Kamis, 30 Agustus 2012

TEMBUNG “NUWUN “ LAN “NYUWUN”


Tembung nyuwun lan tembung nuwun linggane suwun. Nanging trap-trapane sing beda. Lumrahe tembung nuwun magepokan karo barang sing ora kasat mata , upamane : matur nuwun, nuwun sewu, kula nuwun, nenuwun. Sanajan ngemu teges njaluk nanging ora melok.
Trap-trapane  tembung nuwun :
  1. Kula matur nuwun sanget dene panjenengan sampun kersa rawuh ing rompok kula (Saya sangat berterima kasih bahwa anda sudah mau dhatang ke rumah saya). Ora matur nyuwun utawa matur suwun. Mung pancene ing wilayah Surabaya sakiwa tengene akeh-akehe masyarakat migunakake tembung “matur suwun” , “matur kasuwun” utawa dicekak wae “suwun”.
  2. Pak Supardi ngaturaken atur panuwun dhumateng para tamu (Pak Supardi memberikan ucapan terima kasih kepada para tamu). Ora “atur panyuwun” utawa “atur pasuwun.”
  3. Yen mlebu omahe wong liya kudu kula nuwun dhisik (Apabila masuk ke rumah orang harus permisi dahulu).
  4. Kita kedah tansah nenuwun dhumateng Gusti Kang Murbeng Dumadi minangka sesembahan kita (Kita harus selalu berdoa kepada Tuhan Yang Maha Pencipta sebagai sesembahan kita)
  5. Nuwun sewu, menapa menika dalemipun pak Sastra? (Mohon ijin, apakah ini rumah pak Sastra ?)
  6. Kula nuwun, sinten ingkang wonten nglebet ?

Tembung nyuwun lumrahe ngemu surasa “njaluk” kang melok.
Trap- trapane tembung “nyuwun” :
  1. Nyuwun duka, kula boten mangertos (Mohon maaf, saya tidak tahu). Nyuwun duka tegese njaluk didukani jalaran saka ora ngertine utawa ora bisa menehi jawaban. Ora nuwun duka.
  2. Kula badhe nyuwun priksa dhateng pak guru bab wucalan matematika (Saya akan bertanya kepada pak guru tentang pelajaran matematika).Nyuwun priksa tegese njaluk apa diweruhi . Tembung iki minangka krama inggile takon.  Ora nuwun priksa utawa suwun priksa.
  3. Kula nyuwun pangapunten dhumateng para pamiyarsa (Saya mohon maaf kepada semua pendengar).
  4. Kula minangka sesulih namung nyuwun gunging sih samodra pangaksami (Saya sebagai wakil hanya mohon maaf yang sebesar-besarnya).
  5. Kula nyuwun arta dhateng bapak kangge tumbas pit (Saya minta uang kepada bapak untuk membeli sepeda).
  6. Menawi badhe mlebet gedhong menika kedah nyuwun palilah rumiyin dhateng ingkang jagi (Apabila mau masuk gedung ini harus minta ijin dahulu )
  7. Kula namung nyuwun sewu kemawon, boten kalih ewu (Saya hanya minta seribu saja, tidak dua ribu).

Kamis, 09 Agustus 2012

TEMBUNG SAROJA


Tembung saroja yaiku tembung loro sing padha tegese utawa meh padha dianggo bebarengan.

Panganggone Tembung Saroja :
1.     Wong  Jawa pranyata nduweni kabudayan kang adi luhung.
2.     Pegaweyane mung angkat junjung, apa bisa nyukupi kebutuhane kulawargane ?
3.     Direwangi njungkir njempalik meksa ora bisa cukup kanggo mangan saben dinane.
4.     Dedeg piadege gedhe dhuwur tur gagah prakosa.
5.     Satriya ing Madukara iya raden Harjuna pranyata satriya kang sekti mandraguna.

