Selasa, 26 Oktober 2010

KETHEK LAN WOH SARANGAN


Ana kethek siji, cukat colot – colotan ing suketan, nemu woh sarangan siji isih ana klokopane. Enggal lungguh banjur dikrakoti, murih ilanging klokopane, kenaa dipangan isine kang enak . ananging sarehne untune cilik – cilik, rekasa anggone ngonceki, bareng nandhes ing cangkok, panyakote rada mrengut.
Panunggalane sasuwene ngawasake, nuli anguwuh semu ngerang-erang : “ He, gentho cilik, mangsa bisaa kalakon gawemu, rembugku, uwisana. “
Ananging ciptane kang diuwuh, yen daktemeni murih ilanging klokopan lan cangkoke, iba legine isine.
Pangerang –erange panunggalane mau ora dipaelu, meksa nemen anggone nyakoti. Ora antara suwe pagaweane uwis, netepi pangarep – arepe, sarta andadekake bungahe isine putih lan isih becik , banjur dipangan mesthi legi rasane, awit wus nglakoni kangelane.
Eliding dongeng mangkene : mungguh wong mbudi kawruh iya mangkono uga, wiwitane angel. Nanging yen ditabereni ing pamarsudi, pakolehe agawe kabegjan.


Tegese tembung :
mrengut = ora bening polatane (rada nepsu)
nandhes = nganti jero tumamane, tekan ing dhasar.
ngerang-erang = nacad, maido
panunggalane = tunggale
gentho = bangsat, bajingan.
dipaelu = digatekake, diturut.
uwuh = rereged kayadene godhong
diuwuh-uwuhi = diceluk, diundang kanthi swara seru.
mbudi kawruh = ngudi kawruh, golek ngelmu.
taberi = sregep sarta tlaten.
marsudi = nggegulang supaya bisa, ngudi.

Ing ngisor iki ana dongeng kewan utawa fabel sawetara. Yen kepingin maca kliken ana kene, irah-irahane :
1. ASU LAN MACAN TUTUL
2. SUPATANE MACAN TUTUL
3. ASU LAN KUCING LANANG
4. KUWUK LAN MANUK CANGAK


.

Senin, 25 Oktober 2010

AMEMANGUN KARYENAK TYASING SASAMA

Sanyatane skabehing wong iku tresna marang awake dhewe. Malah saka tresnane, nganti kebacut ora gelem (wegah) ngakoni kaluputane dhewe, suwalike sing disenengi utawa sing diarep-arep mung tekane pangalembana tumrap dhirine.
Wong kang rupak kawruhe :seneng diugung. Nanging ugung lan pangalembana iku ana bedane. Ugung utawa umpak mathuke pancen kanggo wong kang cupet kawruhe, awit pangrasane wong kang ngumpak utawa ngugung mau : nyata-nyata temenan muji dheweke.
Wong kang jembar sesurupane , wis mesthi ora seneng diugung utawa diumpak , ewasamono bareng dialembana dheweke seneng, rumangsa yen nyata pancen wis sapantese dheweke nampa pangalembana mau.
Kita perlu mangerteni bedane ngugung, ngumpak lan ngalembana. Mula saka iku gegaran kanggo sesrawungan kang premati yaiku wewaton “sapa bae seneng nampa pangalem” kaya kang kasebut ing Wedhatama “amemangun karyenak tyasing sasama”, lire agawe enake atine wong liya.
Pepenginane utawa pangarep-arepe wong marang pangalembana utawa pangaji-aji (penghargaan) iku kaya dene wong kang ngorong nalika kepanasan. Mula yen ana wong kang menehi “banyu” dheweke banjur seneng lan gembira banget. Nanging kang luwih bisa seneng lan pamareme wong mau , yen paweweh arupa pangaji-aji mau diwenehake kanthi eklas, jujur, ora mung kanti ethok-ethok bae.
Kita kudu entheng memuji marang kabecikan utawa kaluwihane wong liya, aja wigah-wigih nglairake kabungahan kita marang asile pegaweyane wong liya. Kita kudu bisa ngatonanke rasa-pangrasa melu gembira, melu bungah marang apa kang ndadekake kabungahaning liyan.
Kawuningana, derenge manungsa enggone kepingin antuk pangaji-aji iku , yen ora kaleksanan bisa gawe angles lan putheking pamikire. Yen ora kabeneran, sisib sembire bisa gawe ngengleng , malah-malah sing kebacut bisa owah pikire.
Mula saka iku, penting banget kita meruhi wadine wewatakane siji-sijine wong, murih bisane kita bergaul, bisa mranani atine, bisa gawe legane atine, kang satemah kita dhewe kang bakal nemahi kauntungan , dene banjur sugih mitra lan ora ana kang ngrintangi marang tujuwan kita. Prasasat ora ana kang mungsuhi, nanging kabeh dadi mitra kang samapta mbiyantu.
Dadi wose , kita kudu ngerti dhisik , yen saben wong iku seneng marang pangaji-aji utawa penghargaan . nanging aja nganti kliru marang pangumpak lan pangugung .

Jumat, 22 Oktober 2010

SAPI LANANG LAN SINGABARONG

Ana sapi lanang papat , antara lawas padha ayem mangan nunggal sapangonan, sarta padha rukun nulak upayaning satrune kang luwih rosa, yaiku singabarong kang ngenggoni alas cedhak pangonan mau.
Luwene banget sarta wus lawas anggone ndingkik memangsane kang padha lemu-lemu, ananging saben-saben ngaton nedya nubruk, kanggek dening sapi papat mau isih padha ngumpul, dadi tansah klinteran, ngarep-arep pisahe, awit ora kelar nyembadani sapi papat.
Ananging pangarahe tanpa wekas , mitra papat kang rukun mau tansah angisab-isab marang pangigit - igiting singabarong.
Sarehning kerep kacuwan, meh nedya murungake karepe, ananging ora antara lawas, pangarahe salin salaga, awit sapi papat kang maune tansah rukun, andadekake ing kaslametane , wasana padha crah, amarga dening sulaya remeh, kang ora antara lawas nukulake ewa lan gething, dadi ora gelem kekumpulan maneh, mblayang dhewe-dhewe adoh parane.
Singabarong tumuli weruh yen prakarane wis salin salaga, rumangsa bungah karo ndilati brengose, sapi papat mau genti-genti dimangsa.
Eliding dongeng mangkene : dongeng iki kena dadi wewulang, nuduhake pakolehe wong rukun, sarta gempaling kaslametan kang marga dening ecrah.

