Jumat, 28 Mei 2010

ADAT TATA CARA JAWI

I.ADAT NALIKA JISIM DIPUN BIDHALAKEN
Ing wekdal sapunika taksih kathah para sedherek Jawi ingkang ngugemi adat sarta tata cara warisan para luhur, ananging ugi kathah adat sarta tata cara kina ingkang sampun dipun tilar. Minangkani pamundhutipun salah satungggaling sutresna Jawi ing babagan sakiwa tengenipun bab nalika wonten jisim ingkang badhe kabidhalaken, adat sarta tata cara kina ingkang taksih saged dipun prangguli ing satengahing bebrayan agung Jawi ing antawisipun kados ing ngandhap punika :
1.Brobosan ; inggih punika menawi ingkang tilar donya punika tiyang sepuh, para anak putu dipun brobosaken ing sangandhaping bandhosa ingkang sampun dipun angkat. Kathahipun kaping tiga. Tujuwanipun : supados kita nyumerepi dumadosing kita ing alam donya punika lantaran saking tiyang sepuh. Kaping kalih anak putu sampun ngeklasaken dhumateng ingkang sampun tilar donya sowan dhateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Kuwaos.
2.Saderengipun jisim dipun bidhalaken wonten adicara mecah kendhi ingkang isinipun toya kacampuran sekar.
3.Nalika jisim dipun bidhalaken wonten pawongan ingkang mbekta senthir ngantos dumugining regol, kulawarganipun memuji supados ingkang tilar donya sageda padhang, boten kepetengen ing tengah margi.
4.Sesarengan kaliyan mbekta senthir margi ingkang dipun langkungi jisim dipun saponi, meh sami kaliyan angka kalih bilih kulawarganipun memuji supados margining ing alam kubur sageda resik, boten wonten alangan
5.Mecah gendheng , nalika jisim dipun bidhalaken kulawarganipun lajeng mecah gendheng ing pangangkah supados rohipun ingkang tilar donya boten purun wangsul dhateng alam kasar malih jalaran griyanipun sampun risak, utawi dipun risak.
6.Mecah piring , meh sami kaliyan mecah gendheng supados rohipun ingkang tilar donya boten purun wangsul dhateng alam kasar masalahipun kulawarganipun sampun boten purun nampi lantaran piringipun ingkang dipun angge ajang sampun dipun pecah.
7. Menawi ingkang tilar donya jaka utawi prawan , tegesipun dereng nate emah-emah lajeng dipun damelaken gagar mayang (sanes kembar mayang kangge penganten ) kaliyan dipun sangoni ayam ingkang taksih lancur (menawi jaler) lan taksih dhere (menawi estri). Ayamipun dipun culaken sasampunipun layon dipunpetak.
8.Menawi dumugi malem dinten geblagipun ingkang tilar donya jedhing utawi kolah kedah dipun kebaki. Ing ngriki wonten kapitadosan bilih rohipun ingkang tilar donya wangsul dhateng griya.
9.Wonten kapitadosan bilih roh ingkang tilar donya nalika :
a.Tigang dinten, taksih sare wonten panggenan nalika geblagipun.
b.Pitung dinten, taksih wonten ing salebeting griya.
c.Kawan dasa dinten, nembe pamit ninggalaken griya. Ing bab punika percados utawi boten nyumanggakaken.
Adat sarta tata cara ing nginggil wonten ingkang sampun boten dipun angge nanging ugi kathah ingkang sampun boten angge utawi ical. Kados adat utawi tata cara brobosan taksih kathah dipun lampahi ing tlatah Pacitan, Madiun,Lamongan ngantos Surabaya. Ananging tata cara kados mbekta senthir, nyaponi margi, mecah gendheng, sarta mecah piring sampun boten pinanggih. Miturut katrangan sedherek kula ingkang wonten Baturetna, Wonogiri adat mecah gendheng sarta mecah piring taksih wonten namung mligi priyantun ingkang sugih utawi taksih wonten trah sentana dalem. Kanggenipun brayat ingkang sanes trah sampun kathah ing nilar.
Namung ugi perlu dipun kawuningani bilih ingkang nami adat sarta tatacara punika tamtu owah gingsir kabekta saking owah gingsiring jaman.

II. WASITA SINANDI.
Saleresipun kathah wasita sinandi (petuah tersembunyi, pitutur sae ingkang boten melok) ingkang sae , menawi dipun takeni menapa sebabipun namung dipun wangsuli “ora becik” kadosta :
1.Aja mangan ing tengah lawang.
2.Aja mangan kanthi nyangga piring.
3.Aja nglungguhi bantal mundhak wudunen.
4.Aja ajang layah, mengko yen dadi penganten mundhak udan deres.
5.Aja payungan, nganggo caping (capil) ing njero omah.
6. Yen nyapu sing resik, yen ora resik mengko mundhak brengosen.
7.Tuku lenga tanah (lenga gas) aja ing wayah bengi.
8.Aja nyapu jogan ing wayah bengi.
9.Aja nggawa ujungan godhong gedhang menyang jero omah.
10.Menawi wonten bledheg kaca-kaca paesan (cermin) kedah dipun tutupi.
11.Aja turu kasur tanpa sprei.

