomer loro. Emak neng omah urip ijen, ora ana sing ngopeni.  Anak-anak wis padha mentas,. Lan wis gawe omah dhewe-dhewe. Dene bapak, saiki ngetutke bojone sing enom.  Rehdene kahanan ekonomiku sakloron rada luwih apik tinimbang sedulur-sedulur liyane mula emak dakboyong menyang omahku. Sedulur-sedulur  kabeh uga nyetujoni.
Pancene, tangkepe bapak marang emak iku kena diarani nggarang ati – ora mung manas ati – nalika bocah – bocah  utawa anak-anake isih cilik – cilik,  kaya – kaya bapak mung sakarepe dhewe wae. Nyambut  gawe mung yen dhong gelem atine, kamangka bocah – bocah isih semega – seneng-senenge mangan sega – yen dhong atine padhang ya budhal nyambut gawe. Manawa dhong ora kalegan mung mlungker, sembujung turu ana omah. Tangi – tangi wis bar bedhug. Bubar tangi, yen durung ana cepakan kopi banjur muring – muring, samubarang dibanting. Piring, cangkir mung entek dianggo balang –balangan. Mula ora aneh yen ing omah kono asring ana piring terbang. Nganti barang-barang entek, paribasan cowek gopel wae ora duwe. Yen wis kaya mangkono iku, bisane emak mung nangis wae.
Pegaweyane bapak, sopir. Sopir, sopir pocokan, dudu sopir  asli sing duwe cekelan montor dhewe. Lagi oleh cekelan  montor yen sopir sing asli ora mlebu. Dadi kadhangkala sedina nyopir , telung dina nganggur, rong dina nyopir seminggu nunggu neng terminal, ngenteni yen bokmenawa ana sopir sing ora mlaku. Oleh dhuwit mung rog –rog asem. Ora mesthi saben dina nggawa dhuwit mulih. Kamangka sing ana omah – ya emak – ngarep – arep kayane. Bocah – bocah kemriyek njaluk mangan. Durung yen bocah – bocah njaluk dhuwit kanggo keperluan sekolah.
Lumrahe sopir, kulina mangan neng warung, arang – arang mangan ana omah. Unen – unene wong akeh, sopir iku yen dikerata basa lamun  ngaso mampir. Kulina mangan enak. Ngendi ana warung enak mesthi diparani, nganti apal papane lan sakjenenge pisan warung sakabupaten. Apa maneh yen bakule ayu, wis ora  gelem ngalih – ngalih saka papan kono sanajana sing dipangan wis entek suwe.
Emak, anggone nggagas bapak nganti kuru – ora kuru kurugan daging, nanging kuru kelangan daging, paribasan  nganti kari lunglit, balung karo kulit. Mikir tindak –tanduke bapak lan mikir pangane bocah – bocah. Kadhang kala mak nyuut … thukul pikiran arep njaluk pegat wae tinimbang mung nglelara ati. Luwih enak urip ijen tinimbang duwe bojo mung nggarang ati. Nanging yen dipikir maneh, wong anak wis enem, apa ya mentas yen ngragadi mung ijen. Apa ya klakon anak-anake mengko padha ora sekolah ?
Anak enem, sing paling gedhe kelas telu SMP. Sedhela engkas arep ujian akhir. Sanajana wis oleh bantuan saka Negara nanging ya isih  kudu ngetokake ragad  maneh, wong sekolahane sekolah swasta. Durung ragad kanggo  tour, sawise ujian. Sing nomer loro wedok – ya sing saiki dadi bojoku iku –  jaman samono lagi kelas siji SMP . Sing anak nomer loro iki,  bocahe meneng, ora kakehan polah , dhasare ayu pisan. Dedege lencir pakulitane kuning nemu giring. Mula anggonku ngesir ya wiwit cilik. Sing nomer telu, papat, lima isih sekolah ana SD, dene sing paling cilik wayahe sekolah TK nanging ora disekolahake, wong pancene sing dianggo ragad ora ana.
Mundhak dina kelakuwane bapak ora ana sudane, malah kepara tambah nemen. Wong – wong ing kampungku yen ngrasani bapak jarene iwak teri dipangan  bandeng, ora mari malah tambah gendheng. Ciri wanci lelai ginawa mati, padatan utawa pakulinan ala ora mari – mari yen wonge ora mati. Kahanan kaya mangkono iku nganti bocah – bocah rampung anggone sekolah. Sing mbarep mung tutug SMP wae semono uga anak – anak liyane uga mung tamat SMP, kalebu uga bojoku, mung tamat SMP.
Lulus  SMP bojoku langsung daklamar. Arep ngenteni apa ? Dientenana kareben rada gedhe wong ya ora bakal nerusake sekolah. Mula cepet – cepet dakjaluk, ben ora kedhisikan jaka liya. Wong sing ngesir dheweke ya akeh. Parikane,  Gresik – Surabaya , yen kalah dhisik bakal ngresula.  
Nalika aku nglamar ana prekara sethithik,  bapak kandha bojoku oleh daklamar nanging kudu ngenteni mbakyune dhisik – jalaran mbakyune wektu iku durung payu.