Tegese tembung :
satru = 1. arane panganan sing digawe saka glepung kacang ijo 2. Mungsuh
satru munggeng cangklakan = mungsuh sing cedhak (isih sanak sadulur)
satru ati (satru manah) = memungsuhan batin (butarepan, rebutan wong wadon lsp)
satru batin (satru batos) = satru sing ora ketara.
satru bebuyutan = mungsuh sing turun temurun.
satru manengah = sabarang prakara sing nganggo memungsuhan.
memangsan = apa-apa kang dimangsa.
kanggek = kandheg, ora bisa terus.
kelar = 1. kuwawa, kuwat, bisa nindakake 2. rampung
sembada = 1. sarwa kecukupan 2. cocog, patut, pantes 3. rada sugih, kecukupan.
disembadani = 1. disentosani (dicukupi kaperluane) 2. ditanggulangi, dilawan 3. dituruti, dileksanani.
ngisab – isab = ngisin – isinake, mirang-mirangake.
ngigit – igit = muring banget sarta ngincim – incim.
kacuwan = ora keturutan karepe, ora lega.
salin salaga = malik grembyang
sulaya = geseh, ora cocog
mblayang = lunga menyang ngendi-endi.
pakoleh = 1. oleh-olehane 2. ana gunane 3. mapan banget 4. oleh.
crah = 1. rengka, pecah 2. Pasulayan
wekas = 1. wasana, pungkasan 2. weling, welingan.

Yen kepingin maca dongeng kewan utawa fabel ing ngisor iki kliken ana kene kanthi irah-irahan :
1. WONG DESA LAN MANUK ALAP-ALAP
2. KANCIL LAN BULUS.
3. ULA BADHUDHAK LAN LANDHAK.
4. MENJANGAN KANG NGILO ING BANYU.
.

MANJING AJUR-AJER


Tembung ajur ajer iku mono tegese kang sanyatane : bisa nandukake patrap agal lan alus, kang laras karo kang disrawungi. Kang diarani wong kang bisa manjing ajur-ajer, lire wong kang pinter anggone sesrawungan bisa campur karo golongan rupa-rupa, bisa kekumpulan karo kaum krama , nanging iya ora kidhung yen nuju ana ing pasamuwan para golongan dhedhuwuran. Bisa lelawanan rembug karo kaum tuwa utawa golongan pinisepuh, nanging iya ora kaku yen nuju sesrawungan karo golongan nom-noman utawa kaum liyane kang wis dudu sababage.
Bisa manjing ajur-ajer tujuwane bisaa dadi wong kang sugih mitra, kang disenengi wong liyan, kang bisa gawe resepe atine sapa bae satemah kita dhewe bakal luwih seneng urip kita lan luwih gampang anggone golek kemajuwan.
Sesrawungan utawa pergaulan ing jaman saiki, wis ora misah-misahake antarane kaum wanita lan kaum priya. Mula saka iku , wajib kita kaum wanita lan kaum priya padha mangerti kepriye cara-carane bergaul manut sopan – santun, lan mangerti uga sepira gedhening paedahe sesrawungan kang ora ngliwati watesing kasusilan.
Saiba enak kepenaking rasane ati kita, yen ana ing sajroning pasrawungan kita bisa nglarasake marang swasana ing kono. Yen nuju bergaul karo wong tuwa, bisa nanggapi rembuge, bisa ngempakake lan ngerti marang unggah-ungguh. Saiba sreg lan enake rasa pangrasa kita, yen sajroning pergaulan, kita oleh panganggep saka wong akeh, yen kita bisa manjing ajur – ajer, bisa gawe resep marang sok uwonga, bisa nyenengake wong kang lelawanan rembug utawa lelawanan pegaweyan karo kita.
Ing jaman kuna, para leluhur kita wis ndarbeni ngelmu bisane wong manjing ajur – ajer . Saiki kita ngudi bisane ndarbeni pakulinan lan patrap ajur-ajer, ora nedya dianggo nindakake pakaryan kang sasar, nanging saperlu kanggo pawitan anggayuh kemajuwan.
Manjing ajur – ajer minangka tuntunan bisaa kanggo sanguning urip kita ngambah laladan kabegjan, kang bisa aweh paedah tumrap dhiri kita lan uga tumrap bebrayan.

Tegese tembung :
manjing = 1. kw. mlebu, lumebu 2. wis mlebu (ora kena dicopot, diilangi) , rumasuk 3.wis klebu dadi ..... 4. ngrasuk ing (agama)
ajur = 1. remuk 2. luluh ajer (ana ing barang cuwer) 3. rusak babar pisan
agal = 1. ora lembut 2. kasar, wadhag.
kaum krama = wong cilik, buruh.
pasamuwan = 1. paklumpukaning wong-wong sawetara 2. pista mangan enak 3. kumpulan sarasehan 4. gegolonganing wong-wong tunggal agama (protestan)
sababage = sabarakane, tandhing (mungguhing gedhene, umur-umurane.)
satemah = wekasane tundhone.
iba = mendah
resep = 1. njalari seneng (kepenak) marang pandeleng (pangrungu) 2. suker, nggarap banyu
rumesep = mlebu ambles tumrap barang cuwer.
darbe = duwe
pawitan = dhuwit kang dianakake (dianggo bebakulan lsp)
laladan = tlatah, wewengkon.

Kamis, 21 Oktober 2010

DPR SINAU TATA KRAMA MENYANG YUNANI

Kabar sing paling anyar sing digiyarake ing TV , anggota DPR arep mlancong menyang njaban rangkah arep sinau tata krama. Ora baen-baen negara sing bakal ditekani anggota DPR mau, ora mung negara tangga teparone Indonesia bae nanging menyang Yunani, salah sawijining Negara Eropah sing arang-arang kocap. Aneh ning nyata.