Taksih kathah wasita sinandi sanesipun ingkang dereng katuraken, mangke kula sambet ing wekdal sanesipun. Nuwun.

Minggu, 23 Mei 2010

IN MEMORIAM, GESANG MARTOHARTONO


surem sang dewangkara lampahe
mandheg mangu kalimput ing dhuhkita
ampak-ampakan mega pepuletan
mendhung angendanu arebut dhucung asung belasungkawa
gunung manggut-manggut
manglung tumiyung marang sang sujana gung
angin sumilir angiring tindake pra widadari sarwi anyebar sekar wangi
klebating sampur pratandha bela konjuk ingkang sowan ing pangayunaning Gusti,

sugeng tindak, pak gesang.

prasaja,
pangandika alus manuhara,
nanging bisa anggugah tresna
sanajanta mungsuha
suyud mangalembana


surabaya, 21052010

Kamis, 20 Mei 2010

RANDHA KUNING KEDHUNG PRING


Anggone ndhudha wis rada suwe, kira-kira wis wolung taunan. Sawise ditinggal bojone tinggal donya durung ana pepenginan arep kawin. Anake kabeh ana lima. Wis padha omah-omah dhewe-dhewe, dadi ana ngomah mung ijen ora ana rewange. Sadurunge anake wedok sing ragil omah-omah ya isih ana sing masakke. Paribasan dhudha kalung, dhudha sing diopeni anak wedok, ora repot karo prekara pangan, karo prekara adang. Bareng saiki anake wis omah-omah lan digawa bojone pak Jana mung ijen wae. Susahe yen wayahe mangan kudu isih mara menyang warung. Wayah esuk ora ana sing nggawekake wedang, umbah-umbah ditandangi dhewe, samubarang pegaweyan kabeh ditandangi dhewe. Ya yen awak isih waras-wiris ora dadi ngapa. Upamane pinuju ana lara ngelune, sapa sing dijaluki tulung ngeroki, sapa sing mijeti, sapa sing djaluki tulung adang. Sakjane mono ya nduwe krenteg arep kawin maneh. Nanging yen kelingan bojone sing ditresnani banjur kendho. Rumangsa durung bisa ngepenakake bojone, bojone wis ndhisiki, mula sanajana bojone wis ana ing alam kubur isih rumangsa ora mentala. Nalika isih urip rumangsa bojone dijak lara lapa, urip ngrekasa ngragadi bocah-bocah sekolah. Kamangka ngragadi anak-anak sing lagi mbutuhake beya kanggo sekolah ora sethithik. Saiki bareng anake wis padha mentas banjur ndhisiki tinggal donya. Satemene mono anak-anake , dulur-dulure kabeh padha , dalah tangga-tanggane pisan padha menehi pratikel supaya enggal-enggal kawin maneh. Jarene ora becik yen ndhudha suwe-suwe. Setemene ing jerone ati ya isih kepingin, nanging durung ana sing cocok karo karepe.
Saiki, sajake wis ana sing diangen-angen. Embuh prawan endi utawa randha endi sing dadi angen-angen. Ana ing atine sajake pak Jana kecanthol randha. Wiwit tepung randha saben dina rengeng-rengeng lagune kidungan modhel Kartoloan:
Pring gadhing manglung nyang kali,
Sapa wonge gak kudu ngethok,
Randha kuning merak ati ,
Sapa wonge gak kudu melok.

Kidungan iku dibolan-baleni, nganti -- yen ana sing krungu -- bosen. Kira-kira isane pak Jana mung selarik iku. Mula sanajana mung salarik tetep wae dikidungake. Yen ora kidungan, banjur rengeng-rengeng bawa tembang gedhe “Nguswaraga”. Sampeyan ngerti tegese bawa iki? Kae lho sing kanggo mbawani gendhing “Perkutut Manggung “, cakepane mangkene :
Sri maha jawata katong,
Andaka wulune rekta,
Jroning nendra gung kaepi,
Boja wreksa kawi wuwus,
Panggya andika kusuma,
Bale nata rondon pari,
Paran margane wak mami,
Kepithing kang sobeng rawa,
Nguswaraganta wong ayu.