“Yen kowe nglamar sing cilik ya aja dhisik ta, Mun. Wong mbakyune wae durung ana sing nakokake !” kandhane bapak marang aku.
“Lha pripun, pak ? Kula empun remen kalih adhik,” wangsulanku.
“Ya sing sabar ta. Ora susah grusa – grusu, kesusu iku arep ngapa ta ?”
“Kajeng kula niku nggih ndang-ndang ngoten. Wong kula nggih empun cekel gawe.”
“Bayarmu pira ta?” pitakone bapak.
“Nggih menawi namung nyekapi kabetahaning tiyang sakloron mawon, nggih cekap,” wangsulanku.
“Lha kowe apa gelem karo mbakyune ?. Yen kowe gelem aku malah mathuk. Ila-ilane wong kene kuwi, yen mantu ya kudu sing tuwa dhisik, ” calon bapak maratuwa nanting aku.
“Menawi kalih mbak, kula trimah boten.”
Aku dhewe yen karo mbakyune ora  sreg lan ora duwe rasa seneng. Jan-jane mono mbakyune ya ayu, yen rupa mono ora nguciwani. Nanging piye maneh wong ati kadhung seneng karo adhine.  Mula aku rada nyereng, sing dakkarepake adhine. Yen oleh ya adhine, yen ora oleh ya wis, aluwung ora sida.
Sawise kedadean iku aku ya tetep dolan menyang  omahe calon bojoku – sanajana  calon bapak  maratuwa wis nolak – aku isih percaya yen lamaranku bakal ditrima. Temenan, nalika aku dolan mrana kaya adate, aku dijak omong - omongan maneh.,
“Ngene lho, Mun ,” bapak miwiti rembug. “Sesambunganmu karo adhikmu iku sajake wis ora kena dipisahake .”
“Terus pripun ?” pitakonku.
“Wong tuwamu sakloron kapan – kapan jaken mrene.”
“Menawi kula mawon napa boten cekap?”
“Ora ngono. Apa kowe wis ora duwe wong tuwa ?”
“Lha nggih teksih jangkep”
“Lha iya. Adat kalumrahan sing lumaku ing kene kuwi yen nglamar kudu wong tuwane. Adat kuwi aja ditinggalake ta !”
“Nggih,” atiku lan wis krasa seneng. Rasane mbedhodhog sagunung Merapi gedhene.
Sajake bapak rada kendho anggone mikukuhi panemune iku, mula banjur ngajokake sarat yaiku aku oleh nglamar nanging kudu menehi pitukon kanggo mbakyune. Aku langsung sanggup menehi pitukon marang mbakyune . sapanjaluke dakturuti. Kanggone bapak dhewe mbokmanawa uga bisa ngentheng – ngenthengake sanggan ekonomine kulawarga.
Dina candhake, bapak lan mbokku mertamu menyang nggone calon besan. Wis ora perlu dakcritake lelakon sateruse. Aku klakon dadi manten, nganti saiki iki.
Mbaleni critane bapak maratuwa, aku keri – keri  krungu kabar sing ora ngepenakake ati, ujare  bakul sinambewara, kabare radhio rusak, jarene bapak nduweni bedhangan. Malah – malah ana sing kandha bapak wis duwe anak  umur setaun.
Krungu kabar kaya mangkono emak njur mencak – mencak. Saben dina anane mung muring – muring. Malah – malah anak – anake sing ora salah, ora ngerti kenthang – kimpule perkara uga melu diuring – uring. Samubarang ora ana sing bener lan ora ana sing pener.
“Piye , mas ?”pitakone bojoku sawijining dina..
“Apane ?”, pitakonku.
“Emak kuwi lho. Saben dina anane mung muring-muring wae,”
“Lha arep dikapakake ?” aku genti takon.
“Sing salah ki genah bapak. Awake dhewe katut diuring – uring.”
“Pancene wong kuwi  yen  lara atine rak ya ngono kuwi. Samubarang ora bener,” wangsulanku ngadhem-adhemi bojoku.
“Lha mbok digolekake srana kono”.
“Srana apa ?”
“Ya digolekne srana menyang wong tuwa  apa nyang pak yai ngono”
“Prekara ngono iku ora cocog yen digolekake srana ngono kuwi.”
“Lha terus piye ?”
“Ya wis, mengko dakuruse “ kandhaku mungkasi rembug.
Lebar mangan  sore, aku nemoni emak. Omongku dakarah – arah supaya ora natoni atine emak. Sawise lungguh aku banjur miwiti kandha.
“Bapak niku boten usah dipikir, wong pancene karepe empun ngoten”
“ Kowe ngomong kuwi gampang. Kowe ora ngrasakake. Sing ngrasakake iku aku. Lara atiku,” kandhane emak malah arep wiwit nesu.”Kowe ora ngerti, nalika bojomu isih cilik, bocah-bocah during ana sing mentas, dakrewangi kedhungsangan, paribasan sirah dienggo sikil sikil  dienggo sirah nggolekke pangan bocah-bocah.”