Kanthi anane kabar sing kaya mengkono banjur tuwuh pitakonan : Apa anggota DPR saiki wis ora nduweni tata krama ?

Tata krama, basa Indonesiane sopan santun utawa etika sing dijupuk saka basa Inggris ethic. Apa ta sing diarani tata krama iku ? Tata krama iku tegese yaiku patrap utawa pratingkah kang becik pangetrape.

Wiwit jaman jamajuja, wiwit jaman kuna-kuna bangsa kita kondhang nduweni tata krama sing alus. Ngomong-sangomong, tindak satindak diarah-arah supaya aja nganti nglarani atine liyan. Bangsa kita iku bangsa sing alus bebudene, sanajanta suwargi dokter Soetomo ing bukune Puspita Rinonce ngendika, bangsa kita isih kalah alus tinimbang bangsa Jepang. Iku wis dingendikake nalika taun 1937.


Miturut rakyatmerdeka.co.id , alesane menyang Yunani, Nudirman Munir kandha :

"Disitu (Yunani) kan tempat lahir filsuf-filsuf terkenal seperti Plato, Aristoteles dan Socrates,"

Apa tidak bisa lewat internet saja?

"Boleh saja kalau di internet ada (hal detil etika di Yunani). Sekarang saya tanya ada tidak di internet. Itu tak bisa lewat internet. Sudah kita cari tidak ada di intenet yang menjelaskan tentang etika.Yang namanya etika itu kan tiap negara beda."


Tujuwane tata krama yaiku : memayu ayuning pasrawungan. Apa sing dikarepake ?

1. Mbeciki pasrawungane antarane sapepadhane anggota DPR, kayata : kepriye tata carane sidang, tata carane takon lan njawab pitakonan, tata carane ngajokake pikirane. Kanthi dhasar pikiran sing wening, lan ati sing becik. Lan sing perlu kanggo kepentingane rakyat. Lamun anggota DPR mung mburu kebutuhane dhewe-dhewe utawa golongane wis mesthi bae tetep bakal congkrah ing antarane anggota DPR. Mesthine aturan-aturan kang kaya kaebut ing dhuwur iku rak ya wis diatur wiwit biyen. Apa isih kurang ?

2. Mbeciki srawunge anggota DPR marang rakyat. Kamangka rakyat ing dina iki isih akeh sing uripe isih Senen Kemis, apa sing kaya mangkono ora natoni atine rakyat ? Yen atine rakyat wis ketaton, ya aja nyalahake rakyat yen rakyat ora seneng marang anggota DPR.


Apa pancene anggota DPR menyang Yunani arep sinau filsafat ? Yen pancen ngono mbok ya tuku bae buku-buku filsafat sing di pajang ing toko-toko buku.


Mula rasanane tanggaku neng warung kopi pinggir dalan : DPR lagi ndhagel.

Minggu, 17 Oktober 2010

WONG JAWA ENGGONE SEMU

Manut kapustakan Jawa, jare wong Jawa iku enggoning semu. Tegese enggone semu : gampang ngertine marang pasemoning liyan, sanadyan ta ora dikandhani utawa dipituturi apa kang lagi dikandhut ing atine (karepe) liyan, wis bisa ngerteni. Bisa krasa.

Upamane, nalika kita mara dhayoh marang tepungan kita, tanpa kabar luwih dhisik. Nalika kita teka ing omahe kono, wong kang duwe omah nuju dandan apik. Iku, kita kudu wis mangerteni yen kang duwe omah mau arep lunga, embuh menyang endi. Yen mangkono si dhayoh banjur kudu duwe rasa pangrasa dhewe, yen ora kena ngganggu kamardikane sing duwe omah mau. Yaiku kita kudu kaniyatan kita maradhayoh utawa sanajan lungguh, iya mung saperlune bae. Kaya mangkono tuladhane wong ngerti ing semu.

Weruh wong ulate padhang , bisa ngerti yen wongmau nuju nemahi kabungahan. Kepethuk wong lagi suntrut, ngerti yen lagi nandhang susah, dadi iya aja diajak sesembranan.

Apa pangalembana “Jawa enggone semu” iku nganti saiki tumindak kanthi becik?

Terus terang bae, yen kita wani mawas dhiri, saiki ora angger wong kena diparabi mengkono mau. Tandha yektine, ing masyarakat saiki ora kurang-kurang pangresulane wong-wong kang bekah-bekuh dene ketanggor wong kang ora weruh ing panarima, kang mblubud, kang ngapusi, kang rai gedheg, kang slura-sluru, lan sapanunggalane.

Sawijining ibu mentas bae menehi pitulungan derma marang nom-noman kang jare perlu banget kanggo kabutuhaning uripe. Bareng wis dipitulungi, ndadak nom-noman mau ora nganggo kandha “terima kasih” ora barang.

Pengalaman nalika lelungan menyang Jakarta numpak sepur, ana sawijining setasiun ana penumpang anyar, yaiku wong wadon kang nggendhong anake isih bayi ora oleh papan lungguh , marga nalika samono penumpange pancen kebak banget. Hawane panas, si bayi mau nangis, marga saka kepepet lan saka suk-sukan.

Ing sandhinge ibu kang nggendhong bayi mau, ana priya papat kang lungguh ing bangku. Saka pangirane mengko rak salah siji saka wong papat mau bakal gelem menehi papan lungguh marang wanita mau, supaya anake ora rewel, tur iya pantes banget ngiras ngajeni wanita. Nanging kabeh priya mau mung kandheg mangerti thok bae, ora tumindak tetulung.

Ing wulang tata-krama kang becik, sabisa-bisa kita nulung marang wong kang kasusahan, kang ringkih lan kang mbutuhake pitulungan. Nanging prakteke ing saiki : arang kang tinemu kang mangkono mau.

Mula saka iku, yen pancen kita nyata kita enggone semu, becike semune wong liya mau ora mung dingerteni bae, nanging ditanggapi, murih bisa laras karo lakuning kasusilan. Gek apa perlune kita ngerti marang semu, nanging ora nuduhake kawigaten kita? Apa paedahe ngerti marang rasaning atine liyan, nanging mung meneng lan nonton bae, ora aweh pitulungan, apese nuduhake perhatian?

