Jumat, 29 Mei 2015

ATER-ATER KUMA, KAMI, KAPI



ATER-ATER KUMA.
Trap-trapane ater-ater KUMA bares wae. Ater-ater KUMA lumrahe kanggo mangun tembung kahanan (kata sifat). Dene rimbage diarani rimbag BAWA KUMA. Tuladha :

Tuladha tembung-tembung kang nduweni ater-ater KUMA :
kumadama < kuma + dama = ngrumangsani utawa api-api bodho, asor.
kumacelu < kuma + celu = kepingin banget
kumaceri < kuma + ceri = ora seneng banget  (ceri)
kumaweruh < kuma + weruh > kumeruh = disengguh dening sugih kawruh
kumakaruh < kuma +  karuh = sumanak kaya wis wanuh (karuh)
kumaki < kuma + kaki > kumaki = ambege kaya kaki-kaki
kumawatir < kuma + watir = kuwatir
kumawatos < kuma + watos = kuwatos
kumalancang < kuma + lancang = lancang banget
kumalanda < kuma + landa = duwe sengguh kaya walanda
kumalungkung < kuma + langkung > kumalungkung = ambeg luhur , ambeg luwih
kumawani < kuma + wani = ambeg wani banget
kumawasis < kuma + wasis = kuminter
kumayu > kuma + ayu = kenes banget, ambeg ayu.


ATER-ATER KAMI
Trap-trapane ater-ater KAMI bares wae. Ater-ater KAMI lumrahe kanggo mangun tembung kahanan (kata sifat). Dene rimbage diarani rimbag BAWA KAMI. Tuladha :

kamibocah < kami + bocah = solah tingkahe kaya bocah
kamidilepen < kami + dilep + en = lunga banjur ora ngaton-ngaton.
kamigigilen < kami + gigil + en = ndhredheg , gigilen.
kamigilan < kami + gila + an = gila banget
kamijijen < kami + jiji + en = jiji banget.
kamikakon < kami + kaku + an = kejeng, kaku
kamikekelen < kami + kekel + en = keladuk banget anggone ngguyu.
kamiluluten < kami + lulut + en = lulut banget.
kamilurusen < kami + lurus + en =  saya ngenes (lara) banjur mati = kemlurusen
kamipurun < kami + purun = ambeg wani, kumendel
kamirurusen < kami + rurus + en = kamilurusen = kemlurusen
kamisandhanen < kami + sandhan + en = mrongkol ing susu.
kamisasaten < kami + sasat + en = mleleng mripate.
kamisepuh < kami + sepuh
kamisesegen < kami + seseg + en = terus mingseg-mingseg anggone nangis
kamiseseten < kami + seset + en = padha seset kulite (ing pucuking driji, lsp)
kamisosolen < kami + sosol + en = groyok banget ora bisa guneman cetha.
kamitegan < kami + tega + an = tega banget.
kamitenggengen < kami + tenggeng + en = njenger mandeng amarga gumun
kamitolehen < kami + toleh + en = tansah kelingan marang kang ditinggal
kamitontonen < kami + tonton + en = tansah katon ana ing angen-angen.
kamituwa < kami + tuwa = arane pangkat
kamiwelasen < kami + welas + en = welas banget.


ATER-ATER KAPI
Trap-trapane ater-ater KAPI bares wae. Ater-ater KAPI lumrahe kanggo mangun tembung kahanan (kata sifat). Dene rimbage diarani rimbag BAWA KAPI. Tuladha :

kapiandel < kapi + andel  = gampang ngandele.
kapiandhem < kapi + andhem = mempeng banget anggone mlayu
kapidereng < kapi + dereng = kapiadreng
kapiadreng < kapi + adreng = adreng banget, kumudu-kudu
kapieneng < kapi + eneng = meneng wae.
kapilare < kapi + lare
kapilayu < kapi + layu = kapiluyu.
kapiluyu < kapi + luyu = kumudu-kudu melu
kapirangu < kapi + rangu = gijag-gajeg, rangu-rangu
kapitemen < kapi + temen = temen-temen


Katrangan :
Ana saweneh tembung kang ing antarane ahli durung ana gathuking panemu yaiku tembung : kemayu  lan kemaki. Tembung mau ana sing nduweni panemu krana kawuwuhan seselan UM.