Pak Jana lageyane kaya jaka lagi kasmaran. Jane mono wis ora jamane. Wong umure pak Jana ya wis seket luwih. Jarene pak Jana katresnan iku ora mawang umur, ora enom ora tuwa padha. Ora lanang ora wadon ora ana bedane. Jaka apa dhudha ya padha wae. Rasa pangrasa ing babagan katresnan –jarene bocah-bocah saiki – universal. Katresnan iku ora mung kanggo jaka karo prawan thok. Mula ora aneh yen ana wong bebojoan wis puluhan taun banjur ngiwa, slingkuh, jalaran yaiku mau “tresna iku wuta”. Banjur kadhangkala nabrak-nabrak, barang becik njur ditabrak, nabrak pager ayu. Jalaran wis ora eling kiwa tengen, ora eling anak bojo, malah ana sing ora eling yen putune wis gemrayah.
Kanggone pak Jana, yen bisa ya golek sing prawan. Ning ora sing umur las-lasan, utawa kur-kuran. Umur-umur samono kanggone pak Jana malah dadi penyakit, kaya parikan “kodhoke kalung kopat, boyoke sing ora kuwat”. Yen ana ya prawan, ya sing wis umur patang puluh lima munggah. Umur samono iku yen isih prawan durung nate rabi, mesakake. Durung nate ngrasakake nikmating donya. Mula pak Jana tansah milang-miling endi ana prawan sing rada ngumur, ngibarate srengenge mono kira-kira ya lingsir. Kena-kena dijak rembugan, kena dijak gremeng-gremeng yen wancine lungguh dhewekan, kena kanggo kanca jagongan. Nanging pak Jana ya ora gelem yen prawan mau wis umur wolung puluhan.
Ana maneh kesenengane pak Jana saliyane bawa Nguswaraga yaiku nyetel lagu Inggris lagune Paul Anka. Lagu iki kira-kira lagu taun pitung puluhan. Lagune pak Jana nalika isih nom-noman, sing biyen wis dilalekake saiki diapalake maneh. Cakepane
I don't like . . . to sleep alone,
Stay with me, . . . don't go.
Talk with me . . . for just a while,
So much of you to get to know.
Reaching out, . . . touching you,
Leaving all the worries far behind.
Loving you, . . . the way I do,
My mouth on yours and yours on mine.
Marry me, . . . Let me live with you,
Nothing's wrong and love is right.
Like the man said . . . in his song,
Help me make it through the night.
Loneliness . . . can get you down,
When you get to thinking no one cares.
Lean on me, . . . And I'll lean on you,
Together we will see it through.
Oh, I don't like Oh, I don't like to sleep alone,
Sad to think some folks do
No, I don't like No, I don't like to sleep alone,
No one does, . . . . . . Do you?
I don't like to sleep alone,
No one does, . . . . . Do you?

Saben teka ukara I don’t like to sleep alone’ iku anggone nembangake rada dibanterake, sateruse ora ngerti mung ha he ha he wae . Mbuh ping pira pak Jana anggone mbolan baleni lagu mau.
-------------- 0000 -----------------

Jumirah, randha teles. Kondhang randha sugih brewu, mblegedhu, mubra –mubru blabur madu. Montore pitu. Samubarang pepenginane klakon, pancene wong sugih. Pakulitane kuning nemu giring malah kaduk ketara ijo. Alus , mulus ora ana busike. Paribasan yen ana laler mencok ing kulite, kepleset saking alus lan lumere. Yen disawang saka kadohan ora kalah karo bocah-bocah saiki sing umur patlikur taun. Dhasar pinter macak, samubarang sing dienggo pantes, lamun mesem, biyuuuuuh –carane kethoprak--- agawe brantaning kang lagya mulat. Dedege endhek ora, dhuwur ya ora, ketara sedheng. Lamun dicandra saka mandrawa kaya widadari tumurun saka kahyangan. Mung wae kahyangane randha Jumirah : Kedhung Pring.
Aloking wong akeh, randha Jumirah iku bau laweyan, anggere nduwe bojo mesthi bojone mati. Pancene ketoke ya kaya mangkono . Jumirah wis rabi ping telu. Nanging nganti saiki durung duwe anak, mula kena diarani randha lanjar, sanajana wis rabi ping telu. Mula awake ya isih weweg singset padhet. Anehe angger bojone mati montore mesthi tambah.
Kanggone pak Jana kabar sing kaya mangkono ora digatekake. Iku tembung ngayawara sing ora kena dipercaya, ora klebu nalar. Jaman saiki sing petungan iku kudu nganggo logika, ora gugon tuhon kaya penganggepe wong akeh. Tembung kaya mangkono iku tembunge wong sing ora seneng karo Jumirah. Wong seneng ora kurang pengalem, wong gething ora kurang penacad. Kamangka ngalam donya anane loro, lanang karo wadon, sugih mlarat, seneng lan gething, awan lan bengi. Montor tambah lan ora saka anggone nyambut gawe. Yen anggone nyambut wekel, sregep ora kakehan polah mesthi dadine. Sanajana wong pinter yen anggone nyambut gawe keset, lumuh, ora temenan ya ora bakal kasil. Jumirah anggone nyambut gawe ya temenan, paribasan sirah dianggo sikil, sikil dianggo sirah mula ya wis pantes yen bandha iku pukji , nglumpuk dadi siji.Wayahe wong turu nglepus Jumirah isih melek ngenteni montor sing durung teka. Jam siji utawa jam loro bengi lagi mapan turu. Mula anggone kepengin ngrabi Jumirah wis mantep temenan. Ulat madhep ati karep. Tekade ngrabi Jumirah wis ora kena dipalangi maneh.
Sawijining dina ana wong tuwa teka menyang omahe pak Jana, banjur takon.
“Mas Jana, kula mireng panjenengan badhe angsal Jumirah, leres ta?”, pitakone wong mau.
“Leres mbah. Enten napa ta?”
“Nggih boten enten napa-napa. Kula namung dhapur ngelikake mawon.”
“Enten napa kok sajake gawat?”
“Jumirah niku gadhah pesugihan Nyai Blorong. Lha mengke nek njenengan sida dadi bojone Jumirah mesthi kangge lebon,”
“Anu mbah, sing penting kula empun ngrasakake Jumirah,” wangsulane pak Jana sakecandhake.