Padha miwitana nindakake apa kang kacetha becik, lan kang laras marang tata krama kita. Supaya sebutan “Wong Jawa enggone semu” mau ora mung kandheg ana ing tetembungan bae, ora mung kandheg ana ing umpak-umpakan bae, nanging tumindak, ana ing praktek, maedahi marang bebrayan.

Kajaba iku iya banjur bisa ngangkat drajading kasusilaning bangsa.

Dipethik saka : Tata Krama, Imam Supardi, 1953.

.

Kamis, 14 Oktober 2010

TATA KRAMANE BOCAH MARANG GURU


Ana ing pamulangan, bocah-bocah saliyane diwulang kawruh liya-liya, becike iya diperdi bab tata krama . Upamane nalika teka mlebu sekolah ngadhep gurune , dilelatih matur : “Sugeng enjing, wilujeng enjing, sugeng sonten” lan sapanunggalane, apese iya manthuk tandha aweh hurmat.
Nalika kasep mlebu kelas, kamangka wulangan wis lumaku kudu matur:”Nyuwun pangapunten, kula kasep jalaran jawah “.upamane. Ora kena mbludhus bae mlebu kelas terus lungguh bangkune.
Nalikane nuju arep metu saka kelas marga arep menyang pakiwan, uapamane , ora kena ndadak metu mbludhus bae, nanging matur gurune dhisik: “Bu Guru, keparenga kula badhe dhateng wingking.”
Yen sesuke arep ora mlebu, iya pamit. Dene yen ana keperluan dadakan nganti ora kober nyuwun pamit luwih dhidik, ing dina sesuke nalika mlebu maneh, enggal matur apa sebabe dene wingi ora mlebu.
Ana guru kang nggresah, jare saiki iki, bocah-bocah angel wulang-wulangane bab tata krama. Kudune mung arep mbantah bae, awit kira-kira bae padha nduweni panemu yen tata krama iku kudu dibuwang marga tinggalane kaum feodal.
Ana uga kang ngira, yen tindak tanduk kang sarwa alus iku dianggep tindake wong kang jirih. Kosok baline, tindak tanduk kang kasar dianggep patrape wong kang kendel.
Bocah-bocah kang susila, ora ateges bocah kang jirih lan ora nduweni greget maju, nanging bocah kang bisa aweh pakurmatan marang sapa bae kang pantes dihurmati. Wedi sabarang tindak kang klebu larangan lan kang mitunani wong liya. Wani ngakoni kaluputane dhewe, nanging iya wani ngandhemi bebener lan tekade kang wis dadi keyakinane.
Murid kang sopan lan ngerti marang tata krama iku :
1. Yen kepapag gurune ana ing dalan, ora bakal mlayu ngenthar, nyingkiri. Balik malah sareh mapagake sarta asung kurmat kanthi manthuk.
2. Yen ketemu gurune ana ing toko utawa panggonan liya, ora ndadak ndhelik amping-ampingan wong liya, nanging panggah tenang kaya ora ana sapa-sapa. Yen gurune mriksani , malah banjur asung kurmat.
3. Yen ana sajrone kelas, arep nyuwun pirsa wulangan, ora ndadak enggone ngaturi sarana suwat-suwit utawa tangane ngetheki kaya yen ngundang pitik kae. Nanging sarana ngacungake tangane sarta matur :” kepareng nyuwun pirsa”.
Bocah-bocah iku ing tembe kang dadi kekembanganing bangsa. Iya nom-noman kang saiki iki kang bakal gumanti para sepuh enggone mbanjurake dadi panuntune bangsa. Mula saka iku , bocah-bocah kudu nduweni rasa-pangrasa marang ajining dhiri, ajining bangsa, kudu nggegulang tata-krama kang laras karo jamane.
Aja gampang kelud marang adat pakulinan manca (luar negeri) kang ora mesthi mathuk marang tata cara kabangsan kita.
Bocah-bocah kita becike padha nduweni semboyan :” Putraning bangsa kudu ngerti tata krama”.
Aja dumeh wis dadi wong gedhe mardika banjur ora gelem nindakake suba sita lan unggah – ungguh marang wong tuwa lan gurune.
Aja dumeh pemudha wis nate labuh bangsa, banjur ora perlu ngurmati sapadha-padha.
Aja dumeh wis rumangsa pinter banjur rumangsa kudu diajeni, nanging lumuh ngajeni.
Aja dumeh duwe pangkat dhuwur , banjur lali marang kamardikaning liyan lan ora ngurmati wewenanging liyan.
Lire : Para murid, kajaba sregep ngundhakake kawruh,. supaya pinter ing bab wulangan, wasis ing bab kagunan , uga wajib ngerti marang tata-krama. Srawunge bocah-bocah kudu cedhak karo gurune nanging aja ninggalake tata krama lan suba sita. Ora kena matur marang gurune mung nganggo basa ngoko bae, kaya caturan karo kancane dhewe.

Disadhur saka : Tata Krama, Imam Supardi, 1953.
.

Rabu, 13 Oktober 2010

TATA KRAMANE BOCAH MARANG WONG TUWA.


