Selasa, 24 September 2013

TEMBUNG KRIYA, VERBA, utawa KATA KERJA (3)



C. ADHEDHASAR FUNGSI
Adhedhasar fungsine tembungkriya lumrahe nglungguhi fungsi minangka wasesa, ananging tembung kriya bisa uga nduweni fungsi minangka jejer (subyek), lesan (obyek), jangkepan (pelengkap), lan katrangan (katrangan).
a.       Tembung kriya minangka minangka wasesa (predikat).
a.       Nalika padhang rembulan bocah-bocah padha dolanan jamuran ing latar.
b.      Prabu Pandhu midhangetaken ature raden Gandamana.
c.       Pak dhokter nambani wong-wong kang teka ing Puskesmas.
b.      Tembung kriya minangka jejer (subyek).
a.       Nulis aksara Jawa kuwi gampang.
b.      Ngarang dadi penggaweyane pak Darminta.
c.       Ngombe arak iku pakulinan sing ora becik.
c.       Tembung kriya minangka lesan (obyek).
a.       Bocah-bocah lagi sinau njoged ing pendhapa kabupaten.
b.      Pak Mardi lagi muruk maca aksara Latin.
c.       Pak guru mulang nembang.
d.      Tembung kriya minangka jangkepan (pelengkap)
a.       Dheweke percaya lakune ora nalisir saka angger-angger.
b.      Raden Subali tapa ngurangi mangan daging.
c.        Yu Mini ngguyu lakune wong pincang.
e.      Tembung kriya minangka katrangan (keterangan)
a.       Pak Bupati rawuh nalika sedane mbah buyut.
b.      Bapak tansah maringi pitutur supaya tindak-tanduke putrane ora nalisir saka bebener.
c.       Kita kudu tansah ngucapake syukur sanajan urip kita tansah kecingkrangan.

Ana candhake ...

Senin, 23 September 2013

TEMBUNG KRIYA, VERBA, utawa KATA KERJA (2)