Tuladha tembung saroja :
Adi luhung
Ajur mumur
Amrik minging
Andhap asor
Angkat junjung
Arum wangi
Asih tresna
Babak belur
Babak bundhas
Bagas waras
Bala koswa
Baya pakewuh
Bayu bajra
Bibit kawit
Bojana andrawina
Budi pakarti
Campur adhuk
Campur bawur
Candhak cekel
Colong jupuk
Dana driyah
Dana weweh
Dhawuh pangandika
Dhawuh timbalan
Dhedhep tidhem
Dhodhok seleh
Donga puji
Edi peni
Gagah prakosa
Galap gangsul
Gandhes luwes
Gendhon rukon
Gilir gumanti
Girang gumuyu
Godha rencana
Guyub rukun
Iguh pratikel
Jalma manungsa
Japa mantra
Jebat kasturi
Jejel riyel
Jungkir walik
Kadang kadeyan
Kadhang kala
Kajen karingan
Kasep lalu
Kepalu kepenthung
Kepalu ketutu
Kesampar kesandhung
Kocap kacarita
Kongas ngambar
Kukuh bakuh
Labuh labet
Lagak lageyan
Lagak lagu
Lalu lunges
Lega lila
Lir pendah
Malang megung
Mobah mosik
Mudha dama
Mudha pinging
Mudha punggung
Mudha taruna
Mukti wibawa
Mula buka
Mulang muruk
Murub mubyar
Nistha papa
Njarah rayah
Nyampar nyandhung
Owah gingsir
Papa cintraka
Pasang rakit
Puji pandonga
Rahayu slamet
Rame gumuruh
Rebut dhucung
Reka daya
Remuk rempu
Sabar drana
Sambat sebut
Sapa aruh
Sato kewan
Sayuk rukun
Sembah sujud
Sembah sungkem
Setya tuhu
Sisik melik
Sisip sembir
Solah bawa
Solah tingkah
Sotya retna
Suka rena
Tambal sulam
Tandang grayang
Tandang tanduk
Tanem tuwuh
Tapa brata
Tata karma
Tata rakit
Tata trapsila
Tedheng aling-aling
Teguh santosa
Tepa palupi
Tepa tuladha
Terang trawaca
Tindak tanduk
Tingkah laku
Ubeng inger
Undha usuk
Utang selang
Wadya bala
Watak wantu
Welas asih
Wiring isin
Wor suh
Wulang wuruk

Rabu, 08 Agustus 2012

PRAWAN AMERIKA

Prawan ayu saka Universitas San Diego, Amerika Serikat sing lagi  sinau njoget ing Ngayojakarta Hadiningrat. Bareng menganggo busana Jawa,  jiaaaan ayu tenan, ora kalah karo widodari tumurun.

BASA KRAMA


Pitakon :
Ingkang pundi ingkang manut unggah-ungguh ingkang leres:
“Mbah, kula badhe taken?"
"Mbah, kula badhe nyuwun priksa?"
Kamangka wonten tembung "mundhut priksa" tetiganipun sami-ngemu teges "takon"?

Wangsulan :

"Mbah, kula badhe nyuwun priksa?"

“Leee, kae lho Eyangmu arep mundhut presa kapan olehmu mangkat . . .

  Wonten tiyang, ketingalipun sampun sepuh sanget taken pundi margi dhateng Wanasalam.


Yen manut unggah-ungguh, kula sarujuk pamanggihipun @Ki Sastra Adiguna ( tuladha taken dhumateng ingkang langkung ingajenan) punapa dene pamanggihipun mas Deha Abadinar  ( tuladha taken saking ingkang langkung ingajenan) . Dene tembung taken ( ngoko : takon) kaginakaken dening utawi dhumateng tiyang ingkang kaanggep sami drajatipun. Nuwun.