Bangsa kang wis padha dhuwur kabudayane, ora mung wong-wonge kang wus diwasa bae kang padha ngenggoni tata krama, dalah bocah-bocahe iya padha ngerti marang subasita.
Bocah-bocah ing omah lan ing pamulangan kudu diperdi marang tata krama , supaya ing tembene ora kidhung (kaku) lan bisa ngerti marang sopan santun.
Bapa biyung iya kudu merdi supaya wewatakan lan budine bocah dadi luhur, marga alusing tata kramane. Saranane ora liya , wong tuwa kudu menehi tuladha sarana pakarti , yaiku nglakoni dhewe, kejabane iku kudu tansah tlaten menehi wulangan lesan.
Nalikane bebarengan mangan karo wong tuwa , bocah-bocah dituladhani kepriye carane mangan kang mawa tata krama. Nalikane bocah-bocah dolanan karo kanca-kancane, nalikane diajak maradhayoh, kudu tansah diperdi murih ngerti marang tata krama kang becik.
Upamane nalikane diwenehi apa-apa dening wong tuwane kudu diwulangi aweh panarima, klawan matur : “Matur sembah nuwun” apa “ terima kasih”. Luwih-luwih yen kang menehi iku mau wong liya, si bocah aja nganti lali nelakake atur panuwune.
Yen pamit mulih , bocah iya diwulangi carane wong pamitan.
Tata krama, kang ditindakake wong tuwa ing sadina-dina becik diwulangake marang bocah-bocah baka sethithik, supaya bisa kulina, satemah ing besuke banjur manjing dadi pakulinane dhewe.
Yen bocah arep mangkat sekolah, becike diwajibake pamit :
“Bu, kula badhe bidhal”
“Mbah, keng wayah nyuwun pamit mangkat sekolah “
Samono uga sawise mulih, becike iya kudu matur, apese ngetok marang wong tuwa.
Mangkono yen lelungan menyang pasar utawa dolan menyang omahe kancane , kudu dikulinakake pamit dhisik, supaya ngerti marang pranatan, sarta iya ora bakal gawe bingunge sing ana ngomah.
Bocah-bocah kudu dingertekake nganti manjing dadai pakulinane, yen :
1. Wong memisuh iku ala, ora patut ditindakake dening bocah-bocah kang sopan.
2. Wong menganggo ora dibenikake iku kurang apik, ora patut tumrape bocah-bocah kang ngerti tata krama.
3. Bocah adus tanpa patelesan bebarengan karo wong akeh, karo wong akeh iku saru, ora pantes ditindakake dening bocah-bocah sekolahan.
4. Wong mbebuwang ing papan kang katon dideleng wong liya iku ora sopan, ora pantes ditindakake dening bocah kang susila.
5. Wong kang gawe geger ing pasamuwan utawa tontonan iku klebu ora apik, ora pantes ditindakake bocah-bocah pengajaran.

Disadhur saka : Tata Krama, Imam Supardi, 1953.
.

Selasa, 12 Oktober 2010

SAPA KANG WAJIB KITA AJENI ?

Pitutur bab tata krama deneng para luhur mung diparingake sarana lesan sarta tetuladhan sadina – dina turun –tumurun . Para putra wayahe ora ana sing nyatheti ngenti dadi kepek, mung sakehing pitutur lan larangan dicathet ing sajroning ati, sarta banjur diturunake marang putra wayahe dhewe-dhewe. Kaya mangkono run – tumurun ing kalangane bangsa kita.
Mung bae sapa kang wajib kita sembah (hurmati) wis pathokane kang tinulis , kasebut ing buku “Wulangreh” karangane Ingkang Sinuhun Paku Buwana IV tembange Maskumambang, mangkene:
Ana uga etang-etangane kaki, lelima sinembah sawiji-wiji, sembah lelima punika.
Ingkang dhingin rama ibu kaping kalih, marang mara tuwa, lanang wadon kang kaping tri , ya marang sedulur tuwa.
Kaping marang guru sayekti, sembah kaping lima, marang ing gustinireki, parincine kawruhana.
Dadi manut para sepuh biyen , kang wajib kita hurmati, ana lima , yaiku :
1. Wong tuwa lanang lan wong tuwa wadon
2. Mara tuwa sakarone.
3. Sadulur-sadulur tuwa.
4. Guru
5. Panggedhe.
Wis mesthi bae, pak-lik, bulik, pak dhe, budhe (uwa) eyang, buyut, sapiturute kalebu golongan wong tuwa mau, dene mitra tetepungan kang umure luwih tuwa iya patut kita ajeni, kayadene marang sedulur tuwa.
Bapa biyung rama ibu wajib kita hurmati, marga iku kang minangka lantarane lair ing alam donya. Gusti Allah enggone nitahake manungsa lumantar bapa biyung, apa dene rak ya wong tuwa kita mau kang mrihatinake nalikane si anak isih ana kandhutan, kang ngupakara si anak wiwit, lair tumekane diwasa.
Guru – kalebu guru agama – perlu dihurmati marga kang dadi lantaran kita golek kawruh lan ngangsu ngelmu, minangka gegaman kanggo nyambut gawe golek pangupajiwa lan dedalan sanguning pati.
Kasebut ing Wulangreh, kang wajib sinembah kang nomer lima, iku : gusti. Karepe ratu lan para panggedhe liyane. Awit nalika jaman samana, dhapukane paprentahan isih sacara krajan. Balik saiki : ora . ing jaman demokrasi wis ora ngarepi tatanan paprentahan krajan, wis mesthi bae dudu ratu kang dikarepake , nanging panggedhe kang ngasta pusaraning praja, kang ngreksa kawibawaning nagara.
Panindake tata krama ing jaman saiki wis mesthi karo jaman krajan. Ing jaman saiki wis ora perlu laku dhodhok, sembah jongkok , utawa nglesod nalika ngadhep marang panggedhe. Tata krama perlu dilarasake karo ajuning jaman .
Wanita sing kodrate luwih ringkih katimbang priya perlu entuk pakurmatan. Kepriye carane ngurmati wanita ? Ing antarane : tumrap sabarang kang nyenengake wanita didhisikake, nanging tumrap sabarang kang makewuhi wanita dikerekake, contone :
Ing pasamuwan, wanita diacarani lan dilenggahake dhisik
Nalika antri karcis kudu sing priya sing melu antri, aja nganti sing wanita antri karcis dene sing priya mung nunggu bae.
Nalika blanja, ora pantes yen sing putri nggegawa nganti mbentoyot dene sing kakung mung nglenthung bae.
Nanging ing jaman demokrasi , iya aran luput yen wong-wong banjur ora ngarepi tata krama. Mung nedya tumindak sakarepe dhewe, tanpa suba sita lan tanpa ngelingi unggah-ungguh lan tata susila.
Bangsa ngendi bae, tansah ngupakara murih tata krama bisane laras karo kahananing jaman, awit padha mangerti yen tata krama iku busananing bangsa.