B.      ADHEDHASAR WUJUDE TEMBUNG KRIYA.
Miturut wujude tembung kriya diperang dadi:
1.       Tembung kriya lingga (verba dasar) yaiku tembung kriya sing durung katambahan wuwuhan, durung dirangkep, lan durung dicambor nanging wis bisa dianggo ing ukara utawa bisa madeg dhewe ing ukara. Tuladha :
a.       N goko: adus, tangi, turu, lungguh, weruh, lunga, teka, adang,
b.      Krama / karma inggil/ karma andhap : tindak, bethak, wungu, siram, ngendika, sare, dhahar, lenggah, jumeneng,priksa, lsp.
                                                   i.      Bapak jumeneng ana pinggir dalan, ngenteni montor.
                                                 ii.      Jam sekawanbapak sampun wungu.
                                                iii.      Sampun tigang dinten manika bapak boten kersa ngendika.
2.       Tembung kriya andhahan (verba turunan) yaiku tembung kriya sing wis oleh wuwuhan, dirangkep utawa dicambor.
a.       Krana diwuwuhi :
                                                   i.      Ater-ater anuswara (A- +(N) + dasar): mangan, mbalang, nulis, nuthuk, nggambar, ngangsu, nyambel, nyapu, lsp.
1.       Wedhusku mangan parine Lik Tumi.
2.       Bocah kuwi sing mbalang pelem.
3.       Mbah Sastra nulis crita.
                                                 ii.      Ater-ater anuswara (A- +(N) + dasar + panambang): mangani, mbalangi, mbalangake, nulisi, nulisake, nulisne, nggambari, nggambarake, nggambarne, ngangsoni, ngangsokake, ngangsokne, nyambeli, nyambelake, nyambelne, nyaponi, nyapokake, nyapokne, lsp.
1.       Aku nyaponi latar ngarep, adhiku latar buri.
2.       Yu Ginem nyapokake latare mbah Darma, jalaran mbah Darma lunga menyang Surabaya.
3.       Aku taknyapokne latare Yu Sarmi, jalaran aku mau wis kandha ngiyani.
                                                iii.      Ater-ater a :  aklambi, akudhung, ajejuluk, 
1.       Sing aklambi abang kae dulurku lanang.
2.       Ratu Majapait ajejuluk prabu Brawijaya.
3.       Wedhus gembel akudhung walulang macan.
                                               iv.      Ater-ater di : dipangan, dibalang, ditulis, dithuthuk, digambar, diangsu, disambel, disapu,
1.       Parine rusak dipangan ama wereng.
2.       Jagone dibalang bocah gundhul.
3.       Bathuke mrempul dithuthuk Sarpin.
                                                 v.      Ater-ater di + dasar+ panambang: dipangani, dibalangi, dibalangake, dibalangke, dibalangne, ditulisi, ditulisake, ditulisne, diangsoni, diangsokake, diangsokne, disambelake, disambelne, disaponi, disapokake, disapokne.
1.       Jambune gogrog dipangani kalong.
2.       Sumurku asat diangsoni tangga teparo.
3.       Latare resik disaponi Nurul.
                                               vi.      Seselan in: dinugang, jinupuk, tinulis, jinambak, jinurung, jinupuk, tinabok, ginaris, tinumbak, tinumbas, dinugangan, jinupukan, tinulisan, jinambakan, jinurungan, tinabokan, tinumbakan, tinumbasan. Seselan in kanggo ndhapuk tembung kriya tanggap (kata kerja pasif). Tuladha ing ukara :
1.       Raden Dursasana dinugang dening raden Werkudara.
2.       Pentil-pentil kang padha gogrog jinupukan dening bocah angon.
3.       Uripe wis ginaris dening Gusti Kang Murbeng Dumadi.
                                              vii.      Seselan um: munggah, mumbul, miring, gumuyu, gumregah, gumandhul, gumantung, Seselan um lumrahe kanggo mangun tembung kriya tanpa lesan (verba intransitif). Tuladha ing ukara :
1.       Dalane munggah ndeder.
2.       Montor mabur iku mumbul ing awang-awang.
3.       Para prajurit umiring ndherekake raden Baladewa tindak menyang Dwarawati.
                                            viii.      Krana diwuwuhi panambang an : klamben, sepaton, sarungan, kalungan, gelangan, pit-pitan, kuplukan, sepedhahan, tekenan,
1.       Bapakku sarungan, aku sepaton, adhiku saiki lagi klamben.
2.       Samsyiah kalungan mote.
3.       Mardi karo kancane pit-pitan ana ing lapangan.
b.      Krana dirangkep: kukur-kukur, gegujengan, kekudhung, usap-usap, mangan-mangan, ngombe-ngombe, dolan-dolan, mlayu-mlayu, Tuladha ing ukara:
                                                   i.      Sukir kukur-kukur sirahe sing ora gatel.
                                                 ii.      Lare-lare sami gegujengan wonten pendhapa ngajeng.
                                                iii.      Jalaran jawah deres lare-lare sami kekudhung ron pisang.
c.       Krana dicambor: ngadi sarira,wawan sabda, wawan rembug, lukar busana,  suduk sarira, lalu jiwa, imbal wacana, gugur gunung,
                                                   i.      Ibu nembe ngadisarira wonten nglebet.
                                                 ii.      Sang putri suduk sarira.
                                                iii.      Sang Prabu nembe imbal wacana kaliyan para nayaka.
d.      Krana digandhengi tembung sesulih (kata ganti). Tembung kriya kang oleh gandhengan tembung sesulih purusa (kata ganti orang). Tembung sesulih tak (dak) kanggo purusa I (sesulih utama purusa), tembung kok (ko) kanggo purusa II (sesulih madyama purusa), ndadekake ukara kasebut dadi ukara tanggap. Tuladha:
                                                   i.      Tak (dak)gawa, tak (dak)takoni, tak (dak)silih, tak (dak)tuku, tak (dak)salini, lsp.
1.       Bukumu takgawa mulih.
2.       Anjar taktakoni ora gelem sumaur.
3.       Sawahe pak Lurah wis taktuku.
                                                 ii.      ko (kok)gawa, ko (kok)takoni, ko (kok)silih, ko (kok)tuku, ko (kok)salini, lsp.
1.       Bukuku apa kokgawa ?
2.       Sapa sing koktakoni?
3.       Paculku apa koksilih?
e.      Dideleng saka wujude, saliyane tembung kriya lingga lan tembung kriya andhahan, ana uga tembung kriya kang dumadi saka jinise tembung liya, antara liya:
                                                   i.      Tembung kriya denominal (Verba denominal) yaiku tembung kriya (verba) kang kedadean saka tembung aran (nomina). Tuladha: manak, mbayi, natah, nggraji, malu, ngebis, mbecak, ngepit, ndhuwurake, nggedhekake, lsp.
1.       Wedhusku manak telu.
2.       Tukang-tukang kuwi lagi natahi watu.
3.       Mbah Guna lagi ndhuwurake pondhasi omahe.
                                                 ii.      Tembung kriya deadjektival (Verba deadjektival) yaiku tembung kriya (verba) kang kedadean saka tembung kahanan (ajektiva). Tuladha: ngelus, nggedhekake, ndhuwurake, nyilikake, marasake, 
1.       Lik Sirin lagi ngelus garapane sing isih kasar.
2.       Marni nyilikake klambi menyang tukang jait.
3.       Rokok iku ora bisa marasake lelara.
                                                iii.      Tembung kriya deadverbial (Verba deadverbial) yaiku tembung kriya (verba) kang kedadean saka tembung katrangan (adverbial). Tuladha : mbangetake, ngarepake, ngluwihi, lsp.
1.       Tembung mbranang kanggo mbangetake tembung abang.
2.       Aku teka omah wis ngarepake bedhug Mahgrib.
3.       Kapinterane adhine ngluwihi kakange.