BASA KRAMA

Gumuruh Bledheg Sayuta :
takon-taken-nyuwun pirsa (kangge awake dhewe), ning yen kangge tiyang sanes takon-taken-mundhut pirsa.
1a. Kula badhe taken.
1b. Kula badhe nyuwun pirsa.
2a. Panjenengan badhe taken menapa?
2b. Panjenengan badhe mundhut pirsa menapa?
Ingkang lepat :
3a. *Bapak badhe nyuwun pirsa menapa?
3b. *Kula badhe mundhut pirsa menapa kepareng?
3c. *Kula badhe tangklet menapa kepareng, Bos?
Tangklet menika subdialek alias krama desa.
Asih Aspalia :  Kula badhe ndherek pirsa. Menika lepat menapa leres Mas Bledheg Sayuta?
Gumuruh Bledheg Sayuta :  Lepat, ingkang leres: Kula badhe ndherek mangertos.
Rat Briyan Atmaka  :  Menawi njobo pripun kromo inggile pak bledhek
Asih Aspalia : Menawi ngaten ukara ten lagu campur sari “Mas Joko” lepat. “Nyuwun sewu mas,kula badhe ndherek pirsa,menapa leres ngriki daleme Mas Joko”
Gumuruh Bledheg Sayuta :  jaba kramanipun jawi, ing jaba=ing jawi, kejaba=kejawi, jawi menika kramanipun jaba. Dene tembung krama inggile jaba boten wonten.
Rat Briyan Atmaka  : Lho jawi niko nopo sanes jowo artosipun
Gumuruh Bledheg Sayuta : Jawi kalebet polisemi, teges 1 jaba, teges 2 jawa. Wonten ing Jawi sampun 3 tahun (Jawi=Jawa); Penjenengan dipuntengga wonten jawi (jawi=jaba). Suraos 1 lan 2 boten wonten gandheng cenengipun ingaranan polisemi, ning menawi tasih sesambetan kalebet homonimi.
Asih Aspalia : Manteb wejanganipun...Mas Bledheg. Sampun dangu mboten sinau unggah-ungguhe basa jawa..
Gumuruh Bledheg Sayuta : matur nuwun mbak asih, niki kula nembe ngrevisi kamus Jawa-Indonesia: krama-ngoko, dados nggih tasih anget menika.
Asih Aspalia : Kangen sinau malih kados rumiyin mas Bledheg. Siswa ingkang ajeg nyemak kula kaliyan Mas Edi Bung..
Gumuruh Bledheg Sayuta : Mas Edi Bung mpun awis-awis mecungul, duka nembe tindakan napa nembe karoban ing pakaryan sanes.
Asih Aspalia : Lha nggih,kratone kok ditinggal prung kados ngaten. Kula minangka patihe dados koncat-kancit niki...
Gumuruh Bledheg Sayuta : Mbak Blakim sapunika dedunung wonten pundi?

t

Senin, 06 Agustus 2012

Ranomi Kromowidjojo , Wong Jawa Juwara Nglangi Olympiade London 2012.


Prawan ayu  iku klakon nggondhol  medhali emas 50 meter gaya bebas  kanthi waktu 24.05 . Ranomi kang lagi umur  21 tahun ini juga menang   ing nomor 100 meter gaya bebas  kang uga mecahake rekor anyar  Olimpiade kanthi wektu  53,05 detik ing London Aquatic Centre,
Ranomi lahir di Groningen, 20 Agustus 1990; putrane bapak  Rudi Kromowidjojo,karo wanita Landa Netty Deemter, .Bapake Ranomi pindhah saka Suriname  menyang Negara Landa sawise Suriname merdika taun 1975.
Ranomi dadi atlit nglangi melu rombongan (team ) Negara Landa. Satemene menange Ranomi iki ora dikira-kira jalaran mungsuh – mungsuhe  Ranomi nalika iku antara liya  juwara Olimpiade  sadurunge Britta Steffen saka Jerman , lan juwara donya Therese Alshammar saka Swedia.  Wong Jawa melu mongkog ing atase prestasi kasebut.
Saupama Ranomi iku manggon ing tanah Jawa apa ya kira-kira bisa dadi juwara ya ?

Minggu, 05 Agustus 2012

Monument Wong Jawa ing Suriname

Monumen tekane wong Jawa ing Suriname kang sepisanan. Gambar kacuplik saka Mas Jakiem Asmowdjojo kang saiki manggon Negara Landa. Gambar iku asil potone mas Dann Kartodikromo.

Jumat, 03 Agustus 2012

UJI KOMPETENSI GURU (UKG).


