Kamis, 19 Februari 2015

TEMBUNG NYANDHANG LAN NANDHANG.



Ing bausastra Poerwadarminta tembung sandhang ateges :
I.(kn) panganggo, disandhang: 1 dianggo, ditrapake ing badane;  2 ditemahi, dilakoni; ditemahi, dilakoni;
disandhangi: ditrapi panganggo, diwenehi panganggo;
sandhangan: 1 panganggo (jarit, lsp); praboting aksara Jawa (wulu, suku, lsp).
II. (kn) : kena luwih saka siji tumrap manah, mbedhil, lsp. (kaca 543).
Tembung “nandhang: nduweni teges :
1 ak (kn) : nyandhang , manganggo; menganggo (sandhangan); 2 nemahi (sangsara, lsp) ;
nandhang dosa (kaluputan) : nglakoni dosa (kaluputan);
nandhang sangsara: nemahi sangsara, (kacocogna karo sandhang).(kaca 337).

Ing bausastra  Jawa Kuna Indonesia L Mardiwarsito tembung sandang ateges :
1 (= sandangan) pinggang.
2 tanggung;
sandang / selempang (jaman dulu menunjukkan pangkat atau kebangsaan keluarga);
sandangwet : berselempang keluarga;
anandang: menyandang,
manandang: menanggung, berpakaian,
manandang brata: menanggung / menyandang tapa (berbuat /melakukan tapa);
sumandang: menanggung, dsb;
sinandang: disandang, dsb; (kiasan : dibawa);
sandangen: supaya disandang / dibawa, dsb.

Miturut bausastra Kawi Jawa CF Winter tembung sandhang ateges : pangangge, sarah, angge;(kaca 221)
nandhang : ngangge, nyanggi;(kaca 62)

Pepuntone :
Tembung nyandhang tinemu  ing basa Jawa Anyar, ing basa Jawa Kuna ora ana, jalaran ater-ater sing kanggo mangun tembung kriya tanduk ing basa Jawa Anyar  yaiku ater-ater anuswara : am (m), an (n), ang (ng), any (ny).
Sanajan tegese tembung nyandhang lan nandhang iku padha utawa meh padha, luwih becik trap-trapane dibedakake kaya ing bausastra Poerwadarminta.
Tembung “nyandhang” ditrapake tumrap penganggo (klambi, lsp) dene tembung “nandhang” ditrapake tumrap saliyane penganggo, tuladha:
  1. Wong kang nandhang dosa lamun wus kineban lawang tobat, ora bakal munggah suwarga.
  2. Anggonku nandhang sangsara wiwit cilik biyen mula, tansah katula-tula katali.
  3. Sang Putri anggone nandhang roga durung antuk tamba.
  4. Wong kang nandhang kaluputan apa ora bisa antuk pangapura ?
  5. Nyandhang nganggo iku kudu dilarasake karo papan lan panggonan.
  6. Kanggo mangan wae ngrekasa, apa maneh nyandhang.
  7. Yen nyandhang cara Jawa kowe kuwi katon pantes tenan.
  8. Wong lanang iku nduweni kuwajiban nyandhangi lan ngingoni.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...