“ Lha terus ?”
“ Coba gagasen. Saiki bareng bocah-bocah wis mentas njur arep rabi maneh kuwi, apa pantes ?”, emak mandheg sedhela anggone ngomong, njur diterusne maneh,”Lan manehe, umure wis pira? Umur wis anguk-anguk kubur wae duwe pokal gawe arep rabi maneh.”
“Nggih bok kersane. Sing ajeng rabi kersane rabi ta, mak”
“Jane ki, kowe kuwi mbela sapa, ta?” pitakone emak isih nesu.
“Kula niki boten mbela sinten-sinten. Kula niki namung mesakke emak. Boten kok mbela bapak ,” kandhaku tetep ngarih-arih supaya emak bisa lilih atine.
“Ya ora ngono kuwi carane,” kandhane emak isih tetep atos wae.
“Lha saniki napa sing ajeng dilampahi ?”
“Sesuk arep daklabrak”.
“Dilabrak ?”
“Iya. Bapakmu karo gendhakane arep dakunek – unekake.”
“Dilabrak nggih dilabrak, ning ditata dhisik.”
“Yen nganggo ditata kuwi jenenge ora nglabrak.”
“Terserah emak mawon. Karep kula ngaten, emak niku boten sisah mikir bapak. Mangan boten mangan melok kula. Nek namung  ngopeni sampeyan mawon boten – boten nek kabotan. Cobi ta sampeyan tingali, awak sampeyan niku kantun balung kalih kulit jalaran mikiri bapak. Lha  nggih mbok empun dijarne mawon.“
“Ora, sesuk aku tetep nglabrak.”
---0---
Awan bubar bedhug aku weruh emak mlaku  mlangkah lawang mlebu omah, aku banjur takon, “Saking pundi, mak ?”
“Nglabrak,” wangsulane cekak.
“Terus ….. ?”
“Wis lega atiku. Lega atiku … bisa nglabrak bapakmu karo gendhakane.”
“Terus angsale napa ?”
“Olehe … ya lega”.
“Oleh-olehane rak namung ngoten ta ?” aku njur mbacutne omonganku,”Sampeyan wau boten oleh-oleh duren ta, mak ?”, aku ngguyoni emak.
“Wong bar nglabrak kon oleh-oleh duren ki piye ta karepmu ? Gendheng pa edan kowe kuwi ?”
“Eee…. Bokmenawa. Bar nglabrak terus mulih nggawa duren ngge putune. Nek sampeyan nggawa nggih pundi kula bencahe.” Aku tetep ngguyoni emak.
“Ra urus. Enek wong atine njelu ngene, malah ndhagel,”
“Mbok nggih empun ta, mak. Boten sisah ngurus niku bener sampeyan,” kandhaku.
“Ra arep ngomong karo kowe,” emak njur nglungani.

Dina – dina candhake ora ana owah- owahan, tetep kaya maune. Dina ganti minggu, minggu ganti wulan, wulan ganti taun kahanan tetep ora ana owah-owahan babar blas.  Bapak wis ora nate mulih menyang omah. Mung kadhangkala bapak teka menyang omahku saperlu niliki putune lanang. Mbokmanawa wae kangen. Wani mlebu omah yen emak ngepasi ora ana omah.
--- 0 ---
“Pripun mak ?” pitakonku mbaleni rembug.
Anggonku ngarih-arih durung kasil. Aku wis kentekan akal kepriye anggonku kandha supaya emak gelem menehi sepura bapak.
“Ngaten lho mak. Niki nggih namung critane tiyang kathah. Tiyang mati niku nek boten angsal sepura, sajrone patang puluh dina  rohe ajeng mulih. Nggoleki tiyang sing boten purun nyepura kaluputane. Pripun nek bapak mengke wangsul teng griya terus ngetoki sampeyan ?”
Emak mung meneng wae. Sajake nggagas- nggagas apa sing arep dilakoni. Ora suwe aku njur kandha maneh.
“Nggih nek rupane malih bagus utawa nggantheng kaya Janaka  ngoten, boten napa – napa. Upami rupane niku malih dadi elek, napa sampeyan boten girap – girap?”
“He… piye ?” emak sajak kaget lan rada keweden.
“Pripun nek bapak niku mengke wangsul teng griya terus ngetoki sampeyan  terus rupane malih dadi elek?” aku mbaleni kandhaku.
“Apa ya ngono ?”
“Sampeyan percaya nggih mangga, boten percaya nggih mangga. Terserah sampeyan. Niku naming critane tiyang-tiyang mawon. Kalih malih sing duwe wenang nyepura rak nggih namung sampeyan lho. Kula niki prenahe rak mung  anak mantu. ”katone emak wis wiwit percaya marang omonganku.
“Ya wis. Yen ngono bapakmu daksepura.”
“Lha nggih ngoten,” kandhaku. Atiku krasa lega.
Temenan let  sadina saka kedadean iku bapak tinggal donya.


Surabaya, 24 September 2011.

Pengikut

Matur Nuwun ...