Minggu, 22 September 2013

TEMBUNG KRIYA, VERBA, utawa KATA KERJA (1)



Tembung kriya (verba, kata kerja) (saka basa Latin: verbum, “tembung”) yaiku tembung sing mratelakake sawijining tingkah (perbuatan) , anane barang(keberadaan)  , lan ap-apa  kang nate dialami(pengalaman) , utawa nduweni makna sing tansah ngalami owah gingsir. Jinise tembung iki lumrahe dadi wasesa ing sawijining frasa utawa ukara.
Tembung kriya bisa diperang :
A.      ADHEDHASAR LESANE.
Adhedhasar lesane, kang lesan mau tembung aran ing ukara tanduk (kalimat aktif), lesan mau bisa dadi jejering ukara ing ukara tanggap.  Tembung kriya bisa diperang dadi rong golongan:
1.       Tembung kriya mawa lesan (verba transitif) yaiku tembung kriya sing mbutuhake lesan. Lumrahe jejere nindakake apa-apa kang kasebut ing wasesa.Tembung kriya mawa lesan (verba transitif) bisa diperang dadi:
a.      Tembung kriya ekatransitif (verba ekatransitif, verba monotransitif) yaiku tembung kriya kang digandhengi lesan kang cacahe mung siji. Tuladha ing ukara :
1. Pak Jayus nulis crita cekak.
2. Bocah-bocah maca buku crita ing perpustakaan.
3. Negara mbangun wadhuk gedhe.
Tembung kriya nulis, maca, lan mbangun iku kalebu tembung kriya ekatransitif jalaran ing burine tembung mau mung digandhengi lesan. Lan uga lesane ing ukara tanduk mau bisa didadekake jejer ing ukara tanggap (kalimat pasif). Tuladha liyane: ndeleng, ngangkat, nggawe, nurun, nulak, lsp. Tuladha ing ukara:
Ukara tanduk (kalimat aktif):
1.  Aku wingi ndeleng wayang kulit.
2.  Para buruh ngangkat dagangan ing dhuwur prahoto.
3.  Adhiku nggawe layangan.
Ukara tanduk ing dhuwur iku yen didadekake ukara tanggap (kalimat pasif) dadi:
1. Wayang takdeleng wingi.
2. Dagangan ing dhuwur prahoto diangkat para buruh.
3. Layangan digawe adhiku.
b.      Tembung kriya dwitransitif (verba dwitransitif, verba bitransitif) yaiku tembung kriya kang ana ing sajroning ukara tanduk digandhengi tembung aran cacah loro. Sing sisji arupa lesan (obyek), dene sing sijine arupa jangkepan (pelengkap).
Ukara tanduk (kalimat aktif):
1. Ibu nulisake layang adhik.
2. Bapak macakake buku dongeng adhiku sing wadon.
3. Mbah Surip nukokake gethuk putune.
Ukara tanduk ing dhuwur iku yen didadekake ukara tanggap (kalimat pasif) dadi:
1. Adhik ditulisake layang ibu.
2. Adhiku sing wadon diwacakake buku dongeng bapak.
3. Putune ditukokake gethuk mbah Surip.
Tembung nulisake, macakake, nukokake kalebu tembung kriya dwitransitif jalaran ukara kasebut nduweni lesan (obyek) lan jangkepan (pelengkap). Lesane yaiku adhik, adhiku sing wadon, lan putune. Coba katandhingna karo ukara ing basa Indonesia ing ngisor iki:
Ahmad sedang mencarikan Rian sebuah pekerjaan.
Ayah akan membelikan ibu pakaian baru.
Ukara kasebut yen didadekake ukara tanggap dadi:
Rian sedang dicarikan Ahmad sebuah pekerjaan
Ibu akan dibelikan ayah pakaian baru.
Ing basa Indonesia predikat (wasesa) langsung digandhengi obyek (lesan), nanging ing basa Jawa ora mangkono. Lesan ana ing saburinen jangkepan (pelengkap.
Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi ukara tanggap bisa uga dadi :
1. Adhik ditulisake layang dening ibu
2. Adhiku sing wadon diwacakake buku dongeng dening bapak.
3. Putune ditukokake gethuk dening mbah Surip.
c.       Tembung kriya mandatransitif (verba semi transitif, verba ditransitif) yaiku tembung kriya sing lesane manasuka. Ukara kasebut diwenehi lesan kena, ora diwenehi lesan uga kena.
Tuladha ing ukara:
1. Darman lagi mangan .
2. Darman lagi mangan tahu.

