Sabtu, 23 April 2016

CANDHI SANGGARITI




Candhi Sanggariti (Songgoriti) mapan ana ing dhukuh Sanggariti (Songgoriti), kelurahan Songgokerto, kecamatan Batu, kutha administrative Batu. Dhuwure papan kono yen diukur saka lumahing segara ana 998 meter. Mapane ing sacedhake Taman Rekreasi Tirta Nirwana, Songgoriti yaiku ing komplek PAPA (Pemandian Air Panas Alami) lan Hotel Songgoriti, Batu.
Jeneng SANGGARITI asale saka tembung “sangha” kang ateges kelompok, rombongan utawa kumpulan. Dene “riti” ateges “bangsane wesi, perunggu, kuningan.”(Sanskrit Dictionary, 255).
Kahanan candhi wis rusak banget. Satemene candhi iki mung cilik wae. Kahanan saiki yen dideleng wujude kaya pundhen berundak. Ukuran emperan (dasar, teras) sing ngisor dawane 14 meter X 10 meter. Dene ukuran awake candhi minangka dhasar dawane 3,82 meter, ambane 3,73 meter, lan dhuwure 2,47 meter. Dhuwur samono ku ora bisa ditemtokake kanthi titi jalaran payone candhi wis ora bisa diweruhi.
Candhi iki ditemokake sepisanan dening Van Isseldijk ing taun 1799 AD. Sabanjure dianakake panaliten dening Jonathan Rigg (1849 AD), Brumund (1863 AD). J. Knebel nganakakae inventarisasi situs Candhi Songgoriti lan direstorasi ing taun 1921 AD. Oudheidkundige Dienst (Dinas Purbakala) pamarentah Walanda nganakake restorasi ing taun 1938.

Cakriking candhi memper cakrik candhi Jawa Tengahan periode abad IX – X masehi. Yen dititik saka wujude tulisan (aksara) lembaran emas ing jerone kothak paripih kang ditemokake ing candhi Sanggariti dinuga yen candhi iki dibangun ing abad IX masehi. Barang-barang kang ditemokake ing garbhapatra (kothak watu kanggo nyimpen paripih) antara liya cepuk prunggu, yoni prunggu, lingga emas, lan blebekan emas kang mawa tulisan.
Jaman kasebut nunggal jaman karo panulise prasasti Sangguran (Minto Stone) taun 850 Ç (928 AD) sing didhawuhake dening Sri Maharaja Rakai Pangkaja Dyah Wawa ing Medhang I Bhumi Mataram kang ditampa dening Rakryan Mapatih Pu Sindok Sri Isanawikrama. Prasasti Sangguran iki ditemokake ing dhukuh Ngandhat, desa Mojorejo, kecamatan Junrejo, kutha Batu. Dene isine prasasti Sangguran yaiku wanua (desa) Sangguran kang kalebu watak (wewengkon, wilayah) Waharu didadekake (ditetepake) dadi desa perdikan (sima), kang asile kango ngrumat wewangunan suci kanggo para pandhe (sima kajurugusalyan) ing Mananjung.

Kayadene candhi agama Hindhu liyane, mesthine nduweni senthongan (bilik) kang isi reca Ganesya (sisih kulon), Siwa Mahaguru (Agastya) (ing sisih kidul), lan reca Durga Mahisasuramardini ing sisih lor. Ing tembok awake candhi ana ukiran reca dewa dewi.
Miturut panemune Suwardono (Staf Pengajar Jurusan Pendidikan Sejarah dan Sosiologi IKIP Budi Utomo Malang, Purbakalawan klasik (masa Hindu-Buddha), serta Guru SMA Negeri 7 Malang) candhi Sanggariti iki biyene mapan ana ing tengah-tengahing sumber ubalan banyu panas, katitik saka anane jaladwara (pancuran) kang ana gampenging candhi sisih ngisor. Dadi candhi iki dudu kalebu candhi pamujan nanging arupa patirtan.
Ing platarane candhi (saiki diurug lemah) sisih lor lan wetan isih ana sisane jaladwara sing isih in situ nempel ana ing gampenging candhi. Dinuga temboking (gampeng) candhi yaiku ana ing sisih wetan, lor, lan saperangan ing sisih kidul. Ing sisih kulon arupa gampeng perenging gunung.
Candhi Sanggariti dinuga ana gegandhengane karo prasasti Sangguran (Minto Stone). Isine prasasti Sangguran yaiku desa Sangguran didadekake desa perdikan (sima) kang ora perlu mbayar pajek menyang Negara. Asile kanggo beya desane tukang pandhe (kajurugusalyan) ing Mananjung kang minangka sima pumpunan. Tembung kajurugusalyan (tegese: panggonane tukang pandhe) iku ceples karo maknane tembung sanggariti kang tegese kumpulan (panggonane) barang saka wesi, kuningan lsp.