Jumat, 14 Mei 2010

BU GURU LALI


Sing arep dakcritakake kedadean neng kutha Surabaya. Masalah kampunge utawa desane ora susah dak terangake, sing cetha Surabaya.
Ana sawijining bu guru dak tulis wae bu Ani (jeneng singlon) mulang ana ing Sekolah Dasar. Bu Ani nalika semana ngelesi (les privat) bocah kelas loro ana ing sekolahan. Bubar mulang sing samesthine banjur wiwit mulang les bocah-bocah . Miturut ngendikane bu Ani les privat mau suwene rong jam. Les diwiwiti jam setengah siji.
Sawise bocah-bocah les padha mlebu kelas, banjur diparingi soal, dikongkon nggarap muride. Bocah-bocah anggone nggarap ya temenan. Ora ana sing gojegan, ora ana sing rame. Pancene wis didhawuhi ora pareng rame. Dhasare muride ya pinter-pinter lan tansah ngestokake dhawuhe guru, mula kelase mau ya ora rame lan sing penting ora ana sing tukaran.
Kocapa bareng kira-kira wayahe mulih, kira-kira wis jam setengah telu. Wong tuwa sing padha methuk, sing biasane lungguhan ana ing ngarep sekolahan goreh atine , wiwit padha takon. Wis jam setengah telu kok durung diulihake?
Banjur ana salah sijine wali murid sing kepingin weruh, mlebu sekolahan. Bareng dideleng , lho gurune kok ora ana ? Wali mjurid mau nggoleki ngubengi sekolahan, di goleki mrana-mrene ora ketemu. Wali murid banjur takon menyang bocah-bocah sing padha les: “ Ke mana bu Guru ?”.
Wangsulane bocah-bocah: “ Nggak tahu, tadi keluar”.
Wali murid mau nggoleki maneh ngubengi sekolahan, ketemu pak kebon sekolahan sing lagi turu neng dhuwur bangku, banjur diatkoni. Wangsulane iya ora ngertine. Pak kebon ora mulih ya merga nunggu bocah-bocah nganti rampung lese.
Pak Kebon bareng ditakoni wali murid ya bingung banjur nelpon salah sawijining pak guru.sing mulang ana kono. Guru iki mau ya wis kondur wiwt jam siji mau, malah kondure paling keri dhewe. Rumangsa tanggung jawab pak guru mau banjur mara menyang sekolahan.
“Dhateng pundi bu Ani, ;pak ?” pitakone pak kebon bareng pak guru teka ing sekolahan.
“Aku ya ora ngerti. Aku mau rak mulih keri dhewe. Lha saiki apa bocah-bocahe apa durung diulihake?”
“Dereng.”
“Coba dak tilpune. ,” ngendikani pak Guru. Bareng ditilpun HP ne ora diangkat. Tilpun nganggo nomer omah uga ora diangkat. Batine, menyang ngendi wae bu Ani iki ? Pak Guru uga melu bingung.
Ngerti kaya mangkono pak guru banjur ngendika karo wali murid, : “Sudah pak sekarang dipulangkan saja. Sekarang sudah hampir jam empat.”
Bocah-bocah padha didhawuhi mulih. Wali murid akeh sing nggremeng. Pak guru banjur ngutus pak bon ,”Saiki njajal golekana menyang daleme !”
Temenan pak bon banjur mara menyang daleme bu Ani. Saka kadohan bu Ani wis leyeh-leyeh ana ngarepan karo nyomak-nyamuk sajak mentas dhahar.
“Bu Ani , panjenengan wau ngelesi napa mboten ?” pitakone pak bon.
“O, iya. Aku lali !,” wangsulane bu Ani gragapan.

Komentar sampeyan piye ca ? Dak tunggu !

Ket: gambare nyilih.