3. Bapak lagi maos ing kamar tamu.
4. Bapak lagi maos koran ana ing kamar tamu.

Ukara angka (1) lan (3) ora nganggo lesan (objek), dene ukara angka (2) lan (4) nganggo lesan (objek). Panganggone objek mung manasuka wae.

2.       Tembung kriya tanpa lesan (verba intransitive, verba tak transitif, kata kerja intransitive) yaiku tembung kriya sing ora mbutuhake lesan, tuladha:
adus, budhal, dandan, gelungan, gelut, gugur gunung, gumuyu, guyon, kelingan, klamben, lali, leren,  lunga, lungguh, maju, mangkat,  mati, mlaku,  mlayu,mundur, muni, ndhekem, ndhodhok, ngadeg,pasa, percaya, raup, sepaton, silem, sisiran,slonjor, suduk sarira,sumelang, tandur, tangi,tapa,teka,tindak tanduk,tukar padu,tumindak, turu,urip,wawan sabda,
Tuladha  ing ukara:
1.       Sukarna lagi lungguh ing buk gedhe.
2.       Saben esuk olah ragawan iku mlayu-mlayu.
3.       Dhek wingi ratu ayu sajagad iku padha langen ing pesisir Kuta.
Tembung kriya tanpa lesan ora nduweni tembung aran ing saburine wasesa sing bisa dadi jejer ing ukara tanggap. Coba gatekna ukara ing ngisor iki
4.       Wit trembesi iku thukul ing plataran.
5.       Cantrik Janaloka pamit arep nerusake lakune menyang kutharaja.
6.       Adi ngepit montor menyang sekolahan.
Ukara ing dhuwur iku angka (4) lan (5) ora nduweni tembung aran kang minangka lesan (objek), dene ukara kang angka (6) ana tembungaran yaiku “montor”.  Nanging tembung “montor” mau dudu lesan (objek) ing ukara kasebut jalaran ora bisa dadi jejer ing ukara tanduk.
Yen dicoba didadekake ukara tanduk: Montor dipit Andi menyang sekolahan. Ukara kasebut ora bener.
3.       Tembung kriya tanpa lesan mawa tembung ancer-ancer (verba intransitive berpreposisi) yaiku tembung kriya tanpa lesan sing digandhengi tembung ancer-ancer (kata depan).
a.      Para misaya mina silem nganti teka dhasaring segara.
b.      Rahardi mangkat saka omah jam enem esuk.
c.       Dheweke tansah mikir nganti awake kuru.
d.      Lik Sarmini lagi tandur jagung ing sawahe pak lurah.
e.       Sumarjana mundur saka anggota DPR.
f.        Rina wengi pak Darman tansah nyambut gawe kanggo anak putune besuk.

Ana candhake ...

Pengikut

Matur Nuwun ...