Jumat, 13 Februari 2015

MENDHUNG




Ampak-ampak
kumelun kelun ngelun tapaking kabegjan
kang saalise kenya sulistya njlirit
amping-amping pipining lawang
ngendanu
aneceg urubing pepadhang,
gumulung-gulung gegelengan
mandhegani barisan setan brekasakan

Ampak-ampak
ngiris ati kang lagi kapang
maring pepadhang.

Ampak-ampak,
paeka, cidra ing ubaya , culika
anglimputi amarabhawana nuswantara
anggugah wardaya nandhang dhuhkita
angelem rasa rumangsa
angumbar hawa

 Ampak-ampak
mrawasa jiwa mardika.

Surabaya, 14022015

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...