Selasa, 11 Mei 2010

CALON MANTU






Srengenge wis padhang ngenthar-ngenthar, wiwit bar subuh isih durung menyat saka lungguhe, dheweke mung tansah dhelog-dhelog lungguh kursi neng emper ngarep. Mikirake Hapsari -- anake wedok sing siji ndhil ora ana tunggale. Sekolahe mono pancen ya dhuwur wong ya lulusan pawiyatan luhur – Unair - perguruan tinggi sing kondhang neng Surabaya. Rak ya dhuwur tenan ta . Anak wedok sithok di gadhang-gadhang ing tembe mburine bisa ngopeni yen dheweke wis tuwa. Bisa dingengeri yen wis ora kuwat nyambut gawe. Satemene mono pak Harja pensiunan pegawe negeri. Dadi thithik-thithik ya duwe bayar dhewe, thithik-thithik ya duwe pengasilan dhewe dadi ora bakal ngrepoti anak putu.
Nalika isih cilik didama-dama , dilela-lela, digadhang-gadhang supaya yen wis gedhe bisaa njunjung drajate wong tuwa. Saben dina tansah dijaga, dikempit ngalor ngidul aja nganti ketaman lelara. Gawang-gawang isih kelingan neng angen-angen patlikur taun kepungkur, cumithak neng pikiran ngendikane pak Modin nalika disuwuni tulung paring ular-ular nalika anak wedok iki disepasari, dipepuji muga-muga dadia wong sing soleh lan solihah migunani tumrap bangsa lan negara.
Nalika mlebu sekolah, saben esuk wis dicepaki sarapan. Awan wayahe mulih saka sekolahan gage-gage diptehuk. Buku-buku dicukupi. Pokoke sakabehe kebutuhane sekolah aja nganti nguciwani. Bu Harja uga asring nemoni guru-gurune mbokmenawa ana prekara ana ing sekolahan, anake wedok sitok iki aja nganti ngisin-isini. Semono uga nalika Apsari kuliah.
Sing saiki dipikir ora prekara sekolah, nanging anggone milih bakal jodhone. Pak Harja wektu iki wis duweni angen-angen, wis nduweni pilihan calon mantu. Rumangsane anggone milihake jodho wis pas. Calon mantune mau ya nggantheng, bagus, anake wong cukup ya wis cekel gawe pisan. Calon mantune nyambut gawe dadi Angkatan Laut. Pangkate ya ora endhek banget ning ya ora dhuwur banget - sersan – apa isih durung cukup? Kanggone pak Harja ya wis matur nuwun banget. Cara bobot, bibit, bebet ya wis timbang. Pak Harja dhewe biyen mung anake kopral. Kopral jaman revolusi, kopral jaman perjuangan. Pak Harja wis manteb banget marang bakal mantune sing Angkatan Laut iki. Dhasare tingkah lakune ya becik, tindak-tanduke ora nguciwani, marang wong tuwa kurmat. Apa ora seneng?
“Ngaten pak, menawi mangke kula tamtu jodho kalih adhik. Sedaya wragad lan bea kuliahipun kula tanggung. Upamia mangke es satune sampun mantun lajeng badhe nglajengaken sekolah malih kula inggih sagah ngentosi, ” kandhane calon mantune nalika anake wedok isih kuliah biyen. Anake wedok dhewe wis dilamar, dheweke ya ora nolak, bareng ditari wangsulane mung nggah-nggih wae.
Apa ya ora seneng nduwe calon mantu sing tanggung jawab? Jejere wong tuwa tansah ngrenahake supaya anak bisa urip kepenak, ora bakal wong tuwa arep njlomprongake anake. Paribasan sagalak-galake macan ora bakal nguntal gogore. Sanajanta pak Harja pegawe negeri, nanging mung golongan loro. Pira ta bayare pegawe negri golongan loro? Kanggo nyekolahake nganti rampung kuliah rasane wis menggik menthol. Yen wis wayahe mbayar SPP mloya-mlayu golek utangan mrana – mrene, golek sabetan ngalor ngidul. Upamane mung kanggo mangan wae lan mbayar SPP ne wae kira-kira wis cukup. Ning kanggo tansportasi saben dinane, mangkat mulih mbemo, tur ora mung sa jalur, kudu ganti bemo ping telu saben budhal menyang kampuse, durung mengko yen wayahe mulih. . Apa maneh yen wis wayahe praktek, beaya praktek kudu ditanggung dhewe. Arep nukokake pit montor ya dhuwit saka ngendi? Arep melu kredhit pit montor isih kudu nyicil omah. Mula ya angen-angen kredhit pit montor kandheg neng angen-angen.
Calon anak mantu wis meh saben dina dolan menyang omah. Dadi srawunge calon mantu karo kulawarga ya wis apik, malah sedulur-sedulure, wong tuwane - calon besan - ya becik. Kanca-kanca kantor ya akeh sing ngerti yen bakal mantune pak Harja iku sersan. Kanca kantore pak Harja apa dene kanca kantore calon mantu wis akeh sing ngerti. Yen pinuju ketemu ana kantor, calon mantu padha diguyoni kancane , “Kae lho Man, calon maratuwamu tukokna rokok. Mosok wiwit mau mung meneng wae,”mangkono kancane anggone ngguyoni. Kaya dikongkon wae calon anak mantu banjur kluyur-kluyur menyang kantin tuku rokok. Apa yen kaya mengkono ora seneng ?
Dina iki Hapsari lagi kena godha. Budhal nyambut gawe ana dalan digodha karo bocah lanang. Pancen ya lumrah bocah lanang kepingin kenal banjur nggodha karo bocah wadon. Saben liwat dalan iku bocah lanang wis nyegat ana ndalan. Suwe-suwe Hapsari rumangsa risi, banjur kandha marang bapake.
“Ngene lho ndhuk. Ya pancene kowe saben dina kowe digodha, kowe ngomonga karo calon masmu. Wong kowe ya wis dilamar. Ya mengko kareben diterake. “
“Mas rak nyambut gawe pak,”
“Ya kandhaa wae. Yen kowe digodha.”
Temenan sorene calon mantu teka menyang omahe pak Harja kaya biasane. Hapsari banjur kandha .
“Mas, aku lho saben dina digodha bocah. Aku risi, mas,” kandhane Hapsari menyang calon mantu.
“Sapa dhik ?”, pitakone
“Pokoke aku saben mangkat utawa mulih nyambut gawe mesthi dicegat lho mas.”
“Ya, gampang mengko coba dak delenge.”
Wiwit dina iku saben mulih saka kantor Hapsari mesthi diawat-awati dening Sumantri. Sedina rong dina ora ana kedadean apa-apa. Ganep dina kang katelu bocah sing biasane nggodha saka kadohan wis ketok ngadeg neng pinggir dalan. Bareng wis cedhak wiwit nggodha.
“Mulih dhik ?” pitakone marang Hapsari.
“Inggih mas, “wangsulane Hapsari nanggapi pitakone.
Sangsaya suwe anggone nggodha sangsaya nemen. Malah wani nyekel-nyekel tangan barang. Hapsari njerit. Saka mburi Sumantri sing wiwit mau nginthil lakune Hapsari enggal tumandang menehi pitulunngan.
“Culna !! pakone Sumantri santak , “Ora gelem ngeculke dak tempiling mengko!,” guneme Sumantri sereng.
“Ngapa kowe ngganggu aku ? Iki rak pacarku,”
“Apa ? Pacar?. Iki wis dak lamar ,”
Ora mung cukup omongan wusanane wong loro mau tukaran, antem-anteman. Leren anggone tukaran jalaran dipisah wong sing ana sakiwa tengene kono.
Suwe saka kedadean iku, ana owah-owahan sing ora sabaene, paribasan mbalik satus wolung puluh drajat , salin slaga, malik grembyang. Saiki Hapsari wis ora gelem nemoni maneh yen Sumantri mbeneri dolan menyang omahe pak Harja. Malah wis nate kawetu tembunge yen ora seneng karo Sumantri.
Jejere wong tuwa mangerteni anake nduweni kelakuwan sing nganeh-nganehi dadi bingung, ora ngerti apa sing arep ditindakake. Atine sumpeg. Ing sajroning batin thukul pitakonan werna-werna, apa kena oyod mimang? Pak Harja rumangsa isin karo calon besan sing nitip-nitipake anake, uga rumangsa isin karo kanca-kanca kantor. Kabar wis kadhung sumebar teka ngendi-endi. Mula banjur golek rekadaya kepriye bisane anak wedok bali kaya wingi uni.
Saben dina anake wedok tansah ditutur-tuturi, yen ora pak Harja dhewe ya bojone. Disrengeni bola-bali ora mempan, dituturi ora pasah , nganti judheg atine. Pak Harja banjur golek rekadaya liya. Saben ana wong tuwa ditekani dijaluki tulung supaya nambani (yen kena diarani lara ) anake wedok. Saben wong pinter diparani dijaluki donga supaya bisa waras. Anggone nekani wong tuwa, wong pinter, wong ngerti ora mung siji loro. Yen dietung kira-kira wis rong puluh enggon. Ya yen mung sakutha. Ana wong kandha neng Majakerta ana wong pinter, diparani. Neng Lamongan ana wong tuwa, diparani, neng Jember ana ngerti diparani. Sampeyan bisa ngira-ira pira enteke dhuwit kanggo nekani wong pinter mau. Paribasan entek ngalas entek ngomah. Sanajanta kaya mengkono durung ana sudane. Jibeg rasane.
Nuju sawijining dina anake wedok kandha :”Pak aku tak matur ya pak, ning aja disrengeni.”
“Arep kandha apa ?
“Sesuk sore bapake Mas Sus arep tindak mrene, arep nglamar.”
“Mas Sus iku sapa?” pitakone pak Harja.
“Mas Sus iku lho pak, sing gawene nyegat aku neng dalan.”
“Sing ditempilingi masmu biyen ?”
“Iya.”
Krungu kandhane anake wedok sing mengkono rasa atine pak Harja kaya disamber gelap, mung bisa sambat :” Dhuh Gusti, nyuwun ngapura,” banjur semaput ora eling apa-apa.