Senin, 11 Oktober 2010

SERAT WICARA KERAS


Miturut katranganipun Prof. Dr. R.M.Ng. Poerbatjaraka wonten ing Kapustakan Jawi ingkang nganggit Serat Wicara Keras punika Kyahi Yasadipura II. Kamangka wonten serat ingkang kula aturaken punika ing samakipun cetha kaserat :karanganipun Mas Ngabehi Sastra Wikrama (Yasadipura III) nanging taksih kasimpen , dereng sumebar, wekdal Mas Ngabehi Sastra Wikrama tilar donya saweg kagiyaraken. Wonten ing Buku Kapustakan Jawi boten wonten katrangan ngengingi Kyahi Yasadipura III punika sinten.
Katrangan ing ngandhapipun "saking kapareng Dalem Ingkang Sinuhun Kang Jeng Susuhunan Ingkang Kaping IV ing Surakarta.
Ingkang kadhawuhan macak Ngabehi Sastra Wiguna."

Buku punika kababar dening Tan Koen Swie ing Kediri taun 1926, kaecap dening pangecapan De Bliksem Solo.

Isinipun buku punika kedadosan saking 8 (wolung) pupuh inggih punika :
1. Sinom kedadosan saking 26 pada.
2. Dhandhanggula kedadosan saking 27 pada.
3. Gambuh kedadosan saking 25 pada.
4. Kinanthi kedadosan saking 23 pada.
5. Megatruh kedadosan saking 29 pada.
6. Sinom kedadosan saking 30 pada.
7. Pangkur kedadosan saking 22 pada.
8. Dhandhanggula kedadosan saking 42 pada.
Menggah isinipun sami kaliyan ingkang dipun ngendikakaken Prof. Dr. R.M.Ng. Poerbatjaraka bilih sampun kacetha ing namaning serat punika “Wicara Keras = catur kenceng ingkang nedahaken bilih kyainipun duka uninga dhateng kawontenanipun negari Surakarta ingkang pating blangkreh.
Miturut panjenenganipun Prof. Dr. R.M.Poerbatjaraka bilih buku punika sampun kacithak mawi nama ONDHE-ONDHE PATIH. Pancen wonten pupuh Dhandhanggula pada kapisan wonten ukara “Iku ondhe-ondhening pepatih ....” salajengipun. Tembung ondhe-ondhe sanesipun ateges tetedhan ugi ateges pepindhan, upama utawi kaya.

Menawi penjenengan ngersakaken maos ngantos tamat kula aturi klik wonten ngriki .

Jumat, 08 Oktober 2010

PATRAP UTAWA TINDAK TANDUK KANG SOPAN


Patrap utawa carane wong enggone ngadeg, lungguh, caturan (guneman), mlaku bisa dadi titikan , kepriye mungguh jiwa lan pribadine wong mau.
Yen wong kesinungan jiwa luhur lan kapercayan diri pribadi , sikepe anggone ngadeg, lungguh, caturan,mlaku lan liya-liyane, mesthi beda karo sikepe wong clingus, kang ora nduweni kapercayan , lan kang kurang kaprawirane.
Dhek biyen, yen kita caturan (matur) karo wong kang kita kurmati, swara kudu lirih, nganti meh ora keprungu. Awit manut panganggep nalika samana, wong matur sarana swara kang saya lirih, dianggep saya sopan, saya netepi tata-krama.
Nanging saiki, ngadeg jejeg lan matur (caturan) sarana swara terang, cetha trawaca, tatag titis gampang dipirengake, iku dudu patrap kang kasar. Malah nuwuhake rasa simpati lan bisa ngunggar disiplin ing sajroning sanubari kita dhewe.
Kang dikarepake sikep kang tegak, jejeg, ing kene ora kok patrap kang njekengkeng kaku kaya reca, nanging sok dikantheni solah bawa kang ngresepake.
Badan kang jejeg mratandhani dununge jiwa lan pribadi kang santosa.
Yen panjenengan nuju lenggah ing pasamuwan utawa ana ing kantor, mangka ana wong kang teka marani ngethungake salam, panjenengan kudu menyat ngadeg saka kursi: nampani salame wong mau.
Yen nuju nonton wayang wong, bioskup utawa tontonan liyane, aja cecaturan seru-seru kang nganti ngganggu kasenengane liyan. Elinga yen wong-wong liya kang padha nonton iku padha ngematake apa kang dideleng lan kang dirungokake.
Yen nalika lungguh ing kursi kang jejer-jejer, mangka ana wong mentas teka liwat, panjenengan aja kabotan menehi dalan sarana narik mundur sikil panjenengan. Suwalike , yen panjenengan dhewe kang liwat, ngliwati sangarepe wong-wong kang wis lungguh dhisik, olehe mlaku kudu ngarah-arah aja nganti ngidak sikil, apadene ora ana alane karo kandha :”nuwun sewu”.
Sadurunge lungguh, becike ditliti temenan dhisik, apa kursi kang arep dilungguhi iku pancen nyata dadi hake. Supaya aja nganti kleru. Awit yen nganti kleru, dudu hake dilungguhi, mengko yen dipindhah, mundhak ngisin-isini.
Nonton tontonan sarana bengok-bengok utawa suwit-suwit, klebu pratingkah kang ora sopan.
Lungguh ing restoran, ora kena migatekake banget-banget (mandeng, ndeleng suwe) marang wong-wong liyane kang ana kono.
Lungguh ing gerbong, tram, kudu ngelingi kabutuhane penumpang liyane. Dadi panggonan lungguh kanggo wong loro aja diijeni utawa dienggo ndokok barang.
Wong kang sedhela-sedhela menyat saka papane lungguh ing papan umum, wira-wiri, sedhela-sedhela tolah-toleh ngiwa nengen utawa memburi, bisa gawe ora senenge atine liyan.
Mula saka iku, ing ngendi bae, kita kudu njaga sikep lan tindak-tanduk kita, supaya aja nganti gawe seriking liyan, aja ngganggu kasenengan utawa kamardikaning liyan.
Kudu tepa selira.

Kamis, 07 Oktober 2010

ADIGANG, ADIGUNG, ADIGUNA

SERAT WULANGREH
Anggitan : Ingkang Sinuwun Sri Pakubuwana IV
Gambuh.