Sabanjure Negarakretagama ing pupuh 78:5 mratelakake desa-desa kang ora perlu mbayar pajek (tanah perdikan, sima) ing antarane:
len sankerika wança wisnu kalatiɳ batwan kamansyan batu,
tangulyan / dakulut galuh makalaran / mukya swatantrapagöh,
 len taɳ deça mdaɳ hulun / hyan i paruɳ lunge pasajyan kelut,
andel mad paradah gɳön panawan adinyan luput riɳ danu.
Tegese :
Saliyane iku saka wangsa (perdikan) Wisnu : Kalating, Batwan, Kamangsyan, Batu,
Tanggulyan, Dakulut, Galuh, Makalaran, iku sing wigati ditetepake minangka swatantra,
saliyane iku desa Medhang, Hulun Hyang, ing Parung, Lungge, Pasajian, Kelut,
Andelmad, Paradah, Geneng, Pangawan, wis suwe ora kena pajek.
Basa Indonesiane :
Desa perdikan wangsa Wisnu berserak : Kalating, di Batwan serta Kamangsian, Batu,
Tanggulian, Dakulut, Galuh, Makalaran, itu yang penting (ditetapkan sebagai daerah swatantra).
Sedang  desa Medang, Hulun Hyan, Parung Lungge, Pasajian, Kelut,
Andelmat, Paradah, Geneng, Pangawan, sudah sejak lama bebas pajak.
Kanthi katrangan kasebut ateges kutha Batu wis dadi daerah swatantra wiwit jaman Majapait.
Kaelokane candhi Sanggariti yaiku ing tengahe candhi ana kolah awujud kothakan kang banyune adhem, kamangka kira-kira 2 (rong) meter saka kono metu ubalan utawa sumber banyu panas kang gedhe banget. Bab iki kang ndadekake “unike” candhi Sanggariti kang ora diduweni candhi-candhi liya.


MAKAM MPU SUPA (SUPO).
Ana dongengan yen sing nggawe candhi iki Empu Supa (Supo) atas prentahe Mpu Sindok. Nanging uga ana dongeng sing ngandhakake yen sing nggawe candhi mau Empu Supa saka dhawuhe prabu Brawijaya ing Majapait. Nanging dongeng iki durung bisa dipesthekake bener lan lupute. Ing sacedhake candhi Sanggariti kono ana makam kang diyakini dening warga masyarakat minangka makame Mpu Supa. Wong-wong ing kono uga ngarani yen ing kono kasebut makam mbah Pathok. Dene satemene sapa mbah Pathok ora ana katrangan kang bisa dipesthekake.

Selasa, 19 April 2016

SITUS JOBIN MAJU NENEM




Ing patilasan kutha raja Majapait ana situs kang karan Situs Lantai Segi Enam. Mapane ana ing desa Sentanareja (Sentonorejo), kecamatan Trowulan, kabupaten Mojokerto. Situs mau arupa patilasan jrambah kang arupa jobin (ubin) maju nenem (segi enam, hexagonal) kang digawe saka lemah kang diobong kaya bata. Jobin mau kandele 4 cm, lan ambane pinggiran 6 cm.
Jrambah jobin kasebut ditemokake kurang luwih 180 cm ing jerone lemah dhudhukan. Para ahli uga nemokake jobin kang saemper kira-kira 500 meter dohe saka papan kono. Miturut dongengane warga kono jaman biyen patilasan kang mangkono iku akeh banget. Bata-bata lan jobin mau didhudhuk dening warga jalaran kala samana durung ana larangan saka negara. Sawise ana larangan saka Negara warga ora wani ndhudhuk maneh.

Saliyane iku uga ditemokake tembok saka batabang, sing kanggo luluhan yaiku arupa lemah dicampur banyu banjur diulet. Para ahli nduweni panduga yen patilasan iku mau arupa omahe warga. Dudu wewangunan kang kaanggep suci kayata candhi, patirtan, pundhen lsp.

Selasa, 12 April 2016

CANDHI JAGO.




