Senin, 29 Februari 2016

PUS !!!



pas,
anggelar uwas,
katetangi tangis-tangis amuntu tiwas,
awas !

pis,
tapis, gandrung manis,
kalayu layon-layon angg
émbol wengis,
lamis.

pus,
angen-angen pupus,
angalaw
èr kèwèr-kèwèr ginerus lésus,
lampus.

pos,
warananing wara-wara,
warah weruh wuru mawuruh,
manggung pucaking kandha.

pes,
pepes,
tumpes !!!


surabaya, 26022016.

Rabu, 10 Februari 2016

SESELAN ER, EL, ETH, EDH.



Seselan (sisipan, infiks) manggone ana ing antarane aksara purwaning tembung karo aksara kapindho. Gunane  seselan er, el, eth, edh lumrahe kanggo mangun tembung katrangan. Panganggone ing ukara lumrah dipurwani nganggo pating utawa mak, nanging uga ana seselan er lan el kang kanggo mangun tembung aran kayata : krumpul, clangap, kluwung, lsp.   Ing pocapan sadina-dina tembung lingga kang kaseselan er, el lumrahe dadi tembung plutan, kayata : berengok dadi brengok, keluwung dadi kluwung, lsp

SESELAN ER,
bengok            + er      >       berengok            >       brengok
cangap            + er      >       cerangap             >       crangap
canguk            + er      >       ceranguk             >       cranguk
canthèl            + er      >       ceranthèl             >       cranthèl
canthol            + er      >       ceranthol            >       cranthol
cenuk              + er      >       cerenuk              >       crenuk
complong        + er      >       ceromplong        >       cromplong
cuwèt              + er      >       ceruwèt              >       cruwèt
gandhul           + er      >       gerandhul            >       grandhul
kampul            + er      >       kerampul            >       krampul
kanthil             + er      >       keranthil             >       kranthil
kelap               + er      >       kerelap              >       krelap
kelip                + er      >       kerelip               >       krelip
kelop               + er      >       kerelop              >       krelop
kumpul            + er      >       kerumpul            >       krumpul
pencil              + er      >       perencil             >       prencil
penthil             + er      >       perenthil             >       prenthil
penthul            + er      >       perenthul            >       prenthul


 Gambar : Krumpul

SESELAN EL.
candhak          + el      >       celandhak          >       clandhak (an)
cangap            + el      >       celangap            >       clangap
gebyar             + el      >       gelebyar             >       glebyar
gebyur             + el      >       gelebyur             >       glebyur
gereng             + el      >       gelereng              >       glereng
gero                 + el      >       gelero                 >       glero
jedhèr              + el      >       jeledhèr              >       jledhèr
jegur                + el      >       jelegur                >       jlegur
jerit                  + el      >       jelerit                  >       jlerit
kencar             + el      >       kelencar              >       klencar
kepyur             + el      >       kelepyur             >       klepyur
kèwèr              + el      >       kelèwèr              >       klèwèr
kuwung            + el      >       keluwung            >       kluwung

Gambar : Kluwung

Miturut panemune S Padmosukotjo ing buku Paramasastra Jawa ana seselan ETH lan EDH tuladhane :
 
SESELAN ETH.
kanthil             + eth    >       kethanthil

SESELAN EDH.
gandhul           + edh   >       gedhandhul

Senin, 08 Februari 2016

SITUS TANDHAWANGSA




Situs Tandhawangsa (Tondowongso) manggon ana ing dhukuh Tandhawangsa, desa Gayam, kecamatan Gurah, kabupaten Kediri.
Situs iki ditemokake sepisanan nalika tanggal 13 Januari 2007 yaiku nalika wong-wong padha nambang (ndhudhuk) wedhi kanggo urugan. Dene dinas Purbakala nganakake panaliten kang sepisanan tanggal  16 April 2007.
Panaliten dianakake dening Balai Pelestarian Cagar Budaya (BPCB) banjur diterusake dening Balai Arkeologi (BALAR) ing Ngayojakarta.
Jembare situs iki kira –kira 9800 m2 , kang kedadean  struktur candhi kang cacahe luwih saka siji. Artefak kang ditemokake ing situs Tandhawangsa iku antarane :
Ø  Siwa Caturmukha
Ø  Durga Mahisasura
Ø  Surya
Ø  Candra
Ø  Nandi
Ø  Yoni,
Ø  Mahakala, lll.
Barang-barang tinggalan utawa artefak kang ditemokake ing situs Tandhawangsa iki saiki isih disimpen lan ditaliti ana ing BPCB Jawa Timur ing Trowulan.
Miturut panemune para ahli situs Tandhawangsa minangka wakil saka Jaman Kadiri (1045 – 1222 AD).
Kahanane situs iki saiki kaya kang kacetha ing gambar ngisor.


Rabu, 03 Februari 2016

ATER-ATER SA



Tembung lingga kang karaketan ater-ater sa trap-trapane ater-ater sa mau ana sing bares ananging uga ana tembung sing luluh. Ing pocapan padinan ater-ater sa kadhang-kadhang owah dadi se utawa sak. Ing tulisan Latin, ater-ater sa kang owah dadi se utawa sak wis lumrah ditulis se utawa sak. Dene ing tulisan aksara Jawa ater-ater sa mau tetep ditulis sa.

