Tampilkan postingan dengan label 25 TITI SWARA. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label 25 TITI SWARA. Tampilkan semua postingan

Kamis, 07 Juni 2018

SWARA A JEJEG LAN A MIRING.


Sadurunge ngrembug bab swara a jejeg lan swara a miring perlu dikawuningani  panulise tembung jawa nganggo aksara Latin dhasare nganggo  swara a jejeg. Urut-urutane aksara Jawa  diucapake a jejeg lan ditulis  ha na ca ra ka ora ditulis ho no co ro ko.  Dene pangucape tembung mapan, jaran, dalan iku diucapake nganggo swara a miring.
Kanggo nggampangake pratelan swara a jejeg takwenehi lambang a ( a lumrah) dene a miring nganggo lambang ā (a corek ndhuwure).
Pangucape tembung kang nduweni swara a jejeg.
1.      Tembung kang kedadean saka rong wanda lan wandane menga, wanda wiwitan lan pungkasan diucapake jejeg, tuladha: sapa, tapa, jala, dara, sanga, rana, bata, baya, bawa, gada.
2.      Tembung rong wanda kang wanda wiwitan nganggo swara o lan wanda pungkasan swara a wanda menga, swara a mau diucapake jejeg, tuladha: dora, dosa, donga, loma, sona, toya, boga, motha, Sing nyebal: orā, boyā.
3.      Tembung kang kedadean saka rong wanda, wanda wiwitan arupa wanda sigeg, dene wanda pungkasan menga. Wanda wiwitan diucapake miring, lan wanda kapindho diucapake jejeg, tuladha: jānma, pālwa, sārta, wārna, kārna, mārga, tānpa, sāpta, ngārsa,
4.      Tembung kang kedadean saka rong wanda utawa luwih, lan wandane kang pungkasan menga, wanda kang pungkasan diucapake jejeg, tuladha: mila, sirna, kuna, kurma, bela, renda, sona, rondha, guna, suwita, kumala, duraka,
5.      Ing tembung kang kedadean saka rong wanda, lan wanda wiwitan arupa wanda sigeg, dene kang pungkasan wanda menga, tuladha: bangga, nangka, tanja, amba, dhangka, bangsa, banda, mantra, mangsa, manca, randha, tampa, tamba, gangsa, ganda.   Katrangan: ing tembung –tembung iki ing aksara Jawa (gagrag Sriwedari) sing diarani nganggo taling tarung palsu.
6.      Tembung kang dumadi saka telung wanda lan wandane menga kabeh, wanda kang kapisan diucapake miring, dene wanda kapindho lan wanda wekasan diucapake jejeg, tuladha: nāwala, sārana, kārana, nāyaka, wāsana, bādhaya, nāgara, prālaya, bāwana, lālana, grāhana, bāthara, pārama, wārana, wārata, dānawa, sābawa, sādana (dhuwit, bandha), sāyaka (panah),
7.      Kedadean saka patang wanda, diucapake a jejeg kabeh, tuladha : bayawara (undhang-undhang), bandakala (kw wani nglawan), bandawala (-pati) perang tandhing nganti mati salah siji), pancabaya (bebaya warna-warna), ngayawara (guneman tanpa teges), panakrama (pakurmatan, pambage slamet), rasamala (araning wit), wanawasa (alas gedhe)