Kamis, 28 Mei 2015

ATER-ATER PI



Gunane ater-ater PI kanggo mangun tembung aran.
Dene tembung lingga kang oleh ater-ater PI  rimbage diarani RIMBAG LINGGA ANDHAHAN

Trap-trapane ater-ater PI bares wae, tuladha :
piadu (kw)        < pi + adu           = padu, papadon
piala (kw)         < pi +  ala           = panggawe ala
piandel              < pi +  andel
piangkah (kw)   < pi +  angkah    = pangangkah
piangkuh (kw)   < pi +  angkuh    = umuk
pianjur (kw)       < pi +  anjur      = pangarep, panganjur
piawon              < pi +  awon
pidosa (kw)       < pi +  dosa         = ukum, paukuman
pidhuwung         < pi +  dhuwung = rasa getun, kedhuwung
piguna               < pi +  guna
pikantuk            < pi +  kantuk
pikekah             < pi +  kekah
pikoleh              < pi +  koleh
pikrama             < pi +  krama      = ningkah, laki - rabi
pikudhung          < pi +  kudhung = layang turunan, layang kekancingan
pikukuh              < pi +  kukuh
pilara                 < pi +  lara
pilenggah            < pi +  lenggah
pilungguh            < pi +  lungguh
pirena                   < pi +  rena
pisakit                   < pi +  sakit
pisuka                   < pi +  suka
pisungsung         < pi +  sungsung
pitakon              < pi +  takon
pitedah              < pi +  tedah
piterang             < pi +  terang      = katrangan
pituduh               < pi +  tuduh       = kang dituduhake, pitutur
piturut                < pi +  turut
pituwas              < pi + tuwas        = opahan lsp kanggo leliruning kangelan
piutang               < pi +  utang       = utang
piwadul              < pi +  wadul
piwales               < pi +  wales
piweling              < pi +  weling
piwulang             < pi +  wulang

Tembung-tembung kang arimbag LINGGA ANDHAHAN yen kawuwuhan panambang AN rimbage diarani RIMBAG WISESANA LINGGA ANDHAHAN, tuladha :
 pitakon , pikajengan, pirampungan, pirembugan, pirembagan, pilulusan *), pilapuran, pilampahan, pilakon, pikarepan.

*) pilulusan = idin, palilah.

Kamis, 07 Mei 2015

SEKALIYAN APA SEKALIHAN ?




Tembung kalih, kekalih, sekaliyan, kaliyan, kalihan arupa tembung krama. Mula yen digoleki lajere ing tembung basa Jawa Kuna ora bakal tinemu. Tembung krama anane sawise jaman Mataram kang karan basa Jawa Anyar.

Tembung kalih asale saka basa ngoko loro. Tembung andhahan liyane kang kramane nganggo “LIH” nduweni teges “loro”. Tuladha :
loro = kalih
karo = kalih
kekaro (ne) = kekalih
sakloron = kekalih.
Tembung-tembung mau nduweni teges loro. Dene tembung kang wanda wekasan “RO” ora dikramakake “LIH” Tuladha :
Jenang-BARO-BARO  : jenang putih njur diwenehi abang nganggo gula klapa. Sanajan nduweni teges loro nanging ora dikramakake jenang BALIH-BALIH.
BARO : abang loro putih loro (istilah keplek)  uga ora dikramakake BALIH.
JERO : lebet
GERO = nangis bengok-bengok (seru).
JARO = cagaking pager pring.
Tembung-tembung mau ora dikramakake nganggo “LIH”.

Banjur tembung wod (akar kata ) RO mau yen dikramakake LIH andhahane kepriye ?
kalih + an > kaliyan apa kalihan ?
se + kalih +an > sekaliyan apa sekalihan ?
Jalaran asale saka  (wanda) tembung LIH  becike KALIHAN lan SEKALIHAN.
Tuladha panganggone :
1.      Ujungsabata tumamèng kapatihan | watara têngah wêngi | Ki Apatih Wahan | apan dèrèng anendra | AKALIHAN lan kang rabi | Ki Arya Wahan | angling marang kang rayi ||
2.      Sigra ingêmban tumuli | anulya binêkta minggah | dhatêng titihan garêbong | sang nata nitih KALIHAN | sigra umangkat sira | kôndur dhatêng Majalangu | kang wadyabala sumahab || (babad Tanah Jawi)
3.      Sampuning tabe kula saudara Tuwan Juru Basa Wintêr.
Wiyose panjênêngan kula maringake layang sing dijarwani abdi kula bocah kaliwon ing kadipatèn, Si Ngabèi Rônggawarsita, ing sanikine êmpun dadi, asarêng kalihan sêrat punika, KALIHAN malih saudara, panjênêngan kula dangu kalih saudara, saudara punapa pun olèh malih layang caritane Prabu Bonangparte ing Prangkrih, panjênêngan kula mundhut pêkabaran.
Ing kraton Surakarta ping 6 Pasa Alip ôngka 1771.( Kangjeng Susuhunan kepada Winter, 30 September 1843. Arsip dan Sejarah | Surakarta #678.)

Nanging perlu dimangerteni, ing bausastra Poerwadarminta , kaca 182
kalih  (k): 1. loro; 2 (pac) : karo, lan
kalihan (k)  (ak) : karo, lan; kac : kaliyan.
kaliyan (k) : karo, lan ; apa iku dianggep tembung anyar kang ora magepokan karo teges loro  utawa dianggep aksara mandaswara ?
Sumangga.

Pengikut

Matur Nuwun ...