Candhi Jago mapan ing dhukuh Jago, desa Tumpang, kecamatan Tumpang, kabupaten Malang. Ana ing saburine pasar Tumpang. Saka kutha Malang dohe kira-kira 22 km prenahe ing wetane kutha. Diukur saka lumahing segara papan iki kira-kira 597 m dhuwure. Jalaran manggone ana ing desa Tumpang lumrah diarani candhi Tumpang. Candhi iki uga diarani candhi Jinalayapura.
Ora ana katrangan ngenani sapa kang nemokake candhi iki, nanging candhi iki kacathet ana History of Java (1817) karangan Th Stamford Raffles. Sabanjure dianakake panaliten dening R.H.T Friederich (1854), J.F.G. Brumund (1855), Fergusson (1876), lan Veth (1878). Dene J.L.A. Brandes nganakake panaliten lan mbabar buku kanthi irah-irahan Jago Monografi (1904).
Tembung “Jago” asale saka tembung “jajaghu” kaya kang kasebut ing Negarakretagama lan Pararaton. Candhi iki didegake saka dhawuhe Prabhu Kertanegara kanggo ngurmati ramane Prabhu Wisnuwardhana utawa Ranggawuni. Prabhu Wisnuwardhana miturut Negarakretagama surud ing taun 1190 Ç (1268 AD), dene miturut Pararaton ing taun 1194 Ç (1272 AD).
Pratelan saka Negarakretagama 41:4, kaya ing ngisor iki:
çakabda kanawawaniksithi bhatara wisnu mulih iɳ çuralaya pjah,
dinarmma ta sire waleri çiwawimbha len/ sugatawimbha mungwiɳ jajaghu,
tegese :
ing taun Çaka langit sanga bumi bumi Bathara Wisnu kondur maring Suralaya, seda,
panjenengane didharmakake ing Waleri awujud reca Bathara Siwah, saliyane iku awujud reca Buddha manggon ing Jajaghu.
Ing basa Indonesia:
Tahun Saka Awan Sembilan Mengebumikan Tanah (1190 C = 1268 A.D.) raja Wisnu berpulang.
Dicandikan di Waleri berlambang arca Siwa, di Jajago arca Budha.

Ing Pararaton  [IV:18] dipratelakake:
Pañjenengira çrî Ranggawuni ratu tahun 14, moktanira 1194 (1272 AD), dhinarma sira ring Jajagu.
Tegese:
Panjenengane Sri Ranggawuni madeg ratu 14 taun (lawase), sedane ing taun 1194, didharmakake ing candhi Jajaghu.

Miturut Negarakretagama, Sri Ranggawuni utawa Prabhu Wisnuwardhana ngrasuk agama Siwa Buddha. Candhi Jago asipat agama Buddha Tantrayana. Bab kasebut katitik saka anane reca Amoghapasa pangejawantahane Awalokiteswara kang didherekake dening para muride. Dene pandharmane Prabu Wisnuwardhana kang asipat agama Hindhu mapan ing Waleri (Mleri), Blitar.

Pratelan iki bisa kita deleng ing Negarakretagama pupuh 36:7.
Warnnan / muwah lari nareçwareñjin umareɳ sudarmma ri kidal,
ampun manamya ri bhatara linsir anuluy / dataɳ ri jajaghu,
sampun muwah mark i saɳhyan arcca jinawimbha sonten amgil,
enjiɳ maluy / musir i sinhasari tan alh mararyyan i burɳ.
Tegese:
Kacarita sabanjure esuke sang Nareswara tindak menyang candhi ing Kidal,
sawise manembah maring bathara, ing wanci lingsir tindak menyang Jajaghu,
sawise sowan ing reca sanghyang Buddha (jinawimbha) sorene masanggrah,
asuke bali menyang Singhasari (supaya) ora sayah leren ing Bureng.
Basa Indonesiane:
Tersebut lagi, paginya Baginda berkunjung ke Candi Kidal.
Sesudah menyembah Bhatara, larut hari berangkat ke Jajago.
Habis menyembah arca Jina, beliau berangkat ke penginapan.
Paginya menuju Singasari, belum lelah telah sampai Bureng.