UKG ngentekake wragad 50 milyar. Wragad kasebut  dijupuk saka APBN 2012. UKG enggal-enggal iki pranyata pelaksanaane ora bisa lancar alias semrawut . Dene asile durung bisa maremake .
Ngendikane Ketua Ikatan Guru Indonesia,  Satria Dharma minggu kapungkur ing  Jakarta.”UKG tetep didhukung jalaran kanggo ningkatake mutu guru, nanging aja nganti  kanggo “ngukum guru ” upamane kanggo ngulur  lan njabel tunjangan profesi pendidik. Ketua Ketua Umum Pengurus Besar Persatuan Guru Republik Indonesia (PGRI) Sulistiyo uga  ngendika yen UKG pancen kudu dilakoni nanging aja digandhengake karo sertifikasi. UKG iki kudu dilakoni kabehe guru kang ana ing Indonesia  supaya data sing diasilake lengkap.
Saperangan guru-guru nggresah jalaran kuranging  kesiapan panitia kang nggelar UKG, sebab nganti dina kang kaping lima ana guru sing  durung ngakses soal-soal ujian UKG online kasebut. Perkarane yaiku  server durung siap  yen dianggo paserta UKG bebarengan, kamangka  yutan cacahe  guru ing saindenging Indonesia. Sosialisasi kang kurang sarta mepete wulan Ramadhan uga dadi sebab ora lancare UKG kasebut. Luwih nemen maneh ana ing dhaerah, jalaran saking angele ngakses soal saengga para guru diparengake mbaleni UKG ing wulan Oktober kang bakal teka.
Kaya ta ing  Salatiga, Riau, Surabaya lan kutha –kutha liyane ngalami pepalang teknis gegayutan karo  koneksi karo  server pusat lan gagalnya login ujian. Mung ing  Jakarta kang ngalami  pepalang  paling sethithik . Nganti ujian rampung ana pirang-pirang sekolahan ora bisa koneksi karo pusat , nanging uga ana sing wis konek 50 menit nanging  pungkasane koneksine  uga ngedrop.
Kepriye asile ? Pranyata , kanggo conto kutha Malang asil biji sauntara mung  50 -60 . Malah ana guru sing bijine sangisore 50. Kamangka standare kudu 70. Sanajan durung dievaluasi kabeh , bijine UKG guru ing Mlang kalebu gagal. Pak Jianto, Kepala Seksi Fungsional dan Kependidikan Dinas Pendidikan Kota Malang ngendika  “Saka guru 20, mung guru 4 sing bisa  netepi standar utawa bijine sadhuwure 70”.
Ana maneh sing digrentahake  para guru kayata kang dialami dening Emanuel Sri Joko, guru Bahasa Inggris SMP swasta di Kota Bekasi, Jawa Barat. Dheweke kepeksa nggarap soal bahasa Inggris kanggo guru SMA.
Saliyane iku ana Guru Bimbingan Konseling (BK) yang melu  ujian ora nemokake soal sing  cocok karo  kompetensine
Biji Rata-Rata Sauntara Uji Kompetensi mung  44,5!
"Ini baru hasil sementara. Percayalah, namanya nilai rata-rata, ada yang di atasnya dan ada juga yang lebih rendah," ngendikane  Menteri Pendidikan dan Kebudayaan Mohammad Nuh ing dalem pernyataan perse, dina Jumat (3/8/2012) sore, ing Gedung Kemdikbud, Jakarta.
Menteri Pendidikan dan Kebudayaan Mohammad Nuh uga ngendika , saliyane biji rata-rata itu, Kemdikbud uga  ana biji kang paling dhuwur ing  pelaksanaan UKG, yaiku  91. Saliyane iku uga ana guru peserta sing bijine 0 (nol), jalaran ora kasil njawab soal  siji-sijia kanthi bener.  “Ana 316 kabupaten/kutha sing bijine sangisoredi  rata-rata," ngendikane
Saka cathetan Kemendikbud, ing wektu  iki cacahe  guru ing  Indonesia luwih saka  2,9 juta. Ana limang provinsi  kang persentase cacahe  guru sing wis oleh sertifikat paling dhuwur i, yaiku Jogjakarta (43,61 persen), Jawa Tengah (35,37 persen), DKI Jakarta (33,58 persen), Jawa Timur (31,91 persen)  lan Sulawesi Lor  (30,85 persen).

Kamis, 02 Agustus 2012

Parikan (4)



Godhong tela takcokleki.
Yen kowe randha takgoleki.

Takcokleki dadi sepuluh.
Takgoleki, takwayuh

Neng kali ana gemake,
 rung dirabi metu anake.

Gedhang magal nggo manisan
ana andha nggo penekan
sidhang gagal ora mung sepisan
dadi randha kok kangelan

Andha siji kok dicolong
Nadyan randha isih mencorong

Landa telu kemulan sarung ...
randa lemu njaluk ditembung ...

Andha pring kanggo menek klapa
 Randha bengkring dipenek lara.

Gemake kuru ora doyan mangan,
anake turu emake njur diajak layangan.

Neng kali ana gemake,
durung dirabi metu anake...


Andha siji kayu glugu
Randha siji direbut wong telu

Kayu gkugu witing klapa
Wong telu iku sapa

Uwit klapa dipangan wangwung,
 lha sapa sing sabendina ngrubung.

Kok kaya tape dirubung laler
Ora digape golek sing pinter.

Tape ketan ragine wangi,
tiwas digawekne parikan cahe durung tangi.

Isih turu ketoke angler
Rupane ayu tibake ngiler

Ketoke angler ra isa ngguyu,
Sanajan ngilier rupane ayu.

Turu ngisor pager,
dasar ayu gek ya pinter...


Parikane Mas Djajus Pete dkk ing pesbuk.

Pengikut

Matur Nuwun ...