Pangucape tembung kang nduweni swara a miring.
1.      Swara a miring mapan ing tembung  sawanda lan arupa wanda sigeg, tuladha: lān, bān, tān, pāng, lāp, pān, pās, tāk, sāk, blās, tās,
2.      Mapan ing tembung, kang tembung mau kedadean saka rong wanda, lan wanda pungkasan wanda sigeg, tuladha: jārān, dālān, māngān, jājāl, bāntāl, kāsār, gālār, dādār.
3.      Ing tembung kang kedadean telung wanda utawa luwih, wanda kapisan lan kapindho diucapake a miring, tuladha: gāndārwa, pālāstra, rāhārja, bāgāskara, wārāstra, rāhāyu, sādārum, jālādri,  rānānggana (perang), dārāpon, tārānggana,
4.      Ing tembung kang kedadean saka telung wanda lan wanda kapisan arupa wanda sigeg, tuladha: bāntala, cāndhala, sāngsaya, pārwata, dārsana, kāntaka,
5.      Ing tembung kang kedadea saka telung wanda diucapake a miring, tuladha: pānjāwāt (wulu swiwi kang ana ing pinggir),
6.      Ing tembung kang kedadean saka rong wanda, wanda kapisan wanda sigeg utawa wanda menga, tetep diucapake a miring, tuladha: bāli, jānji, āti, kānti, kānthi, sāngu, tāmtu, bānyu, bāntu, āreng, bāreng, ātut, pātut, jāmrut,
Katrangan :
Tembung wānda (wanda wiwiwtan swara a miring) tegese peranganing tembung sing muni sakecap.
Tembung wanda (wanda wiwitan swara a jejeg) tegese awak, sesipatan wujuding wayang, dhapur, wujud utawa wangun.

Kamis, 13 Maret 2014

SWARA O JEJEG LAN SWARA O MIRING



O JEJEG:
O jejeg yaiku aksara/swara O diucapake O :
1.       Satembung kedadean saka swara O jejeg kabeh, conto: logo, loro, lodho, koplo, kodo, kono, jodho, bojo, bodho, bongko, gogo, molo, mono, moto,  toko, sotho,  coro, cotho, tholo, rono, ngono, polo, lsp.
2.        Swara O jejeg manggon ing wanda kapisan, conto : obah, omah, osik, olah,  oceh, oleh, boga, bogang, bolah, dosa, donga, dora, donya, dongeng, godha, gora,  jothak, johar, jolang, kodrat, kojah, kothak,  lsp.
3.        Swara O jejeg manggon ing pungkasane tembung kang lumrahe wanda menga, conto: ayo, bedho, belo, kalo, paro, menco, gelo, teko, mengo, bango, jago, gaco,  lsp.
4.        Wanda sigeg ing wanda wiwitane tembung diwaca O jejeg, conto: bondhan, kombang, jomplang, kondhang, ponggang, monggang, longkang, gonceng, bongkeng, jongkeng, dhompet, rontek, ronggeng, lonceng,  longgar, lontar, monte,  lsp

O MIRING:
O miring yaiku aksara / swara O  diucapake A.
1.        Satembung kedadean saka swara O miring kabeh, conto: bobok, bobok, borok, kolong, bolong, kopong, kosong, kothong, corong, kodhok, kopok, popok, sogok, ngorok, gosok, gondhok, gondhol, gondhong, gogor, godhong, godhog, gobyog, gombong, golong, gosong, lonthong, montong, obong,  montor, mlocot, borot, oyod, bokor, bocor, congor, bobor, sosor, momor, sodor, kombor, obor, obrol, mongkog, lsp.
Katrangan:
 O ing wanda kapisan diwaca miring jalaran kadayan dening O miring ing wanda burine.
2.        Swara O miring ing pungkasane tembung. Lumrahe wanda sigeg, conto : barong, among, katong, kalong, alot, kerot, pethot, gathot, jenggot,  awor, asor, kabor, kelor, alon, balon, katon, tinon, gendhon, laron,  angop, kelop, umob, angok, bengok, delok, kerok, pekok, pecok, cekok, kapok, kethok, demok, belok, jebol, dobol, lsp.
3.       Tembung kang kedadean mung sawanda :  lor, cor, kor, song, tong, rong, wong, mong, gong, pot, mot, wod, sot, got, dol, sol, pon, dom, bom,

O miring dadi bali jejeg maneh, yen :
1.       Kawuwuhan panambang an : bobokan, kolongan, bolongan, corongan, popokan, sogokan, gosokan,  godhogan, golongan, sodoran, gondholan, montor-montoran, barongan, jenggotan, kethokan, jebolan,  lsp.
2.       Tembung rangkep saka  tembung sawanda banjur diwenehi panambang an : lor-loran, cor-coran, tong-tongan, wong-wongan, gong-gongan, pot-potan, bom-boman, lsp.