Wujude candhi Jago diwangun kaya “punden berundak”, emperan kang sungsun sungsun (teras). Awaking candhi mapan ing panggonan paling dhuwur yaiku ing sungsun katelu. Kanggo mlebu menyang senthong ing awake candhi liwat ana tlundakan kiwa lan tengen. Ukuran candhi Jago, dawane 23,71 m, amba 14 m, lan dhuwure 9,97 m. Candhi iki kalebu gedhe yen katandhing karo candhi Jawi kang nduweni ukuran dawan 14,2 m, ambane 9,5 m lan dhuwure 24,4m, sarta candhi Singasari kang nduweni ukuran dhasare candhi 14 x 14 m pesagi lan dhuwure 15 m. Bisa-bisa dhuwure candhi Jago luwih saka 25 m. Eman banget dene Negarakeretagama lan Pararaton ora nyritakake kahanane candhi kanthi titi ing kala samana.
Kahanan candhi iki wis rusak banget. Sing kari mung bageyan sikile candhi, lan mung sethithik perangan saka awake candhi. Payone candhi wis rusak. Wujud lan wangune payon ora dikaweruhi, mung dinuga yen payone candhi Jago iki awujud kaya gunung Meru utawa Pagodha (ing tebenging candhi ana ukiran awujud candhi kang payone tumpang sanga). Nanging uga ana para ahli sing nduweni panemu yen payone candhi Jago saka duk (ijuk).
Ukirane ngremit. Cakriking ukiran cakrik Majapaitan.  Ing tebeng utawa temboking candhi ana ukiran-ukiran kang awujud crita. 

1.      Ing tebeng emperan (teras) I :
Saka pojok lor kulon nganti pojok lor wetan diukir crita kewan (Tantri) yaiku crita ngenani kura (penyu). Ana kura cacah loro digondhol mabur dening banyak. Carane yaiku kura loro mau nyokot kayu ngiwa nengen (Ana crita kang ngandarake yen cacahe banyak kang nggawa mabur kura ana loro). Sawise kayu mau dicokot dening kura, lan uga dicokot dening banyak, banjur digawa mabur. Ana ing dhuwur si kura dilokake dening asu ajag. Si kura kepingin mangsuli. Bareng cangkeme mangap dheweke ucul saka kayu. Si kura ceblok lemah, sanalika mati, dadi pangane asu ajag. Maknane kira – kira, lamun sira duwe penenginan aja sira gampang nglokro krana panyaruwene wong liya.
Sabanjure ing pojok lor wetan diukir crita Kunjarakarna, critane :
Kunjarakarna mertapa ana ing gunung Mahameru, dheweke kepingin banget dadi manungsa kang bagus rupane. Dheweke banjur sowan menyang Begawan Wairocana, dheweke diparingi lilah ndeleng neraka, panggoanane Bathara Yama. Ing kono dheweke krungu yen mitrane kang aran Purnawijaya arep tumekaning pati lan bakal disiksa ing neraka. Kunjara karna banjur sowan marang Begawan Wairocana, nyuwun lilah arep menehi weruh marang Purnawijaya.  
Purnawijaya kaget bareng weruh neraka. Dheweke banjur bali menyang ngalam donya arep pamitan karo bojone. Wusanane dheweke mati lan disiksa ing sajroning 10 dina , ora nganti atusan taun. Sabanjure diparengake bali.
Pungkasane crita Kunjarakarna lan Purnawijaya mertapa ana ing gunung Mahameru.
2.      Ing tebeng emperan (teras) II: ing pojok lor kulon : sambungane crita Kunjarakarna.
3.      Ing tebeng emperan (teras) II: ing sisih wetan lan sisih lor : crita Tantri.
4.      Ing tebeng emperan (teras) II: wiwit saka pojok kidul kulon nganti pojok lor kulon : crita Parthayajnya, kang diwiwiti saka crita main dhadhu.
5.      Ing tebeng emperan (teras) III:
Ing pojok lor kulon, crita Arjunawiwaha. Uga dicritakake lakon Arjunawiwaha, sing nyritrakake kramane raden Arjuna lawan Dewi Supraba. Dewi Supraba diganjarake marang raden Arjuna jalaran bisa ngalahake sawijining raseksa kang aran Niwatakawaca.
6.      Ing awaking candhi ana crita : Kresnayana, yaiku perange Kalayawana lumawan Kresna.

Miturut prasasti Manjusri, ing taun 1265 Ç (1343 AD) Adityawarman kang ajejuluk Arya Dewaraja Mpu Aditya mbangun candhi tambahan lan nambahi reca Manjusri ing candhi Jago. Reca kasebut saiki sumimpen ana ing Museum Nasional kanthi nomer inventaris D. 214.
Ing plataran sangarepe candhi ana wewujudan sirah Kala, ora kaweruhan apa pancen asline manggon ana kono, apa ana ing candhi. Lumrahe wewujudan Kala kang kaya mangkono iku mapan ing sadhuwure plawangan. Gambar saka Wekipedia nuduhake yen pepethan Kala mau cacah loro mapan apa sangarepe candhi madhep menyang jaba utawa ngungkurake candhi. Nanging saiki adhepe rai Kala mau miring, ngadhepake dalan kang ana ing platarane candhi.

Pengikut

Matur Nuwun ...