Sby, 11 Mei 2010.

Rabu, 05 Mei 2010

DALAN IKI


Dalan iki,
dak ambah kanthi ati semplah
nguber playune penguripan
tanpa juntrung lan tanpa pungkasan
kaya semplahe pager-pager bubrah sadawane dalan kang dak ambah
pating blengkrah
ati ngregeyong nggendhong sanggan
matumpa-tumpa tanpa tandha bakal suda
mung golek upa
o, Gusti ...nyuwun ngapura

suket teki nyengunguk padha celuluk
krungu sambate ati tumetes ing lemah padhas
kekayon padha takon menyang ngendi
jangkahing sikil nuruti derenging ati.
watu-watu dadi saksi bisu tumapake driji
napaki dina-dina kang tansah teka
nggawa sangsara
nggawa panalangsa
tanpa bisa suwala
o,Gusti .... nyuwun ngapura

dalan iki
biraten pedhut anggubel laku
tuntunen marang papan kang tanpa panandhang
menyang panggonan kaya suwarga
ora ana sangsara
ora ana panalangsa

dalan iki
dadi seksi gantine jaman
dadi seksi owah-gingsiring kahanan
dadi seksi sepur lempung isih mlaku turut lurung
nanging dalan iki
isih tetep kaya wingi uni