Candhake ...

12.
Yen wong anom puniku,
kakehan panggunggung dadi kumprung,
pengung bingung wekasane pan angoling,
yen den gunggung muncu-muncu,
kaya wudun meh mecothot.

(Yen wong anom iku yen kakehan panggunggung malah dadi bodho bisa-bisa owah pikire. Yen dialem banjur methentheng kaya wudun arep njebrot)

Tegese tembung :
nggunggung = ngalem sing keladuk, ngompak, ngonggrong.
kumprung = bodho banget.
pengung = 1. (kw) suwung, kothong 2. bodho banget.
angoling = jempalikan, owah pikire.


13.
Ing wong kang padha nggunggung,
pan sepele iku pamrihipun,
mung warege wadhuk kalimising lathi,
lan telesing gondhangipun,
reruba alaning uwong.

(Wong sing padha nggunggung pamrihe mung wareg wetenge lan telese gondhange, kanthi ngala-ala marang liyan)

Tegese tembung :
gondhang = telak, gorokan.
keyong gondhang = keyong gedhe
pitik gondhang = babon ulese kuning rada klawu.
gondhang-gandhung = pit
gondhang kasih = anak loro siji kuning sijine ireng
reruba = 1. paweweh kanggo golek pamrih 2. besel.


14.
Amrih pareka iku,
yen wus kanggep nuli gawe umuk,
pan wong akeh sayektine padha wedi,
tan wurung tampa pisungsung,
adol sanggup sakehing wong.

(supaya cedhak , yen wis dipercaya banjur umuk yen wong akeh satemene padha wedi, banjur adol sanggup marang sakehing wong)

Tegese tembung :
pan = 1. jer 2. rak 3. ananging.
adol sanggup = nyanggupi


15.
Yen wong mangkono iku,
Nora pantes cedhak mring agung,
Nora wurung nuntun mring panggawe juti,
Nanging ana pantesipun,
Wong mangkono didhedheplok.

(Wong mangkono ora pantes cedhak karo wong agung, jalaran tan wurunga mesthi ajak-ajak marang panggawe ala. Wong kaya mangkono iku pantese didheplok)

Tegese tembung :
juti = ala, piala


16.
Aja kakehan sanggup,
Durung weruh tuture angupruk,
Tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
Pangrasane keh wong nggunggung,
Kang wus weruh amalengos.

(Aja kakehan sanggup, during weruh bae omongane wis ngethuprus. Omong jarene kaya-kaya wis ngerti dhewe. Rumangsane akeh wong ngalem, nanging sing wis weruh sejatine banjur mlengos)

Tegese tembung :
angupruk = ngethupruk
nempil = 1. tuku sathithik 2. melu nunut.


17.
Aja nganggo sireku,
Kalakuan kang mangkono iku,
Datan wurung tinitenan den cireni,
Mring pawong sanak sadulur,
Nora nana kang pitados.

(Kowe aja nganggo kalakuwan sing kaya mangkono, ora wurung dicireni marang sanak sadulur, wusanane ora ana sing percaya).


Tegese tembung :
Datan = tan, ora
Pawong = wong
Pitados = pitaya, percaya.

Rabu, 06 Oktober 2010

MANUK GAGAK NGANGGO ELARING MERAK.


Ana manuk gagak, bodho nanging ambeg semangkeyan. Ing sawijining dina manganggo semuwa, dene kang dianggo , bodholane elaring merak, olehe nemu. Mungguh ambeg sumangkeyan iku terkadhang bisa mbawurake pandeleng. Gagak mau banjur malendhungake gulune, isin kekumpulan karo panunggalane kang padha ireng, nggoleki merak kang bagus ing rupa. Ananging luput pangarep-arepe , awit sakehing merak anampik. Bebodholan elar kang dianggo mau banjur padha didhedheli , sarta kang nganggo ditundhung tumuli. Bareng wus didhedheli tuwin dierang-erang , anuli ngungsi ing panunggalane, kang maune cinela-cela. Ananging padha nyingkang-nyingkang , calathune : “Lungaa kowe, kang ambeg sumangkeyan , lungaa, ora patut merak nunggal gagak. Sakehing gagak iku bangsa linuwih asor,. Sarehning disingkang-singkang kanthi pangundhat-undhat , sarta panunggalane ora ana kang melasi, banjur misah karo kang akeh-akeh, wasana mati ngenes.
Liding dongeng mangkene : “ Wong kang gelem kekumpulan karo para gedhe, amarga kalimput ing raja brana lan kamulyan, iku awekasan asring disawiyah wiyah dening para gedhe mau sarta ora diajeni ing pepadhane.

Tegese tembung :
ambeg = nduweni watak
semangkeyan = umuk, ngunggul-unggulake kaluhurane (kaluwihane), sombong.
semuwa = ngengreng, kton sarwa becik
disamuwakake = diramekake.
pasamuwan = karamean ing pista.
ditundhung = dikon lunga
tumuli = nuli, banjur
tuwin = sarta, lan
dierang-erang = dicacad, dipaido.
ngungsi = lunga nyingkiri bebaya, banjir lsp.
cinela-cela = dicacad, diceda, diwada.
nyingkang-nyingkang = disiya-siya, ditundhung-tundhung
pangundhat-undhat = diundhamana kaluputane kang uwis.
mati ngenes = mati krana susah atine.
kalimput = kaling-kalingan, katutup ing
raja brana = donya arupa mas, picis, inten, barleyan, mutyara
disawiyah = disiya-siya, disepelekake banget.

Ing ngisor iki ana dongeng kewan utawa fabel sawetara, kanthi irah-irahan :

1. KANCIL KANG PADHA MIRIS.
2. ASU AJAG LAN SINGABARONG.
3. WONG LARA.
4. MENJANGAN, JARAN LAN UWONG.
5. KUWUK BUNTUNG BUNTUTE.

Yen kepingin maca, kliken ana kene !

Dipethik saka : Layang Dongeng Sato Kewan, Dr CF Winter
.

Selasa, 05 Oktober 2010

TATA KRAMA , ING NGENDI DITINDAKAKE ?


