Sabtu, 14 Februari 2015

PANAMBANG NE.



Trap-trapane panambang NE.
1.      Panambang NE yen sumambung ing tembung lingga kang wanda pungkasan awujud wanda sigeg, bares wae, tuladha:
a.       seblak + ne > seblakne.
b.      jupuk + ne > jupukne.
c.       golek + ne > golekne.
d.      gambar + ne > gambarne.
e.       bacut + ne > bacutne.
2.      Panambang NE yen sumambung tembung kang wanda pungkasan awujud wanda sigeg arupa konsonan N, kosonan N mau owah dadi “K”, tuladha:
a.       pakan + ne > pakakne.
b.      dandan + ne > dandakne.
c.       papan + ne > papakne.
d.      paran + ne > parakne
e.       tuntun + ne > tuntukne (tuntunne)
f.       udhun + ne > udhukne (udhunne)
3.      Panambang NE yen sumambung ing wanda menga (vocal), wanda pungkasan kawuwuhan swara AK,  banjur wanda pungkasan mau owah dadi swara miring, tuladha:
a.       waca + ne > wacakne
b.      jaga + ne > jagakne.
c.       ganti + ne > gantekne
d.      bali + ne > balekne.
e.       gawe + ne > gawekne
f.       pepe + ne > pepekne
g.      turu + ne > turokne.
h.      buku + ne > bukokne.
i.        jodho + ne > jodhokne.
j.        paro + ne > parokne.
4.      Panganggone panambang NE ing ukara lumrahe bebarengan karo ater-ater anuswara utawa ater-ater tripurusa (arupa konfik), tuladha:
a.       macakne, dakwacakne, kokwacakne, diwacakne.
b.      nggantekne, dakgantekne, kokgantekne, digantekne.
c.       njodhokne, dakjodhokne, kokjodhokne, dijodhokne.
5.      Bedane panambang E karo panambang NE.
a.       Sumambung ing wanda menga
Panambang E : wacane, tukune, gurune, jodhone, baline.
Panambang NE : wacakne, tukokne, gurokne, jodhokne, balekne.
b.      Sumambung ing wanda sigeg:
Panambang E : tulise, gambare, bacute, jupuke, seblake
Panambang NE: tulisne, gambarne, bacutne, jupukne, seblakne.
6.      Rimbage panambang NE yaiku rimbag tandang ke kriya.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...