Selasa, 04 Mei 2010

DEMO


Panase sumelet. Srengenge wis manjer neng ndhuwure sirah. Kekayon ora ana sing obah. Lemah sawah padha bengkah, suket-suket garing, kali lan ilen-ilen sawah wis mekingking padha pecah kira-kira sejangkah. Udan sing diarep-arep wis telung sasi ora njedhul. Langite katon biru, ora ana mega ora ana mendhung , pratandha ora ana ungup-ungupe udan bakal teka. Wong-wong sing ngingu rajakaya padha sambat, bingung golek suket, bingung golek rambanan sing kanggo pakan kewan. Malah –malah ing wektu iki – kandhane wong-wong Karangkidul- sakniki-niki paribasan wedhus mangan wedhus, sapi mangan sapi. Lho kok ngono ? Saiki wedhuse didol, banjur dhuwite diukokake suket kanggo pakan. Malah-malah saiki tegalan sing dianduri suket, luwih akeh asile katimbang ditanduri pari utawa jagung. Mula ora aneh yen bakul suket sugih dadakan. Angin ora obah, samirana datan lumampah- kandhane dhalang -- nyebabake panase awak sangsaya mundhak. Satemene wis rada suwe kahanan desa Karangkidul panas, ora mung panase hawa njaba wae, dalah panas ing njerone atine wong Karangkidul uga katut panas.
Dumadakan ana barisan arak-arakan sadawane dalan bengak-bengok bareng, “Lurah celeng .... Lurah genjik. Lurah celeng ....... lurah genjik. Lurah celeng ...... lurah genjik !!!“ karo padha nggawa kertas amba ditulisi werna-werna. Ana uga sing digambari tikus gedhe lan ana tulisane “Koruptor nggrogoti dhuwit negara”. Ana sing tulisane “lurah lengser saiki uga. Lurah Karangkidul korupsi dhuwit Bandes, bantuan desa ”. Lan werna-werna tulisan liyane sing isine nggugat Lurah Karangkidul kudu enggal dilengserake. Sing bengak-bengok ora mung siji loro nanging saakehe sing padha melu arak-arakan. Yen dirungokake saka kadohan kaya lomba paduan suara. Ana sing menehi aba-aba karo nggawa corong sing digawe saka seng sing dklunthung. Ngepok cilik pucuke gedhe.
Ing satengahe arak-arakan mau pemimpine gembar-gembor : “Sedulur- sedulur, sampeyan setuju yen lurah Karangkidul lengser ? “pitakone sing pidhato.
“Setujuuuuuu !!”, wangsulan barisan arak-arakan, banjur disusul bengak-bengok maneh. Mangkono bola-bali.
“Lurah ora kena kanggo panutan, Lurah korupsi. Sampeyan setuju lengser ???”, pitakone bola-bali. Njur diwangsuli dening anggota arak-arakan bareng “Setuju lengser ......setuju lengser “, swarane bareng ambal-ambalan kaya mecah-mecahna kendhangan kuping.
Barisan arak-arakan mau mlaku menyang latar amba ngarepe bale desa Karangkidul. Ing kono barisan banjur nganakake rapat umum. Sebageyan para demonstran mau mlebu pendhapa nemoni pak Lurah, sebageyan ish tetep ana sing mimpin bengak-bengok supaya semangate para demosntran ora kendho, sebageyan maneh nggawe daden geni ing tengahe latar. Genine mubal-mubal. Hansip sing biasane njaga keamanane kantor Kelurahan bisane mung meneng wae, ngadeg ngejejer ora obah, jalaran wis ora kuwawa nolak utawa ngatur wong-wong sing demonstrasi. Salah-salah ketiban bogem mentah. Pak Lurah wektu samono mbeneri ora ana neng kantor. Jarene pak Carik lagi rapat menyang kecamatan. Nanging sing demonstrasi isih tetep bengak-bengok karo ngenteni tekane pak Lurah bali saka kecamatan.
“Pak Carik, mengke sampeyan kandhakke pak Lurah. Yen pak Lurah boten purun lengser . Kula sakanca ajeng mbekta kanca sing luwih kathah,” ancame Kadiya pemimpin demo iku.
Pak Carik mung meneng bae. Para demonstran banjur nerusake pidhatone , suwe-suwe demonstran krasa kesel banjur padha mulih karepe dhewe-dhewe.
Sorene, neng omahe pak Wira ana rapat. Sing teka Kadiya, Kartija, Sukar, Timin lan para aktivis-aktivis demo.
“Piye Ya, kabare esuk mau ?”, pitakone pak Wira marang Kadiya.
“Beres, Pak,” wangsulane Kadiya. “Nek perkara ngoten-ngoten niku njenengan srahne kula mawon.”
“Lha teruse piye ?”.
“Njenengan boten sah bingung-bingung. Sing penting enten nikune.”
“Nikune apa , Ya ?”, pitakone pak Wira.
“Nggih bayaran. Njenengan niku boten ngerti napa ethok-ethok boten ngerti. Lha nek njenengan boten purun mbayar, kula nggih boten napa-napa. Namung kula golek juragan liya. Dospundi ?”
“Ya aja ngono, Ya. Aku percaya karo kowe.”
“Lha pripun ?,” pitakone Kadiya.”Kula rak nggih nyambut gawe. Nek kula mboten oleh napa-napa, anak kula diken mangan napa ?” kandhane Kadiya nanting pak Wira.”Kula rak nggih duwe anak duwe bojo, sing perlu kula ingoni. Upami njenengan sida dados lurah , napa kula njenengan angkat dados carik ? Rak boten ta ?”
“Ngene lho Ya. Yen perkara kowe nuntut diangkat dadi carik ana aturane dhewe. Yen aku dadi lurah, aku ora bisa ngangkat kowe dadi carik. Iku dudu wewenangku, pengangkatan iku wewenange kecamatan. Kowe rak ngerti dhewe. Upamane aku dadi lurah,....kuwi nek dadi lho. kowe mengko dak kon nggarap bengkok kidul sekolahan kae. Bengkok lurah rak akeh ta. Gelem apa ora ? Sing penting lakumu kuwi aja nganti ketok yen aku sing ngongkon.”
“Soal niku ampun kuwatos, kula mengke sing kordinasi kalih korlap liyane. Kados korlap dhukuh Sendhang, dhukuh Sekar, dhukuh Janti,” kandhane Kadiya.
“Ya wis sakarepmu .Nek ngono saiki kowe daksangoni. Saiki ya mung sethithik , karo mengko tukokna rokok anak buahmu”
“Lha korlap-korlap sanese dospundi ?” pitakone Kadiya.
“Gampang. Mengko daksangonane dhewe. Nyoh iki tampanana !”, kandhane pak Wira karo ngulungake lembaran abang-abang rada akeh.
“Nggih. Nek ngoten kula nyuwun pamit.”
Kadiya sakancane banjur mulih. Ana ndalan sangu sing ditampa saka pak Wira mau banjur didum sakancane sing ngadhep bengi iku. Dhayohe pak Wira dina-dina iki mlebu-metu gilir gumanti ora ana kendhate. Kamangka biasane ora kaya mangkono. Arang-arang ana dhayoh menyang omahe pak Wira. Jalaran pak Wira sanajanta kalebu sugih ing Karangkidul ning disiriki tangga. Amarga tangkepe marang tangga ora semanak. Kepara anggak, sombong ngedirake bandhane mula ora aneh yen pak Wira ora nate ketekan dhayoh.

