Senin, 02 Februari 2015

MUSTAKA RANCANG (3)



PANGKUR
11.
Kersane Retna Supiyah,
apan edan pepenginane ing ati,
alungguh ngarepe mungsuh,
busana sutra jenar,
miyos ing netera dedalanipun,
milane jalma manusa,
yen mangsa kala ningali.
12.
Dhateng paesan duweknya,
manahira apan nuliya kepengin,
pan iku panggawenipun,
kang nama Dewi Supiyah,
permilane anak putu buyutingsun,
miwah canggah warengingsun,
den sami prayitna batin.
13.
Sigegen Prabu Wanodya,
wau ganti kang pinurwa ing kawi,
Praja Amarah winuwus,
tuhu bala sentana,
langkung gagah perkosa wau sang Prabu,
digadaya aparang muka,
kinajrihan ing prajurit.
14.
Sentananira sang Nata,
pan sedaya sami perajurit,
kang dados pepatihipun,
wasta Dipati Langnas,
Raden Calak Mas Landak Rangga Lengus,
Mas Bei Lancangwecana,
Mas Lengar lan Raden Bengis.
15.
Busananira sang Nata,
pan angagem busana sengkelat abrit,
sentana malih winuwus,
Mas Panji Angkuh punika,
Raden Slonong lawan Mas Ladak iku,
Mas Panji Prawirengsiya,
Mas Wadulan Raden Jahil.

(Mustaka Rancang).

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...