Pakajaban (sing nyebal ):  dom-dom > dondom, dondom + an > dondoman,
O jejeg bisa owah dadi miring yen :
1.       Kawuwuhan panambang an : blangko > blangkon, paro > paron, jodho > jodhon, karo > karon, bodho > bodhon, lsp.

Tembung wanda pungkasan kang nduweni swara O jejeg yen oleh panambang :
1.       Panambang ku, mu, trap-trapane bares : bodhoku, kaloku, bojoku, jodhoku, bodhomu, kalomu, bojomu, jodhomu, lsp.
2.       Panambang i , trap-trapane tembung mau kawuwuhan /kapitulungan panambang an luwih dhisik : bodho > mbodhoni, jodho > jodhoni, gogo > nggogoni, jago > njagoni, gaco > gaconi, lsp.
3.       Panambang e, panambange owah dadi ne : belo > belone, kalo > kalone, bango > bangone, bongko > bongkone, bojo > bojone, lsp.
4.       Panambang a, trap-trapane bares wae : bodhoa, ronoa, ngonoa, mengoa, bedhoa, lsp.
5.       Panambang na , trap-trapane kapitulungan aksara “k” banjur swara O jejeg owah dadi miring : bodho > bodhokna, jodho > jodhokna, jago > jagokna, conto > contokna, lsp.
6.       Panambang ke, ake, trap-trapane kapitulungan aksara “k” banjur swara O jejeg owah dadi miring : jodho > jodhokke, jodhokake, jago > jagokke, jagokake, lsp.

Selasa, 11 Maret 2014

SWARA É JEJEG LAN É MIRING



É  JEJEG.
É jejeg yaiku swara/aksara É  diwaca / diucapake É .
É  jejeg kang manggon ing :
1.       Ing tembung : lélé, pépé, pécé, céré,  kéré, kéné, kécé, réné, dédé, dhédhé, dhéré, dhéwé, séjé, séndhé, lsp.
2.       Ing wanda  purwaning tembung : béda, béya, béla, bédhéng, bégal, béjog, déra, déning, désa, déwa, déwangkara, déwata, gémbong, génjah, géndhong, kébar, kéblat, kéyong, kénging, séba, séna, sénapati, sérok, séwa, séwaka, séngon, sénggol, lsp.
3.       Ing wanda pungkasané tembung :  baé, balé, badhé, bulé, cawé-cawé,  darbé, duwé, gawé, gedhé, gulé, gudhé, mangké,  paré, pacé, saé, salé, saté, suwé, supé, ramé, jaré, rasé, tapé, taté, tembé, kaé,  karé, keré, lebé, lsp.

É  jejeg owah dadi É  miring , conto :
pépé > pèpèkna, dhéwé > dhèwèkna, dhédhé > dhèdhèkna, séjé > sèjèkna, séndhé > sèndhèkna, réné > rènèkna, gawé > gawèkna, gedhé > gedhèkna, saté > satèkna, tapé > tapèkna, suwé > disuwèk-suwèkake, darbé > darbèkmu, darbé > darbèké

É  MIRING.
É  miring yaiku swara / aksara É  diwaca / diucapake È :
É  miring manggon ing :
1.       Ing tembung : bètèng, pèrèng, gèpèng, cèlèng, dhèblèng, ènthèng, cèrèt, pèpèt, dhèdhèt, bèsèk, gèthèk, kèrèk,  pènèk, bèbèk, bèlèk, dèngkèk,  bèyès, bèngès, bèrès, èthès, rèmèh, tètèh, gèsèh, dumèh, sumèh, bèsèr, dlèwèr, klèwèr,  lsp.
2.       Ing wanda purwaning tembung : bèji, bèri, kèli, kèri, pèni, èdi, jèdhi, mèri, pèci, cèkli, dèwi, tèki-tèki, lsp.
3.       Ing wanda pungkasaning tembung, lumrahe wanda sigeg : garèng, bolèng, topèng, gorèng, copèt, golèk, gothèk, cowèk, kosèk, suwèk, ambèr, ambèn, kalèn, sarèn, damèn, lsp

Pengikut

Matur Nuwun ...