Kabar yen pak Wira arep nyalon lurah dudu barang sing wadi, dudu barang rahasia maneh. Ora mung sumebar ing dhukuh Krajan wae nanging wis sumebar warata ing desa Karangkidul. Malah-malah kabar mau wis sumebar tekan kecamatan.
Sawise kedadean demonstrasi iku kahanan ing desa Karangkidul ora ana tentreme. Saben dina ana wae sing demonstrasi. Antarane dhukuh ing desa Karangkidul kaya-kaya wis ana jadwale. Dhisik dhukuh Krajan, banjur Sekar, Sendhang lan Janti banjur bali dhukuh Krajan maneh.
Telung sasi sawise iku klakon lurah Karangkidul lengser. Salengsere lurah Karangkidul banjur dianakake pilihan , milih lurah anyar. Wis kena dibadhe yen sing dadi lurah anyar ya pak Wira. Ora kacaritake lakune pilihan, sing cetha pak Wira wis nandur wong-wong sing kena dipercaya kanggo nggiring swara supaya milih dheweke. Pak Wira anggone cucul dhuwit uakeeeh banget. Atusan yuta. Kanggone pak Wira dhuwit samono kuwi dudu apa-apa. Sing penting kepilih.
Ngadhepi pilihan pak Wira dana driyah ora karuwan akehe. Bral-brol ora etungan. Saben wong teka menyang omah , mulihe banjur disangoni. Sing lanang disangoni rong puluh ewu, sing wadon sepuluh ewu. Neng kono dikongkon mangan sawarege udele.

Telung sasi saka pilihan lurah, desa Karangkidul ana ontran-ontran maneh. Swasana ing desa Karangkidul sing maune wis tentrem bali geger. Esuk uthuk-uthuk wayahe wong-wong budhal menyang sawah wong –wong padha nggrumbul neng pinggir sawah karo lungguh galengan, ora enggal-enggal tandang gawe, sebal-sebul rokokan karo ngrembug kedadean mau bengi.
“Ya, Kadiya , mandhega !” Kartija nyapa Kadiya sing kebeneran liwat.
“Apa, Kang ?,” wangsulane Kadiya karo mandheg.
“Wis krungu kabar ?”
“Kabar apa, Kang ?”
“Lurahmu”.
“Lurah sapa . Lurah Wira ta ?. Kenek apa Lurah Wira ?” pitakone Kadiya ngangseg.
“Mau bengi lurahmu di tangkep,” kandhane Kartija.
“Lha ngapa ditangkep ?”.
“Lha kowe ki apa ora ngerti tenan pa piye ?. Genah ndhekemi randha teles kulon kali ngono lho.”
“Randha Sarmi?”, kandhane Kadiya sajak ora percaya.” Wah, lurah ra genah.”
Sauntara wong-wong padha meneng-menengan ora ana sing ngomong.
“Lha karepmu piye ?” pitakone Kartija mbukani omongan maneh.
“Lha piyeee? Sesuk ....... yaaa...... demonstrasi maneh, golek juragan anyar,” kandhane Kadiya karo nglungani grombolane wong-wong mau.

Pengikut

Matur Nuwun ...