Tembung-tembung lingga kang karaketan ater-ater  sa kang lumrah owah dadi se , tuladhane :
sa + dina  > sadina  lumrah diucapake  sedina
sa + sasi  > sasasi lumrah diucapake  sesasi
sa + taun > satahun lumrah diucapake setaun
sa + pikul > sapikul lumrah diucapake  sepikul
sa + tugel > satugel lumrah diucapake  setugel

Tembung-tembung lingga kang karaketan ater-ater sa kang lumrah owah dadi sak, tuladhane :
sa + lembar > salembar lumrah diucapake  saklembar
sa + gunung  > sagunung lumrah diucapake  sakgunung
sa + keclap + an > sakeclapan lumrah diucapake  sakkeclapan
sa + banter + e > sabantere lumrah diucapake  sakbantere.

Tembung dwilingga yen karaketan ater-ater sa lumrahe diucapake  sak, tuladha:

sakpinter-pintere, sakmaju-majune, sakgoblog-gobloge, saksugih-sugihe,
sakkepepet-kepepete, sakbanter-bantere, lsp.

Tembung lingga kang purwane swara urip (vokal) yen karaketan ater-ater sa lumrahe diucapake  sak, tuladhane:
sa + omah > saomah diucapake  sakomah
sa + uler > sauler diucapake sakuler
sa + uwit > sauwit diucapake sakuwit
sa + unggah (an ) > saunggahan diucapake sakunggahan
sa + urip (e) > sauripe diucapake sakuripe.

Tembung-tembung lingga kang karaketan ater-ater sa kang linggane dadi luluh, tuladhane:
sa + atus > satus
sa + ewu > sewu
sa + eket > seket
sa + omah > somah.
Panganggone tembung somah : Ing desaku ana wong sepuluh somah sing melu transmigrasi.

Katrangan :
Owah-owahan ater-ater sa dadi se utawa sak ora ana paugeran kang gumathok.


Tegese sater-ater sa:
1.      Ateges siji kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Aku tuku kain sameter.
b.      Parman diwenehi gedhang salirang.
c.       Saka kene nganti teka prapatan bangjo dohe sakilometer.
d.      Kang Arja nyambut gawe ana ing omahku mung sadina.
2.      Ateges saben kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Blanjane Pegawe Negri ki sawulane ora mati limang yuta repis.
b.      Regane gula sakilone sepuluh ewu repis.
c.       Pariku sakintale diregani telung atus ewu rupiyah.
d.      Sewane omah iku sataune sepuluh yuta rupiyah.
3.      Ateges nunggal kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Nalika neng Surabaya aku sapondhokan karo Sukarna.
b.      Ana ing Bali Sarjana sakamar karo adhimu.
c.       Biyen aku sakelas karo Mas Kartika.
d.      Kowe kuwi sabarakan karo adhiku sing neng Yogya.
4.      Ateges karo:
a.       Lurah sacarike lagi rapat menyang kabupaten.
b.      Aku nyilih cangkir salepeke.
c.       Omah sapekarangane pak Karta didol kabeh.
d.      Simbah wingi tuku dhokar sajarane.
5.      Ateges padha karo kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Buta Rambutgeni iku gedhene sagunung anakan.
b.      Dhek wingi ana watu ngglundhung gedhene sakebo njerum.
c.       Aku weruh ula saglugu gedhene.
d.      Mbah Marta panen gedhang salengen-lengen gedhene.
6.      Ateges nganti kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Aku ngenteni neng ngarep pasar saenteke uwong.
b.      Bocah-bocah dikongkon mangan sawarege.
c.       Kowe dolanana sakeselmu, tasmu taktunggune !
d.      Adhimu aja kok ganggu, jarna wae satangine.
7.      Ateges ana ing kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Sapinggiring kali Brantas ditanduri pring petung.
b.      Sadalan-dalan ana wong nggawa kranjang isi duren.
c.       Satengahe segara Indhia ana pulo cilik duweke Australia.
d.      Sadhuwure gunung ake katon ana mega malang.
8.      Ateges mratelakake wektu  kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Sabubare nonton kethoprak aku banjur mulih.
b.      Sadurunge mangkat sekolah aku ngrewangi reresik omah.
c.       Satekane adhine saka Surabaya, Bardi mareni anggone ngabotohan.
d.       Sawise mangan Darman sinau ana kamar ngarep.
9.      Ateges kabeh utawa isi kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Wong sadesa bedhol desa budhal transmigrasi menyang Sulawesi.
b.      Bocah sasekolahan disuntik vaksinasi cacar.
c.       Wong sakutha padha ngungsi amarga kena lahare gunung Kelud.
d.      Panase srengenge disangga dening wong sadonya.
10.  Ateges angger kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Layang iki wenehna menyang kakangmu salonggare wektumu.
b.      Pesenanku garapen sakobermu.
c.        Pancene ora nyambut gawe, mangane ya mung samangan-mangane.
d.      Ora susah kesusu, tindakna samlaku-mlakune.
11.  Ateges sabarang kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Bocah-bocah dikongkon dolanan sakarepe.
b.      Anake dijak menyang toko dikongkon milih sasenenge.
c.       Dhuwite mung sithik, tukokna saolehe.
d.      Murid-murid didhawuhi crita sabisa-bisane.


Katrangan :
Tembung andhahan kang dadine krana karaketan ater-ater sa dadine kadhangkala padha, nanging tegese bisa uga beda gumantung marang ukarane.

Pengikut

Matur Nuwun ...