Tata krama iku ora mung katindakake yen pinuju lelawanan (srawungan) karo wong liya bae, nadyan ing omahe dhewe iya perlu katindakake. Ana ing omahe dhewe kita kudu nindakake tata lan tertib, perlune kanggo tepa tuladha marang anak-anak kita lan kulawarga saisine omah.
Wong kang sopan, yen nuju numpak sepur, ora bakal lungguh jigang utawa ndheseg papan lungguh hake wong liya, dienggo ndokok barang gegawanane . Yen ana kantor, perlu memburi (turas) utawa menyang kamar mandi, sawise bar keperluwane , iya banjur gelem nyiram (ngresiki) kaya yen nalikane mlebu ing kamar mandi utawa jambane dhewe.
Mengkono sikepe wong kang ngerti tata krama. Jiwane ora bakal ngideni nindakake patrap kang nyulayani marang budi luhure.
Aja dumeh sepur iku dudu duweke dhewe, olehe nganggo banjur sakepenake bae.

Aja dumeh kakus umum iku duweke kota praja lan kanggo keperluwane wong akeh , olehe nganggo banjur ora mikir marang kebersihane.
Aja dumeh meja kang dienggo nulis iku duweke kantor , olehe nganggo ora nate diresiki.
Aja dumeh nginep ing hotel lan wis rumangsa nyewa, olehe mbebuwang tegesan rokok ora didokok ing wadha awu, olehe idu sa-enggon-enggone.
Bab idu, yen ora perlu-perlu banget, aja idu. Yen ta kepeksa upamane amarga mambu ganda kang bacin, lagi katindakake. Samono mau kudu nyisih papan kang kiwa utawa migunakake kacu kanggo nutupi tutuk.
Ing ngendi bae, wayah apa bae, kita kudu nduwe pendhirian : tindak satindak , rembug sarembug kudu dijaga tata kramane. Aja duwe panemu yen tata krama mau kanggo sapa, ana pituwase apa ora, ana sing nliti apa ora, nanging duwea pendhirian yen : tata krama iku pirantine prikamanungsan.
Wewatone : aja gawe seriking liyan, aja ngganggu kasenenganing lan kamardikaning liyan sarana tindak tanduk , solah bawa lan rerembugan kang ora netepi tata krama . Yen kita ora seneng nemoni lelakon saka pratingkahe wong liya, kita aja nindakake apa-apa kang wis nate gawe gelaning ati kita mau.
Ing omah kita dhewe, sanajan ora ana pranatan tinulis, iya kudu duwe duga prayoga. Aja rame-rame nalikane tangga teparo wis turu. Aja ngunekake radio nganti dipolake bae ing wayahe tangga teparo ngaso, apa maneh apa maneh yen dheweke mau nuju gerah utawa kesripahan.

Wong kang ngerti tata krama, nalikane ana ing pasrawungan :
1. Ora bakal sisi. Yen kepeksa arep sisi, menyat metu dhisik, utawa saora-orane nyisih utawa mengo dhisik. Olehe sisi klawan migunakake kacu.
2. Ora bakal angop klawan ora nutupi tangan. Malah yen bisa , nyingkir dhisik sinamun ing samudana, supaya ora ngetarani.
3. Ora bakal ngureki irung nganggo drijine, utawa ngureki kuping nganggo cucuk –curek.
4. Ora bakal tudang-tuding , nudingi wong secedhake panggonane.
5. Ora bakal ngethoki utawa ngresiki kuku selagine jejagongan karo tamune.
6. Ora bakal lungguh karo sikil edheg utawa jigang ing sangarepe wong-wong kang durung ditepungi utawa wong kang pantes dihurmati.

Ana candhake ….

Disadhur saka : Tata Krama, Imam Supardi, 1953.

.

Jumat, 01 Oktober 2010

WONG DESA LAN ANAK-ANAKE LANANG


Ana sawijining wong desa, banget susahe ing ati, dene anak-anake lanang padha congkrah, amarga saka gegethingan sarta padu. Ora ana dina kaliwatan tanpa padu, sakehe wewulangan ing bapa ora migunani. Anuju sawijining dina, anake lanang tetelu diundang. Bareng wis padha teka ,bapake celathu : “Angger, iki aku duwe barang ginawe nandha karosanmu, lagi pamataraku kowe padha rosa-rosa . Enya iki sada sabengkek, mara, sapa sing kelar nugel, dakganjar jaran siji. Anak-anake nuli nugel, genti-genti ngarah, nuli nugel bengkekan sada, kalandhesake ing dhengkul, angetog karosane , ananging telu pisan ora nguwisi, sadane siji ora ana kang coklek.
Bapake celathu maneh :” Aku wis ngira yen ora bisa tugel. Mara, saiki bengkekane dak uculane mesthi gampang kopurih cokleke. Anak-anake anuli diulungi sada ing sawatara, bareng dicokleki gampang bae.
Bapake celathu : “ Satemene angger, sada iku upamane awakmu. Yen kowe kukuh rukun karo sadulurmu, amesthi ora gampang tumiba ing tiwas, dene yen kowe congkrah , ora wurung nemu bilahi.”
Liding dongenge mangkene : Rukun agawe santosa , congkrah andadekake rusak.


Tegese tembung :

congkrah = crah, pasulayan, ora rukun.
nandha = kanggo tandha
pamatara = pamawasku, pangiraku
sabengkek = sabongkok
mara = 1. coba ta 2. teka nyedhaki, 3. merang, mbage 4.
nguwisi = ngrampungi
kukuh = 1. santosa, kuwat, kengkeng 2. kenceng kekarepane
tiwas = 1. nemahi kacilakan 2. ora kebeneran.

Ing ngisor iki ana dongeng kewan utawa fabel kanthi irah-irahan :

1. WONG DESA LAN MANUK CANGAK
2. WONG WADON LAN ANAKE ISIH CILIK TUWIN MACAN TUTUL
3. KULDI DIMOMOTI JARAN.
4. ASU AJAG LAN WEDHUS BEROK.
5. MANUK GARUDHA LAN GAGAK.

Yen kepengin maca kliken ana kene !

.

Pengikut

Matur Nuwun ...